Buku Tamu

Tuesday, October 2, 2012

Naskah Ketoprak Lakon "Andha Rante" 9


ADEGAN 4 PONDOK PESANTREN TUBAN
SANTRI                     : Assalmualaikum…
KYAI MAKDUM      : Waalaikumsalam…
Klinthing Wesi…
SANTRI                     : Dawuh dalem bapa..
KYAI MAKDUM      : Wis sawetara nggonmu tumeka ana ing Pondok Tuban kene.?
SANTRI                     : Pangapunten bapa, nanging sembah unjuk kula katur dhumateng bapa..
KYAI MAKDUM      : Senajan ta tan ana  wangune, nanging sira ora ninggalake purwa duksina. Lan ora ninggalake katrapsilan ngaturake sungkem pangabekti, tak tampa puja pangestumu, pangestuku tampanana..
Klinthing Wesi,
SANTRI                     : Dawuh dalem bapa..
KYAI MAKDUM      : Yen manut petungmu lan pelingmu nggonmu nyantri ana Pondok Pesantren Tuban kene wis pirang sasi?
SANTRI                     : Menawi miturut petangan kula bapa, kula cumondok wonten mriki sampun genep sekawan wulan.
KYAI MAKDUM      :  Wis ana patang sasi? Wis apal turutan apa durung?
SANTRI                     : Alhamdulillah bapa, sekedik mbaka sekedik kawula waos ngantos dados raosing manah kula.
KYAI MAKDUM      : Alhamdulillah, senajan ta mung lagi patang sasi anggonmu nyantri ana ing Pesantren Tuban, ning ewadene wis apal Qur’an. Wis khatam ya…
SANTRI                     : Nanging sing dadi pangunek kula bapa, saben kula maos lan maos serat-seratan Al-Qur’an namung kula badhe tanglet dumatheng bapa, namung…
KYAI MAKDUM      : Ngene ya Klinthing Wesi..
SANTRI                     : Kasinggihan dhawuh..
KYAI MAKDUM      : Yen pancen ana bab sing ngganjel sajroning atimu, sing kira-kira kowe durung ngerti. Yen kowe kepengin takon, aja tanggung-tanggung, takono.
SANTRI                     : Ngaten bapa, kepareng kula matur.
KYAI MAKDUM      : Mengko yen aku bisa, tak wangsuli. Ning ewadene ngko aku ora bisa, minangka tak nggo pawitanku mbisuke nggonku bakal paring piwulang marang kabeh para santri.
SANTRI                     : Kasinggihan bapa..
Menawi kepareng ingkang kaping setunggal kula badhe nyuwun pitedah bapa. Munapa ta ingkang dipun wastani iman lan taqwa? Menika kula taksih jeru bapa..
KYAI MAKDUM      : Kowe kuwi pancen ora ngerti apa ethok-ethok ora ngerti?
SANTRI                     : Dhuh bapa saestu kula dereng mangertos.
KYAI MAKDUM      : Bedane iman lan taqwa, kuwi pancen beda. Iman karo taqwa kuwi beda adoh. Iman kuwi hakikate percaya.
SANTRI                     : Iman niku hakikate percaya..
KYAI MAKDUM      : Iman kuwi tegese hakikate percaya, nanging para ahlu sunnah wal jammah para dewan ulama. Wis nganggit ana ing basa luhon, tenbunge Al imanu iktoru bilisan, wa amalun bil arkhan, nah, sing diarani iman kuwi ora mung percaya, kejaba percaya kudu gelem ngucapake sarana lisan lan nindakake sarat lan rukune. Apa sing tegese ngucapake sarana lisan? Ya kudu gelem ngucapake kalimat syahadat loro cacahe, sahadat tauhid lan sahadat rosul. Ashaduanlailahaillallahu, waashaduanna muhammadarasulullahu. Ora kena dibatin, ya kudu gelem ra gelem ya ngucapake, nek wis gelem ngucapake kudu gelem nindakake sarat lan rukune. Nindakake sarat-sarate, lan nindakake rukun-rukune. mangka rukun islam iku ana lima cacahe. Arkanu islam khomsatun. Eling ta le?… rukun islam iku ana lima iku apa kabeh coba? Kang sepisan piye?
SANTRI                     : Kang sepisan, kita kedah taat dumatheng gusti kang maha dumadi. Percaya lawan Muhammad utusanipun.
