Buku Tamu

Monday, March 14, 2011

7. Ulihé kang Kaping Pindho Para Sadhèrèké Nabi Yusuf, Kairid Bali Anggawa Tuwung, Kongsi Arep Mulih Manèh marang Kena

oleh Hardyanto Alb pada 18 Februari 2011 jam 7:17
DURMA
  1. Yusuf nulya dhawuh marang abdinira:/ “Bagoré iku sami/ isènana pangan/ sakelaré anggawa/ dhuwité wong siji-siji/ padha lebokna/ bagoré dhéwé nuli.
  2. Tuwung ingsun salaka iku ya uga/ lebokena sajroning/ bagorira bocah/ ingkang wuragil ika/ barengna kalawan dhuwit/ tempuranira./ Sakèhing préntah iki
  3. iya uwus padha linaksanan uga/ ésuk pra kadang sami/ linilanan budhal/ dalah momotanira./ Duk prapta jabaning nagri/ durung mandrawa/ Yusuf dhawuh mring abdi:
  4. “Lah saiki kowé kudu sigra-sigra/ nututana pra janmi/ kang wus padha budhal/ manawa wus kecandhak/ clathonana kaya iki:/ ‘Napaa dika/ males ala ing becik.
  5. ‘Napa dika tan anggawa bokor slaka/ kagunganira gusti/ niku karya tandha/ yèn patrap dika ala.’”/ Sawusira para janmi/ samya kecandhak/ abdi anglaksanani.
  6. Dhawuhake tembung kang kasebut ngarsa./ Pra kadang anauri:/ “Adhuh kadi paran/ paduka angandika/ ingkang makaten puniki/ manawi kula/ bab punika atebih.
  7. boten pisan anglampahi kang mangkana/ yatra ing bagor dhihin/ inggih sampun kula/ aturken ing paduka/ sumarmanya kadi pundi/ lamun kawula/ nyolong kagungan Gusti.
  8. Ingkang warni jené utawi salaka/ inggih samangké pundi/ kula kang kanggènan/ inggih kapejahana/ déné kawula sakalir/ inggih dadosa/ abdi paduka ngriki.”
  9. Wangsulané: “Lah enggih niku prayoga/ mengké amasthi kadi/ ing saatur dika/ pundi ingkang kacihna/ kanggonan puniku pasthi/ kari dumadya/ abdiné gusti mami.
  10. Déné ingkang resik enggih boten dosa.”/ Duk samana anuli/ para kadang sigra/ ngudhunken bagorira/ sarta padha dènungkabi/ déné utusan/ nuli anggalédhahi
  11. bagorira urut saka ingkang tuwa/ kongsi enom pribadi/ tuwungé kepanggya/ ana ing bagorira/ yaiku bagor Bunyamin./ Pra kadangira/ kagyatira kapati.
  12. Gya rumanti ambalèkken bagorira/ kaemotaké kuldi/ bali mring nagara./ Duk samana Yahuda/ sakadangé uwus prapti/ ing dalemira/ Yusuf anuju isih
  13. anèng kono samya sumungkem ing kisma./ Yusuf anuli angling/ “Dika niku padha/ anglakoni menapa/ napa dika tan udani/ kalamun kula/ niki enggih ningali.
  14. Aturira Yahuda: “Kula punika/ badhé matur punapi/ yèn ta angresikna/ badan, mangka Suksmana/ sampun paring dhateng mami/ tandha dursila/ ulun sadaya mangkin
  15. yaktinira dumados abdi paduka.”/ Yusuf anuli angling:/ Lah niku boten, ta/ nanging angemungena/ kang kanggonan tuwung niki/ niku dadia/ batur kula ing ngriki.
  16. Dika kabèh lah enggih padha muliha/ karo slamet ing margi.”/ Samana Yahuda/ nuli maju turira:/ “Adhuh nuwun nuwun mami/ mugi parenga/ matur mugi kapyarsi.
  17. Paduka wus andukani dhateng kula/ wit paduka wus kadi/ Pringon Naranata/ paduka wus ngandika/ punapa kawula taksih/ gadhahi bapa/ tuwin sadhèrèk malih.
  18. Déné ulun ugi matur ing paduka/ bilih kawula taksih/ anggadhahi bapa/ sarta malih sudara/ satunggal ingkang wuragil/ déné lairnya/ bapak wus sepuh ugi.
  19. Déné kakangira punika wus pejah/ dados kang tunggil wibi/ mung kantun anggana/ bapaknya langkung tresna./ Paduka dhadhawuh dhihin/ kinèn ambekta/ adhi kula puniki.
  20. Dhawuh Tuwan paduka arsa uninga/ ulun gya matur aris/ o laré punika/ tan kénging pisah bapa./ Manawi pisah amasthi/ sudarmanira/ susah ngantos ngemasi.
