Buku Tamu

Wednesday, February 23, 2011

Serat Yusuf

2. Nabi Yusuf Angladèni Bendarané, Kongsi Tutug Dikunjara

oleh Hardyanto Alb pada 01 Februari 2011 jam 11:24
KINANTHI
  1. Kacarita sang abagus/ Yusuf dèn-gonken ing panti/ iya wismaning bendara/ lulurah keparak Mesir/ Yusuf katoné prayoga/ rineksa Hyang Masuci.
  2. Sabarang bubuhanipun/ pagawéan mitayani/ salamet rineksèng ing Hyang/ Yusuf nuli ketiban sih/ iya esihing bendara/ piniji kinèn ngladèni
  3. pinasrahan ing sadarum/ uwong ing sajroning panti/ Yusuf kinarya lulurah/ sarta darbèké sakalir/ sinrahken priyangganira/ kabèh kinèn nguwasani.
  4. Kesawaban saka Yusuf/ Allah amberkahi panti/ wismaning bendaranira/ dalah sawah katon becik/ kabèh darbèking bendera/ wus datan dèn kaweruhi.
  5. Kabèh kinawasan Yusuf/ kajaba amung sawiji/ prakara kang dipundhahar./ Ri wusing antara lami/ kalakon ingkang mangkana/ kacarita Yusuf mangkin
  6. warnanira luwih bagus/ cahyanira anelahi/ dedegira apideksa./ Warna luwih wong sabumi./ Samana garwa bendara/ angudi ngajak lulut sih.
  7. Aluwih lenggana Yusuf/ nora karsa anuruti/ mangsuli: “Bendara kula/ sadaya tan nguningani/ kang wonten ing dalemira/ pinasrahaken mring mami
  8. sadaya wewenang ulun/ amung paduka kajawi/ paduka punika garwa/ kados pundi-kados pundi/ yèn ta kula nglampahana/ damel dosa ing Hyang Widi.”
  9. Mangkana bendara wadu/ arda panggubelirèki/ nging Yusuf tansah lenggana/ cedhak baé nora wani./ Anuju sawiji dina/ Yusuf arsa mlebu panti
  10. yun anggarap karyanipun/ jro wisma panuju sepi/ garwaning bendara sigra/ trengginas anyandhak klambi/ lawan mangkana lingira: “Turutana karsa mami.”
  11. Sakala Yusuf pakéwuh/ nanging rikat antuk galih/ ing sakala bangkit oncat/ sarana aninggal klambi/ annuli metu ing jaba/ nging klambi cinekel èstri.
  12. Nuli nguwuh batur-batur:/ “Gawé onar kaya iki/ lah kowé padha weruha/ lah iku uwong Ibrani/ diabdèkké bendaranta/ marang aku nyembranani
  13. ngenthu-enthu ngajak turu/ aku énggal jelih-jelih/ dhèwèké anuli lunga/ nganggo aninggal kulambi.”/ Kulambi samana nulya/ kinarya tandha sinandhing.
  14. Praptaning garwa gya wadul/ kadya tembung onar ngarsi./ Garwanya asru bramatya/ Yusuf gya cinekel wani/ linebokaké kunjara/ enggoning lalaran sami
  15. kang padha dosa ing ratu/ temah Yusuf anglakoni/ ana ing jero kunjara./ Déné Allah Mahasuci/ marang Yusuf iku ngreksa/ lawan manèh aparing sih.
  16. Saking sihing Suksmana Gung/ lurah pawrangkan dadya sih/ mring Yusuf kaliwat-liwat/ lalaran kinèn ngwasani.
  17. Lurah pakunjaran mau/ kongsi nora ameruhi/ marang panggawénira/ pasrah mring Yusuf sakalir/ sabab Yusuf wus katara/ yèn rineksèng Hyang Widi.
  18. Sabarang lalakonipun/ tan ana kang nguciwani/ katoné tansah prayoga/ luwih katon mitayani/ sakèhing lalakonira/ Allah pareng ngasmarani.

