DURMA
- Yusuf nulya dhawuh marang abdinira:/ “Bagoré iku sami/ isènana pangan/ sakelaré anggawa/ dhuwité wong siji-siji/ padha lebokna/ bagoré dhéwé nuli.
- Tuwung ingsun salaka iku ya uga/ lebokena sajroning/ bagorira bocah/ ingkang wuragil ika/ barengna kalawan dhuwit/ tempuranira./ Sakèhing préntah iki
- iya uwus padha linaksanan uga/ ésuk pra kadang sami/ linilanan budhal/ dalah momotanira./ Duk prapta jabaning nagri/ durung mandrawa/ Yusuf dhawuh mring abdi:
- “Lah saiki kowé kudu sigra-sigra/ nututana pra janmi/ kang wus padha budhal/ manawa wus kecandhak/ clathonana kaya iki:/ ‘Napaa dika/ males ala ing becik.
- ‘Napa dika tan anggawa bokor slaka/ kagunganira gusti/ niku karya tandha/ yèn patrap dika ala.’”/ Sawusira para janmi/ samya kecandhak/ abdi anglaksanani.
- Dhawuhake tembung kang kasebut ngarsa./ Pra kadang anauri:/ “Adhuh kadi paran/ paduka angandika/ ingkang makaten puniki/ manawi kula/ bab punika atebih.
- boten pisan anglampahi kang mangkana/ yatra ing bagor dhihin/ inggih sampun kula/ aturken ing paduka/ sumarmanya kadi pundi/ lamun kawula/ nyolong kagungan Gusti.
- Ingkang warni jené utawi salaka/ inggih samangké pundi/ kula kang kanggènan/ inggih kapejahana/ déné kawula sakalir/ inggih dadosa/ abdi paduka ngriki.”
- Wangsulané: “Lah enggih niku prayoga/ mengké amasthi kadi/ ing saatur dika/ pundi ingkang kacihna/ kanggonan puniku pasthi/ kari dumadya/ abdiné gusti mami.
- Déné ingkang resik enggih boten dosa.”/ Duk samana anuli/ para kadang sigra/ ngudhunken bagorira/ sarta padha dènungkabi/ déné utusan/ nuli anggalédhahi
- bagorira urut saka ingkang tuwa/ kongsi enom pribadi/ tuwungé kepanggya/ ana ing bagorira/ yaiku bagor Bunyamin./ Pra kadangira/ kagyatira kapati.
- Gya rumanti ambalèkken bagorira/ kaemotaké kuldi/ bali mring nagara./ Duk samana Yahuda/ sakadangé uwus prapti/ ing dalemira/ Yusuf anuju isih
- anèng kono samya sumungkem ing kisma./ Yusuf anuli angling/ “Dika niku padha/ anglakoni menapa/ napa dika tan udani/ kalamun kula/ niki enggih ningali.
- Aturira Yahuda: “Kula punika/ badhé matur punapi/ yèn ta angresikna/ badan, mangka Suksmana/ sampun paring dhateng mami/ tandha dursila/ ulun sadaya mangkin
- yaktinira dumados abdi paduka.”/ Yusuf anuli angling:/ Lah niku boten, ta/ nanging angemungena/ kang kanggonan tuwung niki/ niku dadia/ batur kula ing ngriki.
- Dika kabèh lah enggih padha muliha/ karo slamet ing margi.”/ Samana Yahuda/ nuli maju turira:/ “Adhuh nuwun nuwun mami/ mugi parenga/ matur mugi kapyarsi.
- Paduka wus andukani dhateng kula/ wit paduka wus kadi/ Pringon Naranata/ paduka wus ngandika/ punapa kawula taksih/ gadhahi bapa/ tuwin sadhèrèk malih.
- Déné ulun ugi matur ing paduka/ bilih kawula taksih/ anggadhahi bapa/ sarta malih sudara/ satunggal ingkang wuragil/ déné lairnya/ bapak wus sepuh ugi.
- Déné kakangira punika wus pejah/ dados kang tunggil wibi/ mung kantun anggana/ bapaknya langkung tresna./ Paduka dhadhawuh dhihin/ kinèn ambekta/ adhi kula puniki.
- Dhawuh Tuwan paduka arsa uninga/ ulun gya matur aris/ o laré punika/ tan kénging pisah bapa./ Manawi pisah amasthi/ sudarmanira/ susah ngantos ngemasi.
