Karya: Mufarih
Ni’am, S.Pd.
Adopsi
naskah dari mahakarya “Barji-Barbeh”
karya babahe
ADEGAN I
Suasana :
Lighting :
Properti :
Intro: campur sarinan
Ing sawijining papan kang jembar, ana sapinggire
kutha. Darsuki lan Siti nganggo sandhangan kang sarwa reget lan nggawa kerdus
kanggo gawe gubug.
Siti : (nembang) tak lelo...lelolelo... le dheng....
Darsuki :
mangan telo lawuh iwak bandheng...
Siti : mangan telo kok lawuh iwak
bandheng? Yo ora mathuk tho mas...
Darsuki :
iku mung parikan bune... yo senajan ora mathuk yo di mathuk-mathukne
Siti : halah isaaa wae... (kembali nembang) tak lelo...lelolelo...
le dheng....
Darsuki :
nyumbang negara lila nganti gendheng...
Siti : lha kok isa?
Darsuki : lha awak-awake dhewe... wong kere
ngeneiki kan ijeh rakyat... lha wakil rakyat kan kedudukane ijeh sak ngisore
rakyat tho?
Siti : hallah... guayamu mbahas
kedudukan wakil rakyat, aluwung golek nggon kanggo gawe gubug sewengi wae. Mumpung
ning kene ana papan sing jembar, tur durung ana sing nganggokno
Darsuki :
oiya.... ya... ayo ndang gage..
Nalika Darsuki lan Siti lagi upyek gawe papan kanggo
turu, ana Unah lan Yanti nyedaki wong loro kuwi mau. Semana uga Unah lan Yanti
kang sandhangane ora beda karo Darsuki dan Siti.
Unah : lho, yu, arep gawe omah ning kene
to?
Siti : ora gawe omah, ning gawe...
Yanti
: pancen Unah iku nek
ngomong angger mangap kok yu. Anut-anut wong sugih, ya ngono kuwi yen kakean
ndelok sinetron. Dadine ketularan yu...
Unah : ora ketularan. Ning ngipi... ngipi
karo janjine wakil rakyat kanggo rakyat sing kaya awak dhewe iki.
Siti : sik ya, aku tak ngrewangi kang Darsuki
dhisik. Ngko di teruske maneh
Unah : heleh... dasar wong sing ora
isa dijak ngayal... ya wis, mandeg sik... awak dhewe gawe vila ning kana(menunjuk
arah...) kayane kok kepenak nggone.
Yanti : jane aku iki ora seneng karo
omonganmu sing sok-sokan ngono kuwi. Ning, yen tak ladeni omonganmu, wis makno
kowe ngeyel(mulai beranjak). Ora rampung-rampung.
Let sedhela, nalika wong-wong lagi padha gawe gubug
saka kerdus, mimin kang nganggo sandhangan kang sarwa menor teka.
Mimin : he, Yanti, Unah! Lha apa oleh gawe
gubug ning kene?
Yanti : (berbicara pada Unah), ra usah
diladeni, ra rampung-rampung ngko gubuge yen omong terus!
Mimin : he, Yanti, ati-ati nek omong! Lha
po mbok kira kowe tok sing duwe lambe? Sak penake dhewe yen ngomong!
Yanti : lho.... aja salah tampa!
Mimin : wis ra usah ngriwis. Kabeh wis
ngerti, yen kowe iku pinter nggedebus.
Darsuki : mbok wis... padha-padha kerene ora
usah geger.. Unah, Yanti, yen pengin gawe gubug, iku isih ana turahan kerdus,
yen geleeeem... Kowe(menunjuk Mimin), nek pengin ya kono sisan gawe gubug ning
kene bareng-bareng.
Mimin : ya, ngapurane kang... aku isih
kuat bayar kontrakan. Senajan ya mung cilik.
Banjur Mimin lunga. Let sedhela, ana maneh wong kang
teka. Sandhangane uga ora beda kaya Darsuki lan liya-liyane.
Parno : kang, aku olih melu gawe gubug
ning kene?
Tinah : aku barang kang
Darsuki :
lho... lha apa mbok kira aku sing duwe papan iki?
Tinah : ora ngono kang, sampeyan kan
sing ning kene luwih dhisik, mengko mbok menawa dikira ngganggu kang.
