Buku Tamu

Friday, October 21, 2011

DONGENG PATI

Asal Mulane Desa Wirun
Ing kabupaten pati ana desa sing diarani desa Wirun. Desa Wirun ana ing kecamatan Winong kabupaten Pati propinsi Jawa Tengah. Sejarah ngadege desa Wirun ana ing jaman Majapahit. Nalika jaman semana ana wanita sing Jenenge Lasiah utawa sing diundang kanthi jeneng mbah Ndhawik. Nalika semana Lasiah lagi nggoleki kang mase sing jenenge Citra Bangsa Lan Rante Wulung, Citra Bangsa uga lagi mbabad alas ana ing kabupaten pati.
Citra Bangsa wis mbabad alas Sing diwenehi jeneng Alas Mojorembun, dijenengake Majarembun amarga ing alas kuwi ditemokake wit Maja ing jaman Majapahit. Desa Mojorembun uga isih sakelurahan karo desa Wirun. sawise mubeng anggone nggoleki Citra Bangsa lan ketemu ing Mojorembun, dheweke uga mbabad alas ing sisihe alas sing dibabad Citra Bangsa.
Nalika mbabad alas Lasiah uga ndhuduk sumur ana ing tengah sawah, lan ing sisishe sumur kuwi ana wit ase singumure wis tuwa banget lan nganti saiki sumur lan wi asem kuwi iseh. Sumur kuwi diarani sumur sawah, amarga panggonane ing tengah sawah. Nadyan sumur kuwi digawe lan ora disemen nanging banyu ing sumur kuwi tetep bening lan ora tau asat nadyan lagi etiga dawa. Uga banyu ing sumur kuwiora asin kaya sumur-sumur liyane sing ana ing desa,. Mula akeh wong sing padha ngangsu kanggo ngombe, lan sing ngangsu sing sumur kuwi ora mung wonng saka desa wirun nanging uga saka desa-desa sisihe. Sumur kuwi sing dadi peninggalane. Lan ana ing cedhake sumur kuwi Lasiah di Makamke.
Desa kuwi dijenengke desa Wirun amarga nalika kuwi Lasiah pinter miru jarik. Amarga kepintarane miru jarik, mula desa kuwi dijenengake desa wirun. Amarga kepinterane miru jarik, akeh wong sing kepengin njaluk lan njukuk sarta nduweni jarike Lasiah. Jarik sing di wiru Lasiah keprungu tekan ngendi-endi, saengga akeh wong sing kenal karo Lasiah amarga kepinterane mau. Mula akeh wong sing padha mara Salah sijine sing kepengin nduweni jarike Lasiah yaiku Danyang (wong sing mbabad alas ngedegake desa) Pulorejo (Mbingung), danyang Bumiharjo (Mbothok) lan Dhanyang desa Tanggel.
Amarga ora diwenehi mula wong-wong kuwi pada tumindak serik lan nduweni kekarepan sing ala. Saengga padha meksa supaya diwenehi jarike. Pungkasane jarike Lasiah dicolong. Ngerti yen jarike dicolong, Lasiah susah lan nesu. Saengga kakane uaga melu nesu, muka kakange njaluk karo Lasiah supaya bisa nemukake jarike. Lasiah pamitan karo kakange kanggo nggoleki lan ngoyak wong sing nyolong jarike. San saya suwe Lasiah ngerti sapa wonge sing nyolong jarike. Wong sing nyolong jarike yaiku danyang Mbingung. Mula kanthi tekad sing kuat Lasias ngoyak danyang Mbingung kanggo njaluk supaya jarike mbalik.
Ana ing tengah sawah (alas) lasiah perang karo danyang Mbingung. Ing peperngan kuwi danyang mbingung kalah lan mlayu. Lan lasiah kasil njukuk jarike sing dicolong. Nanging kanca-kancane padha ora trima lan padha ngoyak Lasiah, Lasiah mlayu ndhelik ana ing tengah alas. Ngerti yen adhine lagi dioyak-oyah, Cirtra Bangsa nggoleki Lasiah ana ing alas. Sawise ketemu, lasiah didhelikake. Amarga Lasiah iseh digoleki mula Lasiah nyamar supaya wong-wong padaha ora ngerti.
