Buku Tamu

Tuesday, October 2, 2012

Naskah Ketoprak Lakon "Andha Rante" 12


Transkripsi ketoprak lakon "Andha Rante"
 
S.W. Ketoprak Sri Kencono Budoyo Pati
ADEGAN 1: PERANG DI ALAS DESA SITI HINGGIL.
ANDHA RANTE       : Yen tak rasak-rasake, wong kok seneng ngganggu kamardikaning liyan. Wayah ora wayahe, grudag-grudug, ngalor-ngidul, ngetan-ngulon. Lulang dibentheng, dijereng, digebugi blang-bleng, blang-bleng, lawaaaaaaaaa bubar, lawaaaaaaaaaaaa bubar.. ora o diprintah bubar nek wayahe surup surya ya budhal luru mangsa dhewe-dhewe. Wong kok padha gendheng, wong kok padha edan. Sedina nyambut gawe, mulih karepku ya ngaso leyeh-leyeh. Meneh, wayahe wong turu lulange di bentheng meneh digebugi meneh blang-bleng, blang-bleng, grudug ngalor, grudug ngidul, lawaaaaaa bubar, lawaaaaa bubar… jagad iki jagade dhewe apa piye? Jagad iki jagade wong akeh. Anggere padha mribeni lehku turu tak brenggkolangi watu, ora perduli. Hah, wong iki omah-omahku dhewe, desa Siti Hinggil kene iki biyen tinggalane bapakku dhewe. Kok dibribeni. Mandheg sedela, bareng-bareng ora mung siji loro kamin-kamin… upama celuk-celuk kang kamin iki rak ora kaya ngono kuwi bantere a. wah-wah-wah… yen tak rasak-rasakna wong Pati iki padha arep edan kabeh po piye? Nek gelem mbok niru aku iki sing waras.
TIBA-TIBA KEDUA TUMENGGUNG UTUSAN DARI PATI DATANG. TUMENGGUNG SUMBA PRADAN MEMULAI PEMBICARAAN DENGAN ANDHA RANTE.
SUMBA PRADAN    : Najan mung sak paduran aku ra pangling, menawa kowe                                        ki Andha Rante.
ANDHA RANTE       : Nggih kula namine Andha Rante..
SUMBA PRADAN    : Nanging aku pengen ketemu karo kowe iki apike ning omah opo ning kene ae?
ANDHA RANTE       : Teng ngriki dak mboten napa-napa a..
SUMBA PRADAN    : Ngono ya..
ANDHA RANTE       : Nggihh…
SUMBA PRADAN    : Nek ancen ora apa-apa, tak bacutke anggonku arep rerembugan karo kowe.. Kowe wis ngerti aku mbok menawa ya?
ANDHA RANTE       : Sampeyan sinten?
SUMBA PRADAN    : Aku Tumenggung Sumba Pradan.
ANDHA RANTE       : Ooo… Priyayi saking Kadipaten Pati Pesantenan niku..
SUMBA WILIS         : Aku Tumenggung Sumba Wilis,..
ANDHA RANTE       : Enten napa sampean kok padha teka teng dukuh Hinggil niki?
SUMBA PRADAN    : Ngono ya… Rehning aku uga narapraja ning Kadipaten Pati. Kareh marang reksa dalem Kanjeng Adipati Mangun Oneng ing Kadipaten Pati. kang supaya nakyenake njangkahke sukuku nyang bumi Siti Hinggil nanjehake apa tenan okeh wong padha kandha jare ono pawongan kang jenenge Andha Rante gawe kisruh nyang wewengkon Siti Hinggil..
ANDHA RANTE       : Niku sing padha kandha niku sinten?
SUMBA PRADAN    : Ya kalebu wong Siti Hinggil kono kang padha munggah nyang pendhapa ageng Kadipaten Pati.
ANDHA RANTE       : Kula niku ora nggawe kapitunane wong-wong mriki mboten, kula mboten nggawe kapitunan wong Pati niku mboten, ning  wong-wong niku sing padha nggawe kapitunan, nggawe gelaning atiku
SUMBA PRADAN    : Kuwi kanggomu, kanggomu ora gawe kapitunan wong Siti Hinggil, ning kanggone wong Siti Hinggil rumangsa mbok gawe kapitunan..
ANDHA RANTE       : Mboten mawon, sing gawe kapitunan niku nggih wong-wong niku.
SUMBA PRADAN    : Coba kandhakke, sebabe piye…???
