Buku Tamu

Tuesday, October 2, 2012

Naskah Ketoprak Lakon "Andha Rante" 1


ADEGAN 12 ALAS DESA SITI HINGGIL
ANDHA RANTE       : Sapa ndhuk kowe ndhuk? Kowe bocah ayu-ayu kok ngluyur ora wayahe ndhuk? Ngko nek ketemu candhik ala lho ndhuk…
BURANTI                  : Kula niku saking… Wong bapak kula nggih entuk owk maghrib-maghrib dolan.
ANDHA RANTE       : Kowe aja mrana terus, kowe nek mrana terus kowe kecemplung segara.
BURANTI                  : Wah nggih mboten to terus kecemplung segara.
ANDHA RANTE       : Jenengmu sapa ndhuk?
BURANTI                  : Kula Buranti.
ANDHA RANTE       : Buranti, kowe kok ayu sing ngongkon sapa ndhuk?
BURANTI                  : Lho kok sapa pripun to…???
ANDHA RANTE       : Kene-kene… Kene cedhak, jenengmu Buranti. Kowe arep nyang endi?
BURANTI                  : Kula ajeng golek gawean.
ANDHA RANTE       : Kowe arep golek gawean?
BURANTI                  : Nggih…
ANDHA RANTE       : Wis nduwe bojo apa durung?
BURANTI                  : Dereng niku.
ANDHA RANTE       : Tenane?
BURANTI                  : Kula isih prawan kok.
ANDHA RANTE       : Semono iki prawan?
BURANTI                  : Nggih…
ANDHA RANTE       : Wuih… Semene iki kok prawan kwi mendhahna mbesuk randhane
BURANTI                  : Ah, sampean niki lho…
ANDHA RANTE       : Wuih… Bocahe semok, lenggonyeh… Kene ndhuk.
BURANTI                  : Panjenengan sinten nggih?
ANDHA RANTE       : Kowe tak we’i gawean, ya… Ning upama kowe tak kon ngladeni aku piye? Aku piteki, ngko tak golekna gawean gampang. Ya… Kowe krungu lawaaa bubar apa ora? Ya..??? Gelem apa ora?
BURANTI                  : Andha Rante, nek kados ngaten panjenengan niku nampa Buranti niku diparingi gawean teng mriki?
ANDHA RANTE       : Gampang, neng kene iki bandha akeh ora ana sing nglumpukna kok ndhuk..
BURANTI                  : Lha nek perkara pijet niku gampil, kula gelem.
ANDHA RANTE       : Lha kowe mau nggawa oleh-oleh apa?
BURANTI                  : Mpun to beres, sampean niku senenge napa?
ANDHA RANTE       : Aku iki klangenanku tuak.
BURANTI                  : Tuak..???
ANDHA RANTE       : He’em… Tuak nom ya doyan, tuak tuwa ya doyan.
BURANTI                  : Mpun tuak tok niku?
ANDHA RANTE       : Neng nek tuak inume kaya kowe…(sambil menggoda Buranti)
BURANTI                  : Aaaa… Sampean niku kook ngaten…
Mpun to beres, nek tuak gampang..
ANDHA RANTE       : Ya… Ya… Wong nom-nom iku nek ana wong wedhok ayu kok padha ngungsem. Wong wedhok ayu mak ngeh..
BURANTI                  : (mengambil tuak untuk Andha Rante)
ANDHA RANTE       : Iki tuak?
BURANTI                  : Nggih Andha Rante…
Pokoke nek tuak niku beres…
ANDHA RANTE       : Nek iki gathuke iku ya kowe sing ngilingna aku ngko sing ngombe.
BURANTI                  : O ngaten…
ANDHA RANTE       : He’e… Rasane ben ceeesssss… Ngono. Wahhh….
BURANTI                  : Gampang perkara ngaten ae kok.
ANDHA RANTE       : Wuih… Tuake kok tuak tenan..
BURANTI                  : Nggih jos no…
ANDHA RANTE       : Wah ancen…
BURANTI                  : Pripun to?
ANDHA RANTE       : Piyai kene kok ancen ubet temenan.
BURANTI                  : Mangga…
ANDHA RANTE       : Wah… Tuake tenan… Wah…(sambil menggoda Buranti).
