Buku Tamu

Wednesday, March 28, 2012

Naskah Kethoprak


Lakon SRI HUNING

Adegan I : Kadipaten Bojanegara
Pasewakan Kadipaten Bojanegara. Nampi rawuhipun utusan saking Tuban nanjihaken perkawis dhaupipun R.Wiratmaya lan Retna Kumala.
Adegan kaawiti sungkeming para nayaka dhumateng Adipati Sasranagara.
Raden Sadara
:
Paman Adipati, kula ngaturaken sungkeming pangabekti mugi konjuk.
Adipati Sasranagara
:
Ya ngger, Sadara. Paman tampa. Ora liwat pamujiku tampanana.
Raden Sadara
:
Inggih, kula pundhi mugi ndadosaken jimat paripih, Paman.
Adipati Sasranagara
:
Njanur gunung dene kowe sowan ana ing Bojanegara, nuju ngelengake apa pancen ana wigati?
Raden Sadara
:
Inggih, sowan kula wonten ing kadipaten Bojanegara menika estunipun mundhi dhawuh rama Siralawe ing Tuban saperlu nanjihaken bab jejodhohan antawisipun kakang Wiratmaya kaliyan kangmbok Retna Kumala, Paman.
Adipati Sasranagara
:
Ha..ha..ha..ha..pancen nalika semana aku klawan ramamu kuwi duwe kekarepan bakal ngraketake paseduluran kanthi srana njodokake Wiratmaya klawan putriku Retna Kumala… Apa pancen ramamu ngersakake jejodhohan iki diterusake?
Raden Sadara
:
Punten Dalem Sewu, Paman. Sedaya menika leres. Nyatanipun rama Adipati Siralawe ngutus kula sowan ing ngarsa paman Adipati saperlu nyuwunaken pirsa babagan jejodhohan menika saha minangka dhuta saking Tuban asung panglamaripun kakang Wiratmaya, Paman.
Adipati Sasranagara
:
Ya…ndadekake bungahing atiku yen pancen kaya mangkono. Sadara…
Raden Sadara
:
Katimbalan paman adipati…
Adipati Sasranagara
:
Aturna marang ramamu, dene aku nampa panglamare Wiratmaya lan aku wus netepake yen dhauping Wiratmaya lan Retna Kumala ing hari Anggara Kasih telung candra saka kalungguhan iki.
Kadadak rawuhipun utusan Adipati Indrakatong saking Lamungan. Pasewakan kaget, swasana sereng.
Patih Indrasekti
:
Ha..ha..ha..ha.. nuwun sewu, napa leres dene ngriki menika Kadipaten Bojanegara.
Adipati Sasranagara
:
Mangke ta kisanak, leres menawi menika pendapi agung kadipaten Bojanegara. Lajeng kisanak menika sinten lan saking pundi?
Patih Indrasekti
:
Ha..ha..ha..ha.. tepangaken kula Patih Indrasekti, utusan gusti Adipati Indrakatong saking Lamungan. Menawi mekaten sampeyan menika Adipati Sasranegara?
Adipati Sasranagara
:
Kepara pancen nyata, Ingsun Adipati Sasranagara songsong agung ing Bojanegara. Ana wigati apa dene nganti tumeka ing Bojanegara?
Patih Indrasekti
:
Kula mundhi dhawuh junjungan kula Adipati Indrakatong saperlu ngaturaken panglamaripun gusti adipati dhumateng kusumaning nagari Dewi Retna Kumala.
Adipati Sasranagara
:
Ora ana jamake wong nglamar kanthi ngetap prajurit kang jangkep lan sanjata pinusus?
Patih Indrasekti
:
Kula pinangka duta kedah saged ngrampungi damel, mila kula kabetanan purba wasesa lan sabregada prajurit kangge ngawekani menawi panglamar sarana aris katampik, boten wonten sanes amung kanthi cara kagecaking perang kanthi ngrebat putri boyongan.
Adipati Sasranagara
:
Pancen bener kaya ngono kuwi kuwajibane duta, ning kabeh mau duwe pranatan kang kudu ditetepi dhewe-dhewe anut papan kang lumadi.
Patih Indrasekti
:
Sokur, bilih sang Adipati pirsa?
Adipati Sasranagara
:
Ora teges aku nampik, ning iki mau kena sinebut sira barung sinang, amarga ana utusan saka Tuban kang wus teka luwih dhisik, kang nunggal karep klawan sira.
Patih Indrasekti
:
Cethanipun?
Adipati Sasranagara
:
Ingsun durung bisa wangsulan, nanging entenana ning alun-alun Bojanegara.
Patih Indrasekti
:
Menawi pancen menika kerampunganipun, kepareng kula medal pasilan.
Adipati Sasranagara
:
Sadara…
Raden Sadara
:
Rembugan perkara Wiratmaya lan Retna Kumala wis rampung. Perkara mbalikake Patih Indrasekti ing Lamungan mangsa borong dakpasrahake marang kowe.
Raden Sadara
:
Ngestokaken paman adipati. Menawi mekaten kula nyuwun pamit.
Ing Alun-alun, rombongan Patih Indrasekti nengga putusan saking Adipati Sasranagara. Katungka rawuhipun Raden Sadara dados pasulayan.
Patih Indrasekti
:
O, iki ta duta saka Tuban? Ha..ha..ha..
Raden Sadara
:
Ngertenana yen ta cethane kangmbok Retna Kumala bakal didhaupake karo kakangku, Wiratmaya. Malah wus ditetepake yen ta dina dhauping penganten nuju hari Anggara Kasih.
Patih Indrasekti
:
Kuwi rak rembugmu karo Adipati Sasranegara. Saiki rembugmu karo aku sing bakal kanggo, kowe balia kandhaa yen ta Retna Kumala wus dadi garwane Adipati Indrakatong.
Raden Sadara
:
Kekarepanmu bisa klakon yen wis bisa nyempal bau kanan kiringing Sadara.
Patih Indrasekti
:
Patembayanmu takwujudi.
Perang….Kasigeg…