ANDHA RANTE       : Kula niku wong getapan kuping, angger getih kula mpun panas, mangka munjuk, mripat kula dadi abang, kuping kula njepiping..  wayah mboten wayahe, limah-tumahe, wong grudug ngalor, grudug ngidul, grudug ngetan, grudug ngulon mboten karuan parake. Teng ngriku pada nglumpuk, Lulang dibentheng digebugi blang-bleng, blang-bleng, blang-bleng ana sing nyuara lawaaaa bubar, lawaaa  bubar .. lho niku lawa niku mboten usah diprintah kon bubar, nek mpun wayahe sore surup ngatenika, niku lawa padha budhal dhewe-dhewe padha buyar golek pangan, lho kok disebuti lawa bubar. Ngaten niku pripun? Trus meneng.. sedela mpun kula rada kepenak kethoke tak rungokno alon-alon, kula mpun mboten krungu, bareng meneh disambung, kamin-kamin… lho kamin teng mriki niku pinten iji?
SUMBA PRADAN    : Tak wangsuli pitakonmu.. Sepisan kang ana pawongan ngalor, ngidul… Kuwi mertandhake pada nggone rukun, lan nggone rukun kuwi mau tumuju ning papan ibadah utawa ning papan suci papan sing kanggo shalat sembahyang kanggo nyembah marang panguasane gusti, kapindho lulang dibentheng kae digawe bedhug kanggo pratandha menapa ta dina jum’at dithuthuk kae dino jum’atan kanggo sembahyang. Kaping telu kang kok arani lawa bubar kae jenenge undang-undang wong kang arep shalat sembahyang, jenenge adzan, Allahu akbar, ora kok lawa bubar. Allahu akbar Allah maha besar, iki kanggone wong islam. Mula nek nganti ana wong sing padha nglakoni kaya ngono tak jaluk, nek kowe gelem gawe tentreming Negara Siti Hinggil, Kadipaten Pati Desa Siti Hinggil kuwi ya aja kaya ngono. Ana tembung lakum dinukum waliyadin, kowe kowe, aku aku, aja ngganggu marang kamardikane liyan. Ngono lho..
ANDHA RANTE       : Ngeten nggih, kula kok ra mudheng rembugane sampeyan..
SUMBA PRADAN    : Ya ra mudheng, merga kowe karo aku beda.
ANDHA RANTE       : Kok ana Allah, Allah, Allah niku napa? Nek panganan, panganan piye? Nek rasane piye? Gedhene sepira? Gedhe pundhi kalih kula?
SUMBA WILIS         : Andha Rante, dene Allahu akbar kuwi manembah marang ngarsane Gusti kang akarya jagad. Kabeh sekabehing para kawula sing kepingin manembah marang ngarsane Gusti kang akarya jagad aja kok ganggu, malah kepara kowe wong padha shalat sembahyang, mushola pada mbok bandhemi.
ANDHA RANTE       : Kula mboten ngganggu, sing padha ngganggu niku malah wong-wong niku kabeh sing padha ngganggu, sebab kula wayahe turu kula dibribeni. Niku ngganggu kamardikane kula. Mboten kok kula niku ngganggu, sampeyan niku kuwalik, kula sing diganggu. Sebab Siti Hinggil iki omah kula dhewe.
SUMBA PRADAN    : Andha Rante, Siti Hinggil iki yo ora kagunganmu dhewe, nggone wong akeh. Dadi wong sak Desa Siti Hinggil iki nduwe kamardikane dhewe-dhewe.
ANDHA RANTE       : Lho kok mboten gadhahan kula pripun? Wong Desa Siti Hinggil niki tinggalane bapak kula, nika lho sampeyan nek ora percaya. Watese niku wit pace sing nika ngantos dugi ngrika, nika karas tinggalane wong tuwa kula.
SUMBA PRADAN    : Ning kowe urip ning Desa? Kowe urip ning Desa nek kanthi kaijenan ora bakal bisa urip. Wong bisa langgeng, bisa nggenah, bisa rukun kuwi merga kumpulan, merga kancane akeh. Nek kaya dene kowe ora gelem ngumpuli sapa sapaning wong sing ana ning desa kene, yo kaya dene kowe iki ora nduwe bala.