BURANTI                  : Eeee…. Sampean kok ngaten niku lho…
ANDHA RANTE       : Ngene iki rasane beda kok ndhuk.
BURANTI                  : Mpun karo kula pijeti.
ANDHA RANTE       : He’e aku piteki kene.
BURANTI                  : Pokoke seger tenan niki kok.
Mpun ditelaske, mangke tambah melih nggih.
Malih?
ANDHA RANTE       : Iya…
BURANTI                  : Mangga..
ANDHA RANTE       : Kowe upama tak trima olehmu golek gawean upama ora cukup golek gawean ngono piye?(Andha Rante mulai mabuk)
BURANTI                  : Lha pripun to?
ANDHA RANTE       : Upama kowe tak dadekna mbok nom ngono piye? Mbok nom…
BURANTI                  : Mbok nom?
ANDHA RANTE       : He’em….
BURANTI                  : Walah kok isa-isane mbok nom barang niku lho…
ANDHA RANTE       : Wong kok piya-piye, kroyaku ijeh kaya wong nom-nom kok ndhuk.
BURANTI                  : Nggih to? Ah perkara gampang. Pokoke kula niku teng mriki pokoke seneng lho Ki Andha Rante. Tenan niku…
ANDHA RANTE       : Merga kowe mesti direksa karo wong jadhug. Kowe direksa karo wong sekti.
BURANTI                  : Lha nggih… Kula mesti melu pinter nggih…
Ngaten lho Ki Andha Rante, kula niku jane ya ajeng takon kalih sampean..
ANDHA RANTE       : Takon apa?
BURANTI                  : Lho nggumun kula niku lho.
ANDHA RANTE       : Apa?
BURANTI                  : Sampean niku lho, nek kula krungu niku lho. Wong kok le jadhuge kaya ngaten niku jane unggulane napa kok ra isa mati barang niku lho.
ANDHA RANTE       : Kowe ngko nek nduwe bojo aku le ra kepenak piye? Wong aku iki wong jadhug.
Aku iki lho ndhuk..
BURANTI                  : Pripun?
ANDHA RANTE       : Dicekela, dibandaa wong sedina kaping sepuluh ora bakal bisa kecekel, nek aku iki ora dibanda nganggo Rante Emas. Lha aku kecekela dibanda nganggo Rante Emas, ambeka kecekel, aku dipatenana gaman ntekna lhah, gaman sak Kabupaten Pati ora bakal tumama, ora bakal mati. Aku bisa, aku isa mati, wong urip kok ora mati leh ndhuk, ya bakal mati.
BURANTI                  : Ooo… Ya saget mati to?
ANDHA RANTE       : Iya… Nek wis aku dibanda, jempolanku nganggo Rante Emas, terus drijiku sikil iki dicencang, dipenthang karo sikil gajah, gajahe digitik mbun-mbunane, gajah nyendhal aku sempal. Lho… Nek ngono lagi aku bisa mati.
BURANTI                  : Nganeh-anehi… Aneh lho niku Ki Andha Rante.
ANDHA RANTE       : Nek ora disempal nganggo gajah digitik aku ora mati.
BURANTI                  : He’em…
ANDHA RANTE       : Ning anu ya ndhuk…
BURANTI                  : Saiki aku wis ngerti pengapesanmu Andha Rante. Mung kaya ngono kuwi pengapesanmu(sambil pergi mencari Rante Emas lalu diikatkan ke tubuh Andha Rante yang sedang mabuk).
ANDHA RANTE       : Buranti…
BURANTI                  : Tenanan ngene kowe iki… Adhuh… Jane aku iki ya mesakke nek nyawang kang kaya ngene iki.
ANDHA RANTE       : Ora apa-apa(sedang mabuk). Eehh… Eehhh…
BURANTI                  : Nek sampean isa ya diuculna ya…
KEMUDIAN BURANTI PERGI MENINGGALKAN ANDHA RANTE DAN MEMANGGIL SYEH JANGKUNG BESERTA BUPATI PATI DAN PARA TUMENGGUNG. LALU DATANGLAH SYEH JANGKUNG BESERTA ROMBONGAN ADIPATI PATI.
SYEH JANGKUNG  : Lha ape budi piye nek kaya ngene iki? Ben… Ben dirasakke.
