Buku Tamu

Thursday, December 1, 2016

“AJOOOR KABEH...!!!”

Karya: Mufarih Ni’am, S.Pd.
Adopsi naskah dari mahakarya “Barji-Barbeh” karya babahe
ADEGAN I
Suasana           :
Lighting          :
Properti           :
Intro: campur sarinan
Ing sawijining papan kang jembar, ana sapinggire kutha. Darsuki lan Siti nganggo sandhangan kang sarwa reget lan nggawa kerdus kanggo gawe gubug.
Siti                   : (nembang) tak lelo...lelolelo... le dheng....
Darsuki            : mangan telo lawuh iwak bandheng...
Siti                   : mangan telo kok lawuh iwak bandheng? Yo ora mathuk tho mas...
Darsuki            : iku mung parikan bune... yo senajan ora mathuk yo di mathuk-mathukne
Siti                   : halah isaaa wae... (kembali nembang) tak lelo...lelolelo... le dheng....
Darsuki            : nyumbang negara lila nganti gendheng...
Siti                   : lha kok isa?
Darsuki            : lha awak-awake dhewe... wong kere ngeneiki kan ijeh rakyat... lha wakil rakyat kan kedudukane ijeh sak ngisore rakyat tho?
Siti                   : hallah... guayamu mbahas kedudukan wakil rakyat, aluwung golek nggon kanggo gawe gubug sewengi wae. Mumpung ning kene ana papan sing jembar, tur durung ana sing nganggokno
Darsuki            : oiya.... ya... ayo ndang gage..
Nalika Darsuki lan Siti lagi upyek gawe papan kanggo turu, ana Unah lan Yanti nyedaki wong loro kuwi mau. Semana uga Unah lan Yanti kang sandhangane ora beda karo Darsuki dan Siti.
Unah               : lho, yu, arep gawe omah ning kene to?
Siti                   : ora gawe omah, ning gawe...
Yanti               : pancen Unah iku nek ngomong angger mangap kok yu. Anut-anut wong sugih, ya ngono kuwi yen kakean ndelok sinetron. Dadine ketularan yu...
Unah               : ora ketularan. Ning ngipi... ngipi karo janjine wakil rakyat kanggo rakyat sing kaya awak dhewe iki.
Siti                   : sik ya, aku tak ngrewangi kang Darsuki dhisik. Ngko di teruske maneh
Unah               : heleh... dasar wong sing ora isa dijak ngayal... ya wis, mandeg sik... awak dhewe gawe vila ning kana(menunjuk arah...) kayane kok kepenak nggone.
Yanti               : jane aku iki ora seneng karo omonganmu sing sok-sokan ngono kuwi. Ning, yen tak ladeni omonganmu, wis makno kowe ngeyel(mulai beranjak). Ora rampung-rampung.
Let sedhela, nalika wong-wong lagi padha gawe gubug saka kerdus, mimin kang nganggo sandhangan kang sarwa menor teka.
Mimin              : he, Yanti, Unah! Lha apa oleh gawe gubug ning kene?
Yanti               : (berbicara pada Unah), ra usah diladeni, ra rampung-rampung ngko gubuge yen omong terus!
Mimin              : he, Yanti, ati-ati nek omong! Lha po mbok kira kowe tok sing duwe lambe? Sak penake dhewe yen ngomong!
Yanti               : lho.... aja salah tampa!
Mimin              : wis ra usah ngriwis. Kabeh wis ngerti, yen kowe iku pinter nggedebus.
Darsuki            : mbok wis... padha-padha kerene ora usah geger.. Unah, Yanti, yen pengin gawe gubug, iku isih ana turahan kerdus, yen geleeeem... Kowe(menunjuk Mimin), nek pengin ya kono sisan gawe gubug ning kene bareng-bareng.
Mimin              : ya, ngapurane kang... aku isih kuat bayar kontrakan. Senajan ya mung cilik.
Banjur Mimin lunga. Let sedhela, ana maneh wong kang teka. Sandhangane uga ora beda kaya Darsuki lan liya-liyane.
Parno               : kang, aku olih melu gawe gubug ning kene?
Tinah               : aku barang kang
Darsuki            : lho... lha apa mbok kira aku sing duwe papan iki?
Tinah               : ora ngono kang, sampeyan kan sing ning kene luwih dhisik, mengko mbok menawa dikira ngganggu kang.
Parno               : ana maneh kang, iki wis dadi kesepakatan. Sapa wonge sing manggon luwih dhisik kuwi duwe hak kanggo ngatur nggone.