ANDHA RANTE       : Gak, kula mboten iso tetepe, pokoke angger ijeh ana wong bengok-bengok teng kiwa tengene omah kula, teng Desa Siti Hinggil mriki kula brengkolangi
SUMBA PRADAN    : Ya wis ngene wae, aku duta pamungkase Bupati Pati, Tumenggung Sumba Pradan, wong sak Pati mbok menawa padha ngerti yen Sumba Pradan iki Senopati Agung Kadipaten Pati. kowe tak rangket, tak sowanke ngersa dalem Kanjeng Adipati Mangun Oneng.
ANDHA RANTE       : Lho nek isa nggih mangga.
SUMBA PRADAN    : Lho piye kuwi.
SUMBA WILIS         : Sing ati-ati.
KEDUA TUMENGGUNG UTUSAN ADIPATI PATI AKHIRNYA MEMAKSA ANDHA RANTE DENGAN CARA ADU FISIK.
NAMUN MEREKA KALAH. LALU MEREKA KABUR.
ANDHA RANTE       : Wah-wah, ora pisan ora pindho, Desa Siti Hinggil kene kerep ditekani priyayi saka Pati. angger teka, gelut perang ning ara-ara kene, nganti sukete ora thukul, ara-ara iki nganti buthak, tak sawang saya wingit, saya sangar, gandheng saben-saben teka ning kene kok padha ngajak perang, kanggo  pengiling-iling anak putu mbesuk, panggonan  sing kanggo perangan iki yen ana rejo-rejaning jaman karanga Desa Parenggang. Saka tembung peperangan, ya kanggo pengeling-eling aja padha lali karanga Parenggang, sapa ae teka ing Siti Hinggil apa meneh mung utusane, Kanjenga Adipati Pati, Andha Rante ora bakal wedi.

Naskah Ketoprak Lakon "Andha Rante" 11


ADEGAN 2 PENDAPA AGUNG KADIPATEN PATI
ADIPATI PATI          : Kakang Patih Kendhil Wesi..
KENDHIL WESI       : Sabda dalem Gusti.
ADIPATI PATI          : Raharja sowanira.
KENDHIL WESI       : Pikantuk berkah pangestu panjenengan dalem kalising sambi kala.
ADIPATI PATI          : Babar wisani pawarta ngenani bab Andha Rante, saiki ing sawetara wektu iki wis gawe geger ana ing sak kukuban Kabupaten Pati. mula kang kuwi jeneng ingsun wis utusan marang Ki Sumba Pradan dalah Ki Sumba Wilis,  kakang Kendhil Wesi? Apa jeneng sira midhanget ature prajurit pangisepan, saingga kanti nderekke lakune Sumba Pradan lan Sumba Wilis nggone mrepeki Siti Hinggil si Andha Rante.
KENDHIL WESI       : Ngadhap kalihan kathah lepat nyuwun ngapunten dalem..
ADIPATI PATI          : Piye, piye kakang…
KENDHIL WESI       : Ing sekawit Kanjeng Adipati Mangun Oneng, ngutus dumateng kula kang supaya nglampati wonten ing Siti Hinggil, malah kapara wonten Sumba Pradan lan Wilis kula utus ngrumiyini wonten ing Siti Hinggil ngantos ing wekdal sakmangke malah dereng wonten kabar Gusti..
TIBA-TIBA KEDUA TUMENGGUNG UTUSAN DATANG.
TUMENGGUNG SUMBA WILIS DAN
SUMBA PRADAN    : Kula ingkang sowan Gusti.
ADIPATI PATI          : Iya kepenakna anggonmu lungguh,
Sumba Wilis, rada mepet kangmasmu kene, ben cetha.
ADIPATI PATI          : Kadya nyidham cempalo rasaning penggalihku, banget  nggoning ngantu-antu pawarto saka ing Siti Hinggil. Sumba Pradan, sami karaharjan sowanmu.
SUMBA PRADAN    : Pangestu dalem mboten kirang satunggal menapa, keparenga matur lepat nuwun sih pangpunten.rikala sinuwun ngutus dalem utusan abdi pun kula Sumba Pradan supados njumangkahaken suku wonten ing Bumi Siti Hinggil, pinanggiha dumateng kalih Andha Rante, sayektos, menawi to Dusun Siti Hinggil pancenipun dipun damel lelabet  kalih tiyang ingkang nama Andha Rante. Rehning dawuh panjenengan dalem, supados kula ngripih kalih Andha Rante, ngripih kalih Andha Rante. Sekedik baka sekedik anggen kula ngripih, supados piyambakipun purun kula sowanaken wonten ngersa dalem Kanjeng Adipati. Nanging piyambakipun malah kepara wani Kanjeng Gusti.