Parno : ana maneh kang, iki wis dadi
kesepakatan. Sapa wonge sing manggon luwih dhisik kuwi duwe hak kanggo ngatur
nggone.
Darsuki : (tertawa) MUNAFIK! MUNAFIK!...
(semua diam, pandangan Darsuki kosong, dingin, menatap ke depan...penuh
harapan)
Darsuki :
ya wis, ngenteni apa maneh?
Semua : (bengong) maksude piye kang?
Darsuki :
MANUNGGALA WONG-WONG KERE!!!
Kabeh padha seneng, banjur saiyek saeka praya gawe
gubug ing papan kang jembar kuwi.
ADEGAN II
Suasana :
Lighting :
Properti :
Ora suwe papan kuwi wis malih dadi kampung
gelandhangan. Gubug-gubug saka kerdus wis ngebeki papan kang sadurunge jembar
gung liwang liwung. Ana sing dolanan remi, lan uga ana sing jogedan. Kabeh rukun
lan akrab, apa maneh ditambah ana gorengan lan kopine.
Darsuki :
siti, telane wis mateng apa durung?
Siti : (dari rumah kardusnya) sik kang! Lagi
dientas.
Nalika wong-wong lagi gayeng-gayenge, ujuk-ujuk ana
swara sirine, saya suwe sansaya
cetha, banjur ilang... wong-wong padha kaget.
Parno : (dingin) ana apa?
Unah : biasa kang, wong penting, sing
duwe dalan liwat!
Siti : uwis.... ora usah meri!
Yanti : ora meri. Ning mbok yao ngilingi,
yen dalan iki ora gone dhewe.!
Parno : lha apa kowe ya rumangsa duwe
dalan iki ?
Unah : ya ora ngono kang. Karepku,
senajan kesusu, mbok yao saora-orane ora sakarepe dhewe ngono. Ben ora ngganggu
wong-wong kere kaya awak dhewe ngene iki.
Yanti : ya, bener... ngono kuwi get-geti
wong!
Darsuki : he, Yanti karo kowe Unah! Kaet
pisanan ketemu kowe, aku wis ora sreg karo kowe. Aku ora precaya, apa maneh yen
krungu omonganmu, sangsaya ora sreg aku. Sapa kowe? Ngakua! Sadurunge aku nesu!
Sadurunge Yanti lan Unah semaur, ana bocah mara karo
krenggosan lan akton gugup.
Thole : anu kang... ning masjid ana wong
akeh, lagi padha... padha...
Unah : sing cetha, ya mesti lagi sembayang
to le! (semua tertawa)
Darsuki : meneng! (kepada thole) le, ngomong
sing cetha. Aja kesusu, ben mudheng karo apa sing mbok karepake.
Siti : iya le, ben aku karo wong-wong ora
melu-melu panik.
Parno : ben ngombe dhisik!
Tinah : iya, ngombe dhisik le! (mengambil
minum)
Thole : (minum sejenak-setelah itu
mulai berbicara) ngene lho, kang. Nalika aku arep mulih, aku weruh wong mberuh
ning mejid. Banjur aku nyedhak, karepku ya arep ngemis ning kana...
Unah lan Yanti mlipir lunga saka papan kono.
Siti : lha trus apa sing gawe kowe panik
lan gugup kaya ngene le?
Thole : samar-samar aku krungu apa sing
diomongke wong-wong kuwi.
Parno : ngomong apa le? Apa ana
gandheng cenenge karo wong-wong sing manggon ning kene? Ayo jawab, le... jawab?
Darsuki :
sabar.... no, sabar! Aja nesu dhisik! Trus piye le?
Thole : ya, benar kang. Wong-wong arep
gawe supermarket ning kene kang!
Mak jleg, wong-wong padha mbengok. Ana sing nangis,
bingung, lan nesu karepe dhewe.
Darsuki : (penuh wibawa) Parno, tinah, Siti,
lan kowe kabeh. Aja mbok teruske tangismu, aja mbok teruske nesumu(tempo). Ora
usah digagas, yen mbok gagas, kowe kabeh bakal kesiksa terus. Ayo
dinalar(tempo), jajal didelok, apa isih ana Unah karo Yanti ning kene?
kabeh : (menengok-terbengong) ora ana,
kang!