Darsuki            : (tertawa) MUNAFIK! MUNAFIK!... (semua diam, pandangan Darsuki kosong, dingin, menatap ke depan...penuh harapan)
Darsuki            : ya wis, ngenteni apa maneh?
Semua             : (bengong) maksude piye kang?
Darsuki            : MANUNGGALA WONG-WONG KERE!!!
Kabeh padha seneng, banjur saiyek saeka praya gawe gubug ing papan kang jembar kuwi.
ADEGAN II
Suasana           :
Lighting          :
Properti           :
Ora suwe papan kuwi wis malih dadi kampung gelandhangan. Gubug-gubug saka kerdus wis ngebeki papan kang sadurunge jembar gung liwang liwung. Ana sing dolanan remi, lan uga ana sing jogedan. Kabeh rukun lan akrab, apa maneh ditambah ana gorengan lan kopine.
Darsuki            : siti, telane wis mateng apa durung?
Siti                   : (dari rumah kardusnya) sik kang! Lagi dientas.
Nalika wong-wong lagi gayeng-gayenge, ujuk-ujuk ana swara sirine, saya suwe sansaya cetha, banjur ilang... wong-wong padha kaget.
Parno               : (dingin) ana apa?
Unah               : biasa kang, wong penting, sing duwe dalan liwat!
Siti                   : uwis.... ora usah meri!
Yanti               : ora meri. Ning mbok yao ngilingi, yen dalan iki ora gone dhewe.!
Parno               : lha apa kowe ya rumangsa duwe dalan iki ?
Unah               : ya ora ngono kang. Karepku, senajan kesusu, mbok yao saora-orane ora sakarepe dhewe ngono. Ben ora ngganggu wong-wong kere kaya awak dhewe ngene iki.
Yanti               : ya, bener... ngono kuwi get-geti wong!
Darsuki            : he, Yanti karo kowe Unah! Kaet pisanan ketemu kowe, aku wis ora sreg karo kowe. Aku ora precaya, apa maneh yen krungu omonganmu, sangsaya ora sreg aku. Sapa kowe? Ngakua! Sadurunge aku nesu!
Sadurunge Yanti lan Unah semaur, ana bocah mara karo krenggosan lan akton gugup.
Thole               : anu kang... ning masjid ana wong akeh, lagi padha... padha...
Unah               : sing cetha, ya mesti lagi sembayang to le! (semua tertawa)
Darsuki            : meneng! (kepada thole) le, ngomong sing cetha. Aja kesusu, ben mudheng karo apa sing mbok karepake.
Siti                   : iya le, ben aku karo wong-wong ora melu-melu panik.
Parno               : ben ngombe dhisik!
Tinah               : iya, ngombe dhisik le! (mengambil minum)
Thole               : (minum sejenak-setelah itu mulai berbicara) ngene lho, kang. Nalika aku arep mulih, aku weruh wong mberuh ning mejid. Banjur aku nyedhak, karepku ya arep ngemis ning kana...
Unah lan Yanti mlipir lunga saka papan kono.
Siti                   : lha trus apa sing gawe kowe panik lan gugup kaya ngene le?
Thole               : samar-samar aku krungu apa sing diomongke wong-wong kuwi.
Parno               : ngomong apa le? Apa ana gandheng cenenge karo wong-wong sing manggon ning kene? Ayo jawab, le... jawab?
Darsuki            : sabar.... no, sabar! Aja nesu dhisik! Trus piye le?
Thole               : ya, benar kang. Wong-wong arep gawe supermarket ning kene kang!
Mak jleg, wong-wong padha mbengok. Ana sing nangis, bingung, lan nesu karepe dhewe.
Darsuki            : (penuh wibawa) Parno, tinah, Siti, lan kowe kabeh. Aja mbok teruske tangismu, aja mbok teruske nesumu(tempo). Ora usah digagas, yen mbok gagas, kowe kabeh bakal kesiksa terus. Ayo dinalar(tempo), jajal didelok, apa isih ana Unah karo Yanti ning kene?
kabeh               : (menengok-terbengong) ora ana, kang!
Darsuki            : (geram) nah, wiwit pisanan aku wis ngira karong wong-wong kuwi! Bangsat!! he.. wis, ora usah panik, aku duwe cara sing luwih apik (tertawa kecil), ya to, Mimin! (tertawa lagi)
ADEGAN III
Suasana           :
Lighting          :
Properti           :
