Buku Tamu

Monday, July 16, 2012

“Nandur Wiji Keli”, sumber Jrink Hetfield, Yogyakarta. – [falsafah hidup orang Jawa]

” Nandur Wiji Keli “
Sumber : dari catatan akun Facebook Jrink Htf 24 Mei 2012 pukul 01:29
https://www.facebook.com/#!/notes/jrink-htf/nandur-wiji-keli/10150204454109243

Kanggone wong Jawa duweni paugeman menawa bandha donya, pangkat drajat lan semat kuwi mung saderma nggaduh peparing saka ngarsane Gusti Kang Akarya Jagat. Sawayah-wayah lamun Gusti kang paring gadhuhan ngersaake bali marang ngarsaNe, ora kurang marga aggone jebol kamukten kang gawe cintrakaning manungsa kuwi. Mung bae yen manungsa wis kerem ing gadhuhan saka ngarsane Gusti banjur awel anggone nglepeh. Karepe ngono pengen langgeng salawase anggone ngemut kamukten tanpa mikir sejatine urip kang sejati.

Jumbuh karo perkara kasebut ana piwulang luhur menawa yen wis tumekaning janji wong mati iku ora gawa bandha. Mula perkara gadhuhan iku kapan dikersaake amung Gusti kang pirsa. Siji pati, loro jodho, telu tibaning wahyu, papat dununge kodrat lan lima gadhuhaning doya amung dadi purbawasesaning Gusti Kang Murbeng dumadi.

Perkara iki kudu bisa ngelingake menawa kamukten kang dadi pangimpening manungsa iku sejatine mung sakgebyaring netra bebasane. Mula elinga, Bandha donya gampang lunga, pangkat drajat gampang oncat, bojo ayu bisa mlayu. Piwulang iki bisa dadi pepeling luhur kanggo anggayuh sejatining urip.

Mula sing sapa kadunungan pangkat lan drajat aja adigang adigung. Lan sing sapa kadunungan kaluwihan aja adiguna mring sasama. Kadunungan kamuktening donya kudu tansah eling marang sapadha. Aja nganti kamukten kuwi dadi tetesing waspa nanging dadiya sukaning wardaya — amemangun karyenak tyasing sasama. Gawe bungahing liyan iku bisa karana sewu marga: bisa kanthi manising ati, luhuring wardaya, luhuring subasita sarta ilining bandha donya kanthi rila ing dedana.

Kamuktening urip asring ditegesi turah bandha. Mula supaya bondha donya ora dadi memala kudu disranani kang bisa agawe pigunaning liyan. Kamukten saka bondha donya kang ala iku wekasane mung bakal ngangsa-angsa yen ora linambaran amemangun karyenak tyasing sasama. Ora kena kinantenan pamprih kang bakal gawe reregeting niyat. Yen sabarang tumindak becik nanging isih kinanthenan pamprih dadine bakal muspra.

Mula ayo angudi amrih bisa dadi wong kang iso ‘nandur wiji keli’ sanajan iku tegese ‘ngopeni turune wong luhur’ nanging ing kene bisa uga ditegesi dadiya pawongan kang tumindak nyebar wiji (bibit) ing kali, embuh tibane ana ngendi mung kebak pangarep-arep yen samangsa-mangsa wiji mau bisoa tuwuh kang ana pigunane tumrap liyan tanpa mawas sapa kang bakal ngundhuh uwohing wiji mau. Sumangga.