Serat Yusuf

1. Wiwit Nabi Yusuf Nyupena, Kongsi Sarirané Tutug ing Mesir

oleh Hardyanto Alb pada 17 Januari 2011 jam 12:14
MIJIL
  1. Crita saka Torèt dipunpethik/ kinarya papathok/ ala becik ing wuri kepethèk/ marma becik nora ngathik-athik/ aja acecethik/ piala ginathuk.
  2. Ala becik amunga: sapletik/ nora wurung katok/ nadyan tutur goroh ketak-ketèk/ sarta iya tanpa tinalitik/ sok maksa ketitik/ ngamping datan antuk.
  3. Ing Kenangan kacrita ing tulis/ ana nabi sitok/ wus kasusra mungguh perbawané/ marma tetep wus kusebut nabi/ nabi kang linuwih/ namanira Yakub.
  4. Apuputra rolas jalu sami/ sepuluh kacriyos/ wus diwasa atunggal ibuné/ déné ingkang kalih maksih alit/kang enom Bunyamin/ ingkang sepuh Yusuf.
  5. Tunggal ibu séjé lan kang dhisik/ Yusuf kacariyos/ umur pitulas taun critané/ bagusira tan ana tumandhing/ salumahing bumi/ tan ana sumundhul.
  6. Ingkang rama tresnané kapati/ lan liyané kaot/ sadhèrèké sepuh gething kabèh/ wuwuh Yusuf supena kang adi/ nuli matur maring/ pra sadhèrèk sepuh:
  7. “Kula ngimpi kita anggèdhèngi./ Pantun kula katon/ gèdhèngané kèndel jejeg degé./ Déné gèdhèngan paduka sami/ madhep asujud mring/ gègèdhèngan ulun.”
  8. Ingkang raka ana kang nauri:/ “Paran sira ing don/ dadi ratu sun sujud mring kowé.”/ Para kadang dadi mundhak gething/ Yusuf manèh ngimpi/ matur mring sadulur:
  9. Kakang kacang kula ngimpi malih/ ing pangimpèn katon/ surya candra taksih wewah manèh/ lintang sawlas sami sujud mami.”/ Mungguh ing bab iki/ Yusuf uga matur
  10. marang ingkang rama Yakub Nabi./ Kang rama lingnya lon:/ “Adhuh Yusuf lah apa ta tholé/ ingsun lawan ibunta lan maning/ dulurmu sakalir/ marang sira besuk
  11. padha sujud sungkem mring sirèki/ yogyaning kang lakon/ sira aja kandha-kandha manèh./ Ing samana sadulur sakalir/ tan enak ing ati/ mring kahanan Yusuf.
  12. Kacarita sadulur sakalir/ angumbara adoh/ duk samana Yusuf nuli kinèn/ déning ingkang rama takon warti/ mring sadulur sami/ kaslametanipun.
  13. Sadhèrèké wruh yèn Yusuf prapti/ katon isih adoh/ nuli padha arug ing rembugé/ Yusuf arsa padha dènpatèni/ ingkang sarta nuli/ cinemplungken sumur.
  14. Iya padha diawadken sami/ pinangan buburon/ ayo padha dipunyektèkaké/ apa impènira bakal yekti/ nging sadulur siji/ Rubèn namanipun
  15. angrembugi aja dipatèni/ becik aja nganggo/ mutahaké getih: “Prayogané/ cemplungena ing sumur ya becik.”/ Mungguh Rubèn iki/ wadiné yun tulung
  16. marang Yusuf amrih isih urip/ sarékaning lakon/ lamun simpé lawan saduluré/ bocah arsa kaentasken saking/ jroning sumur iki/ nuli katur Yakub.
  17. Duk samana sawusnya pinikir/ kadang sabendhoyot/ ingkang padha darengki atiné/ bareng Yusuf cedhak didhèdhèli/ pinèt kang kulambi/ duk samana Yusuf
  18. cinemplungken ing sumur sawiji./ Wuri kacariyos/ ana janma Ismail bangsané/ laku dagang arsa marang Mesir/ Yahuda winarni/ saduluré Yusuf
  19. acalathu mring dulur sakalir:/ “Aja gawé lakon/ amatèni lan angetokaké/ getih saka sadulur pribadi/ didol mring wong iku.”
  20. Wusing rembug dadi: Yusuf nuli/ pratanirèng ngendon/ saka sumur iku dèntasaké/ dipunedol mering bangsa Ismail/ papayoné iki/ wang slaka rong puluh.
  21. Ing bab iku Rubèn datan uning/ bareng weruh kothong/ sumur uwus tan ana bocahé/ sru angadhuh getuné kapati. Para kadang nuli/ mèt wajuné Yusuf.
  22. Klambi iku dipungugubrasi/ getih pating blentong/ getih wedhus iku sanyatané/ klambi iku duk samana nuli/ dènaturken maring/kang rama lan matur:
  23. “Dhuh punika anggèn kula manggih/ punapa tan yektos/ yèn punika yekti rasukané/ putranira rama ari mami./ Kang rama nulya ngling/ sarta sru pangadhuh:
  24. “Aku nora pangling nyata iki/ klambiné nak ingong/ Yusuf kira-kira bocah kiyé/ dipunmangsa kéwan dènjujuwing.”/ Nabi Yakub dadi/ sru ing susahipun.
  25. Saking sruning saka pangerdatin/ ngagem nyamping bagor/ pirang-pirang dina pangunguné/ dipunimur-imur putra-putri/ nora bisa lilih/ datan bangkit lipur.
  26. Kacarita Yusuf anèng Mesir/ annuli kaedol/ mring Potipar iku lulurahé/ kaparaking Pringon raja Mesir/ Yusuf ing samangkin/ dadi kanthinipun.