Buku Tamu

Tuesday, October 2, 2012

Naskah Ketoprak Lakon "Andha Rante" 4


ADEGAN 9 TAMAN KEPUTREN KABUPATEN PATI
GARWA ADIPATI   : Kene… Kene… Kene…
Njenengan tak aturi lungguh, ora usah datan pekewuh klawan kang mbok ya yayi…
R. DANANG             : Menapa sampun kepareng?
GARWA ADIPATI   : Iya… Wis tak parengake.
Raden danang, estune prijingan kuwi rasaning atimu ana rasa tanda pitakon. Kok kang mbok nembe wae ngutus klawan biyung emban? Ya kuwi yeyen, kang supaya nimbali kang sira. Ya pancen bener, ora luput. Lha, iki malah kebeneran banget to Raden Danang..??
R. DANANG             : Wonten kersa ingkang kados pundi kang mbok?
GARWA ADIPATI   : Ngrembug bab-bab kang perlu, ana wigati sing arep tak blakakake ana ing pengarepanmu. Prasaja wae ya Raden Danang.
Ngene, kang mbok kuwi anggone bebrayan klawan kang mas Adipati Mangun Oneng Adipati Pati iki lak wis suwe, wis ndungkap pirang-pirang taun. Nanging kaya-kaya yayi, ora nemahi kabagyan lan kamulyan. Semune kang mbok iki saben dina, yen awan ora doyan mangan, yen bengi ora bisa turu. Nganti kang mbok iki blaka ana ning pengarepanmu. Prasaja, merga kang mbok kuwi ora bisa nahan darbaning kanepson. Jane isin, nanging yen ora prasaja mengko ndadekake geganjeling atiku. Cethane ya Raden Danang, kang mbok nimbali panjenengan kuwi kepengen kok ladeni…
RADEN DANANG KAGET MENDENGAR KATA-KATA “KOK LADENI” DARI GARWA ADIPATI.
GARWA ADIPATI   : Tak suwun…
R. DANANG             : Mangke rumiyin…
GARWA ADIPATI   : Bisa nglakoni yen nduweni kawelasan klawan kang mbok. Lha kok mingur kowe, bareng kang mbok nembung kok ladeni?
R. DANANG             : Kang mbok Rara Siya, panjenengan menika garwanipun sedherek kula kakung piyambak, ingkeng tanrubeda kados sudarma kula piyambak.
GARWA ADIPATI   : Iya…
R. DANANG             : Yen kang mbok Rara Siya kawijil pangendikanipun yen tresna dhateng kula, menika sami kemawon kula dipun utus ngianati dhateng kadang kula piyambak kang mbok.
GARWA ADIPATI   : Raden Danang, aku ora bocah cilik. Dadak mbok ulang, isih ganep panca ndriyaku. Yen aku ngucap kang kaya ngene kuwi wis tak pikir, upama ana dukane kang mas Adipati Mangun Oneng ora apa-apa. Aku dipidana ya pasrah, Kapara mengko aku sing tanggung jawab. Upama kang mas Adipati kuwi deduka kalawan panjenengan.
R. DANANG             : Kang mbok, kula menika gadhah ajining dhiri, kula menika gadhah tata krami subasita. Yen tho kula kedhah ngladosi dhateng ndika mbak yu kula piyambak, kula mboten sagah…
GARWA ADIPATI   : Dadi..??? Kang mbok nembung cara alus tinemu kowe tiba kasar, nampik klawan kang mbok. Yen ngono kang mbok rumangsa kok wirangake, atase wanita wis ngemis katresnan ana ing pengarepanmu. Yayi, kaya ngene iki aku ora trima. Aku bakal mletih klawan kowe.
R. DANANG             : Yen mboten trima badhe menapa panjenengan?
GARWA ADIPATI   : Titenana, dandang tak unekke kuntul, kuntul tak unekke dandang.
Kang mas… Kang mas…
ISTRI ADIPATI PATI MULAI MEMFITNAH ADIK IPARNYA DENGAN CARA PURA-PURA MAU DIPERKOSA RADEN DANANG. KEMUDIAN DIA MEMANGGIL SUAMINYA.