  21. Paduka gya dhadhawuh malih mangkana:/ yèn adhi dika ragil/ boten dika gawa/ empun andika séba./ Sareng kula mantuk warti/ dhateng pun bapa/ dhawuh Tuwan sakalir.
  22. Ulun lajeng kinèn sami awangsula/ késah anempur malih/ wangsulan kawula/ lamun datan ambekta/ adhi kula pun Bunyamin/ yaktos kawula/ boten wangsul ing Mesir.
  23. Nanging lamun Bunyamin pareng kabekta/ ulun inggih nglampahi./ Anunten pun bapa/ wicanten dhateng kula:/ “Sira padha angawruhi/ somah manira/ ibunta kang sawiji.
  24. Anak-anak loro siji uwus oncat/ saka ing tangan mami/ iku kira-kira/ minangsa buron wana/ sapréné tan ana warti/ yèn mengko sira/ anggawa bocah iki
  25. lamun iku nemu béka dadi sira/ ngruntuhken uwan mami/ marang ing kamuksan/ kanthi lawan rudita./ Marma lamun antuk mami/ dhateng Kenangan/ boten ambekta adhi
  26. sabab nyawanipun adhi lawan bapa/ gandhèng dados satunggil/ marma lamun bapa/ wuninga adhi kula/ boten tumut mantuk mami/ saèstunira/ pun bapa amekasi.
  27. Dados ulun sami ngrentahaken uga/ uwaning bapa mami/ dhateng ing kamuksan/ kaliyan kasusahan/ déné kawula puniki/ nanggel mring bapa/ wilujengipun adhi.
  28. Atur kula dhumateng bapak kawula/ lamun adhi puniki/ tan wangsul mring bapa/ kula nandhanga dosa/ dhateng bapa ing salami./ Mila tur amba/ dhateng paduka mangkin
  29. yèn pinareng kawula ingkang gumantya/ nglampahi dados dasih/ dados lintunira/ laré ingkang adosa/ nanging kaparenga adhi/ mantuk sarenga/ para kadangirèki.
  30. Kadi paran kalamun ulun mantuka/ boten ambekta adhi/ mila luwung amba/ boten nglampahi priksa/ anggèning nandhang rudatin/ susahing bapa/ kapiluh kang kapati.”

6. Budhalé kang Kapindho Para Putrané Yakub marang Mesir, Kongsi Padha Bujana Dhahar Ana ing Dalemé Yusuf

oleh Hardyanto Alb pada 16 Februari 2011 jam 7:57
PANGKUR
  1. Kacrita tanah Kenangan/ luwih-luwih lagi nandhang paceklik/ bareng pangan kang tinempur/ mau entèk anulya/ Yakub nabda marang putra-putra mau:/ “Lah kowé padha balia/ aku tempurna sathithik.”
  2. Yahuda matur ing rama:/ “Lurah Mesir ameling wanti-wanti/ mekaten ing welingipun/ andika boten kena/ bali mriki yèn adhi dika tan milu/ mila lamun adhi kula/ kapareng tumut mring Mesir
  3. ulun ugi lumaksana/ nanging lamun paduka tan marengi/ ulun inggih boten wangsul.”/ Yakub nuli ngandika:/ “lah ya géné kowé amakéwuh aku/ teka nganggo kandha-kandha/ lamun isih duwé adhi.”
  4. Aturira para putra:/ “Tiyang wau sanget enggèné niti/ dhumateng kula sadarum/ dalah sarayat kula/ lah makaten pitakèné dhateng ulun:/ ‘Bapak dika napa arja/ sarta dika napa tasih
  5. anduwèni dulur liya.’/ Ulun sami matur pasaja ugi/ wasana jloging dhadhawuh:/ ‘Lah niku adhi dika/ dika gawa mriki kula ajeng weruh.’”/ Samana nuli Yahuda/ mring kang rama matur aris:
  6. “Bunyamin mugi parenga/ ulun dados saged bidhal mring Mesir/ sami saged gesang ulun/ saanak lan paduka/ déné ingkang nanggel sapunika ulun/ dados ing wingking paduka/ badhé mung ngawuningani
  7. tampi laré saking amba./ Lamun amba nyidrani bab puniki/ nandhanga dosa wak ulun/ dhumateng ing paduka/ bab punika upami tan rendhet sampun/ wangsul ping kalih.” Anulya/ kang rama ngandika malih:
  8. “Iya yèn mangkono yogya/ anggawaa pametu tanah iki/ kang becik kanggo pisungsung/ aturna mring lurahnya/ lah kaya ta: blendok sathithik lan madu/ anggi-anggi karo menyan/ sarangan wangi lan miri.