- Paduka gya dhadhawuh malih mangkana:/ yèn adhi dika ragil/ boten dika gawa/ empun andika séba./ Sareng kula mantuk warti/ dhateng pun bapa/ dhawuh Tuwan sakalir.
- Ulun lajeng kinèn sami awangsula/ késah anempur malih/ wangsulan kawula/ lamun datan ambekta/ adhi kula pun Bunyamin/ yaktos kawula/ boten wangsul ing Mesir.
- Nanging lamun Bunyamin pareng kabekta/ ulun inggih nglampahi./ Anunten pun bapa/ wicanten dhateng kula:/ “Sira padha angawruhi/ somah manira/ ibunta kang sawiji.
- Anak-anak loro siji uwus oncat/ saka ing tangan mami/ iku kira-kira/ minangsa buron wana/ sapréné tan ana warti/ yèn mengko sira/ anggawa bocah iki
- lamun iku nemu béka dadi sira/ ngruntuhken uwan mami/ marang ing kamuksan/ kanthi lawan rudita./ Marma lamun antuk mami/ dhateng Kenangan/ boten ambekta adhi
- sabab nyawanipun adhi lawan bapa/ gandhèng dados satunggil/ marma lamun bapa/ wuninga adhi kula/ boten tumut mantuk mami/ saèstunira/ pun bapa amekasi.
- Dados ulun sami ngrentahaken uga/ uwaning bapa mami/ dhateng ing kamuksan/ kaliyan kasusahan/ déné kawula puniki/ nanggel mring bapa/ wilujengipun adhi.
- Atur kula dhumateng bapak kawula/ lamun adhi puniki/ tan wangsul mring bapa/ kula nandhanga dosa/ dhateng bapa ing salami./ Mila tur amba/ dhateng paduka mangkin
- yèn pinareng kawula ingkang gumantya/ nglampahi dados dasih/ dados lintunira/ laré ingkang adosa/ nanging kaparenga adhi/ mantuk sarenga/ para kadangirèki.
- Kadi paran kalamun ulun mantuka/ boten ambekta adhi/ mila luwung amba/ boten nglampahi priksa/ anggèning nandhang rudatin/ susahing bapa/ kapiluh kang kapati.”
PANGKUR
- Kacrita tanah Kenangan/ luwih-luwih lagi nandhang paceklik/ bareng pangan kang tinempur/ mau entèk anulya/ Yakub nabda marang putra-putra mau:/ “Lah kowé padha balia/ aku tempurna sathithik.”
- Yahuda matur ing rama:/ “Lurah Mesir ameling wanti-wanti/ mekaten ing welingipun/ andika boten kena/ bali mriki yèn adhi dika tan milu/ mila lamun adhi kula/ kapareng tumut mring Mesir
- ulun ugi lumaksana/ nanging lamun paduka tan marengi/ ulun inggih boten wangsul.”/ Yakub nuli ngandika:/ “lah ya géné kowé amakéwuh aku/ teka nganggo kandha-kandha/ lamun isih duwé adhi.”
- Aturira para putra:/ “Tiyang wau sanget enggèné niti/ dhumateng kula sadarum/ dalah sarayat kula/ lah makaten pitakèné dhateng ulun:/ ‘Bapak dika napa arja/ sarta dika napa tasih
- anduwèni dulur liya.’/ Ulun sami matur pasaja ugi/ wasana jloging dhadhawuh:/ ‘Lah niku adhi dika/ dika gawa mriki kula ajeng weruh.’”/ Samana nuli Yahuda/ mring kang rama matur aris:
- “Bunyamin mugi parenga/ ulun dados saged bidhal mring Mesir/ sami saged gesang ulun/ saanak lan paduka/ déné ingkang nanggel sapunika ulun/ dados ing wingking paduka/ badhé mung ngawuningani
- tampi laré saking amba./ Lamun amba nyidrani bab puniki/ nandhanga dosa wak ulun/ dhumateng ing paduka/ bab punika upami tan rendhet sampun/ wangsul ping kalih.” Anulya/ kang rama ngandika malih:
- “Iya yèn mangkono yogya/ anggawaa pametu tanah iki/ kang becik kanggo pisungsung/ aturna mring lurahnya/ lah kaya ta: blendok sathithik lan madu/ anggi-anggi karo menyan/ sarangan wangi lan miri.