ANDHA RANTE       : Sapa sing ndudohna pengapesanku? Nek aku kecekel gak kena dibanda, nek gak dibandha karo Rante Emas.
SYEH JANGKUNG  : Sek… Kowe nek kana lungguha..
ANDHA RANTE       : Sapa sing kandha? Sing ndudohna pengapesanku sapa? Aku dibandha nganggo Rante Emas.
ADIPATI PATI          : Lha kowe rumangsa ndudohna pengapesanmu apa ora?
SYEH JANGKUNG  : Kowe dicedhaki wong wadon apa ora?
ANDHA RANTE       : Kok kwe Din Mbedin…
SYEH JANGKUNG  : He’e… Iya…
Kanjeng Adipati, niki mpun cetha. Andha Rante sampun bandan.
ANDHA RANTE       : Aku ora isa mati…
SYEH JANGKUNG  : Sedane Andha Rante mawi kedah disuwunke kaliyan tungga saking Metaram.
ADIPATI PATI          : Gajah?
SYEH JANGKUNG  : Nggih… Nggih…
SUMBA PRADAN DAN SUMBA WILIS PERGI MEMINJAM GAJAH DIKERAJAAN MATARAM.
PRADAN, WILIS      :Niki gajahe…
ADIPATI PATI          : Iki… Iki…
SYEH JANGKUNG  : Ayo cancang sikile…
ANDHA RANTE       : Heh… Sing kandha pengapesanku sapa? Sikilku mbok cencang aku ora mati nek ora dicencang karo sikil gajah, gajah digitik mbun-mbunane.
ADIPATI PATI          : Sumba Pradan, gitiken mbun-mbunane gajah, karo taleni nyang sikile gajah ya…
SYEH JANGKUNG  : Tarik… Tarik…..
ANDHA RANTE       : Aaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaa………….
SYEH JANGKUNG  : Cukup… Cukup…
ANDHA RANTE TELAH MENINGGAL DENGAN CARA YANG TELAH DISEBUTKAN DIIKAT DAN DITARIK OLEH SEEKOR GAJAH.
ADIPATI PATI          : Kakang Syeh Jangkung…
SYEH JANGKUNG  : Katimbalan Kanjeng.
ADIPATI PATI          : Andha Rante sampun dumugining pejah.
SYEH JANGKUNG  : Nun inggih…
ADIPATI PATI          : Nanging, ndadoske uninga kakang.
SYEH JANGKUNG  : Lajeng kados pundi?
ADIPATI PATI          : Menapa namung cekap semanten kuwandanipun Ki Andha Rante? Kula sumelang gek upami to namung ngaten mangke gek wandanipun saget wangsul pulih kados wingi-wingi.
SYEH JANGKUNG  : Ooo… Ngaten, namung nyumanggaaken Kanjeng Adipati kados pundi amrih Andha Rante ampun ngantos gesang malih.
ADIPATI PATI          : O ngaten…
SYEH JANGKUNG  : Nggih…
ADIPATI PATI          : Prayoginipun wandanipun Andha Rante dipun petak ingkang sak perangan wonten ing kidul lepen, ingkang sak perangan wontek sak ler lepen.
SYEH JANGKUNG  : Ngaten? Mangga… Manggga…
JASAD ANDHA RANTE DIPISAH JADI DUA DAN DIKUBUR DI DUA TEMPAT YAITU DI SELATAN SUNGAI DAN UTARA SUNGAI.
ADIPATI PATI          : Kakang Syeh Jangkung..
SYEH JANGKUNG  : Katimbalan Kanjenge..
ADIPATI PATI          : Kinarya kang tumrap anak putu ingkang badhe awakipun piyambak tilar ing tembe wingking, papan menika lepen ingkang kinarya misah raganipun Andha Rante. Ingkang dipun petak wonten ing kidul lepen kaliyan ler lepen katara ing salaminipun “Kali Rante”.
SYEH JANGKUNG  : Kanjeng, sedaya kala wau minangka kangge pengiling mbenjang putra wayah anggen panjenengan paring patilasan kala wau. Mila kanjeng, wekdal sak mangke ketingalipun sampun surup surya. Tegese, srengenge sampun ambles gampange tembung. Lha niki cetha Negari Pati ketingal tentrem sak sedane si Andha Rante, mangga sami kembul bujana.
BUPATI MANGUN ONENG, SYEH JANGKUNG, KENDHIL WESI, SUMBA PRADAN, SUMBA WILIS, DAN KLINTHING WESI BERDO’A BERSAMA-SAMA ATAS MENINGGALNYA ANDHA RANTE.
TAMAT