Adegan II : Tamansari Kadipaten Tuban.
Sri Huning saweg gegojegan lan ngudarasa parikena. Kalajengaken rawuhipun Raden Wiratmaya.
Sri Huning
:
Kene lo mbok…mbok ya dha jejagongan kene lo..
Embang 1 + 2
:
nggih ndara…
Sri Huning
:
Mbok..mbok..dina iki kok ya ora kaya padatane ya mbok?
Emban 1
:
Benten kados pundi ta? Wong srengengene taksih sami, sekul raose nggih sami, kok beda ta ndara?
Emban 2
:
Kowe ki piye ta yu, sajake ki ndara ayu ki lagi nandang wuyung kae lo…dadi ya kabeh rasane nyenengake ngono lo…nggih ta ndara?
Sri Huning
:
Alah…simbok ki lo senengange kok mbeda? Isin aku…
Emban 2
:
La rak tenan ta? Bener kandhaku…
Emban 1
:
La jenengan niku rak nggih sampun akhir diwasa, gek ya ayu lencir kuning, sae bebudene…mesthi kathah jejaka sing kersa…
Sri Huning
:
Alah simbok ki lo…la kok saya ndadra leh mbeda aku…
Emban 1
:
Menawi penjenengan ndara. Priya ingkang kados pundi ingkang dados kekudanganing ndara?
Sri Huning
:
Piye ya mbok…isin aku…ya pengene ki sing gagah pideksa, lencir, lan sing baku ki alus lan apik bebudene…saora-orane kaya kakng Wiratmaya kae. Wis bagus, apikan, lan ora tau gawe cuwaning atiku…hehehe…dadi isin aku
Emban 2
:
La konangan yen gusti ki wonten raos kaliyan gusti Wiratmaya ta? Hayo.
Sri Huning
:
(jumeneng mlampah alon) Mbok, apa ya patut yen aku nresnani kakang Wiratmaya. Kakang Wiratmaya ki kakangku dhewe, dadi umpama tresna ki ya winates tresnane adhi klawan kakange.
Emban 1
:
Nggih kula ngertos ndara. Sing sabar mawon
Sri Huning
:
Salumrahe wanita, sapa ta sing ora kepengin duwe sisihan sing kaya kakang Wiratmaya. Satriyaning nagari kang tansah nengenake adil, gagah pideksa, bebudene alus merak ati, ora tau gawe kuciwane atiku. Apa salah ta mbok yen aku ya duwe kekudangan, pengin diwengku dening priya kang kaya kakang Wiratmaya? Apa salah? (netesake luh)
Katungka rawuhipun Raden Wiratmaya kanthi sesidheman.
Raden Wiratmaya
:
Ora…
Sri Huning
:
Lo kakang…mangga lo kakang..(gupuh)
Kakang rawuh kok ngagetake ta?
Raden Wiratmaya
:
La piye wong sajake awakmu lagi jejagongan ana rembug kang wadi karro abdimu…Jane ngomongke apa ta?
Sri Huning
:
Alah mboten kok kakang…mboten napa-napa?
Raden Wiratmaya
:
Diajeng, satleraman pun kakang mireng yen sing karembug perkara genganthilaning atimu. Apa ya tenan si adhi ki duwe pepinginan diwengku dening priya kang kaya aku?
Sri Huning
:
Kakang, ora bisa tak selaki pancen kaya mangkono.
Raden Wiratmaya
:
Diajeng, ing jagad iki sing jenenge Wiratmaya ana siji, ya aku. Nanging yen wong sing kaya Wiratmaya akeh. La karepmu?
Sri Huning
:
Kakang, saumpamane aku wus diwengku marang priya ateges aku bakal pisah klawan kakang merga aku kaboyong. Nanging yen sing mengku aku kuwi kaya kakang wiratmaya, senajan pisah, kaya-kaya tansah bebarengan kok kakang.
Raden Wiratmaya
:
Ya..yen ngono kekarepanmu. Aku mung arep ndongeng, menawa dongeng iki kang dadi dalan kasembadane kekarepanmu. Si Adhi rak ya gelem ngrungokake ta?
Sri Huning
:
Iya kakang mara gage ta kakang?
Raden Wiratmaya
:
Mbiyen rikala perang gedhe Majapahit lumawan Blambangan. Ana Senapati Agung kang madheg dadi saka gurune kraton Majapahit yaiku Sang Adipati Ranggalawe, ya eyangmu. Nalika magut yuda lumawan Adipati Minakjingga, eyang tansah didherekake abdi kinasih yaiku Wangsapati. Ing madyaning paprangan, Wangsapati gugur mbelani Eyang Ranggalawe.
Nalika arep seda, Wangsapati nitip weling yen salenane nitipake kaslametane putra lan kluwargane. Rehning Eyang Ranggalawe uga gugur ing madyaning palagan, mula piwelinge Wongsapati diteruskake rama Adipati Siralawe. La ngertiya yen ta anake nalika ditinggal magut yuda, anake paman Wangsapati iku nggarbini. Wanci leking ponang jabang bayai mijil putri banjur diparingi pusaka asma klawan Rama Siralawe.
Sri Huning
:
La banjur dijenengake sapa kakang?
Raden Wiratmaya
:
Dijenengake Sri Huning.
Sri Huning
:
Lo…lakok padha karo jenengku ya kakang?
Raden Wiradmaya
:
Ora mung jenenge, nanging gedhene jabang bayi si adhi iki…
Sri Huning
:
(langsung nangis)
Raden Wiratmaya
:
Sanadyan ta si adhi iku dudu putrane rama Siralawe, nanging anggone nresnani ora beda kaya anggone nresnani pun kakang.
Raden Wiradmaya
:
Sabanjure si adhi mangerti, banjur si adhi piye?
Sri Huning
:
(tetep meneng + nangis)
Raden Wiratmaya
:
Kok kendel ta yayi? (kanthi nyepeng pundhak)
Sri Huning
:
Nyuwun pangapunten raden, kula boten ngertos menawi kula menika tiyang alit, dene saben dinanipun kula tansah murang tata dhumaten penjenengan.
Raden Wiratmaya
:
La si adhi kok banjur nandukake basa marang kakang? Kakang rak wus kandha yen senadyan si adhi dudu putra rama adipati nanging ora beda anggone nresnani. Dadi ora perlu si adhi basa klawan pun kakang.
Sri Huning
:
Badhea kados menapa kula menika rak tiyang alit, boten sapatutipun dene kula menika lenggah sajajar kaliyan paduka.
Raden Wiratmaya
:
Kene..kene..mangertia yayi. Anggonku dongeng mau ora ateges aku bakal gawe cuwaning atimu lan gawe wates antarane si adhi klawan pun kakang. Kakang lak wis kandha yen ta anggonku ndongeng muga bisa dadi dalan katresnanmu.
Sri Huning
:
Kula kok dereng ndungkap ingkang dipunkersakaken Raden Wiratmaya?
Raden Wiratmaya
:
Ngene ya yayi, anane pun kakang ndongeng kang kaya mangkono iku ora ana liya yen ta kakang ki uga duwe rasa karo yayi. Mula kekarepane si adhi bakal klakon.
Sri Huning