Sawise wis ora geger maneh Lasiah bali ana ing desa Wirun. Lasiah banjur ngomong yen wong Wirun ora kena rabi karo wong Mbingung. Mula nganti wektu sing suwe ora ana sing wani nglanggar omongane mau. Nanging kairing majune jaman siki wis ana sing nglanggar pantangan kuwi. Lasiah uga ngomong yen sumur ing tengah sawah kuwi banyune ora asin, ora kaya banyu ing sumur-sumur liyane ing desa. Amarga yen sumur kuwi asin mula ora ana sing bakal ngangsu lan oara bakal ana sing ngopeni.
Sawise kuwi Lasiah nerusake anggone mbabad alas kanggo nggedhekake desane. Lan nglestarekake uga nularake kepinterane miru jarik karo anak putune.
Amarga pinter Lasiah (mbah Ndhawik) pinter miru jarik mula yen ana reja-rejane jaman desa kiwi dijenengka desa Wirun. Mula kuwi Lasiah njaga lan nduweni tanggung jawab sing abot supaya jarike ora ilang maneh. Lsiah susah yen jarike ilang maneh.
Kanggo ngormati perjuangane Lasiah sing ngadegake lan mbabad alas ing tanah Wirun, mula yen saben taun dianakake tasyukuran lan kirim donga. Tasyukuran kuwi diarani sedekah bumi, utawa nyedekahake asil bumi, lan ngresiki desa biyasane dianakake saben sasi Apit. Lan dianakake tanggapan, biyasane kethoprak sing dhuwite saka dhuwit sing dikumpulake dening warga desa Wirun. Kuwi salah sijine crita rakyat ing kabupaten Pati.

DONGENG PATI

Asal-usul gapura Majapahit
Gapura ana ing desa Rondole kecamatan Margorejo kabupaten Pati iku saka Majapahit. Bangunan kuwi salah sawijine gapura kaputren Majapahit. Gapura kuwi bisa ana ing desa Rondole nduweni riwayat nganeh-anehi.
Riwayat iku wiwit nalika sunan Muria arep nggawe masjid Muria. Wali lan ulama nggagas, yen masjid iku sakprelu diwenehi gapura ing ngarep masjid. Sunan Muria nggagas yen ing Majapahit nduweni gapura akeh sing ora dienggo maneh lan isih ketok apik.
Nalika isih rerembugan ing pendapa, ana priya gantheng marani sunan Muria. Periya iku ngaku putrane sunan Muria, krungu yen periya iku putrane, sunan Muria kaget. Periya iku crita asal-usul lan riwayate. Periya iku nduweni jeneng Bambang Kebo Nyabrang. Nalika sunan Muria arep niliki santrine eng desa Ngerang, ing kali Bangsri banjir. Banjur sunan Muria nggoleki papan sing iso kanggo nyebrang. Nalika nggoleki, ana kebo wedhok nyedhaki sunan Muria. Amarga sunan Muria nduweni kasekten, kebo wedhok iku banjur ditumpaki kanggo nyebrang kali Bangsri sing isih Banjir. Ana ing sebrang kali, sunan Muria wis dienteni ki Ageng Amongrogo. Ulama iku banjur kangen-kangenan, wis suwe ora ketemu. Ana ing pesantren iku sunan Muria niliki santri-santrine sing padha ngaji ing kana. Sakwise bubar niliki santrine, banjur sunan Muria pamit balek ana ing Muria. Sakdurunge mlaku, sunan Muria kudu nguyoh. Nalika sunan Muria nguyoh, lan kebo wedhok weruh, banjur kebo iku ndilati banyu uyohe sunan Muria. Amarga saking sektine sunan Muria, kebo iku meteng lan sing ing njero wetenge kebo iku dudu anak kebo, nanging anak manungsa sing diwenehi jeneng Bambang Kebo Nyabrang.
Keprungu critane Bambangn Kebo Nyabrang iku sunan Muria isih ora percaya yen Bambang Kebo Nyabrang iku anake. Kanggo mbukteake yen Bambang Kebo Nyabrang iku anake, sunan Muria ngongkon njupuk gapura eng kaputren keraton Majapahit ngantii tekan masjid Muria, sakdurunge srengenge methongol. Yen Bambang Kebo Nyabrang iso nglakoni sing dikon sunan Muria, dheweke bakal diakoni anake sunan Muria.