Dina candhake... suwara sirine sansaya banter tumuju ing gubuge para gelandhangan. Wong-wong sansaya panik.
Suara               : (dari megaphone) kanggo para warga sing mapan ana omah kerdhus. Sajroning 10 menit, yen ora sumingkir, mula aja nyalahke petugas, yen ta kapeksa para petugas tumindak kasar!!!
Para petugas banjur nyedak, kabeh wong padha bengokan.
Parno               : iki ora adil. Sak karepe dhewe.
Petugas 1         : aku mung ngayahi kuwajiban!
Petugas 2         : kowe wis tak elingke ping pira!?
Siti                   : ning, carane ora kaya ngene, ngene iki wis ora ngajeni uwong jenenge.
Tinah               : wis nganggep wong kaya kewan!
Petugas 2         : amerga kowe ora gelem diatur.
Parno               : aturan kaya apa sing bisa dinut!? Anane mung nyusahke wong!
Petugas 1         : wis, ora usah kakean omong...!!!
Petugas 2         : yen kowe ora bisa diatur(mengeluarkan pistol)...
Kabeh padha wedi, karo rasa nesu lan nangis, wong-wong kang manggon ning papan kono padha lunga...
Petugas 2         : (mengeluarkan HP), sugeng siang, pak. Lokasi aman (tempo). siap, pak.
Ora let suwe, ana rombongan wong nganggo sandhangan kang resik teka, lan uga ana mimin ning rombongan kuwi.
Ajudan                        : piye, lancar?
Petugas 2         : lancar, pak!
Ajudan                        : apik, (kepada bos), wonten ngriki papanipun bos.
Bos                  : oke, lumayan. Piye miturut panemumu,sayang?
Mimin              : (mengacungkan jempol), sing cetha, om sampun nyiapake wiwit dangu to?
Bos                  : ya, wis mesti. Nanging ora kuwi sing tak karepake.
Mimin              : banjur?
Bos                  : masa’ kowe ora ngerti...? iki kabeh kanggo kowe cah ayu.
Mimin              : (hanya tersenyum)...
Bos                  : aja kuwatir, sedhela maneh papan iki bakal malih dadi hotel lan supermarket.
Mimin              : minangka rasa panuwunku, mimin bakal paring bebungah kanggo om.
Bos                  : (tertawa) kowe pancen pinter tenan Mimin. apa kuwi?
Mimin              : (mengeluarkan bungkusan dari tasnya)... kabeh sing ana ning kene bakal rata karo lemah, kaya kang mbok impek-impekna! 1...2...3....
Nalika itungan katelu, bom wis njeblug. Gubug-gubug sanalika rata, kabeh wong padha bengokan karo nyebut nyeluki jenenge mimin. Banjur padha nyedaki awake mimin kang wis ajur. Karo nangis, wong-wong padha ngangkat awake mimin sing wis kocar-kacir.
Darsuki            : (kepada penonton)
                        Aku wis kesel ngrungokna
                        Aku wis kesel njerit
                        Mripat iki wis ora bisa kanggo ndelok maneh
                        Cangkem lan kupingku wis buntu
                        Mung siji sing isih bisa
                        Ngilo, ngilo ana ngarepe kaca
Orator 1           :
                        Dhewe iki rakyat... dudu rayap
                        Dhewe iki duweni hak
                        Diwenehi apa ora kuwi ora penting
                        Sing penting uripe rakyat iki tentrem tanpa ana saru-siku
Orator 2           :
                        Rekasa sadhuwure rekasa
                        Dhewe iki ora kok emoh nyambut gawe
                        Nanging, wong-wong kae ora menehi
dalan kanggo gawe
Orator 3           :
                        Tinimbang saben dina diapusi
                        Luwih becik golek dalan dhewe
                        Mandhiri... berdikari...
                        Nganti mati...(bunuh dhiri) sing penting merdheka
Orator 1,2        :
                        Jamane jaman pembangunan
                        Mbangun rakyat sakabehane
                        Manungsa wutuh kanggo nuswantara
                        Sing sugih.... kebak san... di... wa... raaa(bunuh dhiri)

