Buku Tamu

Tuesday, May 20, 2014

Gamelan Bali

https://jv.wikipedia.org/wiki/Gamelan_Bali

Gangse
Gamelan Bali adalah salah satu jenis Gamelan yang ada di Indonésia.[1] Gamelan Bali kuwi bentuké unik, rancakané nganggo ukir keliling kang ing jeroné ukiran nyritakaké bab Sejarah Ramayana utawa Mahabarata.[1] Gamelan Bali uga duwé ciri khas swara kang duwèni tempo landinamika musikal kang apik.[1] Bedané karo Gamelan jawa, Gamelan Bali luwih akèh kang bentuké wilah tinimbang bentuk pencon.[1] Trus wilahé luwih kandhel, dadi bisa ngasilaké swara kang nyaring.[1] Ciri liyané yaiku Cèng-cèng utawa Symbal cilik, cèng-cèng iki swarané uga nyaring mula bisa gawé swara Gamelan Bali béda karo swara Gamelan Jawa.[1]

Pola Tabuhan

Pola tabuhan kang dienggo ing Gamelan Bali yaiku Pola Imbal.[2] Pola imbal kang dienggo yaiku imbal kang statis lan cepet.[2]

Ricikan

Ricikan yaiku aran kanggo instrumen.[2] Ricikan Gamelan Bali yaiku:
Réyong
  1. Jiyèng,
  2. Réyong,
  3. Kanthil,
  4. Gangsé,
  5. Jigog,
  6. Jublak,
  7. Gong,
  8. Kenong,
  9. Kethuk,
  10. Cèng-cèng(Kecrak),
  11. Kendhang,
  12. Gendèr, lan
  13. Suling.[2]
Ricikan-ricikan kuwi mau cara nabuhé nganggo cara imbal kajaba Gong, Jigog, jublak, Kethuk, lan Kenong.[2]

Kagunaan

ing Bali, kagunaan Gamelan Bali akèh banget utamané kanggo kaperluan ibadah.[2] Gamelan kang kanggo ing saben acara uga béda-béda ora mung saperangkat, contoné kanggo acara nikahan lan sunatan kuwi gamelané wajib béda senajan acarané bebarengan.[2] Alasané amarga tujuan acarané kang béda.[2]

Bahan

kaya Gamelan jawa, bahan kanggo nggawé ricikan Gamelan Bali padha karo bahan Gamelan Jawa.[2] Yaiku campuran antarané Tembaga lan Wesi.[2] Tabuh kang dinggo uga padha, yaiku kayu.[2] Tabuh kanggo JiyèngRéyong, lan Kethuk bentuk kayuné cilik dawa lan pucuké diblebet kain lan pluntur kaya tabuh bonang ing gamelan jawa, banjur tabuh KanthilGangseKenonglan Jublak uga saka kayu nanging bentuké kaya sungu.[2] Bentuk tabuh kanggo jigog padha karo bentuk tabuh Gong.[2]

Damarwulan

https://jv.wikipedia.org/wiki/Damarwulan

Damarwulan
Damarwulan yaiku salah sijiné tokoh legénda cerita rakyat Jawa.[1] Kisah Damarwulan iki cukup populèr ing masyarakat lan akèh vèrsi lakoné, sendratari lan uga crita tulis kang wis digawé.[1] Umumé, kisah-kisah kuwi manut saka Serat Damarwulan, kang dikira mulai ditulis ing pungkasan panguasaan Majapahit.[1]