Esuke Bambang Kebo Nyabrang lunga menyang Majapahit dhewekan, ora ana sing ngancani. Eng dalan dheweke ketemu karo begal sing nyegat ing dalan, begal iku njaluk bekal sing digawa Bambang Kebo Nyabrang. Amarga Bambang Kebo Nyabrang nduweni kasekten, begal iku ora wani lan mlayu. Sakwise mlaku adoh,Bambang Kebo Nyabrang tekan ana ing keraton Majapahit. Nang kana dheweke nggolek gapura sing arep digawa menyang masjid Muria. Ana ing atine Bambang Kebo Nyabrang krasa yen ora kuwat nggawa gapura iki, kabeh kasektene wis dimetoake kanggo njunjung gapura iku. Nalika gapura bisa kaangkat, ana pawongan sing njaga gapura iku. Pawongan iku takon karo Bambang Kebo Nyabrang : “ Heh...ameh mbok apaake gapura iku?”. Bambang Kebo Nyabrang mangsuli : “ Arep aku gawa ana ing Muria, ana apa? Lan kowe iki sapa?”. “ Aku iki sing njaga gapura iki, jenengku Mangklu Alus!! Kena apa kowe arep nggawa gapura iki?” takone Mangklu Alus. Bambang Kebo Nyabrang mangsuli maneh : “ Gapura iki arep aku gawa menyang Muria, amarga sunan Muria sing ngongkon aku. Apa kowe ora ngerti aku? Aku iki Bambang Kebo Nyabrang anake sunan Muria”. “Sakarepmu, pokoke kowe kudu ninggalake gapura iki yen ora kepengen aku pateni” wangsulane Mangklu alus. “ Apa kowe ora ngerti yen saiki keraton Majapahit iku neng ngisore kasultanan Demak lan wali kabeh?”. Amarga ora nuruti sing dikon Mangklu Alus, banjur dheweke adu kasekten. Mangklu alus kalah, banjur Bambang Kebo Nyabrang ngongkon Mangklu Alus nggawa gapura iki menyang Muria.
Neng liya panggon anake adipati Pati pesantenan sing nduweni jeneng raden Ronggo pengen ngepek bojo anake ki Ageng Ngerang sing jenenge Roro Mujiwat. Amarga raden Ronggo iku isih ponakane, Roro Mujiwat nduweni muslihat kanggo nolak. Nalika raden Ronggo menyang Ngerang, Roro Mujiwat nyambut kayak bibi karo ponakan. Banjur Roro Mujiwat ngutaraake kepingine mboyong gapura kaputren Majapahit tekan Ngerang. Saknalika iku raden Ronggo lunga menyang Majapahit kanggo mboyong gapura Majapahit.
Sakwise tekan Majapahit, radeen Ronggo kaget amarga gapura kaputren Majapahit wis ora ana. Raden Ronggo uga lunga ninggalake Majapahit menyang kulon. Raden Ronggo krungu yen gapura iku wis digawa uwong, raden Ronggo ngoyak nganti entuk. Neng dalan raden Ronggo ketemu Bambang Kebo Nyabrang karo Mangklu Alus sing nggawa gapura iku. Raden Ronggo njaluk gapura iku, nanging Bambang Kebo Nyabrang ora menehake. Amarga gapura iku ora diwenehake, banjur raden Ronggo adu kaskten karo Bambang Keebo Nyabrang. Nalika perang, kembang sing ana ing gapura iku ceblok, mila ana panggonan iku diwenehi jeneng “Sekarkurung” utawa sing nduweni makna “kembang kang ceblok”.
Perang diterusake maneh, nanging gapura isih digawa. Neng kulon Sekarkurung ana kedadean maneh, ganjal lawang gapura iku ucul, banjur daerah kuwi dijenengi “Jelawang” ( Ganjel Lawang ). Ing panggon liya desa perange mandheg. Amarga perange leren, desa iku diarani “Nduren” sing nduweni makna “Padu lan Leren”.
