Sumber : dari catatan akun Facebook Jrink Htf 24 Mei 2012 pukul 01:29
https://www.facebook.com/#!/notes/jrink-htf/nandur-wiji-keli/10150204454109243
Kanggone wong Jawa duweni paugeman menawa bandha donya,
pangkat drajat lan semat kuwi mung saderma nggaduh peparing saka
ngarsane Gusti Kang Akarya Jagat. Sawayah-wayah lamun Gusti kang paring
gadhuhan ngersaake bali marang ngarsaNe, ora kurang marga aggone jebol
kamukten kang gawe cintrakaning manungsa kuwi. Mung bae yen manungsa wis
kerem ing gadhuhan saka ngarsane Gusti banjur awel anggone nglepeh.
Karepe ngono pengen langgeng salawase anggone ngemut kamukten tanpa
mikir sejatine urip kang sejati.
Jumbuh karo perkara kasebut ana piwulang luhur menawa
yen wis tumekaning janji wong mati iku ora gawa bandha. Mula perkara
gadhuhan iku kapan dikersaake amung Gusti kang pirsa. Siji pati, loro
jodho, telu tibaning wahyu, papat dununge kodrat lan lima gadhuhaning
doya amung dadi purbawasesaning Gusti Kang Murbeng dumadi.
Perkara iki kudu bisa ngelingake menawa kamukten kang
dadi pangimpening manungsa iku sejatine mung sakgebyaring netra
bebasane. Mula elinga, Bandha donya gampang lunga, pangkat drajat
gampang oncat, bojo ayu bisa mlayu. Piwulang iki bisa dadi pepeling
luhur kanggo anggayuh sejatining urip.
Mula sing sapa kadunungan pangkat lan drajat aja adigang
adigung. Lan sing sapa kadunungan kaluwihan aja adiguna mring sasama.
Kadunungan kamuktening donya kudu tansah eling marang sapadha. Aja
nganti kamukten kuwi dadi tetesing waspa nanging dadiya sukaning wardaya
— amemangun karyenak tyasing sasama. Gawe bungahing liyan iku bisa
karana sewu marga: bisa kanthi manising ati, luhuring wardaya, luhuring
subasita sarta ilining bandha donya kanthi rila ing dedana.
Kamuktening urip asring ditegesi turah bandha. Mula
supaya bondha donya ora dadi memala kudu disranani kang bisa agawe
pigunaning liyan. Kamukten saka bondha donya kang ala iku wekasane mung
bakal ngangsa-angsa yen ora linambaran amemangun karyenak tyasing
sasama. Ora kena kinantenan pamprih kang bakal gawe reregeting niyat.
Yen sabarang tumindak becik nanging isih kinanthenan pamprih dadine
bakal muspra.
Mula ayo angudi amrih bisa dadi wong kang iso ‘nandur
wiji keli’ sanajan iku tegese ‘ngopeni turune wong luhur’ nanging ing
kene bisa uga ditegesi dadiya pawongan kang tumindak nyebar wiji (bibit)
ing kali, embuh tibane ana ngendi mung kebak pangarep-arep yen
samangsa-mangsa wiji mau bisoa tuwuh kang ana pigunane tumrap liyan
tanpa mawas sapa kang bakal ngundhuh uwohing wiji mau. Sumangga.