Darsuki : (geram) nah, wiwit pisanan aku wis
ngira karong wong-wong kuwi! Bangsat!! he.. wis, ora usah panik, aku duwe cara
sing luwih apik (tertawa kecil), ya to, Mimin! (tertawa lagi)
ADEGAN III
Suasana :
Lighting :
Properti :
Dina candhake... suwara sirine sansaya banter tumuju ing gubuge para gelandhangan.
Wong-wong sansaya panik.
Suara : (dari
megaphone) kanggo para warga sing mapan ana omah kerdhus. Sajroning 10 menit,
yen ora sumingkir, mula aja nyalahke petugas, yen ta kapeksa para petugas
tumindak kasar!!!
Para petugas banjur nyedak, kabeh wong padha
bengokan.
Parno : iki ora adil. Sak karepe dhewe.
Petugas 1 :
aku mung ngayahi kuwajiban!
Petugas 2 :
kowe wis tak elingke ping pira!?
Siti : ning, carane ora kaya ngene, ngene
iki wis ora ngajeni uwong jenenge.
Tinah : wis nganggep wong kaya kewan!
Petugas 2 :
amerga kowe ora gelem diatur.
Parno : aturan kaya apa sing bisa dinut!?
Anane mung nyusahke wong!
Petugas 1 :
wis, ora usah kakean omong...!!!
Petugas 2 :
yen kowe ora bisa diatur(mengeluarkan pistol)...
Kabeh padha wedi, karo rasa nesu lan nangis,
wong-wong kang manggon ning papan kono padha lunga...
Petugas 2 :
(mengeluarkan HP), sugeng siang, pak. Lokasi aman (tempo). siap, pak.
Ora let suwe, ana rombongan wong nganggo sandhangan
kang resik teka, lan uga ana mimin ning rombongan kuwi.
Ajudan : piye, lancar?
Petugas 2 :
lancar, pak!
Ajudan : apik, (kepada bos), wonten ngriki
papanipun bos.
Bos : oke, lumayan. Piye miturut
panemumu,sayang?
Mimin : (mengacungkan jempol), sing cetha,
om sampun nyiapake wiwit dangu to?
Bos : ya, wis mesti. Nanging ora kuwi
sing tak karepake.
Mimin : banjur?
Bos : masa’ kowe ora ngerti...? iki
kabeh kanggo kowe cah ayu.
Mimin : (hanya tersenyum)...
Bos : aja kuwatir, sedhela maneh papan
iki bakal malih dadi hotel lan supermarket.
Mimin : minangka rasa panuwunku, mimin
bakal paring bebungah kanggo om.
Bos : (tertawa) kowe pancen pinter tenan
Mimin. apa kuwi?
Mimin : (mengeluarkan bungkusan dari
tasnya)... kabeh sing ana ning kene bakal rata karo lemah, kaya kang mbok
impek-impekna! 1...2...3....
Nalika itungan katelu, bom wis njeblug. Gubug-gubug
sanalika rata, kabeh wong padha bengokan karo nyebut nyeluki jenenge mimin.
Banjur padha nyedaki awake mimin kang wis ajur. Karo nangis, wong-wong padha
ngangkat awake mimin sing wis kocar-kacir.
Darsuki :
(kepada penonton)
Aku
wis kesel ngrungokna
Aku
wis kesel njerit
Mripat
iki wis ora bisa kanggo ndelok maneh
Cangkem
lan kupingku wis buntu
Mung
siji sing isih bisa
Ngilo,
ngilo ana ngarepe kaca
Orator 1 :
Dhewe
iki rakyat... dudu rayap
Dhewe
iki duweni hak
Diwenehi
apa ora kuwi ora penting
Sing
penting uripe rakyat iki tentrem tanpa ana saru-siku
Orator 2 :
Rekasa
sadhuwure rekasa
Dhewe
iki ora kok emoh nyambut gawe
Nanging,
wong-wong kae ora menehi
dalan kanggo gawe
Orator 3 :
Tinimbang
saben dina diapusi
Luwih
becik golek dalan dhewe
Mandhiri...
berdikari...
Nganti
mati...(bunuh dhiri) sing penting merdheka
Orator 1,2 :
Jamane
jaman pembangunan
Mbangun
rakyat sakabehane
Manungsa
wutuh kanggo nuswantara
Sing
sugih.... kebak san... di... wa... raaa(bunuh dhiri)
Paripurna!