Alur Cerita Ketoprak Pati Lakon Andha Rante


SARI
Sunardi. 2011. Alur Cerita Ketoprak Pati Lakon Andha Rante. Skripsi Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa, Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Semarang. Pembimbing I: Drs. Bambang Indiatmoko, M.Si. Pembimbing II: Sucipto Hadi Purnomo, S.Pd., M.Pd.

Kata kunci: ketoprak Pati, alur, Andha Rante.

Kaya dene ing drama modern, kethoprak uga duwe alur kang padha karo drama modern kalebu uga kethoprak Pati. Ing kethoprak kuwi akeh lakon kang dadi langganan, salah sawijine yaiku lakon Andha Rante. Andha Rante kuwi tokoh utama kang antagonis kang rumangsa paling bener. Kuwi kang narik kawigaten kanggo diteliti.
Masalah ing panaliten iki yaiku kepiye alur crita ing Kethoprak Pati lakon “Andha Rante”. Panaliten iki ngrembug babagan rangkaian peristiwa minangka unsur pambentuk alur ing naskah kethoprak Pati lakon “Andha Rante” kalebu tahapan alur lan jinising alur ing crita Andha Rante. Tujuan panaliten iki yaiku kanggo mangerteni rangkaian peristiwa minangka unsur pambentuk alur lan kanggo mangerteni bentuk alur kasebut ing wujud gambar. Manfaat kang bisa dirasakake ing panaliten naskah kethoprak Pati lakon “Andha Rante” yaiku ngembangake khasanah ilmu pengetahuan, khususe khasanah sastra Jawa tradisional.
Metode pangumpulan data kang dienggo ing panaliten iki yaiku metode simak. Metode simak kang dienggo kanggo ntranskrip data utama, yaiku VCD kethoprak Pati Lakon “Andha Rante” dening S.W. Ketoprak Sri Kencono Budoyo Pati. Metode analisis data kang dienggo ana papat tahapan yaiku, tahap analisis naskah ing saben adegan, tahap penjabaran naskah manut teori kang dienggo, tahap interpretasi data hasil analisis, lan kang pungkasan tahap penarikan simpulan.
Alur kang dienggo lakon “Andha Rante” yaiku alur maju. Dibuktikake karo rincian tahapan alur mulai saka tahap ekposisi nalika ing adegan ngarep tokoh Andha Rante sambat lan sambate Andha Rante kuwi mau dadi prolog cerita kang bakal ditampilke. Banjur ing tahap konflik nalika Andha Rante ketemu karo Tumenggung Sumba Pradan utusan Bupati Pati banjur gelut, kuwi mau dadi konflik kang pisanan metu. Komplikasi nalika Bupati Mangun Oneng sowan ing Kasultanan Mataram kanggo njaluk tulung marang Sultan Agung supaya bisa menehi pitulungan nyekel Andha Rante. Tahap krisis utawa klimaks kuwi nalika kabeh utusan Bupati Pati lan utusan Sultan Agung ora bisa nyekel Andha Rante lan nganti patine Ustadz Makdum Alatas. Tahap sabanjure yaiku resolusi utawa peleraian kuwi solusi kanggo ngrampungi perkara kang wis metu sadurunge, yaiku nalika Syeh Jangkung njaluk pitulungan karo Buranti putrine Tumenggung Sumba Pradan kanggo njebak Andha Rante. Banjur tahap kang pungkasan yaiku tahap keputusan utawa penyelesaian yaiku kabeh perkara wis bisa dirampungke lan Andha rante bisa dipateni kanti cara dijebak digawe mabuk banjur banda nganggo rante emas banjur digeret nganggo gajah. Ing sajrone crita kang dipentaske ora ana kilas balik crita utawa flash back.
            Kethoprak minangka media komunikasi kudu tetep dijaga kahanane ing konteks budaya saiki lan ing tembe. Minangka tontonan kang sifate tradisional, sutradara kudu nyesuaikake manut majuning jaman. Inovasi kasebut yaiku babagan garap alur lakon kang dienggo. Supaya kethoprak ora kelangan daya pikat penontone.