Paripurna!

Tuesday, May 20, 2014

Narto Sabdo

https://jv.wikipedia.org/wiki/Narto_Sabdo

Ki Narto Sabdho
Ki Narto Sabdo yaiku salah sawijiné maestro Kesenian tradisional Jawa kang ana ing Indonésia.[1] Asma kondhang Ki Narto Sabdo wus cinathet minangka “empu” kesenian tradisional Jawa.[1] Panjenengané kondhang minangka seniman karawitan lan dhalang wayang kulit kang mumpuni.[1]

Sejatiné Ki Narto Sabdo

Ki Narto Sabdo (lair ing Klathèn25 Agustus 1925 – tilar donya ing Semarang7 Oktober 1985 kanthi umur60 taun) ing yuswa 60 taun,Ki Narto Sabdo menika seniman musik lan dalang wayang kulit legendaris saking Jawa TengahIndonesia.Ki Narto Sabdo lair ing Dusun Krangkungan, Désa Pandes, Kecamatan Wedhi, Kabupatèn KlathènJawa Tengah.[2] Asma aslinipun Ki Narto Sabdo yaiku Sunarto, Putra kakungé Bapak Parta Tanaya (mranggi/ tukang gawé rangka duwung).[1] Soenarto lan seduluré kang cacah 8 urip ing kluwarga kang sarwa pas-pasan.[1] Mula saka iku, riwayat sekolahé mung tutug SD (standart school) Muhamadiyah kang ora beda karo sedulur liyané.[1] Nyawang kahanan kang sarwa kurang iki panjenengané wus kulina urip prihatin lan duwé tekad bakal ngènthèngaké panandhang ing kluwargané kanthi cara dodol layah/cowèk kang digambari topèng.[1] Soenarto wiwit cilik wis nuduhaké bakat seni, mula panjenengané wani ngulandara (mengembara=indonesia) kanthi tekad kang gumolong.[1] Wiwit umur 15 taun panjenengané wus asring mèlu pakumpulan wayang wong.[1] Wus ora kaétung pira cacahé pakumpulan wayang wong kang wus “ditèmplèki” nganti panjenengané srawung karo Ki Sastro Sabdo.[1] Ki Satro Sabdo mono pimpinan Wayang Orang (WO) Ngesti Pandawa Semarang, Soenarto wiwit bisa nemokaké papan kang srek kanggo nggayuh pengangené dadi seniman kondhang.[1] Ki Narto Sabdo dadi dalang, ing pertengahan 60-an, lan nyoba nerobos donya padhalangan pakeliran biasa nganggo pakeliran kang uwis dimodhifikasi.[1] Karya-karya seni saking Ki Narto Sabdo wus kawentar ing Nuswantara mliginipun ing wewengkon tanah Jawa Tengah.[2]