KYAI MAKDUM      : Lho… Lho… Lho…
Klinthing Wesi, Klinthing Wesi…
SANTRI                     : Pripun Kyai?
KYAI MAKDUM      : Kowe iki wis suwe nggonmu ngangsu kawruh ana ing Pondok Pesantren Tuban kene, ngisin-ngisini kowe iki he..
SANTRI                     : Ingkang Rukun Islam wonten pinten?
KYAI MAKDUM      : Kuwi ana limang perkara, kang sepisan piye? Kaping pindho piye? Kaping telu piye? Kaping papat piye?
SANTRI                     : Dhuh bapa, kula akoni kula menika murid ingkang cubluk saking manah. Pramila kula makaping-kaping tanglet dumatheng bapa.
KYAI MAKDUM      : Ya,,, Ngene ya Klinthing Wesi. Nek pancen kowe durung bisa, mbaka sithik, mbaka sithik kowe sinau. Ing mengkone kowe bakal bisa, luwih-luwih mengko kaya aku. Waton, man jadda wa jadda. Sapa sing temen bakal tinemu, waton kowe iki tekun lan gelem sinau ing saben dinane kwe gelem maca ananing kitab Al-Qur’an insyaallah ing mbesuk kwe bakal dadi wong kang sholeh. Ngono ya…
Sing diarani taqwa, nek kowe wis nindakake kabeh rukun islam wis mbok tindakake kabeh, kuwi lagi kowe diarani taqwa. Ciri-cirine wong taqwa kuwi ya Klinthing Wesi..
SANTRI                     : Kados pundi bapa cirri-cirinipun?
KYAI MAKDUM      : Kang sepisan, percaya ananing sifat kang ghoib ya percaya ananing Gusti Allah lan percaya ananing malaikat.
Kaping pindho, gelem nafakohake saperangane rejeki. Kaping telu gelem nindakake shalat, kaping papat percaya ananing kitab Al-Qur’an  sing di turunake dening kanjeng Nabi Muhammad SAW, kaping lima kudu percaya ananing kitab-kitab sing diturunake sadurunge kanjeng Nabi Muhammad. Kaping nem percaya ananing dina akhir ya dina kiamat. Kuwi bedane antarane iman lan taqwa.
SANTRI                     : Dados menika wau ingkang bedanipun iman kalih taqwa bapa. Kasinggihan bapa, mugi-mugi kula saged sinabet ing manah kula.
Kejawi saking menika bapa..
KYAI MAKDUM      : Piye?
SANTRI                     : Mbok bilih kepareng ingkang kaping kalih kula badhe…
KYAI MAKDUM      : Arep takon apa meneh?
SANTRI                     : Mbok bilih kepareng..
KYAI MAKDUM      : Ho’o…
Ya ngene Klinthing Wesi ya.. nek pancen kwe gelem dadi wong Islam, dadiya wong islam sing sakbener-benere Islam. Ya…
Wong Islam kwi ndwe kuwajiban kudu isa njaga maring akhlakul karimah, tingkah laku kang becik. Kejaba saka kuwi nalika semana kowe tau tak bai’at. Ya…
Yaayuhalladzina amanu khudkul li islimi kaffah, he wong kang pada iman lumebua sira Islam utawa dadia sira wong Islam sing sakbener-benere Islam. Wong Islam kuwi ndwe kewajiban nyelametake karo wong Islam. Al muslimu li akkhi muslim, wong Islam kuwi sedulure wong Islam. Mulane wong Islam nduweni kewajiban nyelametake marang wong Islam.
SANTRI                     : Mugi-mugi kula saged nindakake munapa ingkang dados aturipun bapa Makdum Alatas.
Nggih bapa, kepareng kula matur pitakenan kula kaping kalih.
KYAI MAKDUM      : Piye?
SANTRI                     : Sesampunipun kula diwulangreh panjenenganipun bapa Makdum Alatas, sampun nggatekaken. Namung kang setunggal menika bapa, ingkang badhe kula aturaken dumatheng ngarsanipun bapa Makdum Alatas.
KYAI MAKDUM      : Ing bab apa?
SANTRI                     : Katresnan bapa…
KYAI MAKDUM      : Katresnan..?
SANTRI                     : Inggih..
Kula niki nggadahi katresnan, namung wonten setunggal ingkang pepalangipun bapa.
KYAI MAKDUM      : Pepalange sapa tole..?