- Dhuwitmu padha tikelna/ lawan dhuwitira kang padha bali/ padha ana ing tanganmu/ iku lah bokmanawa/ bokmanawa: manawa-manawa kliru/ karo manèh adhinira/ gawanen ingsun lilani.
- Anuli padha budhala/ sowan marang lulurahira Mesir/ sarta Allah Maha Agung/ paringa kamurahan/ marang sira ana ngarsané wong mau/ dadya sira antuk lilah/ anggawa adhimu kalih
- siji kang kari ing kana/ sijinira iya iku Bunyamin./ Déné ta manawa laku/ kudu kélangan anak/ kinapakna iya uwis begjaningsun.”/ Duk samana para putra/ mèt barang kang becik-becik.
- Lan dhuwit tikel kagawa/ sarta manèh anggawa ri Bunyamin/nuli budhalan sadarum/ marang Mesir Nagara/ padha séba marang ngarsanira Yusuf./ Yusuf bareng wus wuninga/ kalamun ari Bunyamin
- iya uga mèlu séba/ Yusuf nuli préntah marang ing abdi/ ingkang padha prapta mau/ lah iku kairida/ mring dalemé sarta manèh préntahipun/ kinèn anyambelèh kéwan/ kinèn nyadhiyakken sami
- sabab Yusuf karsanira/ uwong mau arsèng ngajak ambukti./ Ing tengangé wayahipun/ abdi gya lumaksana/ nglaksanani apa spréntahé Yusuf/ sarta ngirid wong kang prapta/ mring dalemé Yusuf nuli.
- Kacarita para kadang/ padha wedi déné samya kairid/ ana rarasan calathu:/ “Lah iki rak prakara/ dhuwit-dhuwit kang uwis padha tinemu/ bali ana bagor ika/ dadi aku kabèh iki
- bakal kinrubut ing janma/ sarta bakal kinalahaken mawi/ banjuré ginawé batur/ déné kuldi dianggrak/ nuli padha marani pladèné Yusuf/ padha matur anèng lawang/ tembungé mangkéné iki:
- “Adhuh nuwun nuwun Tuwan/ duk kariyin kula sampun mariki/ déné perlunira nempur/ mantuk nèng pasipengan/ sareng sami ambikaki bagor ulun/ wasana yatra tempuran/ sadaya sami pinanggih
- samya nèng jro bagorira/ sapunika kang yatra wau inggih/ sami wonten tangan ulun/ ugi kawula bekta./ Sajawining yatra kang kasebut mau/ kula ugi bekta yatra/ yun ulun tempurken malih.
- Déné kula tan wuninga/ sinten ingkang nglebetaken yatra mami/ dhateng bagor-bagor ulun.”/ Paladèn wangsulannya:/ “Mugi Tuwan samya manggiha rahayu/ away kuwatir ing driya/ Allahira kalih malih.
- Allahé sudarma dika/ empun paring kabegjan mring sirèki/ onten jroning bagor niku/ déné ta dhuwit dika/ enggih empun kula tampani sadarum.”/ Samana Semangun nulya/ tinemokken kadang sami.
- Kabèh kérid marang wisma/ pinaringan banyu wiwisuh sikil/ kuldi pinakanan sampun/ lan padha tata-tata/ barang-barang kang bakal kanggo pisungsung/ nganti Yusuf praptanira/ wayah tengangé kang mesthi.
- Samana wus padha myarsa/ lamun padha arsa amangan roti/ ana ing gon kono mau./ Yusuf uwusing prapta/ para kadang anyaosaken pisungsung/ sinangga ing tanganira/ sarta sumungkem ing bumi.
- Yusuf gya paring pambagya/ tembungira amanis kaya iki:/ “Paran ta ing wartanipun/ mungguh bapa andika/ ingkang dika tuturaké empun sepuh/ niku napa gih raharja.”/ Aturé pra kadang sami:
- “Dasih paduka pun bapa/ inggih sugeng taksih gesang.” Anuli/ pra kadang sungkem sumujud./ Yusuf nuli amulat/ marang arinira Bunyamin gya dangu:/ “Napa niku adhi dika/ wuragil turé kang kari.”
- Yusuf manèh angandika:/ “Lah ta tholémuga-muga Hyang Widi/ paringa sih mring sirèku.”/ Yusuf gugup kasesa/ kranta-ranta welasé mring arinipun/ ngupaya enggon kang sonya/ kanggo muwun kang wawadi.