Kréasi Sajroné Nyipta Gendhing

Nalika ambyur nyawiji ing WO Ngèsti Pandhawa, Soenarto wus pinitaya nggarap gendhing-gendhing kanggo péntas.[3] Wiwit saka iku panjenengané gawé reriptan-reriptan anyar ing bab olah kridhaning gendhing.[3] Saka yasan gendhing anyar iki, WO Ngèsti Pandhawa bisa milut sakèhing kang padha nonton pergelaran WO iki.[3] Salah sawiji karya Ki Narto Sabdo kang kondhang yaiku lelagon Swara suling.[3] Lelagon iki kacipta nalika tresnané Soenarto keplok sisih asta marang sawijining putri kang ditresnani.[3] Sajroning ngrenungaké rasa kuciwa lan prihatin, lamat-lamat keprungu swara suling kang ngunèkaké lagu jepang kang sinebut lagu Miyoto.[3] Saka kahanan iki, Soenarto ngripta lelagon Swara Suling.[3] Lelagon-lelagon seratan Ki Narto Sabdo cepet kondhang amarga kapopulèraké lumantar pentas WO Ngesti Pandawa.[3] Saka atusan karya gendhing Ki Narto Sabdo, manéka warna panyaruwé saka para musisi tradional Jawa.[3]Para musisi tradisi duwé panganggep menawa karya Narto Sabdo wus mbadal saka pakem karawitan tradisi kang duwé aturan kang gumathok.[3] Ki Narto Sabdo uga nglenggana menawa akeh panyendhu ing bab karya-karyané, nanging yèn kabèh gelem ngrasakaké lakuné gendhing Nartosabdan bisa katitik yèn gendhing-gendhing mau ora mbadal saka pakem nanging kembangan garap gendhingé waé kang béda.[3] Awit saka iku, Ki Narto Sabdo dadi ikon kréasi gendhing ing jagad karawitan lan mopulèraké menawa kesenian tradhisi iku kudu “nut jaman kelakoné”.[3] Karya lelagon anggitané Ki Narto Sabdo kang kondhang kayata Swara SulingLesung JumengglungLumbung DesaPrau LayarKetawang Ibu PretiwiRujak Jeruk, lsp.[3]

Musisi Jawa Tradhisional

Saliyané pinangka pangripta lan pengrawit mumpuni, Ki Narto Sabdo uga minangka musisi tradhisi.[4] Wiwit isih timur, panjenengané wus kenal jenis musik keroncong.[4] Mula unsur musik kasebut dilebokaké ing karya-karyané, tuladhané nggunakaké intro lan garap irama telungprapat (¾) kang durung umum digunakaké ing donyaning karawitan.[4] Ana manèh titikan gendhing Nartosabdan yaiku ana suwara siji loro kaya musik barat, mula ora mokal yèn gendhing iku dipentasakè pengrawit sanjabaning kelompok Ki Narto Sabdo.[4] Gendhing langgam kang diadopsisaka keroncong dikembangaké lan diowahi garapé ndadèkaké rasa keroncongé luluh ing rasa karawitan.[4] Langgam-langgam anggitané Ki Narto Sabdo kang misuwur tuladhané Nyidam SariImpènkuKadhung TresnaKlinci UculMlathi RinoncéSetya Tuhu, lsp.[4]

Maestro ing Pakeliran

Taun 1958, Ki Narto Sabdo wiwit nglirik jagad pakeliran.[2] panjenengané péngin dadi dhalang kanthi sangu kawasisan ing bab olah gendhing lan sastra, panjenengané wiwit ngasah kawasisan ing pakeliran.[2] Kanthi daya kreatipitas kang pinunjul, Ki Narto sabdo nggabungaké pakeliran gaya SurakartaBanyumas, lan Yogyakarta wusanané dadi gagrag anyar ing jagad pedhalangan.[2] Kanthi kawasisané, ora mokal yèn gagrag pakeliran Nartosabdan dadi panutan dhalang-dhalang mudha.[2] Lakon andhalané yaiku SawitriSomba JuwingPendadaran Siswa SokalimaDasa GriwaMustakaweniIsmaya ManegesGatutkaca SunggingGatutkaca WisudaArjuna CinobaKresna Apus, lan Begawan Sendhang Garba, lsp.[2]

Penghargaan

Amarga wus kabukti akèh labuh labeté ing jagad kesenian Jawa, Ki Nartosabdo wus nampi anugrah[5]:
  1. Mandhala Budaya, saka YABSI Surakarta (tanggal 31 Desember 1971),
  2. Anugrah saka Pangkowilhan II ngenani Ketahanan Budaya/ Kesenian (tanggal 4 April 1974),
  3. Dharma Pewayangan, saka Pusat Pewayangan Indonesia Jakarta (22 Mei 1976),
  4. lsp.[5]
Sakèhing anugrah kang ora sinebut mratandhani sakèhing labuh labet kang ora bisa digunggung cacahé nganti puput yuswa duk rikala 7 Oktober 1985 (60 taun).[5]