KENDHIL WESI       : Wani tatanan ing Kabupaten Pati?
SUMBA PRADAN    : Inggih, sepisan wantun kalih pranatan wonten ing Kabupaten Pati, angka kaping kalih wani kalih Nara Praja Pati. reh niku ateges panguas dalem, kapeksa kula bentak irah saking sawetawis kalih Andha Rante,  nanging nyuwun agenging pangapunten Gusti, kula kalih kadhang kula Sumba Wilis babar pisan mboten saget nanggulangi kridhanipun Andha Rante. Agunging pangpunten Gusti.
ADIPATI PATI          : Tak tampa aturmu,
                                    Sumba Wilis….
SUMBA WILIS         : Sabda dalem katimbalan sinuwun.
ADIPATI PATI          : Dene sira ingkang ingsun pasrahi ngamping-ampingi kang mas sira Sumba Pradan ing sajero nyangkol ayahan nanjehke kahanane Andha Rante ing Siti Hinggil apa bener to ature kangmas sira Sumba Pradan.
SUMBA WILIS         : Kanjeng Adipati, sedaya menika mboten sisip aturipun kangmas Sumba Pradan. Menawi Andha Rante mboten kersa ninggalaken tindak pasulayan sedaya para kadang sentono dalem Kabupaten Pati. sampun Gusti..
ADIPATI PATI          : Iya-ya, kendel sawetawis..
Sumba Pradan, sithik jeneng Ingsun pengen priksa. Upamane ta kok nganti kelakon Ki Andha Rante kuwi mbegugug matika waton kuwi tembung paribasane, dheweke kepingin nggawe tatanan dhewe ana ing Siti Hinggil sak kukuban kuwi dasar-dasare apa? Aku kepingin priksa..
SUMBA PRADAN    : Sepisan, piyambakipun rumaos kaganggu kamardikanipun..
ADIPATI PATI          : Bab perkara apa iku?
SUMBA PRADAN    : Wiwit pajar, tiyang-tiyang muslim sami anglampahi sembahyang subuh. Mangka nembe wonten adzan, piyambakipun nembe tilem. Sak sampunipun mireng adzan rumaos kaganggu anggonipun tilem. Ngantos wayah surup maghrib, adzan maghrib piyambakipun rumaos keganggu, jalaran nembe kemawon lungrah badanipun, nembe kemawon leyeh-leyeh, dereng ngantos ilang anggenipun lungrah, keganggu kaliyan adzan magrib menika wau. Ngantos langgar, mesjid dipun balangi tiyang nembe nglampahi shalat sembahyang dipun ganggu. Menika gusti.
ADIPATI PATI          : Kakang Kendhil Wesi..
KENDHIL WESI       : Sabda dalem Gusti…
ADIPATI PATI          : Rada narik kawigaten Ingsun bab karangane Ki Andha Rante, mula ingkang kuwi jeneng Ingsun pasrah Praja Pati ing sawutuhe marang sira Patih Kendhil Wesi. Jeneng ingsun kepingin nyarirani pribadi kepingin ketemu mangsa karon wayang Ki Andha Rante.
KENDHIL WESI       : Mekaten yen dereng atur panjenengan, bakalan nyarirani pribadi wonten ing Siti Hinggil, manyurun pasuryane Andha Rante.sakmenika kula bakal njagi wonten ing Kadipaten Pati.
ADIPATI PATI          : Sumba Pradan, sameptekke kawula Pangisepan, mlabat lakune Ingsun dening Ingsun arep ing Siti Hinggil.
SUMBA PRADAN    : Ngestoaken dhawuh dalem Gusti.

Naskah Ketoprak Lakon "Andha Rante" 10


ADEGAN 3 ALAS DESA SITI HINGGIL
ADIPATI PATI BESERTA KEDUA TUMENGGUNG DATANG KE DESA SITI HINGGIL UNTUK MENEMUI KI ANDHA RANTE.
ANDHA RANTE       : Mangga, sampeyan niki sinten?
ADIPATI PATI          : Yen diwanutke nggih, mboten pokro, sing sudi mestani kula Mangun Oneng.
ANDHA RANTE       : Ooo… Sampeyan…
ADIPATI PATI          : Ingkang ngasta bawating Praja Kadipaten Pati.