:
(kaget) boten kangmas. Atur kula wonten ngajeng menika namung saumpami lan gojeg kemawon kok kangmas.
Raden Wiratmaya
:
Aja selak marang swaraning batinmu, yayi.
Sri Huning
:
Boten nyelaki kok kangmas, nanging menika njagi katentremaning batos.
Raden Wiratmaya
:
La kok ngono yayi?
Sri Huning
:
Kula menika namung putranipun abdi, panjenengan menika trahing ngaluhur. Dados boten badhe kalampahan.
Raden Wiratmaya
:
Mesthi kelakone yayi. Yen raga pancen winatesan drajad pangkat. Ning kang nglakoni tresna iku ati. Sajagat iki ati iku padha, dadi tresnamu lan tresnaku bakal kelakon.
Kalajengaken dhemenan antawisipun Sri Huning lan Wiratmaya….
Katungka rawuhipun Adipati Siralawe.
Adipati Siralawe
:
Wiratmaya…
Raden Wiratmaya
:
Oh…rama Adipati…mangga rama…
Adipati Siralawe
:
Dak sawang sajak konjem anggonmu gegojegan klawan sedulurmu Sri Huning.
Raden Wiratmaya
:
Menika kala wau nembe geguyonan kaliyan yayi Sri Huning..rama.
Adipati Siralawe
:
ya..ya…pancen ya kudu ngono…antarane sedulur kuwi pancen kudu duwe rasa sih lan tansah rumaket..rak ya ngono ta Wiratmaya.
Raden Wiratmaya
:
Nuwun inggih, saestu leres rama.
Punten dalem sewu, kok ngantos rawuh wonten ing tamansari  menika menapa wonten sabda kangge ingkang putra?
Adipati Siralawe
:
Wiratmaya, tenane mono rawuhe rama aneng tamansari saperlu nemoni Sri Huning kang bakal dakutus supaya nggoleki sira merga arep ana rembug wigati kang bakal dak babarake, jebul sira wus ana papan kene..
Raden Wiratmaya
:
Dadosaken keget manah kula kok kadingaren rama…
Adipati Siralawe
:
Ora luput aturmu, pancen ana bab kang wigati……
Coba waspadakna wiratmaya, rama iki bebasane srengenge mono sing wis adoh karo mletheke lan caket klawan angslupe. Tegese, rama iki wus yuswa nengahi sadungkapan maneh ora bakal kuwat nyekel kendhaline rodha paprintahan.
Raden Wiratmaya
:
Inggih, kersanipun rama?
Adipati Siralawe
:
Pun rama bakal munjuk atur ing Majapahit yen ta kang bakal gumanti adipati ing Tuban kuwi sliramu..
Raden Wiratmaya
:
Inggih, matur sembah nuwun dene keng rama tuhu tresna dhumateng keng putra ngantos dipunpadosaken kamukten ingkang kados mekaten agengipun.
Adipati Siralawe
:
Ya ngger, nanging kareben ora kena walating leluhur sliramu minangka adipati kudu duwe sisihan supaya bisa kanggo embat-embating catur.
Raden Wiratmaya
:
Inggih, menawi sedaya menika kangge kamulyaning lan katentremaning kawula, kula sagah..
Adipati Siralawe
:
Ya..ngene ya ngger. Ora susah golek sing adoh, pun rama wus duwe calon. Ora liya putrane pamanmu sasranegara ing Bojanegara kanga ran Retna Kumala.
Raden Wiratmaya
:
Sinten rama?
Adipati Siralawe
:
Retna Kumala, ngger..
Raden Wiratmaya