Terjemahan dalam Bahasa Indonesia
ABSTRAK
Sunardi. 2011. Alur Cerita Ketoprak Pati Lakon Andha Rante. Skripsi Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa, Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Semarang. Pembimbing I: Drs. Bambang Indiatmoko, M.Si. Pembimbing II: Sucipto Hadi Purnomo, S.Pd., M.Pd.

Kata kunci: ketoprak Pati, alur, Andha Rante.

Alur adalah struktur rangkaian kejadian dalam cerita yang disusun secara logis. Alur merupakan bagian penting dalam sebuah drama pementasan maupun drama kaset(rekaman kaset pita), karena alur adalah suatu jalur tempat lewatnya rentetan peristiwa yang tidak terputus-putus. Oleh sebab itu, suatu kejadian dalam suatu cerita menjadi sebab atau akibat kejadian lain. Seperti halnya dalam drama modern, ketoprak juga memiliki alur yang sama dengan drama modern termasuk juga ketoprak Pati. Dalam dunia ketoprak banyak lakon yang popular, salah satunya yaitu lakon Andha Rante. Andha Rante merupakan tokoh utama yang antagonis yang selalu merasa dirinya paling benar. Inilah yang menjadikan menarik untuk diteliti.
Masalah pada penelitian ini adalah bagaimana alur cerita dalam Ketoprak Pati pada lakon “Andha Rante”. Masalah yang tercakup dalam penelitian tersebut adalah tahapan alur dan jenis alur cerita lakon Andha Rante. Tujuan penelitian ini adalah mengetahui jalinan peristiwa sebagai unsur pembentuk alur dan mengetahui bentuk alur tersebut dalam wujud gambar. Manfaat yang dapat diperoleh dalam penilitian naskah ketoprak Pati lakon Andha Rante adalah mengembangka khasanah ilmu pengetahuan, khususnya khasanah sastra Jawa tradisional.
Metode pengumpulan data yang digunakan dalam penelitian ini adalah metode simak. Metode simak digunakan untuk mentranskrip data utama, yaitu VCD pementasan ketoprak dengan lakon Andha Rante oleh S.W. Ketoprak Sri Kencono Budoyo Pati. Metode analisis data menggunakan empat tahap yaitu, tahap analisis naskah pada tiap-tiap adegan, tahap penjabaran naskah sesuai dengan teori yang digunakan, tahap interpretasi data-data hasil analisis, dan yang terakhir tahap penarikan simpulan.
Alur yang digunakan lakon Andha Rante adalah alur maju. Ini dibuktikan dengan rincian tahapan alur mulai dari tahap eksposisi ketika di awal adegan tokoh Andha Rante mengucapkan keluh kesahnya. Itu sebagai prolog cerita yang ditampilkan. Kemudian tahap konflik ketika Andha Rante bertemu dengan Tumenggung Sumba Pradan utusan dari Kabupaten Pati. Kemudian mereka bertarung. Hal itu menjadi konflik yang muncul pertama. Komplikasi muncul ketika Bupati Pati Mangun Oneng menghadap ke Kasultanan Mataram untuk meminta bantuan Sultan Agung supaya memberi solusi dan bantuan menangkap Andha Rante. Kemudian tahap krisis atau klimaks, yaitu ketika semua utusan Bupati Pati dan utusan Sultan Agung menuai kegagalan sampai akhirnya utusan Sultan Agung yang bernama Ustadz Makdum Alatas meninggal. Tahap selanjutnya tahap resolusi atau peleraian, yaitu solusi memecahkan masalah yang sudah muncul dalam tahap-tahap sebelumnya. Syeh Jangkung meminta bantuan Buranti putri Tumenggung Sumba Pradan untuk menjebak Andha Rante. Kemudian tahap akhir yaitu tahap keputusan atau penyelesaian, yakni semua masalah sudah terselesaikan yaitu ketika Andha Rante meninggal dengan dibuat mabuk dan kemudian diikat dengan rantai emas. Dalam cerita ini tidak terdapat kilas balik cerita atau flash back.
Ketoprak sebagai media komunikasi harus tetap dijaga keberadaannya dalam konteks budaya masa kini dan masa depan. Sebagai tontonan yang berifat tradisional, sutradara perlu melakukan penyesuaian terhadap perkembangan masyarakat. Inovasi tersebut adalah penggarapan alur dalam lakon yang ditampilkan, teknik penyajian tokoh, iringan, dan properti. Supaya tidak kehilangan daya pikat penontonnya.