- Gya malbèng sajroning wisma/ sarta muwun ana ing enggon iki./ Wusing wadana sinamun/ nuli miyos ing jaba/ sarta nahanaké sarirané banjur/ dhawuh anataa dhahar/ Yusuf misah dènnya bukti.
- Déné dhaharé sakadang/ iya dhéwé-dhéwé padha winiji/ wong Mesir kang bakal kembul/ sadhiyané sinilah/ sabab uwong Mesir nora kena kembul/ mangan ingkang babarengan/ karo wong bangsa Ngibrani
- sabab wong Ngibrani ika/ ngaramaké marang ing uwong Mesir./ Déné para kadang mau/ olèhé lungguh padha/ nèng kapernah ing sangarepira Yusuf/ wiwit saka ingkang tuwa/ urut tutug nom pribadi.
- Pra kadang gawok ing nala/ Yusuf nuli ngulungaken kang bukti/ ingkang saka ngarsanipun/ marang ing para kadang/ nanging pandumané Bunyamin puniku/ kèhé kongsi tikel lima/ tinimbang liyanirèki.
- Nuli padha suka-suka/ dhahar ngunjuk padha nutug sakarsi/ datan kuciwa ing kalbu./ Sadangunya bujana/ para kadang tan weruh ing elidipun/ tan dunung suwadinira/ unduré manggih punapi.
DHANDHANGGULA
- Kang winedhar samangké ing gendhing/ Nabi Yakub samana miyarsa/ yèn Mesir murah pangané/ putranira sapuluh/ kinèn nempur marang ing Mesir/ anamung putranira/ Bunyamin tan milu/ sabab kang rama tan téga/ bokmanawa ing marga nyandhung bilahi./ Samana putra-putra
- uwus prapta ing Nagara Mesir/ kono Yusuf kang darbé kuwasa/ nempurken bras mring wong kabèh./ Déné para sadulur/ mau uwus prapta ing Mesir/ kalané padha prapta/ marang Yusuf sujud/ padha sumungkem bantala/ Yusuf marang kadang-kadang nora pangling/ nanging sinamudana
- sarta sugal dènnya ngandikani:/ “Padha teka saka pundi dika?”/ Ya ta sauré kadangé:/ “Saking Kenangan ulun/ dhateng badhé nempur wos ngriki.”/ Pra kadang iku padha/ pangling marang Yusuf./ Yusuf kèngetan samana/ mring supenanira kang kacrita dhihin/ prakara kadangira.
- Duk samana Yusuf ngandika ris:/ “Dika niku nenelik sedyanta.”/ Umatur para kadangé:/ “Boten Tuwan dhuh adhuh/ dhateng ulun sowan mariki/ mung badhé nempur tedha/ amba ing sadarum/ anaking tiyang satunggal/ menggah ulun tiyang temen dédé telik.”/ Manèh Yusuf ngandika
- netepaké wong sapuluh iki/ nyatanira laku tan prayoga./ Kadang nuli ngandharaké:/ “Kadang ulun sadarum/ kalih welas punika sami/ anak tiyang satunggal/ Kenangan gènipun/ wuragil kantun lan bapa/ kang satunggal boten wonten duk puniki.” Yusuf nuli ngandika:
- “Dika dadi pancèn wong nenelik/ ing saniki dika kula coba/ Raja Pringon sasugengé/ dika tan kena metu/ lamun adhi dika wuragil/ niku dèrèng tumeka/ ngriki, marmanipun/ sawiji kadang andika/ kinongkona mulih kinèn amarani/ adhi dika punika.
- Déné dika kudu anglakoni/ onten ngriki sarta diwarangka/ kula ajeng wruh nyatané.”/ Nuli pra kadang mau/ winarangka kongsi tri ari/ sawusing telung dina/ ngandikané Yusuf/ marang para kadang-kadang:/ “Kula niki enggih wedi ing Hyang Widi/ yèn dika temen nyata
- dulur dika siji kinèn kari/ onten ngriki dadia babandan/ onten ing pawarangkané/ andika padha mantuk/ anggawaa tempuran sami/ dadya tatamba lupa/ ing sarayatipun/nanging nuli angaliha/ sarta gawa adhinira kang wuragil/ katonna nyatanira.