Nalika Bambang Kebo Nyabrang nerusake perang, sunan Muria ngendheake perang iku. Ana ing lereng bukit desa Gembong, sunan Muria weruh menawa srengenge wis methongol. Mila sunan Muria nduweni gagasan menawa gapura iku ora bisa digawa ana ing Muria. Amarga lereeng kanggo perang srengengene wis methongol,sunan Muria ngonong : “ Lha kae srengengene wus ceta wela-wela”. Lereng punika diarani “Trowelo” ( Ceta Wela-wela ). Sunan Muria ngandhel yen Bambang Kebo Nyabrang iku anake, nanging raden Ronggo ora seneng amarga Bambang Kebo Nyabrang diakoni sunan Muria sing nggawa gapura iku. Sunan Muria ngomong karo raden Ronggo : “ Ronggo sapa sing sakbenere nggawa gapura Majapahit iku?”. Raden Ronggo mangsuli kang gawa gapura iku dheweke, nanging ing dalan dijaluk Bambang Kebo Nyabrang. Kanggo mbuktekna sing nggawa raden Ronggo, sunan Muria ngongkon raden Ronggo ngangkat gapura iku, nanging gapura iku ora bisa kaangkat, nganti mripate raden Ronggo mondol lan ilate melet nanging gapura iku ora bisa kaangkat. Desa iku diarani karo sunan Muria desa “Rondole” sing nduweni arti raden Ronggo ( Ron ), Mondol ( Dol ), lan Melet ( Le ). Gapura iku ditingali sunan Muria, amarga patoke gapura iku ora ana, sunan Muria ngongkon raden ronggo njupuk. Raden Ronggo nduweni kesempatan kanggo mbuktekna karo Roro Mujiwat yen dheweke wis bisa nggawa gapura iku. Raden Ronggo tumuju ana ing Ngerang kanggo ketemu karo Roro Mujiwat. Sakwise tumuju ana Ngerang raden Ronggo ketemu karo Roro Mujiwat lan ngutaraake yen wis bisa nggawa gapura kaputren Majapahit. Nanging Roro Mujiwat wis ngerti crita sing sakbenere, mila ditolak tresnane raden Ronggo kanggo ngepek bojo. Amaraga ora trima raden Ronggo oara bisa ngendheaken amarahe, banjur Roro Mujiwat digebug nganggo patok kang wis digawa raden Ronggo. Kedadean iku ana ing desa Gembong.

DONGENG PATI

KERIS RAMBUT PINUTUNG DAN KULUK KANIGARA
Miturut cerita kang ana ing masyarakat lan kang wus kasebut ana ing kitab Babat Pati lan Kitab Babat liya uga nyebutake “KERIS RAMBUT PINUTUNG LAN KULUK KANIGARA” mujudake lambang kekuasaan lan kekuatan sing uga mujudake symbol kesatuan lan persatuan.
Sapa wonge kang duweni kekarone yaiku Keris Rambut Pinutung lan Kuluk Kanigara bakal bias nguasani lan madeg keprabon ing tlatah Jawa. Dene kang duweni pusaka kasebut yaiku Raden Sukmajaya Panggede Majaseni jagone Kadipaten Carangsaka.
Ana pungkasane abad kaping XIII udakara taun 1292 M, ing tlatah Jawa ora tinemu maneh pamarentahan kang duweni wibawa. Kraton Pajajaran wis lekas bubar, semana uga Singasari, dene Majapahit during madeg.
Ing pesisir lor tlatah tanah Jawa Tengah sakkupenge gunung Muria ing sisih kidul madeg kadipaten kang dipimpin Adipati.
Ing papan kana dikuasani karo wong lara yaiku:
1. Penguasa ing Kadipaten Paranggaruda, dene Adipatine aran “Yudhapati” kang dadi daerahe yaiku saka pinggire kali Juwana mengidul, nganti gunung gamping sisih lor nganti pinates karo kabupaten Grobogan. Duweni putra kanga ran Raden Jasari.
2. Penguasa ing Kadipaten Carangsaka, dene kang nguasani Kadipaten Carangsaka aran Adipati “Puspa Andungjaya”. Kang dadi daerahe yaiku kali Juwana mengalor nganti pesisir lor sisih wetan. Adipati Carangsaka duweni anak wadon siji kanga ran “Rara Rayungwulan”
Kadipaten kekarone pada urip rukun lan tentrem. Pada-pada ngrumat lan ngregani saengga kerukunan lan pasedulurane saya kuwat. Kekarone duweni karep dhaupake putra putrine. Adipati Paranggaruda kang kautus kanggo nglamar Rara Rayungwulan wis ditrima. Ananging Rara Rayungwulan jaluk bebana mbesok nalika dhaupe njaluk ditanggapake wayang saka dalang kondhang kanga aran “Sapanyana”. Kanggo nyanggupi panjaluke mau Adipati Paranggaruda nugasake Penggede kemaguhan kanga ran Yuyurumpung Agul-agul Paranggaruda. Sakdurunge nindakake tugase, luwih dhisik Yuyurumpung duweni niyat ngalahake kawibawane Kadipaten Carangsaka. Kanthi nguasani pusaka duweke Sukmayana ing Majaseni. Kanthi direwangi Usundong Majeruk pusaka mau bias dicolong. Ananging sakdurunge pusaka mau diwenehake marang Yuyurumpung bias direbut maneh karo Sondong Makerti saka Wedari. Sondong Majeruk tewas nalika gelut karo Sondong Makerti lan pusaka mau dibalekake marang raden Sukmayana. Kepinginane Yuyurumpung kanggo nguasani lan duweni pusaka mau ora keturutan. Mbekngono Yuyurumpung tetep nerusake tugase nggoleki dalang Sapanyana kareben dhaupe putra Adipati Paranggaruda kalaksanan kanthi becik. Ing malem pahargyan kang dilaksanakake ing Kadipaten Carangsaka kanthi pagelaran wayang kulit Ki Dalang Supanyana.