  9. Dhuwitmu padha tikelna/ lawan dhuwitira kang padha bali/ padha ana ing tanganmu/ iku lah bokmanawa/ bokmanawa: manawa-manawa kliru/ karo manèh adhinira/ gawanen ingsun lilani.
  10. Anuli padha budhala/ sowan marang lulurahira Mesir/ sarta Allah Maha Agung/ paringa kamurahan/ marang sira ana ngarsané wong mau/ dadya sira antuk lilah/ anggawa adhimu kalih
  11. siji kang kari ing kana/ sijinira iya iku Bunyamin./ Déné ta manawa laku/ kudu kélangan anak/ kinapakna iya uwis begjaningsun.”/ Duk samana para putra/ mèt barang kang becik-becik.
  12. Lan dhuwit tikel kagawa/ sarta manèh anggawa ri Bunyamin/nuli budhalan sadarum/ marang Mesir Nagara/ padha séba marang ngarsanira Yusuf./ Yusuf bareng wus wuninga/ kalamun ari Bunyamin
  13. iya uga mèlu séba/ Yusuf nuli préntah marang ing abdi/ ingkang padha prapta mau/ lah iku kairida/ mring dalemé sarta manèh préntahipun/ kinèn anyambelèh kéwan/ kinèn nyadhiyakken sami
  14. sabab Yusuf karsanira/ uwong mau arsèng ngajak ambukti./ Ing tengangé wayahipun/ abdi gya lumaksana/ nglaksanani apa spréntahé Yusuf/ sarta ngirid wong kang prapta/ mring dalemé Yusuf nuli.
  15. Kacarita para kadang/ padha wedi déné samya kairid/ ana rarasan calathu:/ “Lah iki rak prakara/ dhuwit-dhuwit kang uwis padha tinemu/ bali ana bagor ika/ dadi aku kabèh iki
  16. bakal kinrubut ing janma/ sarta bakal kinalahaken mawi/ banjuré ginawé batur/ déné kuldi dianggrak/ nuli padha marani pladèné Yusuf/ padha matur anèng lawang/ tembungé mangkéné iki:
  17. “Adhuh nuwun nuwun Tuwan/ duk kariyin kula sampun mariki/ déné perlunira nempur/ mantuk nèng pasipengan/ sareng sami ambikaki bagor ulun/ wasana yatra tempuran/ sadaya sami pinanggih
  18. samya nèng jro bagorira/ sapunika kang yatra wau inggih/ sami wonten tangan ulun/ ugi kawula bekta./ Sajawining yatra kang kasebut mau/ kula ugi bekta yatra/ yun ulun tempurken malih.
  19. Déné kula tan wuninga/ sinten ingkang nglebetaken yatra mami/ dhateng bagor-bagor ulun.”/ Paladèn wangsulannya:/ “Mugi Tuwan samya manggiha rahayu/ away kuwatir ing driya/ Allahira kalih malih.
  20. Allahé sudarma dika/ empun paring kabegjan mring sirèki/ onten jroning bagor niku/ déné ta dhuwit dika/ enggih empun kula tampani sadarum.”/ Samana Semangun nulya/ tinemokken kadang sami.
  21. Kabèh kérid marang wisma/ pinaringan banyu wiwisuh sikil/ kuldi pinakanan sampun/ lan padha tata-tata/ barang-barang kang bakal kanggo pisungsung/ nganti Yusuf praptanira/ wayah tengangé kang mesthi.
  22. Samana wus padha myarsa/ lamun padha arsa amangan roti/ ana ing gon kono mau./ Yusuf uwusing prapta/ para kadang anyaosaken pisungsung/ sinangga ing tanganira/ sarta sumungkem ing bumi.
  23. Yusuf gya paring pambagya/ tembungira amanis kaya iki:/ “Paran ta ing wartanipun/ mungguh bapa andika/ ingkang dika tuturaké empun sepuh/ niku napa gih raharja.”/ Aturé pra kadang sami:
  24. “Dasih paduka pun bapa/ inggih sugeng taksih gesang.” Anuli/ pra kadang sungkem sumujud./ Yusuf nuli amulat/ marang arinira Bunyamin gya dangu:/ “Napa niku adhi dika/ wuragil turé kang kari.”
  25. Yusuf manèh angandika:/ “Lah ta tholémuga-muga Hyang Widi/ paringa sih mring sirèku.”/ Yusuf gugup kasesa/ kranta-ranta welasé mring arinipun/ ngupaya enggon kang sonya/ kanggo muwun kang wawadi.
  26. Gya malbèng sajroning wisma/ sarta muwun ana ing enggon iki./ Wusing wadana sinamun/ nuli miyos ing jaba/ sarta nahanaké sarirané banjur/ dhawuh anataa dhahar/ Yusuf misah dènnya bukti.
