Buku Tamu

Wednesday, June 30, 2010

Pranatacara Dhaup temanten

Pranata Cara Dhaup Temanten

Untuk anggota BASA JAWA
Restu Metriardi 30 Januari jam 13:55 Balas
Sampun dumugi wahyaning mangsa kala dhumawahing kodrat, sri atmaja temanten hanetepi upacara adhat widhi widana ingkang sampun sinengker wonten tlatah dusun Sukun Kepanjen Kabupaten Malang.
Nun inggih upacara panggih, adhat mengku werdhi tata cara, widhi werdhinipun Gusti. Winengku werdhi luhur tata cara peparingipun Gusti ingkang linangkung, punapa ta werdhinipun panggih inggih punika pangudi gambuhing panggalih. Mila mboten mokal wonten titahing Gusti ingkang asipat Jalu lawan wanita ingkang sumedya hanetepi jejering agesang.

ING NGARSA REGOL
Wondene temanten putri sampun jengkar saking tepas wangi pinurwaka kembar mayang sakembaran, dasar putrinipun Bapak ..........................
Ingkang dinama-dama , putri sulistya ing warni tinambahan ngagem busana putri praja nambahi sulistyaning warna, saengga ing dalem pasamuan kadya katingal surem katanding endah gumebyaring temanten putri.

HAMBALANG GANTAL
Saya caket tindakira putra temanten kekalih, gya samya apagut tingal, tempuking catur netra handayani pangaribawa ingkang hambabar manunggaling nala kang tumanem ing sanubari.
Sekar mayang temanten kakung dalah temanten putri sampun niliroaken.
nulya kumlawe astane tenganten putri sarwi hambalang gantal mring temanten kakung ingkang winastan gondhang kasih, temanten kakung gumanti hambalang gondhang tutur, ingkang makaten punapa ta wujud miwah werdhinipun gantal? Gantal dumadi saking suruh ingkang lininting tinangsulan lawe wenang, pinilih suruh ingkang tinemu rose ingkang mengku werdi

Suruh : lamun dinulu beda lumah lawan karebe yen ginigit tunggal rasane. Mugya temanten kekalih tansah rumaket manunggal cipta, rasa miwah karsa. Tinangsulan lawe wenang werdhinipun tinangsulan lan akrami, kaiket ing prasedya luhur, mugi anggenya mangun bebrayan mboten nalisir saking hangger paugeraning kautaman.

TUMINDHAK MIDHAK KUNTOLO
Ni mas temanten putri sampun lenggah sowan ing ngarsa temanten kakung dalah anglepas tepak alas sukunipun temanten kakung. Lumantar astanipun temanten putri, temanten kakung amidak kuntolo kanti remuk gumebyar miwah alas siti.
Ingkang punika paring sasmita bilih temanten kakung sampun gilig ing manah, badhe lujar saking gesang ambujang, ngrasuk hamengku gesang bebyaran.

GANDHENG ASTA
Temanten kakung pareng candhak bahunipun temanten putri kaajak jumeneng sesarengan .
Sasampunipun tinemu catur netra temanten kekalih, ing madya para rawuh dipun pandhegani dening pini sepuh juru paes, astanipun temanten kekalih kagandheng ajawat asta, kanthi pinaringan dunga mugi-mugi tansah tinebiha bala rubeda nir ing sambikala.

TUMUJU DAMPAR KENCANA
Tindakira sri atmaja temanten kekalih gya siningeban sindur dening ingkang rama kakung kinasih,
Wodene rama kakung temanten putri jumeneng ing ngarsa temanten kakalih kagandheng dipun singepi sendhur, wonten sawingkingipun kepareng biyung kinasih dalah astanipun tumangkep wonten pundak temanten kekalih. Lumampah tumuju dampar kencana.