Ringkasan Crita

Dicritakaké, jaman biyèn Damarwulan ngabdi dadi tukang ngarité Patih Loh Gender saka Majapait.[1] Amarga kapinterané, Damarwulan dadi abdi andalan Patih Loh Gender. Sak liyane kuwi, Anjasmara putri sang patih kesengsem lan seneng karo Damarwulan.[1] Banjur Damarwulan antuk tugas saka Raja Putri Majapait, yaiku Ratu Kencana Wungu, supaya nyamar kanggo ngalahaké Menak Jinggo panguasa Blambangan kang duwé niat brontak karo praja Majapahit.[1] Damarwulan kang gantheng bisa narik kawigatèn selir-selir Menak Jinggo, yaiku Waeta lan Puyengan.[2] Amarga pambyantuné Waeta lan Puyengan, Damarwulan bisa nétuk gaman ampuhé Menak Jinggo yaiku Gada Wesi Kuning.[2] Menak Jinggo banjur bisa dikalahké lan Damarwulan dadi Pahlawan.[2] Seliré Menak Jinggo diboyong, lan banjur Damarwulan nglamar sang Raja Putri Majapahit.[2]
Nanging, ing kesenian wayang Banyuwangi lan Janger, crita Menak Jinggo béda karo crita ing serat Damarwulan.[2] Menak Jinggo kuwi bagus, disenengi wong wadon, wicaksana, lan seneng tulung-tinulung karo rakyaté.[2] Menak Jinggo mbrontak amarga Kencana Wungu ora nepati janjiné ora gelem dipèk bojo Menak Jinggo sawisé Menak Jinggo ngalahké Kebo Marcuet kang gawé gègèr ing Majapahit.[2] Senajan Menak Jinggo bisa dikalahké Damarwulan, nanging Menak Jinggo dianggep kinurmatan.[2

Tuesday, April 29, 2014

PITUTUR LUHUNG ING TANAH JAWA


Budaya jawa ngono ora mung moncer ing babagan wujude sing akeh lan maneka warna (kayata: wayang, kethoprak, ludruk, sintren, jinis-jinis tarian, gendhing-gendhing jawa lsp.). ananging uga kebak piwulangan kang ngemu pitutur luhur. Utamane ana pawayangan.
Pitutur luhur kang kinandhut ana kabudayan kuwi ing antaraning ing ngisor iki.
  • Ambeg, adil paramarta, memayu hayuning bawana
Ana tanah Jawa, ana kapitayan ngenani  pulung utawa wahyu cakraningrat. Iki gegayutan karo satunggaling panguwasa utawa kekuasaan. Pulung kuwi diyakini mung ana ing sijining pawongan ora angger pawongan antuk utawa nduweni pulung. Mula saka kuwi, pawongan kang ketiban pulung kudune nggunakake kanthi becik, pawongan kuwi nduweni kuwajiban moral njejegake katentremaning negeri.
Ambeg adil paramarta, memayu hayuning bawana nduweni teges dadi panguwasa kuwi kudu bisa laku adil, ora pilih kasih, lan tansah njaga katentremaning praja. Kanggo bab-bab tertemtu panguwasa kuwi bisa uga nduweni patrap sing kontroversial. Tuladhane dialami Sumantri kang kudu milih loro bab kang angel banget.  Kudu ngabdi negara apa milih mateni adhine, Sukrasana (lakon wayang Sumantri ngenger)
  • Laku hambeging kisma
Tegese panguwasa/pimpinan kuwi kudu welas asih marang sapa wae. Kisma tegese lemah, lemah kuwi sapa wae sing ngidak-ngidak, ora kabeda-bedakake kabeh ditresnani.