  27. Déné dhaharé sakadang/ iya dhéwé-dhéwé padha winiji/ wong Mesir kang bakal kembul/ sadhiyané sinilah/ sabab uwong Mesir nora kena kembul/ mangan ingkang babarengan/ karo wong bangsa Ngibrani
  28. sabab wong Ngibrani ika/ ngaramaké marang ing uwong Mesir./ Déné para kadang mau/ olèhé lungguh padha/ nèng kapernah ing sangarepira Yusuf/ wiwit saka ingkang tuwa/ urut tutug nom pribadi.
  29. Pra kadang gawok ing nala/ Yusuf nuli ngulungaken kang bukti/ ingkang saka ngarsanipun/ marang ing para kadang/ nanging pandumané Bunyamin puniku/ kèhé kongsi tikel lima/ tinimbang liyanirèki.
  30. Nuli padha suka-suka/ dhahar ngunjuk padha nutug sakarsi/ datan kuciwa ing kalbu./ Sadangunya bujana/ para kadang tan weruh ing elidipun/ tan dunung suwadinira/ unduré manggih punapi.

5. Nabi Yakub Arep Nempur kang Kaping Sapisan, Tutug Arep Nempur kang Kapindhoné

oleh Hardyanto Alb pada 09 Februari 2011 jam 13:34
DHANDHANGGULA
  1. Kang winedhar samangké ing gendhing/ Nabi Yakub samana miyarsa/ yèn Mesir murah pangané/ putranira sapuluh/ kinèn nempur marang ing Mesir/ anamung putranira/ Bunyamin tan milu/ sabab kang rama tan téga/ bokmanawa ing marga nyandhung bilahi./ Samana putra-putra
  2. uwus prapta ing Nagara Mesir/ kono Yusuf kang darbé kuwasa/ nempurken bras mring wong kabèh./ Déné para sadulur/ mau uwus prapta ing Mesir/ kalané padha prapta/ marang Yusuf sujud/ padha sumungkem bantala/ Yusuf marang kadang-kadang nora pangling/ nanging sinamudana
  3. sarta sugal dènnya ngandikani:/ “Padha teka saka pundi dika?”/ Ya ta sauré kadangé:/ “Saking Kenangan ulun/ dhateng badhé nempur wos ngriki.”/ Pra kadang iku padha/ pangling marang Yusuf./ Yusuf kèngetan samana/ mring supenanira kang kacrita dhihin/ prakara kadangira.
  4. Duk samana Yusuf ngandika ris:/ “Dika niku nenelik sedyanta.”/ Umatur para kadangé:/ “Boten Tuwan dhuh adhuh/ dhateng ulun sowan mariki/ mung badhé nempur tedha/ amba ing sadarum/ anaking tiyang satunggal/ menggah ulun tiyang temen dédé telik.”/ Manèh Yusuf ngandika
  5. netepaké wong sapuluh iki/ nyatanira laku tan prayoga./ Kadang nuli ngandharaké:/ “Kadang ulun sadarum/ kalih welas punika sami/ anak tiyang satunggal/ Kenangan gènipun/ wuragil kantun lan bapa/ kang satunggal boten wonten duk puniki.” Yusuf nuli ngandika:
  6. “Dika dadi pancèn wong nenelik/ ing saniki dika kula coba/ Raja Pringon sasugengé/ dika tan kena metu/ lamun adhi dika wuragil/ niku dèrèng tumeka/ ngriki, marmanipun/ sawiji kadang andika/ kinongkona mulih kinèn amarani/ adhi dika punika.
  7. Déné dika kudu anglakoni/ onten ngriki sarta diwarangka/ kula ajeng wruh nyatané.”/ Nuli pra kadang mau/ winarangka kongsi tri ari/ sawusing telung dina/ ngandikané Yusuf/ marang para kadang-kadang:/ “Kula niki enggih wedi ing Hyang Widi/ yèn dika temen nyata
  8. dulur dika siji kinèn kari/ onten ngriki dadia babandan/ onten ing pawarangkané/ andika padha mantuk/ anggawaa tempuran sami/ dadya tatamba lupa/ ing sarayatipun/nanging nuli angaliha/ sarta gawa adhinira kang wuragil/ katonna nyatanira.