SUNGKEMAN
Adicara ingkang candak inggih punika adicara sungkeman ingkang ateges paring sasmita ngaweruhi wujud bektinipun temanten dumateng tiyang sepah kekalih.Sarana sungkem ing saandhap tapak suku rama kakung dalah biyung putri.
Pinanganten :
Rama kakung dalah Ibu biyung kinasih, luhuring budi ingkang hangukir jiwa raga ingkang agung pangurbanan paring pitedah luhur rina wengi tansah ngangesti mrih rahayuning putra lulus kang ginayuh sadaya ribet rubeda linambaran kanthi sabaring panggalih tuhu pantes sinambah .
Bapa biyung :
Duh angger putraku kinasih sun tampa panyungkemira mugya antuk berkahing Hyang Widhi angonira jejodhoan. Piwelingku aja nganti lali anggon ira hambangun bak wisma runtut atut sakarone-adohno tukar padu –tansah eling sabaring ati – kuwat nampa panandhang – tan gampang amutung dadiya tepa tuladha – uripira migunani mring sesami – hayu-hayu pinanggiha

KACAR-KUCUR
Kalampahan adicara ingkang candak inggih punika adicara kacar-kucur.
Wondene Ing ngriki panjenenganipun Ibu biyung ingkang hamengku karsa paring unjukan tirta wening dumateng temanten kekalih. Ingkang punika paring sasmita mbok bilih sedaya tindak tanduk ingkang badhe kalampahan supadasa linambarana kanthi weninge penggalihing temanten kekalih.

DHAHAR SEKUL KUNING
Kacandhakaken adicara dhahar sekul kuning : Bapa biyung paring dedhaharan sarana sarining bumi kang arupi sekul kuning kang aran sekul panjang ilang, paring sasmita mugya temanten anggenya hanglampahi gesang wonten ing alam bebrayan , temanten kakung anggadhahi kewajiban hanyekapi sedaya kabetahanipun gesang sampun ngantos kirang tedhan tumuju dumateng angen-angenipun kaharjan.
Kanthi Pangajapipun Rama dalah biyung biyung : Mugi gampila gebyaring husada , anggenya ngupadi, sanguning gesang, ambyaring kuntala ingkang tumiba wonten pelatan, panggiha bagya mulya sembada kang jinangka basuki kang kaesti. Amin !

RAWUHING BESAN
Samekta rawuhipun kadang besan sarimbit saking tlatah ................. bapak ............. sarimbit ngaturaken sugeng rawuh mugi sageta andadosaken raketing paseduluran.
Sasampunipun katampi rawuhipun Bapak .......... sarimbit hangaturaken salam taklim kanti hamasrahaken rawuhipun kaki dalah nini pinanganten kekalih ingkang badhe marak seba nyuwita dumateng ngarsa Bapa biyung knasih, inggih punika Bapak ....... dalah .......... biyung .............. kinasih.

ATUR PASRAH TEMANTEN

Nuwun para rawuh ingkang tuhu kinurmatan, langkung rumiyin keparenga kula nuwun agunging pangaksami, hambok bilih kula kagalih sangeting degsura saha cumantaka, dene kumawantun sumela atur tuwin nyandet keparenging para rawuh ingkang taksih gayeng among sabda wonten ing pepanggihan punika.
Ingkang makaten kala wau, sarehning kula ingkang kadhapuk dados pranata adicara kajibah matitisaken titi laksana ning adicara punika.

Minangka purwaning atur keparenga kula ngaturaken sungkeming pangabekti ing sa-andhap pepadha kunjuk dalem Gusti ingkang Maha Agung, ingkang tansah paring kanugrahan dumateng kita sedaya saha paring idi palilah ugi pengayoman dumateng ingkang hamengku karsa, nun inggih Bapak ...………………. sarimbit.
Ingkang wedal puniko saget ngawontenaken pepanggihan ing dinten menika kanti rahayu widodo mboten kirang satunggaling punapa.

Kajawi saking punika, katur asmanipun ingkang hamengku karsa keparenga kula ngaturaken pambage sugeng rawuh saha ngaturaken sanget panuwun ingkang tanpa pepindan wondene panjenengan sedaya sampun kersa minangkani atur ingkang sampun kapacak wonten ing serat atur undangan, ingkang sampun kunjuk dumateng panjenengan sedaya. Inggih punika bilih ing samangke panjenenganipun Bapak ....…….. sarimbit kagungan kersa badhe andhaupaken putri kinasihipun ingkang paring asma ......………… kapundhut garwa dening anakmas ...... ....... putra kakung ingkang minulya bapak ......... saking tlatah ...........