Nuwun sewu rama, kula boten purun kadhaupaken kaliyan Retna Kumala rama..
Adipati Siralawe

Mengko dhisik ta Wiratmaya, ing ngarep kowe mau wus matur saguh, ning saiki kok matur ora. Piye ta ngger?
Raden Wiratmaya

Rama, kula menika dereng nate canthuk lawung kaliyan retna kumala. Nggih menawi ayu, menawi boten? Nggih menawi kula tresna, menawi boten?
Adipati Siralawe

Retna kumala kuwi ayu lo ngger…
Raden Wiratmaya

Ayu menggahipun rama, dereng katenan ayu menggahing wiratmaya…
Adipati Siralawe

Ya bener, ayu iku tegese tresna. Senajan ala yen tresna ya katon ayu. Senajan ayua yen ora tresna yak atone ala… ning ana ujare para winasis yen witing tresna iku jalaran saka kulina…
Raden Wiratmaya

Boten rama, awit tresna menika ageming gusti ingkang suci linunturaken dhumateng titahipun, dados tresna kedah linambaran ati ingkang suci. Mila tresna boten saged kangge pakulinan..
Adipati Siralawe

O..ngajak bantah kowe…
Ya, etung-etung kanggo kaundhakaning kawruhmu, tak ladeni.
Ngene wiratmaya, aturmu kabeh mau bener, awit sira durung tepung mula ora tresna. Yen wis tepung banjur srawung mesthi tuwuh rasa tresna……… ora mung kuwi ngger, malah rembug wis dadi, kenthinging dina dhedhaupan yaiku dina anggara kasih.
Raden Wiratmaya

Gandheng rembag sampun kebacut dados, kagem ngreksa kaluhuran rama kula sagah, ning menawi wonten nganten sepasar bubar ampun nutuh Wiratmaya…
Adipati Siralawe

(njerit, jumeneng, mentheleng) Wiratmaya…
Garwa Adip.Siralawe
:
Ngger…wiratmaya…coba pirsanana rama lan ibumu iki…rama lan ibu iki wis tuwa ya ngger, apa ya tega kowe gawe kuciwaning wong atuwamu? Mula ya ngger, estokna dhawuhe ramamu ya ngger?
Raden Wiratmaya
:
Adhuh ibu…nuwun sewu, kula saestu boten tresna ibu…
Garwa Adip. Siralawe
:
Wiratmaya, coba balenana ucapmu kuwi ngger…
Raden Wiratmaya
:
Dhuh ibu, saestu menawi kula boten tresna kaliyan retna kumala.
Adipati Siralawe
:
Cukup…cukup…wiratmaya! ya…yen pancen wus gembleng kang dadi tekad bakal nungkak krama marang rama. Tinimbang ramamu iki dadi pangewan-ewane yayi Sasranegara lan didakwa adipati kang esuk dele sore tempe, luwih becik dak enthengake patimu, wiratmaya….
Garwa Adip. Siralawe
:
(muwun…menggak kekarepane Adip.Sasranegara)
Sampun kangmas…sampun ingkang sareh…
Sawangen ngger, lelakon sing disandhang ramamu…yen pancen kowe arep nggugu karepmu dhewe…patenana rama lan ibu iki…..lan aja pisan-pisan mbok eling-eling yen kowe tau duwe ibu lan ramamu….wiratmaya.
Adipati Siralawe
:
Wis…wis.. bu…aja dibacutake…wiratmaya, tenane pepetungan iki tenane wis gumatho mung kari kurang pirang dina anggara kasih kuwi…ning ora apa-apa yen pancen kowe arep badal saka kersane rama…biyen kowe cilik dak gedhekake, dak gulawenthah…kowe gedhe dak pinterake, nanging sawise diwasa mung kaya ngono piwalesmu…
ya..seksenana ya, ora papa aku dicempalani bocah, nanging seksenana ya bu..sakalimah wangsulane wiratmaya ngganjel lara ing atiku..luwung aku ora tau duwe anak kayak owe wiratmaya…lan sakmatiku aku ora kepengin wiratmaya ngrukti layonku nganti tumekaning sasana laya…
Raden Wiratmaya
:
Aduh rama…ibu…punten dalem sewu…sampun ngantos ngendikan ingkang kados mekaten rama…nggih…kula boten kepengen dipunwastani anak sing wani marang wong tuwane…
Nggih..kangge rama lan kadipaten tuban…kula sagah rama..
Adipati Siralawe
:
Sagah kepiye?
Raden Wiratmaya
:
Kula sagah lan purun kadhaupaken klawan retna kumala.
Adipati Siralawe
:
Tulus sing dadi aturmu?
Raden Wiratmaya
:
Inggih rama…
Adipati Siralawe
:
La..rak ya ngono awit mau…dadi ora ndadekake wong tuwa kudu nibakake prasapa kang ora samesthine… (Medalipun Sri Huning bekta unjukan)
Yen ngono kowe wis saguh, besok dina anggara kasih dhaup lan retna kumala ing Bojanegara…
Raden Wiratmaya
:
Inggih kula sagah rama..
(Sri Huning kaget ndhawahaken unjukan ngantos los saking tamansari)… kasigeg