ANDHA RANTE       : Kanjeng Adipati Pati Pesantenan niku sampeyan? Waduh, wah nyuwun pangapunten nggih kanjenge kula mboten ngertos nek sampeyan niku sesembahan kula.
ADIPATI PATI          : Ngko sik, sampeyan niku sinten?
ANDHA RANTE       : Lho sampeyan mestine dhak krungu, kula dhak kyaine Andha Rante.
ADIPATI PATI          : Eee… Dadi kowe iki ta sing jenenge Andha Rante.

ANDHA RANTE       : Enggih kula niki…
Napa kok nggujem Kanjenge?
ADIPATI PATI          : Kontaping jenengmu kakang Andha Rante, kuwi gawe geter sapa sing krungu. Kaimbuhan jeneng Ingsun minangka Bupati ing Pati, ingkeng nembah pusaraning adil ana ing Pati kang ngasta panguasa ing Pati nampa apurandah, ingkang nelaake mbok menawa kakang Andha Rante sing mapan ana ing Siti Hinggil kene kok wis klakon gawe ora tentreme para kawula ing sak untarane Siti Hinggil kene. Ya perkara kuwi kakang.
ANDHA RANTE       : Ngeten lho kanjenge, niku napa mboten kuwalik.? Nek panjenengan ngendika kula mboten nggawe tentrem, niku sing boten gawe tentrem niku lak malah wong-wong niku sing ngganggu kamardikan kula. Sing mboten gawe tentreming ati kula. Cobi nggih kanjenge mang rasakake. Lha nek sokor panjenengan mpun kersa ngrawuhi wonten Siti Hinggil. Kula ajeng ngiras pantes, kula lapuran kalih sampeyan kanjenge.
ADIPATI PATI          : Mangga, apa sing dadi aboting atine kakang Andha Rante magepokan karo nggone urip bebrayan ono ing Kabupaten Pati kene, tak keparengke. Jer bagi pangunek-uneking atimu wedharke, ngko aku sak kamat-kamat bakal mbudi daya murih ngenteng-entengi sesangganmu.
ANDHA RANTE       : Oo ngaten nggih, kula lapuran. Nek kawula-kawulanipun Kanjeng Adipati niku kathah sing padha gendheng.
ADIPATI PATI          : Ngko sik, karangna kawulaku akeh sing padha gendheng dhasare apa? landhesanmu apa? Kakang Andha Rante nganti kumawani ngucap sing kaya ngono kuwi?
ANDHA RANTE       : Cobi kok mboten padha gendheng nggih kanjenge,,
ADIPATI PATI          : Piye..??
ANDHA RANTE       : Wayah ora wayahe, wong-wong niku padha grudag-grudug, grudag-grudug, ngalor-ngidul, sing kidul ngalor. Nek mpun padha kumpul lulange dibentheng, dijereng lulang digebugi blang-bleng. Blang-bleng. Wonten sing nyuwara bantere mboten karuan, lawaaaaaa bubar, lawaaaaaa bubar. Lho ngaten niku dak padha gendheng. Kula lajeng nesu, meneng sedela. Enten suwara malih, ora mung siji sing muni malah bareng-bareng, kamin, kamin, kamin, lho ngaten niku pripun, niku dhak padha gendheng.
Malih, wayahe awan nggih padha grudag-grudug niku ana sing sirahe dikudungi, onten sing sirahe niku ditaleni, lho niku perlune padha napa? Perlune padha ngapa? Napa niku arep padha ngundoh tawon? Kuwatir nek sirahe niku di ntup tawon. Sirahe padha ditutupi. Lho niku nek wong ayu dhak mboten ketok ayune? Nek lumrahe nek wong jawa niku dak sanggulan sing mbesus, sunggaran sing apik. Sundhut sungkas. Dhak ngatenniku. kok padha ditutupi. Napa wong-wong niku padha ajeng ngundoh tawon? Niku lho kula mastani nek kawulane Kanjeng Adipati niku padha gendheng.
ADIPATI PATI          : Mung cukup kuwi to? Dadi mung telung perkara kuwi mau engga kakang Andha Rante rumangsa keganggu.
ANDHA RANTE       : Nggih kamardikan kula..
ADIPATI PATI          : Rasa katentremaning batinmu keganggu, rasa kamardikanmu.