Para rawuh saha para lenggah ingkang kinurmatan.
Kepareng matur bilih samangke sarawuhipun pinanganten kakung, para lenggah katuran jumeneng minangka paring pakurmatan saha paring berkah pangawasta dumateng pepanggihan pinanganten kekalih.
Sinambi ngrantos dhawah wanci rawuhipun pinanganten kakung, keparenga ken para rawuh anglajengaken anggenipun kepareng among sabda saprayoginipun sinambi angresepi dhedaharan ingkang sampun cumawis ing ngarso panjenengan sedaya. Nuwun !

Sampun dumugi mangsa kala mbok bilih pinanganten kakung sampun tindak saking dalem palereman, kadherekaken para kadang sentana puri kakung. Gebyar-gebyar cahyaning dasar gagah pidhegsa kathik karengga busananing putra praja gung binantara kang sarwa mobyor-mobyor adamel cingaking para pandulu ing samarga-marga, jer sampun dados giliging tekating pribadi badhe hamengku garwa ingkang dados gemblenging raos katresnan mila katingal jumangkah mantep tan kemba ing panggalih nambahi gagah prakasa.

sumber http://poenkpoerwa.blogspot.com/2008/12/pranata-cara-dhaup-temanten-sampun.html

Sanepan "I" "J" "K" "L" "M" "N"

Restu Metriardi 30 Januari jam 8:56 Balas
Sanepan "I"

Idu geni = sakuni-unine kelakon
Idu didilat maneh = njabel rembug sing wis kawetu
Iwak kecemplung wuwu = kena diapusi kanthi gampang
Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani = yen ana ngarep nyontoni, ana tengah menehi greget (karep), ana mburi menehi daya


Sanepan "J"

Jer basuki mawa beya = sakabehing gegayuhan mbutuhake wragad (pengorbanan)
nJabung alus = ngapusi kanthi tembung manis
nJaring langit = tumindak gawe kang tanpa asil
nJaring angin = tumindak gawe kang tanpa asil
Jinjang api goyang = ora nggugu kandhaning liyan nanging malah gawe kapitunan
Jalma tan kena kinira = manungsa iku ora kena diremehake
Jati ketlusuban ruyung = kumpulane wong becik kelebon wong ala
Njagakake endhoge si blorok = ngarep-arep barang sing durung mesthi
Njajah desa milangkori = wis tekan ngendi-endi
Jalma angkara mati murka = nemoni cilaka jalaran angkara murkane
Jamur tuwuh ing sela = wong kang uripe memelas

nJalukan ora wewehan = seneng njaluk ora gelem menehi
Jaran kerubuhan empyak = wong kang wis kanji (kapok, wedi) banget marga lelakon sing wis tau gawe wedi
Jarit luwas ing sampiran = wong duwe kepinteran nanging ora ana sing nganggo utawa ngangsu kapinterane, lawas-lawas wong iku tanpa guna
nJujul muwul = prakara kang nambah-nambahi rekasa, utawa wis sarwa akeh lan torah (kecukupan) isih oleh wuwuh (tambahan) maneh
nJunjung ngantebake = ngalembana nanging duwe niyat ngasorake