  9. Yèn makoten dika wurung mati.”/ Duk samana pra kadang rarasan:/ “Ingkang mesthi aku kiyé/ dosa marang dhi Yusuf/ aku iya padha mangerti/ enggoné gawé welas/ marang sakabèhku/ samana nora dakrasa/ marmanira saiki béka nekani.”/ Rubèn nuli micara:
  10. “Apa biyèn aku tan lik-élik/ aja gawé dosa marang bocah/ nanging kowé nora ngrèwès/ mené getihé nempuh/ marang aku karo sirèki.”/ Déné sagunemira/ para kadang mau/ ora duwé kira-kira/ lamun Yusuf iku ya milu mangerti/ sabab Yusuf angréka
  11. yèn ngandika mawa asasandi/ asarana ngagem juru basa./ Yusuf gya nyingkir enggoné/ mrebes mili kapiluh/ wus sinamun anuli bali/ marang kadang ngandika/ amilih Semangun/ binanda ing ngarsanira./ Yusuf nulya préntah padha amiranti/ mungguh gagawanira.
  12. Bekakasé kinèn angisèni/ beras sarta dhuwit patukonnya/ sinamar linebokaké/ sajroning bagoripun/ dhéwé-dhéwé tan ana uning/ karo manèh sinungan/ sangu ing dalanggung./ Uwusing klakon mangkana/ tetempuran padha kaemot ing kuldi/ tumuli budhal samya.
  13. Kacarita bareng anèng margi/ uwus prapta papan panginepan/ kang siji bukak bagoré/ lah iku sedyanipun/ arep ngréka makani kuldi/ jebul nemu dhuwitnya/ anèng bagor mau/ iku nuli kandha-kandha:/ “Lah dhuwitku iki jebul sinung bali/ anèng bagor kepanggya.”
  14. Para kadang entèk ingkang ati/ acabiluk gumeter ing nala/ padha mangkana caturé:/ “Ya géné Suksmana Gung/ paring lakon kang kaya iki.”/ Saman uwus prapta/ dalemira Yakub/ nuli padha acarita:/ “Tiyang ingkang dados lurah Nagri Mesir/ asugal dhateng kula.
  15. Kula dipundakwa dados telik/ déné atur kawula sadaya/ kula punika yektiné/ tiyang temen sadarum/ dédé tiyang ingkang nenelik/ sadhèrèk kalih welas/ tunggil bapakipun/ déné kadang kang satunggal/ boten wonten déné kadang kang wuragil/ kantun kaliyan bapa.”
  16. Lurah Mesir ngandikanya malih/ dhateng kula: “Kang mekoten nika/ enggih kula yektèkaké/ yèn dika temen tuhu/ dulur dika ingkang sawiji/ dika tinggal ing kula/ dika padha mantuk/ anggawa tatamba lapa/ nulungana sarayat dika sakalir. Déné ta bali dika
  17. adhi dika: dika gawa mriki/ dadi kula bakalé wuninga/ sanyata yèn dika dédé/ wong kang alaku dur/ nyata dika dédé wong nelik/ tuhuné temen nyata./ Déné ta sadulur/ kang saniki dika tinggal/ niku enggih bakal kula wèhké bali/ enggih dhateng andika.
  18. Déné kula bakal anglilani/ mring andika kena padha lunga/ jajah tanah ngriki kabèh.”/ Mungguh pra kadang mau/ bareng samya bukak ngesoki/ bagoré padha manggya/ bubuntelanipun/ dhuwit anèng bagorira./ Para kadang lan kang rama bareng uning/ lamun iku artanya
  19. kabèh mau banjur padha wedi./ Déné Yakub mangkana lingira:/ Gawému mung ngilangaké/ iya marang anakku/ Yusuf dhihin nuli saiki/ Semangun nora ana/ mengko arep wuwuh/ Bunyamin arep kogawa/ susah iku kabèh angebyuki mami.”/ Nuli Rubèn turira:
  20. “Lamun ulun sapisan puniki/ boten ngaturaken wangsul putra/ anak kula kakalihé/ kasirnakna sadarum./ Mila mugi Bunyamin yayi/ parenga kula bekta/ benjang katur wangsul.”/ Samana Yakub ngandika:/ “Aku ora awèh kogawa Bunyamin/ sabab Yusuf wus sirna.
  21. Dadi iku amung kari siji/ lamun iku anemu bébéka/ ana ing dalan pasthiné/ kowé jalaranipun/ uwan ingsun umedhun maring/ kamuksan nganggo susah.”/ Mangkana kang catur/ kang rama miwah kang putra/ dadya sigeg bab baliné marang Mesir/ mungkur tan wani prapta.

4. Wiwit Raja Pringon Nyupena, Tutug Nabi Yakub Arep Nempur

oleh Hardyanto Alb pada 08 Februari 2011 jam 13:51
PUCUNG
  1. Kang cinatur, bareng wus antuk rong taun/ Pringon asupena/ jumeneng pinggiring kali/ ana sapi pitu kang rupa prayoga
  2. lemu-lemu, mentas saka kali mau/ saba ing glagahan./ Ri wusing mangkana nuli/ ana manèh sapi pitu ala-ala
  3. kuru-kuru, mentas saka kali mau/ nèng pinggir narmada/ marang kang lemu sumandhing./ Nuli sapi pitu ingkang ala-ala
  4. kabèh iku, mangsa mring sapi kang lemu./ Samana anulya/ Sang Nata wungu ngalilir./ Tan antara Sang Nata manèh anéndra
  5. kapinuju, supena manèh Sang Prabu/ pangraosé priksa/ wulèn pitu apik-apik/ iku thukul saka ing dami sajuga.