Monday, July 16, 2012

“Nandur Wiji Keli”, sumber Jrink Hetfield, Yogyakarta. – [falsafah hidup orang Jawa]

” Nandur Wiji Keli “
Sumber : dari catatan akun Facebook Jrink Htf 24 Mei 2012 pukul 01:29
https://www.facebook.com/#!/notes/jrink-htf/nandur-wiji-keli/10150204454109243

Kanggone wong Jawa duweni paugeman menawa bandha donya, pangkat drajat lan semat kuwi mung saderma nggaduh peparing saka ngarsane Gusti Kang Akarya Jagat. Sawayah-wayah lamun Gusti kang paring gadhuhan ngersaake bali marang ngarsaNe, ora kurang marga aggone jebol kamukten kang gawe cintrakaning manungsa kuwi. Mung bae yen manungsa wis kerem ing gadhuhan saka ngarsane Gusti banjur awel anggone nglepeh. Karepe ngono pengen langgeng salawase anggone ngemut kamukten tanpa mikir sejatine urip kang sejati.

Jumbuh karo perkara kasebut ana piwulang luhur menawa yen wis tumekaning janji wong mati iku ora gawa bandha. Mula perkara gadhuhan iku kapan dikersaake amung Gusti kang pirsa. Siji pati, loro jodho, telu tibaning wahyu, papat dununge kodrat lan lima gadhuhaning doya amung dadi purbawasesaning Gusti Kang Murbeng dumadi.

Perkara iki kudu bisa ngelingake menawa kamukten kang dadi pangimpening manungsa iku sejatine mung sakgebyaring netra bebasane. Mula elinga, Bandha donya gampang lunga, pangkat drajat gampang oncat, bojo ayu bisa mlayu. Piwulang iki bisa dadi pepeling luhur kanggo anggayuh sejatining urip.

Mula sing sapa kadunungan pangkat lan drajat aja adigang adigung. Lan sing sapa kadunungan kaluwihan aja adiguna mring sasama. Kadunungan kamuktening donya kudu tansah eling marang sapadha. Aja nganti kamukten kuwi dadi tetesing waspa nanging dadiya sukaning wardaya — amemangun karyenak tyasing sasama. Gawe bungahing liyan iku bisa karana sewu marga: bisa kanthi manising ati, luhuring wardaya, luhuring subasita sarta ilining bandha donya kanthi rila ing dedana.

Kamuktening urip asring ditegesi turah bandha. Mula supaya bondha donya ora dadi memala kudu disranani kang bisa agawe pigunaning liyan. Kamukten saka bondha donya kang ala iku wekasane mung bakal ngangsa-angsa yen ora linambaran amemangun karyenak tyasing sasama. Ora kena kinantenan pamprih kang bakal gawe reregeting niyat. Yen sabarang tumindak becik nanging isih kinanthenan pamprih dadine bakal muspra.

Mula ayo angudi amrih bisa dadi wong kang iso ‘nandur wiji keli’ sanajan iku tegese ‘ngopeni turune wong luhur’ nanging ing kene bisa uga ditegesi dadiya pawongan kang tumindak nyebar wiji (bibit) ing kali, embuh tibane ana ngendi mung kebak pangarep-arep yen samangsa-mangsa wiji mau bisoa tuwuh kang ana pigunane tumrap liyan tanpa mawas sapa kang bakal ngundhuh uwohing wiji mau. Sumangga.