Adegan III : Kadipaten Lamungan
Adipati Indrakatong tansah gawang-gawang pasuryane Retna Kumala ngantos nggandrung…
Adipati Indrakatong
:
Keparat jebulane malah kowe…. oooo lam-lamen aku jebulane…
Prajurit
:
Nuwun sewu gusti, sejatosipun menggalihaken sinten ta kok ngantos nyalemong handaleming nyebut naminipun wanodya gusti.
Adipati Indrakatong
:
Rit, prajurit…..kowe kuwi goblok temen…apa kowe ora ngerti wanita sing daktresnani? Yen kowe lali tak elingake…ora liya katresnanku mung Retna Kumala mustikaning Bojanegara.
Prajurit
:
Oooo, mekaten ta gusti? Nuwun sewu gusti, menapa gusti Retna Kumala menika ayu ta gusti?
Adipati Indrakatong
:
Pancena ngono…nek ora ayu aku ora bakal kesengsem… malah saiki aku wus utusan Patih Indrasekti supaya ngaturake panglamarku ing Bojanegara….
Patih Indrasekti
:
Kula sowan gusti Adipati…
Adipati Indrakatong
:
Ha..ha..ha..ha..kaki patih…bebasan kecoh durung garing, nginanga durung abang dene kowe wus tumeka sowan….kene-kene..kepriye anggonmu dak utus, entuk gawe apa ora?
Patih Indrasekti
:
Punten dalem sewu, menawi lepat nyuwung agunging pangaksami…
Adipati Indrakatong
:
Ya…mesthi wae bakal dak cepakake pangapura kanggo kowe kaki patih…
Patih Indrasekti
:
Inggih sembah nuwun, ngaten gusti Adipati..sampun kelampahan kula sowan wonten ing Bojanegara…kepara sampun kepanggih gusti Adipati Sasranegara…
Adipati Indrakatong
:
Hahahaha….bagus…bagus..patih Indrasekti…dadi kowe wis ketemu klawan Adipati Sasranegara? Terus piye?
Patih Indrasekti
:
Inggih gusti Adipati, panglamaripun gusti Adipati Indrakatong sampun kula unjukaken ngarsa Adipati Bojanegara…
Adipati Indrakatong
:
Ha..ha..ha..bagus..pancen kowe patih kang pinunjul, bisa ngrampungi kang sun dhawuhake…banjur piye?
Patih Indrasekti
:
Inggih, nanging nalika kula ngaturaken panglamar paduka.. bebasan mbarung sinang nunggal karep awit wonten panglamar ugi saking Tuban…
Adipati Indrakatong
:
Ana panglamar saka Tuban? Terus piye? Piye pungkasane…
Patih Indrasekti
:
Nuwun sewu gusti, wusananipun kusuma Dewi menika badhe kadhaupaken kaliyan….
Adipati Indrakatong
:
Aku ta? Ha..ha..ha…
Patih Indrasekti
:
Sanes, putra Adipati Tuban gusti…
Adipati Indrakatong
:
(duka, mala dhumateng patih Indrasekti)
Goblok…bangsat…kowe kuwi dak utus minangka duta? Kowe kuwi patih, mungkasi perkara panglamarku wae nganti cabar tanpa dadi….banjur apa tumindakmu weruh kahanan kang kaya mangkono?
Patih Indrasekti
:
Nuwun sewu gusti, kula ngrubut duta saking Tuban kepara dados daredah ing alun-alun?
Adipati Indrakatong
:
Bagus…bagus…ya kuwi sing kudu koklakoni…banjur kasil anggonmu ngupaya?
Patih Indrasekti
:
Begjanipun kula kawon lajeng mlajar sowan ngarsa paduka..
Adipati Indrakatong
:
(mara tangan malih) ora idhep…patih keparat….yen pancen kowe ora bisa mrantasi perkara iki, dherekna aku nglurug bojanegara…..ora ana liya dak jaluk Retna Kumala, yen ora kena…Bojanegara dadi karang abang….
Ketapna prajurit, cepak gegaman aja nganti ana kang kacicir…dherekna aku…
Patih Indrasekti
:
Sendika ngestokaken dhawuh gusti…