SANTRI                     : Ramanipun mboten nyarujuki dumateng kula, kados pundi supados tiyang sepuhipun saget rumepeh lan saguyub atur dumateng kula niku kados pundi bapa Makdum Alatas?
KYAI MAKDUM      : Kowe seneng karo bocah wadon..
SANTRI                     : Nggih bapa..
KYAI MAKDUM      : Ning ra ntuk sarujuke wong tuane?
SANTRI                     : Leres…
KYAI MAKDUM      : Karepmu kowe arep mbacut apa arep medhot?
SANTRI                     : Menawi kula bapa, ingkang diwastani tresna menika saking tumukule ati, kula mboten saged ginggang bapa. Kula gumathuk lan taksih tresna inggih ingkang wadonipun inggih tresna kalih kula bapa.
KYAI MAKDUM      : Klinthing Wesi..
SANTRI                     : Kasinggihan bapa.
KYAI MAKDUM      : Jeneng wong jejodohan wong omah-omah kwi ora mung ngrabeake awake dhewe, kejaba ngrabeke awake dhewe uga ngrabeake wong tuwa lan sedulur. Ya..
Tiwasa kowe kelakon omah-omah ning nek ora ntuk restune wong tuane lan sedulure, Allahu a’lam. Kira-kira nggonmu omah-omah kuwi ora bakal tentrem.
SANTRI                     : Ngaten bapa..
KYAI MAKDUM      : mangka, jroning wong omah-omah kuwi mbutuhake marang katentreman.
Klinthing Wesi, ana ing surat ar-rum ayat 21 juz 21 wis katulis lan kangendikaake, wamin ayati anqolaqolakum min anfusikum ajwaja litaskunu ilaiha, wajalamatakum mawadatan warohmah inna min dalikal khayatin khaum yatafakarun.
Lhah…
Kuwi tegese ”lan tandha-tandha panguasaning Gusti Allah kang wis nyipta marang sira kabeh minangka pasangan urip saka jenis sira dhewe, tegese jenis sira dhewe kuwi rak menungsa ya karo menungsa, nek kewan ya karo kewan supaya padha ndadekake rasa tresna lan kasih saying.
SANTRI                     : Mekaten bapa..
KYAI MAKDUM      : Ning tanpa ngono kuwi kanggone wong sing pada percaya. Ning ewadene kwe arep mbacut ya sumangga, ning aku meling aja kebacut saguh..
SANTRI                     : Menawi wekasanipun bapa Makdum Alatas kados mekaten, kula namung nuduh pangestunipun bapa.
KYAI MAKDUM      : Nah, saiki ngene ya Klinthing Wesi…
SANTRI                     : Kasinggihan bapa..
KYAI MAKDUM      : Mula apa sebabe kok kabeh para santri ora tak keparengake pada ngadhem ana ing Pondok Pesantren kene, merga sebab kapribadenku karo kowe sing bakal tak aturake.
SANTRI                     : Misahipun dados kejot manah kula bapa, ndilalah kapironggan dumateng bapa Makdum Alatas.
KYAI MAKDUM      : Gandheng nggonku syi’ar marang Agama Islam ana ing tlatah Tuban kuwi, kuwi wis rampung. Sing nalika semana ing Tuban akeh wong sing pada ngrasuk maring Agama Hindhu lan Budha, ning Alhamdulillah saiki wis kagugah atine wis pada gelem ngrasuk maring Agama Islam. Malah kapara ing Tuban mangsa kalungguhan iki kena diarani udan santri banjir langgar. Wus akeh ing desa-madesa, kampung mlebu kampung wis padha ngedekake maring laggar lan masjid-masjid.
SANTRI                     : Kersanipun bapa Makdum Alatas menawi saged tlatah Tuban dados bubar wulanganipun napa sampun napa sampu tumetes sampun ndungkap bab bapa badhe ngersaaken dangu kula punika wau..
KYAI MAKDUM      : Sing kekarepku aku bakal mencarake mbanliake nggonku bakal nyebarake bab Agama Islam ana ing Jawa Tengah, pusere ana ing tlatah Mataram.
SANTRI                     : Ngoten, kejuru mekaten..
KYAI MAKDUM      : Sawetara iki, ing Pondok Pesantren uga tak pasrahake karo kowe Klinthing Wesi.
SANTRI                     : Punapa mboten kepareng kula ndhereake bapa?
KYAI MAKDUM      : Ora tak keparengake..
SANTRI                     : Nggih, kula bakal njaga pesantren niki bapa Makdum Alatas..