Ora dinyana pahargyan mau lagi wae lekas ujug-ujug manten sakbanjure mlayu karo dalang Supanyana. Pahargyan dhaupe Raden Jasari lan Rara Rayungwulan dadi bubar. Adhipati Yudhapati krasa yen digawe isin dadi banget dukane. Nyatakake musuh marang Adipati Carangsaka. Perang ora bias kacegah maneh. Raden Sukmayana saka Kadipaten Carangsaka kang minangka pimpinane perang tatu parah sakbanjure mati dene Raden Kembangjaya minangka adhine Sukmayana nerusake peperangan. Kanthi direwangi Dalang Supayana, lan migunakake pusakane Sukmayana prajurit Paranggaruda bisa dikalahake. Adipati Paranggaruda, Yudhapati lan anake lanang mati ing sakjroning palagan mbelo kahurmatane.
Merga jasane Raden Kembangjaya di dhaupake karo Rara Rayungwulan diangkat dadi gantine Carangsaka, dadi dalang Sapanyana diangkat dadi Patihe kanthi jeneng Singasari. Kanggo ngatur kawilayahan kang saya amba wilayahe ing sisih kidul. Adipati raden Kembangjaya mindhahake pusat kekuasaane saka Carangsaka menyang desa Kemiri kanthi jeneng Kadipaten Pesantenan. Lan duweni gelar Adipati Jayakusuma. Adipati mau mung duweni anak siji yaiku Raden Tambra. Sakwise bapake mati Raden Tambra diangkat dadi Adipati ing Pesantenan kanthi gelar Adipati Tambranegara. Saklawasedeweke nglaksanakake tugas pamarentahan. Adipati Tambranegara tumindak arif lan wicaksana. Dadi paying agung kang mratelakake nasib rakyate. Uga dadi pengayom tumprap rewange. Rakyat urip kanthi rukun, tentrem ayem lan sejahtera. Kangggo ngembangake pembangunan lan mujudake pamerentahan ing wilayahe Adipati Raden Tambranegara nindhakake pusat pamerentahan kadipaten Pesantenan kang sakdurunge ana desa Kemiri mengulon yaiku desa Kaborongan. Lan ngganti jeneng Kadipaten Pesantenan dadi Kadipaten Pati.
[fo[z=pti
kerismB|tPinutu=lnÑ|lukKnigr
miturutCritk=anai=msrktLnK=wusKsebutHnai=kitbBbtPtilnKitbBbtLiyaugvebutT[k"kerismB|tPinutu=lnÑ|lukKnigr"mujufF[klmB=kkuwsnLkKekuwtTnSi=augmujufF[ksi[mBolKestuwnLnPe/stuwn¿,
Äsp[wo[zk=fu[wkerisºmB|tPinutu=lnÑ|lukKnigrbklBiszuwsnilnMfegKepº[bonHi=tLthjw.
Äfenek=fu[wpuskksebut-aikur[fnSukMjyp=ge[dmjsenij[go[nkfiptenCr=sk.
Äpu=ks[nabpKpi=;8;aufkrtaun¿;1292;,ai=tLthjw[aortinemumnehpm}nThanK=fuweniwibw.
Äkº[tonPjjrnWisLeksB|br¿,semnaugsizsri,fenemjpaitF|ru=mfeg¿,
Äai=pesisi/[l/otLthjwtezhskupe[zgunu=muriyai=sisihkifulMfegKfiptenK=kpimPinHfipti.
Äai=ppnKnfikuwsnik[ro[w=o[lo[royaiku:;1;.