ADIPATI PATI          : Ana apa Diajeng…?
GARWA ADIPATI   : Cilaka menika kang mas…
ADIPATI PATI          : Ana apa? Kok sliramu nglandhang-nglandhang…
GARWA ADIPATI   : Jebulane kok kados mekaten kang mas, kula dipun wirang-wirangaken kaliyan kadang panjenengan. Lha kok mentala-mentalane temen to ya…
ADIPATI PATI          : Ngkosik to… Ngkosik… Sing sareh penggalihmu, ditata penggalihe. Ngko matur, matur kanthi sing kepenak ngono. Ora kaya ngono kuwi, ana apa? Ana apa?
GARWA ADIPATI   : Pancen kula rumangsa wirang kang mas…
ADIPATI PATI          : Kok wirang, wirang kena ngapa?
GARWA ADIPATI   : Menika ajining dhiri kang mas, lha kok piyambakipun ngremehaken drajad kula.
ADIPATI PATI          : Nalare kepiye Diajeng Rara Siya?
GARWA ADIPATI   : Kula garwa panjenengan ingkang panjenengan tresnani.
ADIPATI PATI          : Iya… Iya… Iya…
GARWA ADIPATI   : njenengan kalebu Adipati, kedah paring tuladha ingkang prayoga. Nanging…
ADIPATI PATI          : Ya sak mestine ngono, heee…
GARWA ADIPATI   : Kagawa saking kadang panjenengan menika, Raden Danang. Piyambakipun menika wani njamah kasusilan kula kangmas…
ADIPATI PATI          : Piye…????
Diajeng Rara Siya…
GARWA ADIPATI   : Lha wong ipene mblongoh ngene kok ya, ya arep ditubruk…
Kang mas..
ADIPATI PATI          : Dadi yayi Raden Danang iki arep nyembranani sliramu to? He…
GARWA ADIPATI   : Leres..
ADIPATI PATI          : Nganti galap kalangsur pangandikanku..
GARWA ADIPATI   : Leres kang mas, kula rumangsa wirang sanget kang mas…
ADIPATI PATI          : Cukup… Cukup… Cukup…
Danang!!!
R. DANANG             : Pareng pangandika..
ADIPATI PATI          : Ooo… Dadi kaya ngono kuwi tumindakmu, he!!
Mula aku ngerti, iki ana ing peputren. Kuwe krutusan ana ing papan kene, aku mudheng karepmu. Dadi, kowe wis tega mentala ngianati siji rasa paseduluran, kaping pindhone kowe wis ngemingke bab perkara tata krama, subasita, he!!
R. DANANG             : Kang mas Adipati..
ADIPATI PATI          : terus dununge nggonmu ngabekti karo wong tua kuwi nyang endi?
R. DANANG             : Kepareng ngonjuk, saestu kula mboten nate tumindak cala mentah ingkang kados dipun ngendikaaken kang mbok Rara Siya menika kang mas..
ADIPATI PATI          : lho kok karepmu dhewe..
R. DANANG             : Kula mboten tumindak menapa-menapa…
ADIPATI PATI          : Babar pisan ora tumindak?
GARWA ADIPATI   : Ora usah selak…
ADIPATI PATI          : lha wong wis ana buktine, kowe cumondok ana ing keputren. Mula kang kuwi, Danang… Jeneng ingsun rumangsa lingsem, isin aku.. Ing Pati kene iki, aku iki minangka tepa palupinen kabeh para kawula, nek aku mimpin kulawargaku dhewe ora bisa apa meneh aku mimpin wong sak Pati? Mendah apa polahe wong sak Pati upama ngerti lakon iki? Mula saka kwi, sepet mripatku nyawang kowe, gumbrebeg kupingku ngrungoke omongmu. Minggaaaat…!!!
Sumingkir saka papan kene..
RADEN DANANG DIUSIR OLEH BUPATI PATI YANG TIDAK LAIN ADALAH KAKAKNYA SENDIRI.