KYAI MAKDUM      : Aku pamit dhisik.
SANTRI                     : Bapa Makdum Alatas, sumangga dhereaken bapa..

Naskah Ketoprak Lakon "Andha Rante" 8

ADEGAN 5 PASEWAKAN AGUNG KERAJAAN MATARAM
SULTAN AGUNG    : Kanjeng Prameswari…
PRAMESWARI         : Kula wonten dhawuh Kanjeng Sultan..
amung sungkem bekti kula katur Kanjeng Sultan…
SULTAN AGUNG    : Ya… Wis ingsun tampa Kanjeng Prameswari.. Ya mung pamujiku wae napak sira tampanana.
PRAMESWARI         : Sanget anggen dalem mugi ndadosaken bingahe pangrantu.
SULTAN AGUNG    : Dikepenakke anggonmu lungguh..
PRAMESWARI         : Kasinggihan Kanjeng Sultan.
SULTAN AGUNG    : Kakang Patih Nerangku Bumi…
PATIH                                    : Nampi dhawuh Kanjeng Sultan.
SULTAN AGUNG    : Ndika sampun ngadhep wonten ngarsa dalem, lajeng kados pundi kahanan ing negari menika?
PATIH                        : Gusti pepundhen kula ingkang sifat titah sinanjung para priyagung sinunggung para brahmana. Kanjeng Sultan, ayahan dalem dawuh sampean dalem kula ayahi. Niti pirsa wonten ing sak njawine kitho Raja para kawula dasih ayem tentrem tuwuh ing boga tinebih ing sakit, Kanjeng Sultan.
SULTAN AGUNG    : Sukur kakang Nerangku Bumi, yen kabeh para kawula ing Kasultanan Mataram wis pada ngrasake ayem lan tentrem.
PATIH                                    : Inggih…
SULTAN AGUNG    : Ora ana sing padha kekurangan salah sawijining upa.
PATIH                                    : Inggih…
SULTAN AGUNG    : Nerangku Bumi..
PATIH                                    : Pangandika..
SULTAN AGUNG    : Pegawean kang becik wis kayahan, supaya pada dirasake marang kabeh para kawula lan dinuat marang nayaka sing dadi bawahanmu.
Aku uga percaya, kakang Nerangku Bumi lan sliramu Kanjeng Prameswari.
PATIH&PRAMES     : Inggih…
SULTAN AGUNG    : Tumungkule Agama Islam ing swantaka wis banget nggawe bombonge penggalihku, katitik saka wiwit pucuking nduruhana kae nganti teka Solo, Slawi kitho Raja kene. Papan panembah sing jengene mushala lan mesjid wis ora ana ucule, pratandhani yen Agama kuwi ing nuswantara wis banget nggone ngrembaka. Rak ngono to kakang..?
PATIH                                    : Kaluhuran kadangpun Kanjeng Sultan..
SULTAN AGUNG    : Ya ya…
Mula… ayo pada tansah nyenyuwun marang pangarsane Gusti Allah SWT, supaya Negara iki bisa tentrem lan ayem.
Sajake arep ana kawula sing munggah ing ngarsaku kene.
Iki rak Bupati Pati Mangun Oneng..???
SULTAN MEMPERSILAHAN DUDUK MANGUN ONENG DENGAN ISYARAT OLEH KEDUA TANGAN SULTAN.
SULTAN AGUNG    : Kakang Nerangku Bumi, sawetara lungguhmu dikepenakke.
PATIH                                    : Inggih…
SULTAN AGUNG    : Adipati Mangun Oneng..
BUPATI PATI           : Dhawuh katimbalan Kanjeng…
SULTAN AGUNG    : Apa wedha kaladan sowanmu ana ing kene?
BUPATI PATI           : Awit saking berkah pangestu dalem Kanjeng Sultan kula murih ing sakala-kala, dhuh sinuwun…
sembah kula katur..
SULTAN AGUNG    : Ya.. Ya..  Banget anggonku ngono..
Ya mung pangestuku wae balik tampanono Mangun Oneng.
PATIH                                    : Kula tampi, kula jejimat, kula pepundhi sinuwun..
SULTAN AGUNG    : Ya.. Ya..
BUPATI PATI           : Owahana karahyunipun para kawula ing sakukuban Pati, salebetipun kula embani kula jinaga.
KENDHIL WESI       : Semanten ugi kula ngaturaken sembah pangabekti kula wonten ngarsanipun sinuwun..