Adegan IV : Kadipaten Bojanegara
Dhaupan penganten….Raden Wiratmaya kapanggihake Retna Kumala…Satengah-tengahing adicara pawiwahan…katungka nglurukipun Adipati Indrakatong.
Prajurit
:
Nuwun sewu gusti Adipati, keparengan munjuk atur ing ngarsa paduka.
Adipati Sasranagara
:
Lonjong mimis tekamu sajak ana kang mbujung… ana wigati aturmu nganti
Prajurit
:
Ngaturi uninga bilih ing sajawining gapura kadipaten wonten pangluruking mengsah saking Lamungan kang dipunpandegani Adipati Indrakatong, gusti..
Adipati Sasranagara
:
Kepriye kridhaning para prajurit ing Bojanegara?
Prajurit
:
Punten dalem sewu, prajurit saking Bojanegara mosak-masik nadhingi kridhanipun prajurit mengsah…
Adipati Sasranagara
:
Kados pundi menika kangmas Siralawe?
Adipati Siralawe
:
Sampun was sumelang, menika ugi dados perkawisipun Tuban.. Sadara…
Raden Sadara
:
Sabda katimbalan rama?
Adipati Siralawe
:
Enggal metua ing ngalun-alun, pethukna Indrakatong, tumpesen kabeh prajurit saka ing Lamungan..
Raden sadara
:
Ngestokaken dhawuh, rama

Adegan V : Tilamsari Penganten
Ing salebeting tilamrum R.Wiratmaya mangu-mangu menggalihaken Sri Huning ingkang lolos dhiri…
Retna Kumala
:
Kados pundi kakang wiratmaya, adatipun penganten enggal menika tansah bungah. Nanging kula tingali penjenengan menika tansah rengu ing pepolatan. Wonten menapa ta kangmas?
Raden Wiratmaya
:
Sing gedhe pangapuramu… gorehing atiku merga aku durung bias meksa rasaku mlebu ing jagating bebrayan….
Retna Kumala
:
Lo kok dereng saged mlebet ing jagating bebrayan, nembe kemawon kula lan panjenengan dados penganten. Ateges menika pratandha kula lan panjenengan sampun nyawiji ing jagating bebrayan.
Raden Wiratmaya
:
Mengko dhisik, aja dadi salah panampamu. Aku mung butuh wektu sawetara supaya atiku bisa nresnani sliramu kaya tresnane rama marang kanjeng ibu…nanging ora saiki, aku mung butuh wektu…
Retna Kumala
:
Sampun ta kangmas…kula mangertos bilih panjenengan menika boten saged nresnani kula napa malih kedah mangun bale wisma ing madyaning bebrayan kaliyan kula…
Menawi kula tingali pasuryan saha tindak tanduk panjenengan, boten sanes bilih panjenengan kagungan wanita sanes ingkang nabet wonten ing manah panjenengan, kangmas…
Raden Wiratmaya
:
Coba balenana ucapmu kang pungkasan…
Retna Kumala
:
Penjenengan kagungan wanita sanes ingkang dados katresnan penjenengan…
Raden Wiratmaya
:
Bener…kepara nyata…
ora dak selaki yen aku duwe katresnan liyane….dhaupku klawan kowe ora liya mung merga bektiku marang wong atuwaku…. Merga aku dipeksa, rasaku dipeksa…
Retna Kumala
:
Kangmas…kangmas wiratmaya..menawi mekatena kula ugi sami…kula ugi dipeksa…nanging kangmas wiratmaya, badhea kados pundi kula menika sampun dados garwa penjenengan…
Mila kangmas, kula lan panjenengan menika rak penganten enggal. Mesthenipun sesarengan ngraosaken memanising madu asmara.
Raden Wiratmaya
:
Kudune mangkono, nanging apa kowe ora ngerti kahanan saiki? Kae sawagen aneng alun-alun, prajuritmu padha sengsara ing palagan lan para kamulamu kasempyoking paprangan…. Apa ya bakal bisa negakake ing kahanan kang kaya mangkene kowe lan aku enak kapienak andon asmara? Aneng ngendi rasamu?
Retna Kumala
:
Kula kok dereng ndungkap kersa penjenengan?
Raden Wiratmaya
:
Punjere perkara iki ora liya mung kowe. Anane Indrakatong nglurug aneng Bojanegara merga kepengin ngepek bojo kowe…
Retna Kumala