R. DANANG             : Nyuwun taksih pangapunten dateng kang mas Adipati Mangun Oneng, kula mboten lepat kang mas…
ADIPATI PATI          : Pyeeee…………?????? Ora luput……….???????? Ngoceho kaya bledheg sewu aku ora percaya. Mula kang kuwi, kowe sumingkir apa njaluk tak singkirake? He…!!!
Njaluk mati dening aku kowe….????????????
RADEN DANANG PERGI MENINGGALKAN ADIPATI MANGUN ONENG DAN ISTRINYA.
GARWA ADIPATI   : Rahayunipun kang mas… Kemben kula taksih kukuh. Menawi mboten? Menawi wanita sanesipun? Gek kengguh kaliyan tembung-tembung kang manis njur kepilut, paedah apa? Njenengan badhe kecalan slaminipun kang mas…
ADIPATI PATI          : Ya nek ana lakon kaya ngene iki jeneng ingsun lagi percaya yayi Rara Siya mbok menawa sliramu mula pancen wanita sing utama. Mula kang kuwi, perkarane Raden Danang kuwi ana ing astaku.
GARWA ADIPATI   : Leres kang mas…
ADIPATI PATI          : Merto Kusuma… Merto Kusuma… Rene!!!
MERTO KUSUMA   : Wonten menapa Kanjeng miji dhateng kula?
ADIPATI PATI          : Ingsun ngersaake Raden Danang aja nganti kumlembar ana ing Bumi Pati. Cetha to…???
MERTO KUSUMA   : Lajeng wonten perkawis menapa kok kados panjenengan sajakipun duka kaliyan Raden Danang?
ADIPATI PATI          : Kowe ora perlu ngerti perkarane Raden Danang, sing baku ingsun ngersaake Raden Danang ora kumlembar ing Bumi Pati iki. Tindakna…
MERTO KUSUMA   : Nggih… Nggih…

Naskah Ketoprak Lakon "Andha Rante" 3


ADEGAN 10: ALUN-ALUN KABUPATEN PATI
RADEN DANANG SEDANG MELAKUKAN HAL ANEH DITENGAH-TENGAH ALUN-ALUN KABUPATEN PATI, YAITU SEDANG MENJARING MENGGUNAKAN JARING IKAN MALAH MENDAPATKAN SEPOTONG PAKAIAN MILIK RARA SIYA ISTRI ADIPATI PATI.
R. DANANG             : Lhoh…
Cecala ana tengahing alun-alun, iki agemane kang mbok Rara Siya iki.
MERTO KUSUMA   : Ehem… Ehem…
R. DANANG             : Paman Merto Kusuma?
MERTO KUSUMA   : Kok panjenengan Raden?
R. DANANG             : Nggih paman…
MERTO KUSUMA   : Kula niku nggumun kalih sampeyan, lumrahe wong njala iku ning kali utawa ning segara. Ning sampeyan niki aneh, njala kok ning alun-alun. Napa nggih wonten? Saya-saya sak sampunipun kula ngertos mbok bilih, menapa menika?
R. DANANG             : Eee… Menika kagunganipun ageman kang mbok Rara Siya.
MERTO KUSUMA   : Nah… Menawi ngaten cetha, panjenengan njarag perkara.
R. DANANG             : Kenging menapa ngaten paman?
MERTO KUSUMA   : Awit, kula kadhawuhan kaliyan Bupatine Mangun Oneng mbok bilih panjenengan mboten kepareng mapan wonten ing Bumi Pati. sak sampunipun kula ngertos kedadosan menika, kula saya cetha. Kanthi menika Raden, kedadosan menika badhe kula aturaken wonten ngersa dalem.
R. DANANG             : Paman, kula menika rayi dalem kang mas Adipati Mangun Oneng. Ndika niku punggawa wonten Kabupaten Pati, mboten saged canthuk lawung ndherek perkawis kapribaden kados ngaten menika paman..
MERTO KUSUMA   : Ning nyuwun sewu Raden, kula sampun kepasrahan kaliyan kang raka. Kanthi menika, kedadosan menika kula badhe matur…
MERTO KUSUMA MELAPORKAN KEJADIAN YANG TELAH DILAKUKAN RADEN DANANG DITENGAH ALUN-ALUN KEPADA BUPATI PATI.