Gamelan

https://jv.wikipedia.org/wiki/Gamelan

Saperangkat instrumen Gamelan
Gamelan iku salah sijiné seni musik tetabuhan tradhisional aseli saka Indonésia utamané ing pulo JawaMaduraBali lan Lombok.[1] Tembung gamelan dhéwé iku asalé saka basa Jawa yaiku "gamel" kang duwé makna "tabuh".[2]Isi gamelan iku saprangkat piranti musik sing dienggo ngiringi tembang, utawa ditabuh tanpa tembang minangka klenèngan.[1] Jinis musik iki kasebar nganti tekan pulo-pulo ing saindenging tlatahNusantara lan saiki malah wis kasebar rata nganti AmérikaÉropah lan tlatah liyané.[1]Jinis musik tradhisional liya sing mèmper karo gamelan uga ana ing FilipinaMalaysia lan Suriname.[2]

Gamelan duwéni melodhi kang magis utawa nduwé daya supranaturalsupranatural, mula swarané gamelan diarani mélodi utawa wirama perkusikang magis.[2] Pagelaran gamelan uga ana kang ngarani orkestra gamelan Jawa.[2][rujukan?] Ing buku kang irah-irahané Music of JavaJaap Kunst nerangaké yèn gamelan iku kaya komparasikomparasi saka cahya rembulan lan miliné banyu, misterius kaya cahya rembulan lan obah utawa dinamis kaya milining banyu.[2]
Gamelan kalebu perangan ing kabudayan Jawa[2]Ing Jawa gamelan biyasané kanggo musik pangiring pagelaran wayang kulit utawa ringgittariuyon-uyon.[2] Jinisé laras ing gamelan ana loro yaiku laras pélog lan laras sléndra.[2] Saben sèt gamelan nduwéni instrumén kanggo laras pélog lan sléndra.[2]

Fungsi

1. Ricikan/instrumèn gamelan sajroning karawitan sacara fungsional musikal digolongaké dadi telung klompok, yaiku [3];
  • Klompok ricikan balungan, yaiku; ricikan-ricikan kang lagu dolanané kuwi cedhak banget karo rangka gendhing (balungan gendhing)[3]. Ricikan utawa instrumèn gamelan ing kelompok iki, yaiku;
  1. Saron [3].
  2. Demung[3].
  3. Saron barung[3].
  4. Saron panerus[3].
  5. Slenthem[3].
  6. Bonang panembung[3].
  • Klompok ricikan/instrumèn garap, yaiku; ricikan-ricikan kang nggarapaké balungan
gendhing, kang kanthi cara nafsiraké banjur nerjemahaké liwat vokabulèr-vokabulèr (konvensi) garapan.[3] Ricikan/instrumèn kang kalebu ing klompok kasebut, yaiku [3]:

Instrumèn

Sejarah

Musik gamelan duwé sajarah sing tuwa saumuran karo kasebaré budaya Hindu lan Buddha ing Nusantara. Utamané nalika kawanguné karajan-karajan gedhé kaya karajan Majapahit. JamanMajapahit iki piranti gamelan wiwit kawangun. Mula-mula, gamelan Jawa iku kasil saka budaya Hindu kang banjur kagubah dening Sunan Bonang.[rujukan?] Seni perkembangané musik Jawa iki kira-kira ana pas anané kentonganrebab, [[tepukan tutuk] saka anané gèsèkan ana tali utawa pring tipis nganti nuju prakembangané piranti musik saka bahan logam.
Ngrembakané musik gamelan diperkirakaké nalika anané kenthongan, rebab, tepukan, banjur gèsèkan ing tali utawa pring tipis nganti tekan alat musik kang digawé saka logam. Gamelan Jawa kalebu musik kanthi nada pentatonis. Nalika dituthuk kanggo ngiringi gendhing. Gamelan Jawa duwéni rong puteran yaiku sléndra lan pélog. Sléndro nduwéni limang nada saben oktaf yaiku 1 2 3 5 6 [C- D E+ G A]. Nadha slendro duwéni interval kang kacèké mung sithik. Déné pélog nduwèni 7 nadha saben oktaf yaiku 1 2 3 4 5 6 7 [C+ D E- F# G# A B] kanhti interval kang bedané utawa kacèké akéh. Komposisi musik gamelan digawé kanthi aturan-aturan kang gumahtok, yaiku gamelan ana rong puteran lan duwéni pathet, ana watesé sak gongan lan melodhiné digawé ing unit kang kasusun saka 4 nadha.
Zoetmulder ngandharaken bilih tembung gamel kaliyan alat musik perkusi yaiku alat musik ingkang ditabuh. Miturut basa BaliBali wonten istilah gambèlan ingkang dados gamelan. Konon, ing mitologi Jawa, gamelan dipunriptakken dening Sang hyang GuruSang Hyang Guru ing warsa Saka, dewa ingkang mandegani sedaya Tanah Jawa, kaliyan istana ing Gunung Mahendra ingMedangkamulan (sapunika Gunung Lawu). Sang Hyang Guru punika nyiptakaken 2 Gong kangge ngundang arwah dewa-dewa, lajeng saged kasusun set gamelan. Gamelan ing jaman rumiyin dipundamel saking watu, wit-witan, tulang kewan. Nalika ing jaman modern sapunika, piranti gamelan dipunriptakaken kanthi nglampahi proses industri, ingkang bahanipun werni-werni. Gamelan saged dipundamel saking timah putih (Sn) lan tembaga (Cu), ugi saged dipundamel saking kuningansingen, utawa Wesi.
Gamelan biyasané kanggo ngiringi tarian, utawa seni pertunjukkan kayata wayang kulit lan kethoprak.Gamelan biyasané kanggo ngiringi swara penyanyi Jawa.Penyanyi kang lanang diaraniwiraswara déné penyanyi kang wadon jenengé waranggana. Seni gamelan kang kerep dipentasaké jaman saiki arupa gamelan klasik lan kontemporèr. Salah sijiné gamelan kontemporèr yaiku jazz-gamelan kang nduwéni campuran musik kang nadhané pentatonis lan diatonis.
Salah sijiné panggonan kanggo ndeleng seni gamelan yaiku ing Kraton Yogyakarta. Biyasané dianakaké ing Bangsal Sri Maganti. Déné kanggo ndeleng perangkat gamelan kang umuré wis tuwa yaiku ing panggonan bangsal liyané kang manggon rada memburi.

Bukti Otentik

Nalika jaman Majapahit, instrument gamelan ngalami perkembangan kang apik banget kanthi ngraih bentuk nganti saiki lan kasebar ing manéka dhaérah, kayata [4]:
  1. Bali[4].
  2. Sunda utawa Jawa Barat[4].
Bukti otentik kang sepisanan babagan kahanan gamelan ditemokaké ing Candi BorobudurMagelang Jawa Tengah kang ngadeg awit abad kaping 8. Ing reliefé katon maneka piranti kayata[4]:
  • suling bambu[4].
  • lonceng[4].
  • kendhang (ing maneka ukuran)[4].
  • kecapi[4].
  • instrument kang ana dawai utawa senaré kang biasa digésék lan dipetik, kalebu sithik gambaran babagan èlemèn instrumen logam[4]. Perkembangan sawisé kuwi, gamelan digunakaké kanggo ngiringi pagelaran wayang lan tarian [4]. Kanthi akhiré ngadheg dhéwé minangka musik dhéwé lan dijangkepi karo swara para sindhen[4].