K
Restu Metriardi 31 Januari jam 10:11 Balas
Kaduk wani kurang deduga = watak wong enom sing grusa-grusu kurang petung
Kalah cacak menang cacak = samubarang pagawean luwih becik dicoba dhisik bisa lan orane
Karna binandhung = kabar kang lumembar sarana gethok tular
Kebak sundukane = wis akeh anggone gawe piala
Kebak sundukane = kakehan dosa, akeh sing disulayani
Kebanjiran segara madu = nemu kabegjan kang gedhe banget
Kebat kliwat, gancang pincang = tumindak kang kesusu mesthi ora kebeneran
Kebo bule mati setra = wong pinter ning ora ana sing merlokake
Kebo ilang tombok kandhang = wis kelangan ngetokake wragat maneh kanggo nggoleki malah ora ketemu
Kebo lumumpat ing palang = wong gedhe nggagahi prakarane sadulur utawa kaluwargane dhewe
Kebo kabotan sungu = wong ngrekasa uripe marga kabotan butuh, kakehan anak
Kebo lumaku dipasangi = wong kang gelem tumandang gawe yen dituntun (diwarahi)
Kebo nusu gudel = wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom
Kebo mulih nyang kandhange = wong sing wis suwe lelana bali nyang asale
Kebo mutung ing pasangan = wong ninggal pagaweane sing durung sida ditandangi
Kecing-kecing diraupi = tumindak gawe kanthi wani njejaluk tanpa ngrasa isin
Keduwung nguntal wedhung = wis kebanjur tumindak, arep mundur wis lumaku, arep maju wis rekasa
Kepaten obor = kelangan aluran pasedulurane
Keri tan pinecut = gelem tumindak gawe tanpa diprentah
Kulak warta adol prungon = oleh kabar banjur ditularake marang liyan
Kumrisik tan kanginan = rumangsa tanpa disaruwe
Kuping budheg dikoroki = ora ngreti kathik dikandhani, wasana kepengin ngreti prekarane
Kakehan gludhug kurang udan = akeh sing diomongake ananging ora nyata
Kaya banyu karo lenga = paseduluran kang ora bisa rukun
Kadang konang = wong kang diaku sedulur yen wonge sugih (duwe pangkat)
Kacang atinggal lanjaran = anak kang ora memper bebudene wong tuwane
Kacang mangsaa ninggal lanjaran = anak iku lumrahe bebudene memper wong tuwane
Kandhang langit, bantal ombak, kemul mega = ora duwe papan (omah)
Katepang ngrangsang gunung = wong asor pengin nggayuh pangkat luhur
Katon cempaka sewakul = wong kang manjila dhewe, beda klawan pepadhane
Kajugrukan gunung menyan = oleh kabegjan gedhe banget
Kawuk ora weruh slira = wong cilik ambeke kaya wong gedhe
Kebanjiran segara madu = nemu kebegjan (rejeki) sing gedhe
Kegedhen empyak kurang cagak = wong kang duwe panjangka ning ora sembada
Kekudhung walulang macan = ngapusi nganggo jenenge wong kang diwedeni
Kelacak kepathak = ora bisa mungkir jalaran wis kebukti
Kemladhean ngajak sempal = wong mondhok gawe rusak sing dipondhoki
Kendhit miming kadang dewa = wong kang ora pasrah ing paeka
Keplok ora tombok = melu seneng ananging ora melu wragad, utawa wong kang senengane maido ning ora gelem melu cawe-cawe
Kerot ora duwe untu = duwe kekarepan ananging ora sembada
Kena iwake aja nganti butheg banyune = ngrampungi prakara kanthi ngati-ngati
Kejugrukan gunung madu = nemu kanugrahan
Kethek saranggon = grombolane wong ala
Kencana katon wingka = arepa becik disawang ora becik
Kendel ngringkel, dhadhag ora godhak = ngakune kendel tur pinter jebule jirih tur bodho
Kenes ora ethes = wong sing sugih nanging ora disenengi
Kriwikan dadi grojogan = prakara sepele dadi prakara gedhe
Kere munggah bale = wong asor diprecaya dadi panguwasa (wong pangkat)
Kere nemoni malem = wong miskin kinembong ing pangan
Kere menangi Mulud = wong miskin kinembong ing pangan
Kerot ora duwe untu = duwe kekarepan ning ora duwe wragad
Kerubuhan gunung = wong nemoni kesusahan sing gedhe banget
Kesandhung ing rata kebentus ing tawang = oleh cilaka sing ora dinyana-nyana
Ketula-tula ketali = wong kang tansah nandhang sengsara
Kethek saranggon = kumpulane wong kang tindake ala
Kinjeng tanpa soca = wong tandang gawe ora ngerti ancas tujuwane
Kaleyang kabur kanginan, ora sanak ora kadang = wong sing ora duwe panggonan utawa omah tetep
Klenthing wadhah masin = wong ala sanajan tumindak becik, tabet-tabete wong ala isih ketara (angel ninggalake pakulinane tumindak ala
Kodhok nguntal gajah = wong duwe trekah sing mokal kalakone
Kongsi jambul uwanen = nganti tumekan tuwa banget
Kriwikan dadi grojogan = prakara kang maune cilik dadi gedhe
Krokot ing galeng = wong kang mlarat banget
Kucing-kucing diraupi = wong duwe gawe kanthi nekad, sanajan direwangi wiring isin
Kudhi pacul singa landhepa =wong adu kapinteran, sing pinter sing bakal nemu kabegjan
Kudhung walulang macan = wong golek utangan nganggo sendhen asmane wong gedhe utawa wong kuwasa
Kumenthus ora becus = seneng umuk nanging ora mrantasi karya (sembada)
Kuntul diunekake dhandhang = wong becik dianggep wong ala
Kurung munggah lumbung = wong rena dipek bojo sing duwe omah
Kutuk nggendhong kemiri = wong kang nganggo kang sarwa aji (apik) liwat dalan kang mbebayani
Kutuk marani sunduk, ula marani gebuk = wong kang njarag (marani) bebaya
Kuncung nganti tumekan gelung = suwe banget anggone ngenteni