SULTAN AGUNG    : Iki sapa iki..??
BUPATI PATI           : Menika waranga dening saking Pati..
KENDHIL WESI       : Kula Kendhil Wesi sinuwun..
SULTAN AGUNG    : Oooooo…..  Kendhil Wesi..
Ya..ya..ya..  Tak tampa, mung pangestuku wae bali sira tampanana.
KENDHIL WESI       : Mugi ndadosaken kajwanganpun abdi kula Kendhil Wesi.
SULTAN AGUNG    : Ya, dikepenakke anggonmu lungguh.
Adipati Mangun Oneng,..
BUPATI PATI           : Paring dhawuh sinuwun..
SULTAN AGUNG    : Sajake, ana wigati sowanmu ana ing Pendhapa Agung Kasultanan Mataram kene. Coba, coba matura keng cetha ngarep Ingsun ben gamblang anggonmu matur.
BUPATI PATI           : Kepareng konjuk lepat pangapunten dalem.
Dhuh sinuwun, tebih saking Pati keraya-raya kula minggah wonten ing tunggaking Pendhapi Agung wonten ing Praja Mataram wonten ing ngersa dalem sampeyan pun Ingkang Sinuwun Kanjeng Sultan Agung.
Mila sepisan, tujuning kawula menika minangka kawula dalem ingkang kaleres kaprintah saking ngersa dalem ingkang sinuwun. Mila saking menika sowan kula sepisan niat kepengen silaturokhim kaleres menika nembe kemawon umat Islam sami mengeti dinten lebaran, dinten riyadi. saking menika sinuwun, kula mawantu-antu panyuwun kula ingkang supadosa sowan kula menika kinarya sowan ingkang mawi ancas halal bi halal. Sepinten lepating abdi dalem kula pun Mangun Oneng ing salebetipun suwita ing ngarsa dalem. Sampeyan dalem ingkang sinuwun ingkang agung ing pangaksaminipun.
SULTAN AGUNG    : Gedhe pangapuraku marang sliramu Adipati Mangun Oneng..
BUPATI PATI           : Nun inggih sinuwun..
SULTAN AGUNG    : Kosokbaline wae, kabeh kaluputan muga-muga lebura ing dina iki bebasane.
BUPATI PATI           : Nun inggih kanjeng sinuwun..
SULTAN AGUNG    : Njur ana wigati apa?
BUPATI PATI           : Menika terus bablas tumuju ancas kemawon..
SULTAN AGUNG    : Ya..ya..ya..
BUPATI PATI           : Genahipun wonten ing Pati kalenggahan menika kawontenanipun dipun damel geger dening salah satunggaling kawula dalem ingkang nami Ki Andha Rante ingkang mapan wonten ing Dusun Siti Hinggil.
SULTAN AGUNG    : Kadipaten Pati digegerke satunggiling manungsa sing jenenge Andha Rante?
BUPATI PATI           : Nun inggih…
SULTAN AGUNG    : Mangun Oneng, Kadipaten Pati sakukube wis ingsun pasrahke marang sira.
BUPATI PATI           : Nun inggih Kanjeng..
SULTAN AGUNG    : Dadi, amis lan bacin kuwi gumantung nyang sliramu. Ewadene kok kowe ora kuwagang isih mbutuhake sabiyantu ingsun, ingsun ora kabotan bakal paring pambiyantu marang sliramu. Apa sing mbok butuhake?
BUPATI PATI           : Dhuh sinuwun, kadhodoh sumangga asta katigas sumangga jangga. mila, kula minangka salah satunggiling tiyang dalem ingkang mboten saged nindakaken ayahan. Mila mbok menawi kula mboten saged ngawekani, mboten saged ngendaleni kridhanipun Ki Andha Rante.
SULTAN AGUNG    : Njur pawadane apa? Mangun Oneng…
BUPATI PATI           : Ki Andha Rante hanggadahi kasekten ingkang linangkung sinuwun. Ingkang satya menika terus terang kemawon abdi dalem kula pun Mangun Oneng nyadhong paring sabiyantu panjenengan dalem murih kawontenanipun Ki Andha Rante mboten kelajeng-lajeng anggenipun damel ontran-ontran ing Kadipaten Pati.