  6. Ri wusipun, mangkono ana kadulu/ wulèn iya sapta/ thukul manèh nanging iki/ kuru geseng katiyup maruta wétan.
  7. Wulèn pitu, ingkang padha kuru-kuru/ nguntal wulèn sapta/ kang lemu aos ing isi./ Raja Pringon nuli wungu saka néndra.
  8. Sang Aprabu, ésuk banget pungun-pungun/ kèmengan ing driya/ kasupèn supenan Aji./ Duk samana nimbali para ngulama.
  9. Ri wusipun, samya prapta sowan Prabu/ Sang Nata ngandika/ dhawuh sasupenan Aji/ nanging nora ana bisa anarbuka.
  10. Duk puniku, priyayi kasebut ngayun/ ingkang karyanira/ lurah juru angejogi/ pangunjukanira Sang Sri Naranata
  11. darbé atur, marang Pringon Nara Prabu:/ “Sapunika amba/ ènget kalepatan mami/ Jeng Paduka kariyin paring duduka
  12. dhateng ulun, kariyin lulurahipun/ tukang roti samya/ kawula tiyang kalih/ winarangka ing griya lurah keparak.
  13. Wonten ngriku, kawula nunggil sadalu/ sarengan nyupena/ klayan lurah tukang roti/ ngriku nuju wonten laré winarangka
  14. réncangipun, lurah keparak puniku/ punika narbuka/ dhumateng supenan mami/ langkung titis cocog lan wahananira.”
  15. Critanipun, anuli galur kaatur./ Sang Nata anulya/ énggal utusan nimbali/ marang Yusuf ngetokaké saka wrangkan
  16. dipuncukur, ginanti sandhanganipun/ séba mring Sang Nata/ Sang Prabu ngandika aris:/ “Kawruhana kalamun ingsun supena
  17. nanging iku, nora ana ingkang weruh/ ing tarbukanira./ Ingsun wus midhanget warti/ sira bangkit anarbukani supena.”
  18. Aturipun, Yusuf mring Pringon Sang Prabu:/ “Punika dédyamba/ nanging Allah ingkang paring/ kasugengan dhateng ing paduka Nata.”
  19. Sang Aprabu, samana anuli dhawuh/ sajroning supena:/ “Sun jumeneng pinggir kali/ ana sapi becik lemu kèhé sapta.
  20. Sapi iku, mentas saka kali mau/ saba ing glagahan/ nuli ana manèh sapi/ katon luwih ala: kuru kèhé sapta.
  21. Prajaningsun, ing Mesir ngong durung weruh/ sapi ingkang ala/ kaya sapi pitu iki/ sapi ala pitu iku nuli mangsa
  22. sapi pitu, ingkang padha lemu mau/ ana ing jronira/ wetengira sapi-sapi/ ingkang ala nglempong rupané kuciwa.
  23. Nanging iku, wetengé nora anjembluk/ mungguh rupanira/ isih kaya durung bukti/ ing samana ingsun wungu saka néndra.
  24. Manèhipun, nèng jroning supenan ingsun/ ana kang kawuryan/ wuwulèn pipitu becik/ padha aos metu saka dami juga.
  25. Wusing iku, thukul manèh wulèn pitu/ iku gabug sarta/ geseng katiyup ing angin/ angin wétan wasana wuwulènira
  26. ingkang kuru, nguntal wulèn ingkang lemu./ Ingsun uwus kandha/ mring ngulama myang pra khakim/ iku nora ana kang bisa narbuka.”
  27. Yusuf matur, mring raja Pringon Sang Prabu:/ “Supenan paduka/ kaétang mung saprakawis/ Allah paring priksa panjenengan Nata
  28. yektinipun, kang badhé klampahan pungkur/ lembu saé sapta/ tegesipun: pitung warsi./ Wulèn pitu ingkang katingal prayoga
  29. tegesipun: inggih ugi pitung taun/ punika kaétang/ namung supenan satunggil./ Déné lembu pitu awon sarta kera
  30. ingkang sampun, saking lèpèn mentas kantun/ tegesé punika/ inggih ugi pitung warsi./ Wulèn pitu gabug geseng warnanira
  31. lah puniku, salebeting pitung taun/ tansah awis tedha./ Unjuk ulun mring Sang Aji/ Gusti Allah sampun dhawuh ing Sang Nata
  32. badhénipun, ingkang kalampahan ngayun/ pitung taun ngarsa/ ing Mesir mirah rejeki./ Sasampuning punika: gya pitung warsa
  33. ingkang ngayun, badhyawis tedha kalangkung/ tanah Mesir samya/ kasupèn mirah ing bukti/ sarta tanah risak saking kirang tedha.