L
Ladak kecangklak = wong kang angkuh nemoni pakewuh marga tumindake dhewe
Lahang karoban manis = wong kang rupane bagus-ayu tur luhur bebudene
Lanang kemangi = wong lanang kang jirih
Lawas-lawas kawongan godhong = wis lawas pangabdine, nanging ora banjur dibuwang, tanpa oleh pangkat
Lebak ilining banyu = wong asor kanggo tiban-tiban yen ana prakara
Ledhang-ledhang nemu pedhang = nemu kabegjan tanpa kanyana-nyana
Legan golek momongan = wong kang wis kepenak malah njarag golek gawean (rekasa)
Lambe satumang kari semerang = menehi pitutur nganti kesel, ora digubris
Lumpuh ngideri jagad = duwe gegayuhan sing mokal kelakon
Lungguh klasa gumelar = ora melu rekasa nanging nemu kepenak

M
Macan guguh = wong gedhe (kuwasa) wis ora kajen keringan
Madu balung tanpa isi = rebutan samubarang kang tanpa guna
Malang-malang tanggung = ngewuhake, arep ditinggal nggrundel, yen dilokake ora mrantasi gawe
Mancak wadhah tulupan = wis suwe nyambut gawe nanging tanpa duwe celengan
Mecel manuk miber = sarwa kasembadan, sabarang tindake mawa kasil
Mendhak alingan, wekasan katon = tumindak nylamur, nanging wekasan ngaku, jalaran konangan wong akeh
Maju tatu mundur ajur = prakara kang sarwa ndadekake pakewuh, utawa mbudi daya kepiye wae nanging ora kasil
Matang tuna numbak luput = tansah luput kabeh panggayuhane
Mbuwang tilas = ethok-ethok ora ngerti marang tumindake kang ala kang dilakoni
Meneng widara uleren = katone anteng nanging sejatine ala atine
Menthung koja kena sembagine = rumangsane ngapusi, nanging sejatine malah kena apus
Merangi tatal = mentahi rembug kang wis mateng
Micakake wong melek = ora nganggep wong sing meruhi dhewe
Midak sikil, njawil mungkur = kethikan ora ngetarani
Midak tembelek ora penyek = ora duwe kekuwatan kanggo tandang gawe
Mirong kampuh jingga = mbalela marang nagara
Mrojol ing akerep = nyebal saka kalumrahaning wong akeh
Milih-milih tebu boleng = kakehan milih, wekasan oleh kang ora becik
Mikul dhuwur mendhem jero = bisa njunjung drajade wong tuwa
Mubra-mubru mblabar madu = wong kang sarwa kecukupan
Meneng kitiran = ora bisa anteng
Mbrojol saselaning garu = ora ana sing madhani kepinterane, utawa wong kang luput saka bebaya