ANDHA RANTE       : Enggih, sebab kula nggih ngrumangsani. Sampeyan niku nek ngerti watak kula nggih mboten isa nglakoni. Kula niku angger mpun panas ati kula, geteh kula niku anget, niku munjuk, nek mpun munjuk niku rasane cekot-cekot, kemut-kemut niku teng mripat niku abang, teng kuping panas. Ngoten niku dak nggih mboten gawe tentrem ati kula, ngganggu kamardikan kula. Ngaten nggih Kanjenge.
ADIPATI PATI          : Ya… Ngono ya kakang ya..
ANDHA RANTE       : Nggih…
ADIPATI PATI          : Sak temen mangsuli pitakonmu kuwi ana sing kagungan jejibahan, nanging, nanging iki lho, kang ana ning ngarepmu kuwi aku, Bupati ing mangka aku tanggungjawab aweh sesulang-aweh sesulung marang sapa wae kang ngrumangsani dadi kawulaku. Mula wis wajibe aku nerangake bab perkara sing ditakonke kakang Andha Rante. Nek kakang Andha Rante ing saben kala mangsa krungu ana wong loap-laop bengok-bengok kuwi tegese kok ora printah supaya lawa iki padha bubar iki ora. Mau lak wis diterangke dening Sumba Pradan, kuwi mono tegese pepanggil kanggo wong kang arep nindakake ngibadah shalat, sembahyang.
ANDHA RANTE       : Celuk-celuk..? Lha kok sembahyang? Sembahyang niku napa?
ADIPATI PATI          : Sembahyang kuwi tembung jawa, nek tembung arabe shalat. Shalat kuwi ana sing ngarani shalat kuwi dzikir, inna shalata li dzikri ono. Ana sing ngarani shalat kuwi wis ngarani sembahyang manembah marang hyang ingkang maha kawekas.
Kakang Andha Rante….
ANDHA RANTE       : Apa…?
ADIPATI PATI          : Pancen jeneng adzan kuwi ya kaya ngono kuwi, digawe supaya swarane buanter jek ben muslim-mukmin sing nyang kana-kana, sing adoh dununge karo langgar kwi kareben krungu.
ANDHA RANTE       : Lha nek mpun padha krungu ben padha lah napa niku?
ADIPATI PATI          : Lho, krungu njur padha budal menyang masjid, apa menyang langgar padha nindakake shalat jamaah shalat bareng-bareng.
ANDHA RANTE       : Thek shalat niku padha lah napa? thek shalat niku?
ADIPATI PATI          : Shalat kuwi ya nyembah karo sing gawe urip, karo sing kuasa, karo Allah…
ANDHA RANTE       : Wah.wah.wah..
ADIPATI PATI          : Azzawazala…
ANDHA RANTE       : Kula kok bingung nampa rembuge sampeyan, lho sing kuasa teng Pati Pesantenan niku dak sampeyan a Kanjenge, lho kok isih ana sing kuasa? Niku sing kuasa niku rupane pripun? Pangkate niku dhuwur pundi kalih sampeyan? rupane pripun? pawakane gagah pundi kalih sampeyan? ngoten lho,,,kula pengin nggenahe..
ADIPATI PATI          : Ya tak cetakke..
ANDHA RANTE       : Nggih…
ADIPATI PATI          : Iki rak ngenak-enak sing mburi-mburi mengko.
ANDHA RANTE       : Mangke nggih enten malih?
ADIPATI PATI          : Kakang Andha Rante.. Ngene ya..
ANDHA RANTE       : Apa..?
ADIPATI PATI          : Yen Mangun Oneng kuwi kuasa ana ing donya. Donya wae bebasan mung sak glintir pasir ana ing sak tengahing pesisir kang amba bawela. Bumi Pati kuwi ambane mung sepira ta? Nek mbok ukur karo ambane jagad raya saisine. Nanging ngertenana kakang, jagad raya iki ana sing nguwasani, ning ngarep tak kandhakke ya kuwi Allah SWT.
ANDHA RANTE       : Wah.wah.wah…
ADIPATI PATI          : Yen kakang Andha Rante pengin ngerti rupane piye? Trus Kahanane piye?
ANDHA RANTE       : Wah.wah.wah…
ADIPATI PATI          : Gusti Allah kuwi ora rupa ora warno, ora lanang, ora wadon. Paribasane cedak tanpa senggolan adoh tanpa wanak, kuwi Gusti Allah..
ANDHA RANTE       : Wah kula saya bingung…
ADIPATI PATI          : Lha kok bingung?