SULTAN AGUNG    : Nek ancen kawula ing Kadipaten Pati wis ora kuwawa, banda anane sira Andha Rante, mundhuta prajurit utawa kekuatan ingsun ing Kasultanan Mataram, Ingsun ora bakal kabotan maringi. Nanging, yen ta pancen ana cara sing kudu ora nganggo srana peperangan njur cara apa Mangun Oneng? Ingsun bakal manut. Watone, wong sing pada nindakke shalat utawa manembah ana panguasane Allah SWT ora rumangsa diganggu. Kuwi panyuwunku.
BUPATI PATI           : Sinuwun, kajenge Ki Andha Rante menika ingkang dados telenge lembah namung perkawis keyakinan, perkawis iman. Cekap kanggenipun, saking mersukeng mestinipun ingkang ngadhepi Ki Andha Rante sak mboten-mbotenipun satunggiling tiyang ingkang sampun pana dhateng sesrepan bab agami, sinuwun..
SULTAN AGUNG    : Banjur saka pamawasmu wis tatjilan kyai ndi? Ingkeng bobote sak ndhuwure Ki Andha Rante..
BUPATI PATI           : Mataram menika jembar kalangkung sinuwun, mestinipun katah kyai ingkang sampun pana bab agami.
SEBELOM PERCAKAPAN ANTARA SULTAN AGUNG DENGAN ADIPATI PATI SELESAI, DATANGLAH KYAI MAKDUM ALATAS, LALU MEREKA SALING BESALAMAN..
SULTAN AGUNG    : Katuran lenggah kisanak..
Kisanak, kula dereng nate srawung, sumerep nembe sakmenika. Sak derengipun katuran lenggah ingkang prayogi, salam taklim kula mugi panjenengan tampi.
KYAI MAKDUM      : Sanget anggen kula nampi, mugia ndadosaken teguh karahyon kula Kanjeng Sinuwun..
SULTAN AGUNG    : Inggih..
KYAI MAKDUM      : Namung nyuwun sewu sak derengipun, anggen kula mukti wonten ing Pendhapi Agung tan mandheng ketak saking trajuning manah lan niating ati kula, kula badhe sungkem wonten ngersa dalem Kanjeng Sultan Agung Hanyakra Kusuma.
SULTAN AGUNG    : Dhuh kisanak, sampun kula tampi mugya hanambahana daya kekiyatan kula anggen kula ngayomi dumateng kawula ing kauripan sami.
KYAI MAKDUM      : Sukur Alhamdulillah dumawah sami-sami Kanjeng Sultan..
SULTAN AGUNG    : Kodi panjenengan kapangarsa menika katitik mawas panjenengan menika anget ndamelke usitas agungipun kyai ingkang sampun tumunjul.
KYAI MAKDUM      : Menawi sudi  hamastani, nami kula Makdum Alatas..
SULTAN AGUNG    : Makdum Alatas..
Mangun Oneng..
BUPATI PATI           : Wonten dalem sinuwun..
SULTAN AGUNG    : Apa sliramu wis nate pirsa sing jenenge Makdum Alatas..??
BUPATI PATI           : Sagah duka dalem, nembe sepisan menika abdi dalem kula mangertos..
SULTAN AGUNG    : Lajeng lenggah wonten pundi?
KYAI MAKDUM      : Kula menika saking pesisir ler, pernahipun wonten ing Jawi Wetan wonten gisikipun samodra ler, nggih peneripun wonten ing Tuban.
SULTAN AGUNG    : Taksih wewengkon Kadipaten Tuban.
Sawusnae, lajeng wonten bab ingkang menapa, miwah wonten kersa menapa, ngantos panjenengan tindak ing Pendhapi Agung Kasultanan Mataram?
KYAI MAKDUM      : Nggih, nuwun sewu Kanjeng Sultan.
Ingkang sepisan kula silaturakhim. jangkep kaping kalihipun lan ing wulan syawal menika, menawi dipun keparengaken kula badhe ngaturaken minal aidzin wal faidzin. Menawi wonten dosa kalepatan kula ingkang kula sengaja sarta mboten kula sengaja mugia panjenenganipun Kanjeng Sultan sumrambahipun sagung praprawira ing Metaram, lumuntur sagunging para kawula wonten ing pajangan mriki kersaa paring pangapunten sedaya dosa kalepatan kula..
SULTAN AGUNG    : Dhuh sang ustadz, malah kula mboten kuwawi, matur ingkang kathah sanget.
Nggih,,, sedaya kala wau mugi-mugi kalebur ing dinten riyadi menika.