N
Nabok nyilih tangan = tumindak ala kanthi kongkonan wong liya
Naga mangsa tanpa cala = wong kang mrana-mrana ngrasani alaning liyan
Ngagar metu kawul = ngojok-ojoki supaya dadi pasulayan, nanging sing diojok-ojoki ora mempan
Ngajari bebek nglangi = panggawean sing ora ana paedahe
Ngalasake Negara = wong sing ora manut pranatane Negara
Ngalem legining gula = ngalembana kapinterane wong kang pancen pinter (sugih)
Ngaturake kidang lumayu = ngaturake barang kang wis ora ana
Nagara mawa tata, desa mawa cara = saben papan duwe adapt lan aturan dhewe-dhewe
Nampel puluk = mitenah kabegjane wong liya
Nandur wiji keli = ngopeni turune wong kasrakat
Nasabi dhengkul = nutup-nutupi kekurangane sadulur supaya oleh kauntungan
Natas tali gumantung = putusan kang ora ana kawusanane
Nebak wong mangan = gawe rugine wong kang oleh kamukten
Nemu kuwuk = wong njaluk tulung marang liyan ora nganggo mara ing omahe
Ninggal bocah ing waton = nyumelangake samubarang sing wis kelakon
Nitipake daging serep = titip anak wadon marang besan
Nucuk ngiberake = wis disuguh mulihe isih mbrekat suguhan
Nulung menthung = karepe aweh welas, nanging malah gawe rekasane
Nuntumake balung pisah = bebesanan karo sedulur kang wis adoh alurane
Nututi baling wis tiba = njabel wicara kang wis kawetu
Nututi kidang lumayu = nguyak samubarang kang durung cetha lan durung mesthi olehe
Ngadu singating andaka = gawe dukaning panggedhe
Ngadhepi celeng boloten = cedhak-cedhak wong ala bebudene
Nglungguhi klasa gumelar = nindakake pegawean kang wis tumata
Ngotragake gunung = wong cilik-asor bisa ngalahake wong gedhe-luhur, nganti gawe kagete wong akeh
Nguthik-uthik macan dhedhe = njarag wong kang wis lilih nepsune
Nguyahi segara = weweh marang wong sugih kang ora ana pituwase
Nyangoni kawula minggat = ndandani barang kang tansah rusak
Nguthik-uthik macan turu = gawe nesu (golek gaweyan)
Nyolong pethek = luput saka pangira
Ngobak banyu bening = gawe rerusuh ing papan kang tentrem
Nguyahi segara = nulung wong sing kecukupan
Nandur pari jero = gawe ngamal kabecikan
Nututi layangan pedhot = nggoleki barang sing angel ketemune
Ngaji mumpung = ngatogake kekarepan mumpung ana wektu becik
Ngalem legining gula = ngalem kepinterane wong winasis
Ngandel tali gedebog = mrecaya barang kang ora mitayani
Ngantuk nemu kethuk = enak-enak ora nyambut gawe nanging oleh kabegjan
Ngangsu banyu ing kranjang = golek ngelmu nanging ora pinter marga ngelmune
Ngaub ngawar-awar = golek pangayoman marang wongmiskin
Nguwod gedebog = wong nemu kacilakan merga panggawene wong liya
Nguyang lara nempur pati = njarag marang kacilakan
Nguyuh aling-alingan sada = ngumpetake kekurangane, nanging ora murwat lan sranane
Ngabuk wong meteng = milara wong kang tanpa daya
Ngemping lara nggenjah pati = njarag marang kasangsaran
Ngempukake watu item = nganggep remeh prakara abot
Ngemut legining gula = ngrumat baranging liyan, bareng ngreti yen ana gunane banjur dipek dhewe, ora diwenehake sing duwe
Ngenteni timbale watu item = ngarep-arep samubarang kang ora bakal teka
Ngetutake poncoting tapih = melu sapari lungane bojo
Nggepuk kemiri kopong = tumandang gawe kang tanpa pituwas
Nglancipi singating andaka = natang wong kang kawasa
Nglangi ing tengah mati ing pinggir = apa kang digarap tanpa karampungan
Nglumahake, ngurepake = bebesanan anak loro lanang wadon padha nggawa lan padha olehe
Ngarebake sikut = nenonton mung kanggo golek sukan-sukan
Ngrampek-ngrampek kethek = nyanak marang wong ala
Ngrangsang-ngrangsang tuna = samubrang kang ginayuh ora kena
Ngrusak pager ayu = ndhemeni bojoning liyan
Nrenggiling api mati = wong ethok-ethok ora ngrungu guneme liyan, nanging sabenere niling-nilingake
Numpal keli = wong lelungan mung nunut kancane
Nusup ngayam alas = wong lelungan kanthi mlebu metu padesan lan ngliwati omah-omahe wong akeh
Nyambung watang putung = ngruunake sedulur kang cecongkrahan
Nyawat mbalang wohe = duwe panpgangkah sarana pitulungane sedulur sing diangkah
Nyeret pring saka pucuk = pagawean gampang malah dingel-ngel
Nyundhang bathang bantheng = ngangkat priyayi turunane bangsa luhur kang wis ora duwe pangawasa
Nyunggi lumpang kentheng = rabi ayu turune wong luhur