ADIPATI PATI          : Piye… Piye… Merto Kusuma?
MERTO KUSUMA   : Menika, Raden Danang menika aneh, njala kemawon wonten alun-alun.
ADIPATI PATI          : Sing dijala apa?
MERTO KUSUMA   : Menika kalebet ageman Gusti Putri. Menika lak aneh…
ADIPATI PATI          : Cukup… Cukup… Sumene sawetara.
Danang…
R. DANANG             : Paring pangandika kang mas..
ADIPATI PATI          : Adol gendro ya? Hee… Adol kasekten kowe? Nggon welut kok doli uler…
Mbok mikir, pamrihmu apa kowe njala ae ndadak ing alun-alun? He…!!
Mangka bocah cilik weruh, njala kuwi mesti ana ing banyunan, nak ora nang kali ya nang segara. Heee...
R. DANANG             : Lepat nyuwun sih pangapunten kakang…
ADIPATI PATI          : karepmu piye? Nyemoni aku apa kepiye kowe?
R. DANANG             : Mbok menawi pasemon ingkang kula tindakaken kala wau kepareng badhe ngemutaken satunggaling piyantun ingkang wuta ing babagan rohaninipun kakang.
ADIPATI PATI          : Sek… Nranyak omongmu. He..
Kowe isa ngarani nek aku wuta, wuta rohaniku. He… dasare kepiye kowe? He… kwe ngomong kudu bisa nanggung perkara sing kok omongke. He..
R. DANANG             : Wonten lelampahan ingkang nyata, mboten saged kelampahan wonten ing alun-alun Kabupaten Pati. Wonten tiyang njala, mangka wonten ing salebeting alun-alun, mangka pikantuk sandhangan dudu pikantuk iwak. Menika setunggaling lelampahan ingkang nakyenaken menapa kemawon saged kelampahan jer menika dipun kersaaken dening Gusti ingkang akarya jagad. Nanging…
ADIPATI PATI          : Piye..??? He…
R. DANANG             : Kang mas, yen to kang mas Adipati Mangun Oneng kepareng. Mboten saged kula suwitani, sampun.. nyuwun pamit sakmenika kanthi saklaminipun kula mboten badhe cumondhok wonten Kabupaten Pati.(menyembah lalu pergi).
ADIPATI MANGUN ONENG BINGUN DENGAN KEJADIAN YANG DIALAMI OLEH ADIKNYA.
ADIPATI PATI          : Lelakon kok mbingungke..
Merto Kusuma…
MERTO KUSUMA   : Nggih paring dhawuh…
ADIPATI PATI          : Judheg penggalihku. He…
MERTO KUSUMA   : Kula ugi mboten saged menggalih malih.
ADIPATI PATI          : Kene… Kene…
MERTO KUSUMA   : Kenging menapa wonten kedadosan kados mekaten Kanjeng?
ADIPATI PATI          : Aku yakin sak yakin-yakinku, nek omongane Raden Danang kuwi pancen bener. Ora ana perkara sing mokal tumrape sing akarya jagad, tumrape wong sing percaya.
MERTO KUSUMA   : Menawi mekaten setunggaling lelampahan ingkang dipun alami Raden Danang mbok menawi ngaten?
ADIPATI PATI          : Iya… Aku saiki bisa ndudut pawukon. Sing dijala Danang iki wujude sandhang penganggone wanita. Dadi ing kene cetha yen Raden Danang kuwi nyolok mripatku, ing sak temene, mula pancen bener wis wuta mata rohaniku. Aku ora ngerti belang ciri gadhake si Rara Siya, lupute si Rara Siya, sehingga dheweke bisa muter mbalik lelakon sing bener diluputke, sing luput dibenerke.
MERTO KUSUMA   : Kanthi menika Kanjeng, perkawis menika mangga dipun penggalih malih. Awit, menawi cetha Raden Danang menika leres tumindakipun, mesaake menawi kedah nilaraken wonten Bumi Pati.