  34. Samya limut, wonten kamirahan wau/ saking papailan/ ingkang andhatengi wingking/ dhuh punika sakalangkung awratira.
  35. Milanipun, wonten ing supenan wau/ rinangkep amarga/ lalampahan kang kadyèki/ sami sampun pinasthi déning Suksmana.
  36. Lan Hyang Agung, nunten nindakken puniku./ Sumarma prayoga/ paduka ngupaya janji/ ingkang saged sarta malih wicaksana.
  37. Tiyang wau, prayoginipun tinandur/ ing Mesir Nagara./ Kaliyan malih Sang Aji/ akaryaa lurah ing tanah mengkua
  38. ing sadarum, sapragangsaling pametu/jroning pitung warsa/ ingkang nuju mirah bukti/ anglempakna sawarnining nama tedha.
  39. Yogyanipun, salebeting mirah wau/ wonten karsa Nata/ tandho wos wonten nagari/ kang supadya punika kénging katedha
  40. pitung taun, mangsa pailan ing pungkur/ ingkang badhé prapta/ wonten ing Nagari Mesir/ kang supadya boten risak kirang tedha.”
  41. Atur mau, kagalih becik Sang Prabu/ mring sarira Nata/ sarta marang para dasih./ Raja Pringon gya dhawuh mring abdinira:
  42. “Dasih ingsun, apa ana ingkang nemu/ wong kang kapanjingan/ rohing Allah kaya iki.”/ Duk samana Raja Pringon gya ngandika
  43. marang Yusuf: “Ing sarèhning Allah uwus/ aparing uninga/ marang sira kang sayekti/ ing prakara kang wus katur ing manira.
  44. Mungguh iku, saka ing panggalih ingsun/ ora ana janma/ pinter wicaksana kadi/ sira iku sumarma prayoganira
  45. karsaningsun, sira ngrèh kadhatoningsun/ dasihingsun padha/ manuta sarèhirèki./ Mung sawiji dhampar palenggahan Nata.
  46. Isih ingsun, kang unggul saka sirèku/ dhawuhingsun Nata/ sira sundeggen nglurahi/ ing sa-Mesir.” Samana nuli Sang Nata
  47. nglolos gupuh, susupé kang kagem prabu/ dèn-gokaken marang/ Yusuf sarta dienggoni/ jarit putih ingkang alus dhasarira
  48. sartanipun, inganggonan kalung luhung/ arupa ranté mas/ cinung wimana rata di/ mung sausap kasoré lan wimanèndra.
  49. Dasih prabu, mlaku nèng ngarep anguwuh:/ “Lah padhandhodhoka.”/ Yusuf samana wus dadi/ lulurahing tanah Mesir: kacarita
  50. Sang Aprabu, angandika marang Yusuf:/ “Pringon aku nyata/ wong tan pareng junjung sikil/ lamun durung antuk lilah song sapraja.
  51. Nuli Yusuf, iku sinungan jujuluk/ Safnatpanèh sarta/ kinramakken tuk pawèstri/ aran Asnat putranira Potipéra
  52. iya iku, priyayi lungguh pangulu/ ing On. Kacarita/ Yusuf anuli mring Mesir./ Kacarita duk Yusuf madeg nèng praja
  53. Mesir mau, anèng ngarsaning Sang Prabu/ ing watara lagya/ yuswa telung puluh warsi./ Saunduring Yusuf saka ngarsa Nata
  54. tindak laju, anjajah Mesir sadarum/ pametuné tanah/ sajeroning pitung warsi/ murah boga kinarya gèdhèngan samya.
  55. Nulya Yusuf, sajeroning pitung taun/ kang amurah boga/ iya iku tanah Mesir/ pametuné kinalumpuk jroning kutha.
  56. Wetunipun, ing satanah-tanah iku/ kinalumpukana/ tengahing kuthané sami/ tatandhoné Yusuf lir wedhi sagara
  57. luwih agung, kongsi pakéwuh kaétung./ Sadurungé prapta/ mangsa larangira bukti/ Yusuf darbé putra loro jalu samya.
  58. Pitung taun, kang munggah boga kacatur/ wus kalakon nulya/ gumanti kang pitung warsi/ iku tiba mangsa ingkang larang boga
  59. kaya kang wus, dènaturken marang Yusuf/ mungguh tanah liya/ iku kabèh larang bukti/ ingkang ana roti mung Mesir pribadya.