ANDHA RANTE       : Kula niku urip-urip kula dhewe, lha kula niki urip-urip kula dhewe kok di ganggu gawe. Kula niki mboten ana sing nguripno. Kula niki urip dhewe ngko nek ra mangan nggih ngelang,
ADIPATI PATI          : Eee… Dadi ngono ta, saka rumangsamu kakang Andha Rante iki urip-urip dhewe?
ANDHA RANTE       : Enggih…
ADIPATI PATI          : Ngene kakang, kowe tak wenehi pangerten nggih. Uripe manungsa iki kadhapuk saka telung perkara, raga, nyawa, karo sukma. Raga, nyawa, karo sukma.
ANDHA RANTE       : Nek ragane kula sampun genah.
ADIPATI PATI          : Urip iki ana sing nguripi, raga wis cetha kasat mripat isa dideleng panca ndria. Nyawa, kuwi jiwa, jiwa kuwi apa? Jiwa kuwi kang manggon ana ing sak jroning raga kang sifate digawa dening getih, mula nek manungsa wis koncatan getih. Nek manungsa getihe wis ora mlaku ateges manungsa kuwi wis ora sampurna uripe. Lha mangertena kakang, liyane jiwa, raga, kuwi ana sukma. Sukma ya kuwi urip sing diparingke dening sang urip, ya kuwi hyang sukma kawekas. Cethane ngono..
ANDHA RANTE       : Wah.. Wah.. Mula Sampeyan kok malah saya ngaya wara tembunge.
ADIPATI PATI          : Lha kepiye?
ANDHA RANTE       : Wong urip kok neka-neka sing dipikir, kula niku sing menehi urip kula niku nggih bapak kalih si mbok niku, wong niku sing nggedhekke kula, nek kula ora dirumati diwenehi mangan kalih bapak si mbok kula, kula nggih ra urip. kok sarwo neka-neka, ana sukma kawekas.
ADIPATI PATI          : Bapak lan si mbokmu kuwi mung saderma lantaran, nanging tanpa kersaning Gusti, tanpa kersaning Allah azzawazala sing ora klakon winih saka bapakmu sing ditampa ing guwa garbaning biyungmu. Kuwi dadi gatra ponang jabang bayi.
ANDHA RANTE       : Wau lho sing kula takonke..
ADIPATI PATI          : He’e piye?
ANDHA RANTE       : Pungkasane thek ana sukma kawekas, niku kula genah nek kawekas niku ntek-ntekan, pol-polan ora bedane kalih pamekas lho ngateniku rak ntek-ntekan.
ADIPATI PATI          : Ya bener,,,
ANDHA RANTE       : Nek ngaten Gusti Allah niku nggih sing ntek-ntekan niku?
ADIPATI PATI          : Heheheh… Ya ya ya… Ngono ya kena. Ora ateges Gusti Allah kuwi sing ntek-ntekan kuwi ora.
ANDHA RANTE       : Lha napa?
ADIPATI PATI          : Ning sukma sing ngatasi saluwiring kahanan, saluwiring kang ana kuwi tegese kawekas, sing ntek-ntekan. Ngatasi samubarang lir sing dikersaake ngono.
ANDHA RANTE       : Wah wah wah,,, Kula saya mumet, saya mumet, kula saya mboten isa nampa.
ADIPATI PATI          : Ewandene ana wong nganggo ubel, pada nganggo kudung kuwi kabudayan. Sing ana gandheng cenenge karo sarengating agama, merga nek tumrape wong islam jeneng rambut kuwi aurat, tegese sing wajib disimpen ora kena dikatonke dening samubarang wong.
ANDHA RANTE       : Niki rak mboten ana nteke nek kula rembug. Bakune kula niku anggere isih ana wong padha gembar-gembor, wong padha bengak-bengok teng Desa Siti Hinggil mriki kula mboten lila, sebab niku cetha nek ngganggu kamardikan kula. Mula kula mboten cocok, tetep kula sawati, kula brengkolangi kalih watu.
ADIPATI PATI          : Manungsa kuwi papag ora padha, kakang Andha Rante. karodene jagad iki ora jagade Andha Rante dhewe, jagad iki diparingke dening Gusti Allah kanggo wong akeh, kanggo wong apa wae, saya dene nek kowe iki ngrumangsani wong Pati. Pati iki biyen-biyene ing tanah Jawa ana Kraton Majapahit, ing kono wis ana jenenge sesanti “Bhineka Tunggal Ika Tan Hanna Dharma Mangrua”. Tegese beda iku nanging siji iku ora ana bebener sing mangruh, mula kang kuwi yen kakang Andha Rante pengen urip dhewe tak aturi kakang Andha Rante sumingkir manggon ana sak tengahe alas sing adoh saka wong akeh adoh saka bebrayan agung.