ADIPATI PATI          : Bener… Bener kowe… Keduwung, keranta-ranta penggalihku.
Merto Kusuma, eling dieling dhewekne kadangku, sedulur mung sawiji, ora ana tunggale. Mula eman paman yen dhewekne kedharang-dharang ana ing paran. Golekana sak ketemune, tur kanthinen kundur ana ing Kabupaten Pati.
MERTO  KUSUMA  : Mekaten, inggih… sampun kuwatos Gusti…
ADIPATI PATI          : Iya… Iya…
DITENGAH-TENGAH PERJALANAN RADEN DANANG DIKEJAR-KEJAR OLEH MERTO KUSUMA DAN SUMBA WILIS DAN DIHENTIKAN PERJALANANNYA UNTUK DISURUH KEMBALI KE KADIPATEN PATI.
MERTO KUSUMA&SUMBA WILIS
: Raden… Raden…
Mangke rumiyin Raden, mangke rumiyin…
R. DANANG             : Paman Merto Kusuma, paman Sumba Wilis… kenging menapa ndika ngandheg lampah kula paman?
MERTO KUSUMA   : Sampun, mangga dipun penggalih langkung rumiyin. Ampun grusa-grusu.
Mangga-mangga…
R. DANANG             : Paman…
MERTO KUSUMA   : Ampun grusa-grusu menawi badhe tindak. Panjenengan niku pripun to…(disaut oleh Sumba Wilis).
SUMBA WILIS         : Kula aturi ngracut rumadya wonten njeronan. Kanjeng pangeran kula aturi sabar.
R. DANANG             : Kula mboten dipergunaaken malih, kula mboten dipun anggep dening kang mas Adipati Mangun Oneng, kenging menapa kula ndika candheg. Kula badhe linggar saking Kadipaten Pati paman.
SUMBA WILIS         : Sampun… Sampun… Sampun Kanjeng Pangeran. Mangga kula aturi ngracut rumadya sawetara.
R. DANANG             : Mangke rumiyin, menika kuda kula piyambak, menika titihan kula piyambak.
MERTO KUSUMA   : Raden Danang…
R. DANANG             : Yen ndika pengin pirsa, mboten namung kudhanipun, sak gedhoganipun ndherekaken dateng lampah kula paman.
SUMBA WILIS         : Lho… Kaya ngono..
MERTO KUSUMA   : Lho… Lhah… Sak gedhogane…
R. DANANG             : Paman… Paman… Paman Merto Kusuma, ndika sampun ngantos ngandheg dateng lampah kula. Mangke saget kepidak jaran, ndika saget disepak dening jaran..
MERTO KUSUMA   : Nggih… Nggih…
Wadhuh…
R. DANANG             : Paman…
SUMBA WILIS         : Kakang Merto Kusuma… Kakang... Kakang…
Raden…
Sun eram banget, kaberan jaran langsung seda… kakang Merto Kusuma. Mula, papan iki sinebuta Merto Kusuma..
RADEN DANANG TELAH PERGI MENINGGALKAN KABUPATEN PATI DENGAN MENGENDARAI KUDANYA YANG SEDANG MENGAMUK DAN MENENDANG MERTO KUSUMA SAMPAI MATI.
R. DANANG             : Linggarku saka Kabupaten Pati, sing tak tuju ana ing padunungan sisih kana kae ana papan sing sekirane pantes bakal tak nggo ngayom sak njabane Kabupaten Pati. Raden Danang bakal tedhak ana ing papan kana kae.(Raden Danang menuju tempat yang telah ditunjuknya tadi). iki gua Pati Ayam, aku bakal cumondhok ana papan kene.(Raden Danang bertapa di gua Pati Ayam)

Naskah Ketoprak Lakon "Andha Rante" 2


ADEGAN 11 DIRUMAH ANDHA RANTE
SYEH JANGKUNG  : Assalamualaikum…
ANDHA RANTE       : Sing ngerti karepe sapa? Lakon kok ora ana rampunge.