  60. Bareng uwus, kaluwèn wong Mesir iku/ wongé cilik padha/ mring Sang Nata nyuwun roti/ Raja Pringon dhawuh marang kabèh ika
  61. uwong mau, kinèn séba marang Yusuf/ ing sapréntahira/ kudu padha dènlakoni/ duk samana pailan iku watara.
  62. Nulya Yusuf, ambukak gedhong bras mau/ kabèh iku samya/ tinempurken mring wong Mesir./ Déné Mesir sru paceklik larang boga
  63. uwongipun, satanah kabèh lyanipun/ iku padha teka/ marang ing Nagara Mesir/ nedya nempur beras marang Yusuf samya.
  64. Sababipun, ing tanah-tanah sadarum/ samya papailan/ sigeg ing samengko ganti/ cinarita Kenangan nandhang turida.

3. Nabi Yusuf Ana ing Pakunjaran, Tutug Kayaktèning Pambatangé Impèning Wong kang Iya Anuju Dikunjara

oleh Hardyanto Alb pada 07 Februari 2011 jam 9:21
ASMARANDANA
  1. Samana ana kawarti/ juru ngejogi ngunjukan/ abdinira Raja Pringon/ babarengan nemu béka/ lan tukang roti padha/ kedosan marang Sang Prabu/ linebokaké kunjara
  2. pawrangkan ngowah ing abdi/ lurah keparak ing ngarsa/ dadi iku ya enggoné/ Yusuf kang wus kacarita/ déné lurah kaparak/ aparéntah marang Yusuf/ mring wong iku ngladènana.
  3. Nèng kono sawatara ri/ padha ngimpi sakaronya/ impènira dhéwé-dhéwé/ ing ratri jalmiku tunggal./ Ésuké Yusuf marang/ mring priyayi loro iku/ ingkang awangun rudita.
  4. Lingnya: “Ing énjing puniki/ menggah pamuryan paduka/ sakalih sami acelom/ paran ta darunanira.”/ Priyayi wangsulanya:/ “Éh Yusuf kawruhanmu/ aku sakaro supena
  5. wahanané tan udani.”/ Yusuf alon aturira:/ “Allah ingkang paring impèn/ cobi mugi kawedharna.”/ Juru jog gya carita:/ “Ingkang katon ing impènku/ ana wit anggur pang tiga
  6. godhongira katon semi/ sarta metu kembangira/ ana kang metu uwohé./ Déné cangkiré Sang Nata/ katoné ingsun gawa/ sun nuli ngamèk woh anggur/ sun sokké cangkir Sri Nata.
  7. Samana cangkir anuli/ sununjukaké Sang Nata.”/ Yusuf anuli aturé:/ “Punika wahananira/ epang katingal tiga/ lah punika tegesipun/ tri ari malih paduka
  8. pinareng dipunluwari/ lenggah kalenggahan lama/ ngladosi malih Sang Katong/ kados adat-adatira./ Bénjang lamun paduka/ sampun sakéca ing kalbu/ mugi ènget ing kawula
  9. sageda munjuk sang aji/ wontena karsaning Nata/ angluwari raganing ngong./ Kula Ngibrani tan dosa/ teka dipunwarangka.”/ Tukang roti bareng ngrungu/ yèn bisik goné narbuka
  10. gya tutur: “Aku ya ngimpi/ pangrasaku ana kranjang/ tetelu iku isiné/ roti kang pancèn prayoga/ daksunggi ing mestaka./ Kranjang kang tumumpang dhuwur/ isi dhaharan Sang Nata
  11. gawéané tukang roti./ Anuli ana kukila/ nucuki dhaharan kuwé.”/ Yusuf matur: “Kang wahana/ menggah kranjang titiga/ punika ing tegesipun/ tri ari malih ing ngarsa
  12. sayakti kirang tri ari/ Sang Nata mutus paduka/ ginantung wonten kakayon/ wasana daging paduka/ cinucukan kukila.”/ Kacarita bareng uwus/ kalakon tri dinanira
  13. nuju wiyosan Sang Aji/ pra dasih sinung bujana/ anuli mau wong roro/ tukang ngejogi ngunjukan/ lan tukang roti ngarsa/ tinimbalan Sang Aprabu/ tukang ngejog pangunjukan
  14. ingaksama ing Sang Aji/ linungguhken pangkat lama/ déné priyayi sijiné/ lurah tukang roti ika/ karsanira Sang Nata/ ing kakayon kinèn gantung/ plek kaya ing panarbuka.
  15. Kacarita duk puniki/ tukang ejog pangunjukan/ lali mring Yusuf welingé/ sumarmanira Sang Nata/ bab iku tan tan miyarsa/ wasana ari ing pungkur/ ana kukuncung carita.