KYAI MAKDUM      : Alhamdulillah…
SULTAN AGUNG    : Sang ustadz,, blaka kemawon, badhe wonten kersa napa?
KYAI MAKDUM      : Ingkang kaping tiganipun Kanjeng Sultan..
SULTAN AGUNG    : Inggih..
KYAI MAKDUM      : Tebih saking tlatah Tuban dumugi ing Mataram njumbuhaken dateng kalenggahan kula wonten ing Tuban, wonten ing Tuban menika kalenggahan kula minangka ustadz
SULTAN AGUNG    : Nggih..
KYAI MAKDUM      : Nggih..
Kula kepingin nindakaken amar ma’ruf nahi munkar mulang dateng ing kabecikan nyegah tiyang-tiyang ingkang tumindak angkara murka.
SULTAN AGUNG    : Owalah…
KYAI MAKDUM      : Trajuning manah, syi’ar dateng Agami Islam Kanjeng Sultan..
SULTAN AGUNG    : Maturnuwun…
Sang ustadz, jahkul kaleresan menawi kersanipun badhe syi’ar Agami Islam. Menika, wonten ing Kadipaten Pati manut dumateng aturipun Adipati Pati…
KYAI MAKDUM      : Napa sakmenika dipun keparengaken?
SULTAN AGUNG    : Lhoh..  Pripun…???
Kula menika sami-sami tiyang Islam, namung kula nggadahi kuwajiban nata dumateng para kawula.
KYAI MAKDUM      : Sukur Alhamdulillah menawi panjenengan Sultan ngeparengaken anggen kula badhe syi’ar Agami Islam wonten ing Jawi Tengah mriki.
SULTAN AGUNG    : Mila ing ngajeng kula sampun matur. bilih kaleresan menawi kersanipun sang ustadz kados ngaten, ing Pati menika lho priyayine dereng kondur, wonten saglintiring manungsa ingkeng ngganggu dumateng para kawula ingkang sami nindakake shalat utawi manembah wonten ing ngersanipun Gusti Allah SWT, Naminipun Ki Andha Rante. Rak ngono ta Mangun Oneng..?
coba sliramu tak keparengake wawan pangandikan..
KYAI MAKDUM      : Menapa kepareng kula badhe srawung kaliyan…
SULTAN AGUNG    : Nggih… Nyumanggaken…Nyumanggaken…
KYAI MAKDUM      : Dipun srawungaken Kanjeng Adipati, nami kula Makdum Alatas.
BUPATI PATI           : Kula Mangun Oneng..
KYAI MAKDUM      : Ooo… Kanjeng Adipati Mangun Oneng.
BUPATI PATI           : Nggih..
KYAI MAKDUM      : Kula sampun nate mireng asma panjenengan, serat gunging pengayoman ing Kadipaten Pati ingkeng asmanipun Bupati Mangun Oneng, namung pinanggih piyayinipun nembe pisan menika..
BUPATI PATI           : Sampun ngantos kelajeng-lajeng anggenipun ngumbul-umbulaken, mangke menawi dhawah mindhak sarwa anteb, sakitipun mboten limrah..
KYAI MAKDUM      : Hahaha…
BUPATI PATI           : Mula kalih menapa ngambah menika ingkang dados satunggalaning ingkang pinunjul, mila ting Pati punika wonten salah satunggiling kawula, ingkang sampun ngganggu damel kaliyan para-para ingkang badhe sami nindakaken ngibadah, naminipun Ki Andha Rante mapan wonten ing Dusun Siti Hinggil. Lajeng Ki Andha Rante menika anggadahi kasekten ingkang linangkung. Ing mangka terus terang kenawon kula mboten nyembadani tandhing kaliyan Ki Andha Rante. Dhawah kaleresan bilih Ki Ustadz muluk ing penggalih kersa mbiyantu dateng kula ing saklebetipun mangreh kawula ing Pati, saingga Pati saged nggayuh katentreman..
KYAI MAKDUM      : Nyuwun sewu Kanjeng Adipati, kula nyuwun pirsa..
Tiyang ingkang naminipun Andha Rante menika tiyang waras napa tiyang majenun menika? Kok manut ngendikanipun Kanjeng Adipati Mangun Oneng nek suka ngganggu gawe bocah-bocah sing badhe nindakaken shalat wonten langgar napa dene wonten mesjid. Niku wong edan napa wong waras?
SULTAN AGUNG    : Nggih pangapunten, mangga dipun buktekaken piyambak. Mangke sang ustadz temtu badhe pirsa tenane Ki Andha Rante iki wong waras napa mboten utuh..