  • Laku hambeging tirta
Tegese panguwasa utawa pimpinan kuwi kudu adil kaya bayu kang tansah warata ndhuwure. Yen adil iki dijejegakebisa dadi pepadhang lan bisa ngresiki regedan. Bayu kuwi ora tau tumindak ban cinde ban ciladan (pilih kasih).
  • Laku hambeging dahana
Tegese dadi pimpinan utawa panguwasa kudu teges, ora ingah-ingih, kaya geni kang panas mbakar apa wae.  Ananging kudu ditimbang-timbang adhedhasar akal sehat, saengga tumindake kuwi bisa ditangggungjawabi.
  • Laku hambeging samirana
Tegese panguwasa utawa pimpinan kuwi kudu teliti niing ngendi wae. Apik alane kahanane rakyat lan negara kudu dimangerteni.
  • Laku hambeging samodra
Tegese panguwasa kudune sugih pangapura, kaya dene ambane samodra.
  • Laku hambeging surya
Tegese panguwasa utawa pimpinan kudu nduwe inspirasi kaya dene srengenge kang amadhangi alam donya saisine.
  • Laku  hambeging candra
Tegese panguwasa utawa pimpinan kuwi kudu bisa madhangi ning ora manasake, kaya dene sunare mbulan.
  • Laku hambeging kartika
Tegese panguwasa kuwi kudu nduweni kapitayan dhiri, istilahe wong saiki percaya dhiri utawa confidance. Ora ketang ana sajroning awake nduwene cacad utawa kekurangan. Dipindhakake kartika/lintang ing langit, sandyan cilik nanging tetep sumunar hamadhhangi petenging wengi.
  • Tatas titis tatag tutug
Tegese ddadi panguwasa kudu nduweni watak kang teliti utawa titi saben ngadhepi perkara. Titis tegese tepat ora tau geseh, yen nggarap samubarang ora tau geseh wektune.  Tatas tegese tuntas ora tau mangkrak utawa separo-paro, tatag tegese tahan utawa ora grusa-grusu, ora sembrono. Tutug tegese rampung.
  • Gemi nastiti ngati-ati
Gemi nduweni teges hemat ora boros, lan prasaja. Gemi beda karo medhit utawa cethil. Nastiti kuwi ditujokake marang pawongan kang nduweni patrap gemi. Dene ngati-ati tegese ngadohi resiko sing paling ala lan ora ngepenakake sapa wae.
  • Gotong royong gugur gunung
Tegese samubarang pakaryan ditandangi kanthi bareng-bareng, disangga wong akeh. Mesthine bakal cepet rampung lan entheng sanggane.
  • Mikul dhuwur mendhem jero
Mikul dhuwur tegese bisa nggawe arum utawa wangi asmane wong tuwa, dene mendhem jero tegese bisa nutupi utawa nasabi cacad utawa kekurangane wong tuwa.
Miturut Siti Hardiyanti (1991)  idiom utawa bab-bab kang magepokan klawan  pitutur luhur kang sumbere saka budaya jawa yakuwi:

  • Kudu angon wektu
  • Tumindak aja nganti getun mburine
  • Gawe rusak ora becik, dene gawe rusaking mungsuh dudu barang kang aneh
  • Mungsuh sing wiis nungkul aja dipateni
  • Sing sapa arep menange dhewe, kuwi nemahi cilaka
  • Sing sapa gelem mbuwang ilmu karang bakal nemoni kabecikan
  • Sing sapa gawe seriking liyan , kuwi uga arep nemahi cilaka
  • Sing sapa seneng udur, kuwi bakal kena bebendu dening Pangeran
  • Sing sapa seneng gawe nelangsaning liyan, iku ing tembe bakal kena piwales saka penggaweane dhewe
  • Sira kudu mituhu marang pitutur kang bener
  • Lamun sira seneng dialem wae, ing tembe ketemu bab-bab kang kurang prayoga.
  • Muring-muring kuwi dalane antuk pepeteng, mula sapa sing seneng muring ora bakal antuk pepadhangangrembuge kang perlu kawala
  • Golek kanca sing padha tujuane
  • Aja gawe seriking liyan
  • Aja golek mungsuh
  • Aja wani marang leluhur, jalaran leluhur iku kagolong bathara
  • Aja sira mulang gething marang liyan, jalaran iku bakal nandur cecongkrahan kang ora ana uwis-uwis
  • Aja kaget lan gumun samubarang gelaring ndonya
  • Aja nguber hawa nepsu mundhak sesngsara uripe
  • Aja dumeh
  • Siya
  • Aja ngece wong ora duwe
  • Aja gegedhen rumangsa
  • Aja kumalungkung
  • Aja kamingsun
  • Aja dhemen cidra
  • Aja gumedhe
  • Aja tumindak rusuh
  • Aja ngrusak pager ayu
  • Aja drengki
  • Aja keminter
  • Aja kareman
  • Aja ambeg siya
  • Aja gegedhen rumangsa
  • Aja nggege mangsa
  • Aja nampik rezeki
  • Aja dawa tangan lan liya-liyane.