SYEH JANGKUNG  : Iya, aku ngerti. Upamane aku mangan roti enak a, wong pakanaem tela ya ancen ra doyan. Mula, Andha Rante…
ANDHA RANTE       : Teka-teka kok kam-kum, kam-kum… Sing ngekum sapa?
SYEH JANGKUNG  : Hehehehe… Eeeee… Ancen wong ya ancen ana sing ngene iki lho. Ya iki ya…
ANDHA RANTE       : Sampean niku sinten mas?
SYEH JANGKUNG  : Ya mestine kowe wis nate manuh, ya aku iki kena diarani Saridin ya Jangkung utawa Syeh Jangkung.
ANDHA RANTE       : Eeeeeee…. Kula mpun krungu jenenge mas…
SYEH JANGKUNG  : He’e iya..
ANDHA RANTE       : Dadi sampean niku sing jenenge Mbedin mas?
SYEH JANGKUNG  : Saridin hare Mbedin.
ANDHA RANTE       : E enggih Saridin, Syeh Jangkung..
SYEH JANGKUNG  : He’e…
ANDHA RANTE       : Wah Syeh Jangkung, Saridin niku jane ya ora bedane kaya kula, ning saiki bareng wis keparek karo Kanjenge Adipati lali kawitane.
SYEH JANGKUNG  : Bedane apa?
ANDHA RANTE       : Biyen ya wong mblasah-blasah ora tatanan. Kula niki perkara ning Kabupaten Pati.
SYEH JANGKUNG  : Ha ya, sing wis ya wis. Mugiya kapendhema ing bumine pangapura. Dadi, dina iki kang dipitaya kowe gawe geger nyang tlatah Pati ayo bareng-bareng tak jak sowan nyang Bupatine Mangun Oneng ning Pati.
ANDHA RANTE       : Wuih… Wuih… Wuih…
SYEH JANGKUNG  : Lha genea?
ANDHA RANTE       : Sampeyan ya dadi srayange Kanjenge Adipati mas?
SYEH JANGKUNG  : Ha iya…
ANDHA RANTE       : Hlah… mbok bawa rasa mas, wong kowe iki ora bedane kaya aku mbok wis, kowe sing kowe, cedhak karo Kanjenge Adipati ya cedhaka. Aku ya wis ben ngene, atiku ra seneng mas, nek atiku kuwi pada dirampas kamardikanku karo wong-wong Pati Pesantenan.
SYEH JANGKUNG  : Eeee… Lha nek kowe emoh ra seneng ya aja manggon ning ndesa, nyang ngalas. Jalaran, Negara iki ana sing mranata, aja nganggo karepmu dhewe.
ANDHA RANTE       : Ngene ya mas, nek ngomong iku nganggo watonan aja waton omong lho mas. Iki rak omah-omah kula dhewe a mas. Kampung-kampung kula dhewe.
SYEH JANGKUNG  : O kwe nduwe kapitayan nek iki omahmu dhewe.
ANDHA RANTE       : Cobi, nek upama sampeyan dadi kula nggih mas nggih...
SYEH JANGKUNG  : Ya… Ya… Ya…
ANDHA RANTE       : Wayah ora wayahe, kula sedina niku nyambut gawe teng sawah nggih kesel mas.
SYEH JANGKUNG  : Iya, nyambut gawe hare.
ANDHA RANTE       : Mulih, bar adus karepku ya leyeh-leyeh, wayahe kula mak ser ana wong padha grudag-grudug, grubyag-grubyug, ngalor-ngidul, ngetan ngulon, ngulon-ngetan. Bareng kumpul sebawane “lawaaaaa bubar, lawaaaaa bubar” ngono iku lho mas, ngono iku durung muni ngono wis lulang dipentheng ditaboh sak buanter-bantere mas. Sapa sing ora nggondhuk?
SYEH JANGKUNG  : Upama kowe tak jlentrehno wong kowe ora percaya, gampange wong ngucap ngarani apa sebabe para mukmin-muslim utawa wong islam nyebut Allahu Akbar iki Allah iki maha agung sing nyipta jagad lan sak isine. Tuladhane kaya kowe urip, urip ing alaming padhang iki ana sing nyipta, ana sing nggawe. Aja njur karepmu dhewe…
ANDHA RANTE       : Ngono iku nggawene piye mas?