KYAI MAKDUM      : Ning ingkang luwih nggumunake malih
BUPATI PATI           : Nggih,,, pripun…pripun..??
KYAI MAKDUM      : Nek Andha Rante niku namung tiyang setunggal ewadene panjenengan niku pengayoman ing Kabupaten Pati katah prajuritipun. Lho ewadene kok mboten kuwagang, agengipun mbanda ngendali si Andha Rante..
BUPATI PATI           : Soale nek mboten ngaten mboten lelampahan, naminipun lakon.. lakonipun Andha Rante. Dados menawi Andha Rante menika namung mayang anggenipun ngasoraken nggenipun ayahan menika rak mboten dumugi ngantos mangke sonten..
KYAI MAKDUM      : Dadi nek lakon niku menangan nggih…
Nggih…
Kanjeng Sultan, sampun ujang lan permana saksampunipun kula nyundhen kaliyan Kanjeng Adipati Mangun Oneng. Cethanipun, tiyang menika nggih tiyang waras, namung nggadhahi kasudibyan kang winantu saingga katahing para prajurit mboten kuwagangi pungunipun si Andha Rante.
SULTAN AGUNG    : Namung kula nyuwun nggih, mangga kados pundi murih Ki Andha Rante menika leren anggenipun tumindak ngganggu kabener kayantyasing kang badhe nindakake shalat.
KYAI MAKDUM      : Namung sakderengipun nyuwun pangapunten Kanjeng Sultan, kula selak niku mboten kedah ugi dereng rentenan. Pramila ugi kula kepengen mbuktekaken pinganggih piyambak kaliyan piyayinipun ingkang nami Andha Rante menika.
SULTAN AGUNG    : Mekaten nggih sang Ustadz…
Mangun Oneng…
BUPATI PATI           : Dawuh dalem sinuwun..
SULTAN AGUNG    : Aja diselaki, kanthimu saguh tak dahat. Asmaku napak tampanana, kanthia ing ati-ati..
BUPATI PATI           : Ngestoaken Kanjeng Sultan…
SULTAN AGUNG    : Iya…Ya..
BUPATI & KYAI      : Assalamualaikum…
SULTAN AGUNG    : Waalaikumsalam…
BUPATI PATI, KENDHIL WESI & KYAI MAKDUM ALATAS PERGI MENINGGALKAN PENDHAPA AGUNG KASULTANAN MATARAM MENUJU KE PATI.

Naskah Ketoprak Lakon "Andha Rante" 7


ADEGAN 6 TAMAN SARI(KAPUTREN)
PARA EMBAN MENARI DAN MENARI MENGHIBUR DIRI SENDIRI DAN JUGA MENGHIBUR NDARA PUTRI.
NDARA PUTRI RAWUH..
EMBAN                     : Mangga…
NDARA PUTRI         : Aku iki kok pengen kaya kowe-kowe kabeh ngono lho..
EMBAN                     : Nggih… Kersanipun kados pundi?
NDARA PUTRI         : Dadi tekaku ana ing taman sari iki, aku arep ngajak kowe kabeh
EMBAN                     : Pripun..??
NDARA PUTRI         : Ayo padha ngaturaken sugeng riyadi minal aidin wal faidzin mohon maaf lair lan batin karo piyayi kene nduk..
EMBAN                     : Ooo…
Nggih,,,, nggih…
Kala wau sampun matur.
NDARA PUTRI         : Wah kowe ko pinter ya..
EMBAN                     : Nggih niki taksih wulan ba’da..
NDARA PUTRI         : Biyung..
EMBAN                     : Dalem..
NDARA PUTRI         : Ora maido, banget anggonku nyawang sliramu kuwi mau jane ya nyenengke ati. nanging, Mengko bisa dibacutke ana ing dagelan.
Saiki aku mung arep ngutus marang kowe.
EMBAN                     : Kersanipun kados pundi?
NDARA PUTRI         : Supaya kowe kuwi tak utus yen dhawuhi Raden Danang supaya nyedhak ana ing taman.
EMBAN                     : Dipun aturi rawuh wonten ing taman..?
NDARA PUTRI         : Heem…
EMBAN                     : Sakmenika..
Nggih, ngestoaken..
LALU MBOK MBAN MEMANGGIL RADEN DANANG UNTUK MENGHADAP NDARA PUTRI.