ANDHA RANTE       : Wih..Wih..Wih…  Wong niki omah-omah kula dhewe, desa-desa kula dhewe. Thek sampeyan nundhung kalih kula, sampeyan ora ngerti nek niki tinggalane bapak kula, nika lho watese wit pace nika watese karas kula.
ADIPATI PATI          : Ning semana uga kakang Andha Rante kudu ngerti mbok menawa wewengkon Pati iki ana ing astaningsun, astane Bupati Mangun Oneng. Pethuk runtut mustikaning jaladri ingsun wenang purba wasesa. Yen kakang Andha Rante ora gelem sumingkir saka Siti Hinggil utawa ora gelem nampa wong-wong sing padha nindaake keyakinan miturut agamane dhewe-dhewe ora kena kakang Andha Rante cumondhok ana kene.
ANDHA RANTE       : Kosok balene pokoke angger teng desa kene isih grudag-grudug, ngalor-ngidul ngetan-ngulon, isih padha menthengi lulang padha digebugi blang-bleng, blang-bleng mbrebegi kuping kula, tetep kula ganggu.
ADIPATI PATI          : Lho nek ngono kowe arep wani karo aku?
ANDHA RANTE       : Lho kula mboten wani, ning kula ora lila nek kula diganggu kamardikane.
ADIPATI PATI          : Ooo… Ra kena digawe gojek nek ngono kowe Andha Rante.
ANDHA RANTE       : Lha pripun?
ADIPATI PATI          : Andha Rante, aku moh kaya bocah cilik..
ANDHA RANTE       : Arep sampeyan pripun?
ADIPATI PATI          : Jeneng Ingsun Bupati.
ANDHA RANTE       : Enggih…
ADIPATI PATI          : Tau latih jeneng Ingsun dadi prajurit, digulawentah olah keprajuritan. Mula kang kuwi, iki pusakaningsun.
ANDHA RANTE       : Napa?
ADIPATI PATI          : Andhel-andhel Pati. yen kakang Andha Rante sembada nampani andhel-andhel Pati, tak sembah ijir-ijiranmu.
ANDHA RANTE       : O ngaten, nggih.. Njajal, wong niku ora pakanane manungsa kok dipakakke. Nggih mangga nek sampeyan arep adu kaluwihan sampeyan.
ADIPATI PATI MENYERANG ANDHA RANTE DENGAN KERISNYA, TETAPI ANDHA RANTE TIDAK BERGEMING SEKALIPUN, MALAH KETAWA-KETAWA…
ANDHA RANTE       : Hayyoh…   Mangga…
Milih sing pundi?
KEMUDIAN BUPATI PATI DAN KEDUA TUMENGGUNG LARI DAN KABUR.
ANDHA RANTE       : Hahahahaha….. Hahahaaaa…
Jebule ora mung kawulane sing padha gendheng, tekan Bupatine pisan kok melu gendheng. Lho wong tak lapuri nek kawulane iku padha gendheng kawulane padha edan, kok malah bela kawulane, nek ngono Bupatine Pati kae ya melu gendheng.
Eeee,,,, Titenana angger ora padha mendha tak sawati watu kae..
DI ALAS PERBATASAN DESA SITI HINGGIL.
ADIPATI PATI          : Tumenggung Sumba Pradan.
SUMBA PRADAN    : Sinuwun..
ADIPATI PATI          : Ora kena digawe gampang jebule Andha Rante. Mula saka kuwi ngono ya..
Kene Sumba Wilis, kene rada nyedak kene..
SUMBA WILIS         : Sabda dalem katimbalan, kados pundi Kanjeng Adipati
ADIPATI PATI          : Lelakone Andha Rante ora kena digemingke, disepele. Mula kang kuwi jeneng Ingsun nedya sowan ing Mataram.
SUMBA PRADAN    : Mboten kundur wonten ing Kabupaten Pati rumiyin Gusti.
ADIPATI PATI          : Jeneng sira tak aturi bali ning Kabupaten Pati. abang birune Praja Pati tak pasrahke marang jenengsira sakloron.
SUMBA PRADAN    : Sembah kula dhereaken Gusti…