SYEH JANGKUNG  : Ooo… Nggawene iki ya jenenge kibalan dzat, ora kena dideleng kasating netra. Tuladhane kaya kowe. Ora kaya sing ngujoli, sing nggawe ya wong tuamu upamane, ning wong tuwamu iku urip ana sing nguripke.
ANDHA RANTE       : Sapa sing ngawe urip mas?
SYEH JANGKUNG  : Sing nguripke ora ana siji loro, ya siji Gusti Alah SWT.
ANDHA RANTE       : Wah ya pada karo mau iki…
SYEH JANGKUNG  : Lha iya…
ANDHA RANTE       : Gusti Allah kuwi mau ya mas?
SYEH JANGKUNG  : Lha iya…
ANDHA RANTE       : Niku pawakane sepira mas?
SYEH JANGKUNG  : Lho iki ya ora wujud.
ANDHA RANTE       : Ning endi manggone? Gedhe cilike sepira? Gedhe endi karo aku? Gagah endi karo aku? Nek nduwe kuasa, kuasa endi karo Kanjenge Adipati Kadipaten Pati?
SYEH JANGKUNG  : Iku salah sawijining ghoib, kowe tak takoni. Cethane pada karo kowe iki ra nduwe rai. Raiem endi jajal? Aku tak takon?
ANDHA RANTE       : Lha nek iki mas?
SYEH JANGKUNG  : Iku pipi…
ANDHA RANTE       : Ooo iya, pipi.
SYEH JANGKUNG  : Lha iya…
ANDHA RANTE       : Hehehehe….  Lha iki dhak rai?
SYEH JANGKUNG  : Dudu… Iku irung.
ANDHA RANTE       : We iya, irung… Lha iki dhak rai mas?
SYEH JANGKUNG  : Bathuk.
ANDHA RANTE       : We iya, bathuk. Lha iki dhak rai?
SYEH JANGKUNG  : Janggut.
ANDHA RANTE       : We iya, janggut. Wong iki kok ngglibet.
SYEH JANGKUNG  : Lha iya, wong kowe ngglibet kok.
ANDHA RANTE       : Aku iki rumangsaku wis engkel, rumangsaku aku wis ngglibet. Kok ijeh kalah ngglibet karo cah iki.
SYEH JANGKUNG  : Lha iya, mula kowe ora nduwe rai.
ANDHA RANTE       : Raiku nok endi mas?
SYEH JANGKUNG  : Lha iya, iku gambarane. Mula Andha Rante.
ANDHA RANTE       : Ooo… Nak ngono Gusti Allah kuwi mau kaya rai mas?
SYEH JANGKUNG  : Ora, tuladhane kaya ngene, lho raiku nang endi? Ora wujud, upama iki irung, iki lambe upamane, iki pipi lan liya-liyane. Tegese Gusti Allah iku ora kasetran netra, kapitayan nyang roh utawa nyang ati, iki kapitayan. Aku ana sing nguripke kudu aku manut mubak mosiking kahanan, ayo padha melu ilining banyu, aja nungsang.
ANDHA RANTE       : Wuih, saiki kowe tek pinter tutur-tutur mas? Biyen kok dadi buron lurone wong Pati.
SYEH JANGKUNG  : Hiya ngene iki nek…
ANDHA RANTE       : Tak bacut tak krungu mateni ipemu Branjung dhewe.
SYEH JANGKUNG  : Lha iya iki sing wis ya wis.
ANDHA RANTE       : Halah, kowe iki karo aku upama dosa ndak ra ya kurang luwihe a mas.
SYEH JANGKUNG  : Ngene ya Andha Rante, iki tak upamakna ana becak amot setrup.
ANDHA RANTE       : Tegese mas?
SYEH JANGKUNG  : Ana Kethoprak nganti surup.
ANDHA RANTE       : Iku kok ora kalah ngglibet mas.
SYEH JANGKUNG  : Lha iya.