Janturan

Janturan Nusantara

Untuk anggota BASA JAWA
Restu Metriardi 29 Januari jam 9:48
Swuh rep data pitana.

Nenggih negari pundi ta kang ka éka adi dasa purwa.
Eka sawiji adi linuwih, dasa sapuluh, purwa wiwitan.
Senadyan kathah titahing jawata ingkang kasangga
ing Pertiwi, kaungkulan ing Angkasa, kapit ing Samodra,
kathah ingkang samya anggana raras, nanging datan
kadi ing negari Nusantara.

Ngupaya satus datan antuk kekalih, sewu tan jangkep
sedasa, ora jeneng mokal lamun mangka bebukaning
carita. Dhasar Negara panjang punjung pasir wukir,
gemah ripah loh jinawi, karta tata raharja.

Panjang dawa pocapané, punjung dhuwur kawibawané,
pasir samodra, wukir gunung. Pranyata nagari Nusantara
ngungkuraken pegunungan, ngeringaken bengawan
nengenaken pasabinan miwah ngayunaken bebandaran agung.

Gemah kathah para nangkuda kang lumaku dedagangan
anglur selur datan ana pedhoté, labet tan ana sangsayaning margi.

Ripah kathah para janma manca negari kang samya katrem
abebalé wisma ing salebeting kitha, jejel apipit bebasan aben
cukit tepung taritis, papan wiyar katingal rupak.

Loh subur kang sarwa tinandur, jinawi murah kang sarwa tinuku.
Karta para kawula ing padusunan mungkul pangolahing
tetanèn ingon-ingon kebo-sapi pitik-iwèn datan cinancangan
rahina aglar ing pangonan wanci ratri bali marang kandhange
dhéwé-dhéwé.

Raharja tegesé tebih ing parang muka, karana para mantri
bupati wicaksana limpating kawruh tan kendhat dènya
misungsung kabahagyan marang ratu gustènipun
sumarambah para kawula dasih. Mila ora jeneng mokal lamun
negari Nusantara kena dibebasakaké jero tancepé, malembar
jenengé, kasup kasusra prajané.

Ora ngemungaké ing kanan-kéring kéwala senajan ing
praja maha praja kathah kang samya tumungkul datan
linawan karana bandayuda, amung kayungyun marang
pepoyaning kautaman bebasan kang cerak samya manglung
kang tebih samya mentiyung asok bulu bekti glondhong
pengareng-areng pèni-pèni raja pèni guru bakal guru dadi…


sugeng maos
restumetri