- Yèn makoten dika wurung mati.”/ Duk samana pra kadang rarasan:/ “Ingkang mesthi aku kiyé/ dosa marang dhi Yusuf/ aku iya padha mangerti/ enggoné gawé welas/ marang sakabèhku/ samana nora dakrasa/ marmanira saiki béka nekani.”/ Rubèn nuli micara:
- “Apa biyèn aku tan lik-élik/ aja gawé dosa marang bocah/ nanging kowé nora ngrèwès/ mené getihé nempuh/ marang aku karo sirèki.”/ Déné sagunemira/ para kadang mau/ ora duwé kira-kira/ lamun Yusuf iku ya milu mangerti/ sabab Yusuf angréka
- yèn ngandika mawa asasandi/ asarana ngagem juru basa./ Yusuf gya nyingkir enggoné/ mrebes mili kapiluh/ wus sinamun anuli bali/ marang kadang ngandika/ amilih Semangun/ binanda ing ngarsanira./ Yusuf nulya préntah padha amiranti/ mungguh gagawanira.
- Bekakasé kinèn angisèni/ beras sarta dhuwit patukonnya/ sinamar linebokaké/ sajroning bagoripun/ dhéwé-dhéwé tan ana uning/ karo manèh sinungan/ sangu ing dalanggung./ Uwusing klakon mangkana/ tetempuran padha kaemot ing kuldi/ tumuli budhal samya.
- Kacarita bareng anèng margi/ uwus prapta papan panginepan/ kang siji bukak bagoré/ lah iku sedyanipun/ arep ngréka makani kuldi/ jebul nemu dhuwitnya/ anèng bagor mau/ iku nuli kandha-kandha:/ “Lah dhuwitku iki jebul sinung bali/ anèng bagor kepanggya.”
- Para kadang entèk ingkang ati/ acabiluk gumeter ing nala/ padha mangkana caturé:/ “Ya géné Suksmana Gung/ paring lakon kang kaya iki.”/ Saman uwus prapta/ dalemira Yakub/ nuli padha acarita:/ “Tiyang ingkang dados lurah Nagri Mesir/ asugal dhateng kula.
- Kula dipundakwa dados telik/ déné atur kawula sadaya/ kula punika yektiné/ tiyang temen sadarum/ dédé tiyang ingkang nenelik/ sadhèrèk kalih welas/ tunggil bapakipun/ déné kadang kang satunggal/ boten wonten déné kadang kang wuragil/ kantun kaliyan bapa.”
- Lurah Mesir ngandikanya malih/ dhateng kula: “Kang mekoten nika/ enggih kula yektèkaké/ yèn dika temen tuhu/ dulur dika ingkang sawiji/ dika tinggal ing kula/ dika padha mantuk/ anggawa tatamba lapa/ nulungana sarayat dika sakalir. Déné ta bali dika
- adhi dika: dika gawa mriki/ dadi kula bakalé wuninga/ sanyata yèn dika dédé/ wong kang alaku dur/ nyata dika dédé wong nelik/ tuhuné temen nyata./ Déné ta sadulur/ kang saniki dika tinggal/ niku enggih bakal kula wèhké bali/ enggih dhateng andika.
- Déné kula bakal anglilani/ mring andika kena padha lunga/ jajah tanah ngriki kabèh.”/ Mungguh pra kadang mau/ bareng samya bukak ngesoki/ bagoré padha manggya/ bubuntelanipun/ dhuwit anèng bagorira./ Para kadang lan kang rama bareng uning/ lamun iku artanya
- kabèh mau banjur padha wedi./ Déné Yakub mangkana lingira:/ Gawému mung ngilangaké/ iya marang anakku/ Yusuf dhihin nuli saiki/ Semangun nora ana/ mengko arep wuwuh/ Bunyamin arep kogawa/ susah iku kabèh angebyuki mami.”/ Nuli Rubèn turira:
- “Lamun ulun sapisan puniki/ boten ngaturaken wangsul putra/ anak kula kakalihé/ kasirnakna sadarum./ Mila mugi Bunyamin yayi/ parenga kula bekta/ benjang katur wangsul.”/ Samana Yakub ngandika:/ “Aku ora awèh kogawa Bunyamin/ sabab Yusuf wus sirna.
- Dadi iku amung kari siji/ lamun iku anemu bébéka/ ana ing dalan pasthiné/ kowé jalaranipun/ uwan ingsun umedhun maring/ kamuksan nganggo susah.”/ Mangkana kang catur/ kang rama miwah kang putra/ dadya sigeg bab baliné marang Mesir/ mungkur tan wani prapta.