ANDHA RANTE       : Ngene lho mas, pokoke nek aku dikon lunga saka Desa Siti Hinggil kene, dioyako wong sak Pati, aku emoh mas.
SYEH JANGKUNG  : Ora gelem? Sisan nggawe tak upamakna wong nyabrang kali, aku balik klebus tak teruske uga klebus. Andha Rante, ora ketang kowe wong pinunjul, upamane isa nampani sajadahku iki, aku trima manut karo kowe.
ANDHA RANTE       : Aja banter-banter lho mas. Ambune aku ora betah mas.
SYEH JANGKUNG  : Lha ambune piye?
ANDHA RANTE       : Kecut…
SYEH JANGKUNG  : Ha iya, nek kecut kok mbok serot?
ANDHA RANTE       : Weh iya, kalah ngglibet neh aku.
SYEH JANGKUNG  : Bismillahirahmanirokhim. La khaula wala kuwata illabillahil aliyil adzim. Allahu Akbar…Allahu Akbar…(Syeh Jangkung menyerang Andha Rante dengan sorbannya).
ANDHA RANTE       : Adhuh… Adhuh…
ANDHA RANTE KABUR…
LALU ROMBONGAN ADIPATI MANGUN ONENG DATANG DIRUMAH ANDHA RANTE.
SYEH JANGKUNG  : Mangga… Mangga…
SUMBA PRADAN    : Kakang Syeh Jangkung… Kados pundi pawartosipun? Napa saget ngracut Andha Rante kacepeng?
SYEH JANGKUNG  : Mboten ketang saged mboten saged nyepeng, ewadene Andha Rante sampun oncat. Mung wae kula sujana, Andha Rante niku kulinane  mabuk-mabukan. Menawi kapareng wonten katumenggungan wonten remaja putri menika sinten?
SUMBA PRADAN    : Wonten kakang Jangkung, malah kapara yoga kula piyambak.
SYEH JANGKUNG  : Yoga sampean piyambak?
SUMBA PRADAN    : Nggih…
SYEH JANGKUNG  : Kula nyuwun ngampil minangka kangge Rante Emas. Mangke yen wonten menapa-menapanipun kula ingkang tanggel.
SUMBA PRADAN    : Bab anak kula ajeng sampean ampil kula paringke kakang Jangkung, ning bab kawilujenganipun sak wutahipun kula pasrahaken kakang Jangkung.
SYEH JANGKUNG  : Kula ingkang tanggel…
SUMBA PRADAN    : Nggih…
SYEH JANGKUNG  : Mangga, sawetawis…
SUMBA PRADAN PULANG MENEMUI ANAKNYA, KEMUDIAN MENGAJAK ANAKNYA UNTUK MENEMUI SYEH JANGKUNG UNTUK DIGUNAKAN SEBAGAI UMPAN UNTUK ANDHA RANTE.
BURANTI                  : Wonten napa bapa?
SUMBA PRADAN    : Kene… Buranti, ngawekani kanggo kawutuhaning kluarga ning Kabupaten Pati, kakang jangkung njaluk krana kanggo nyekel si Andha Rante. Jeneng sira diampil supaya dadi Rante Emas, mikut marang Andha Rante. Gelem apa ora kowe?
BURANTI                  : Menawi kados ngaten kula saguh.
SUMBA PRADAN    : Bab keslametanmu ndak pasrahake marang kakang Jangkung.
BURANTI                  : Ooo kados ngaten, matur nuwun sanget lho.
SUMBA PRADAN    : Kakang Jangkung, menika anak kula Buranti.
SYEH JANGKUNG  : Menika sampun cetha nek ingkang putra badhe minangkani menapa ingkang dados panyuwun kula.
Buranti, tak jaluk ngene ya nduk. Upamane, iki kena diarani Rante Emas. Gelar lair kowe seneng, ning bathin ora seneng. Kowe nggawa unjukan sing marai mendhemi, ngko yen wis mendhem ngko takon, ngko dheweke ngoceh apa pengapesane si Andha Rante. Ngono wae, kuwi jupuka unjukan…
BURANTI                  : Nggih ngestoaken…