Jinis

Jinis gamelan werna-werna lan kapérang miturut laras lan tlatah panyebarané. Munculé gamelan didhisiki karo budhaya Hindu-Budha kang ndominasi Indonèsia kanthi awal mangsa pencatatan sejarah, kang uga makili seni asli Indonésia [5]. Instrumené dikembangaké kanthi bentuké kaya mangkéné iki ing jaman Kerajaan Majapahit [5]. Ing pambedané karo musik India, siji-sijiné dampak ke-India-an ing musik gamelan yaiku kepriyé cara nyanyikaké [5]. Ing mitologi Jawa, gamelan diciptakaké déning Sang Hyang Guru ing mangsa Sakadewa kang nguasai kabèh tanah Jawa, kanthi istana ing gunung Mahendra ing Medangkamulan (saiki Gunung Lawu[5]Sang Hyang Guru pertamané nyiptakaké gong kanggo ngundhang para dewa [5]. Kanggo pesen kang luwih mligi banjur nyiptakaké rong gong, sawisé kuwi kabentuk set gamelan [5].

Miturut larasé

  • Gamelan laras sléndro
  • Gamelan laras pélog, béda karo gamelan laras Slendralaras pélog ana angka 4 (papat) karo 7 (pitu). Dadi titi laras ing laras pélog duwé 7 nada pepaka ya iku 1 2 3 4 5 6 7
  • Gamelan laras prawa (Pasisir)

Miturut tlatah sumebaré

Saben dhaérah ing Nusantara nduwé gamelan sing béda-béda miturut tlatah budayané, piranti gamelan sing dianggo uga rupa-rupa lan béda-béda.
Gamelan Jawa yaiku musik kang cinipta saka paduan swara gongkenong, lan alat musik Jawa liyané. [1]Irama musik kang alus nggambaraké kaselarasan urip wong Jawa kang nggawé tenang jiwa nalika dirungokaké.[1] Gamelan Jawa ngrembaka ing Yogyakarta.[1] Gamelan Jawa beda karo Gamelan Bali lan Gamelan Sunda[1]Gamelan Jawa duwéni nada kang luwih alus lanslow, beda karo gamelan Bali kang rancak lan gamelan Sunda kang didominasi swara suling [1]. Gamelan-gamelan iki béda amarga Jawa duweni pandangan urip dhéwé kang beda karoSunda utawa Bali, déné pandangan urip iki digambaraké sajroné irama musik gamelan Jawa.[1]
Pandangan urip Jawa kang digambaraké sajroné musik gamelan yaiku kaselarasan kauripan jasmani lan rohani, kaselarasan sajroné omongan lan tumindak saéngga mujudaké toléransi ing sasama.[1] Wujud nyata ing musik gamelan Jawa yaiku tarikan tali rebab kang sedengan, paduan seimbang swara kenongsrinkendang lan gambang lan swara gong kanggo nutup irama.[1]
Gamelan biyasané dianggo ngiringi pagelaran wayang lan tari-tarian.[1] Saliyané musik, gamelan Jawa uga ana swara sindhén kang nembangaké lancaranladrang, lan gendhing-gendhingJawa.[1]

Saperangkat gamelan diisi karo akéh alat musik.[1]Alat musik iki yaiku alat usik kaya drum kang dirani kendangrebab lan celempunggambanggong lan suling pring.[1] Komponèn utama kang nyusun alat-alat musik gamelan yaiku pringlogam, lan kayu[1].Saben alat musik duweni fungsi dhewe-dhewe ing pagelaran musik.[1]Kayata gong kang nduwéni peran kanggo nutup irama musik kang dawa lan ménéhi kaseimbangan sawisé musik diiringi irama gendhing [1].

Pathet

Ing laras sléndra ana telung pathet.[2]
  • Sléndra pathet nem
  • Sléndra pathet sanga
  • Sléndra pathet manyura
Ing laras pélog uga ana telung pathet.[2]
  • Pélog pathet lima
  • Pélog pathet nem
  • Pélog pathet barang
Pathet iku kayata panggonan kanggo gendhing utawa kang ngatur gendhing.[2] Ing wayang kulit yèn ditanggap ing wayah bengi uga nggunakaké pathet ing tabuhan gamelan.[2] Pathet iki mertandaké wayah.[2]
  • Sléndra pathet nem saka jam 09.00-12.00 bengi
  • Sléndra pathet sanga saka 00.00-03.00 esuk
  • Sléndra pathet manyura saka 03.00-06.00 esuk

Galeri