Awit saking menika kakang, kula lan panjenengan menika sampun bebojoan. Mila menika dados tanggil jawab panjenengan mangsulaken Adipati Indrakatong.
Raden Wiratmaya

Kakang bisa mbalekake Indrakatong, nanging ora wurunga dheweke bakal ngimpun kekuwatan lan nglurug maneh awit sedyane durung kelakon. Mula yen adhi pengin perkara iki rampung, ayo dak terake ngadhep Indrakatong, kowe diboyong menyang lamungan. Mesthi perang iki bakal rampung..
Retna Kumala
:
Kangmas!! Oh…destun temen kula ing ngarsa penjenengan? (muwun…kendel sawetawis) kula menika sanes wong wadon loro saudon, telu saurupan.
Nanging kangmas, mangertosa menawi kakung menika nggadhahi tanggil jawab cilike digonjak anake gedhene dijawat bojone kudu direwangi pecahing dhadha wutahing ludira kangmas…
Raden Wiratmaya
:
Kuwi yen garwa kang linandhesan rasa tresna…wong aku ora tresna karo kowe kok retna kumala…
Retna Kumala
:
Kangmas wiratmaya, babar pisan kula boten ngira menawi penjenengan menika priya ingkang remeh…sepisan penjengan menika gadhah garwa, bojone dijaluk wong liya penjenengan boten ngukuhi..menika nama priya kang kados napa?
Kaping kalih, yen ta penjenengan menika boten nganggep kula pinangka garwa…nggih nadyan awrat kula dhadha nanging Tuban lan Bojanegara menika sampun kekadangan. Mila menawi Bojanegara menika kinepung wakul binaya mangap kaliyan durjana…pinangka satriya kang kondhang kalokengrat mesthinipun penjenengan cancut gumregut mbalikake mungsuh….
Raden Wiratmaya
:
Cukup…aja mbok teruskake omonganmu….
Seksenana, Indrakatong bakal tak balekake menyang negarane…umpamane aku kudu gugur ing palagan dudu krana kowe nanging mbelani Bojanegara lan Tuban….. (lajeng medal majeng perang…)

Adegan VI : Palagan
Perang ageng anatawisipun Lamungan lan Bojanegara…Wiratmaya mandhegani Bojanegara, satengahing tandhing klawan Indrakatong, Wiratmaya kapikut badhe kapejahi dipunslametaken Sri Huning ingkang memba warni…wusana Sri Huning gugur…
Raden Wiratmaya
:
Lo…jebul kowe katresnanku Sri Huning…
Sri Huning

Kakang, kula tansah ngukuhi katresnan kula. Umpamia kula boten saged jejodhohan kaliyan penjenengan, kersanipun trena menika kula beta ngan…tos…se…da…
Raden Wiratmaya

Lo…Sri Huning…aja ninggal aku diajeng… oh…kowe gugur diajeng…mbelani nggonku mangsah yuda….
Yen ngono yayi, ayo bebarengan pun kakang magut yuda kridhane si Indrakatong diajeng…..(Sri Huning kapondhong, majeng perang)
Wiratmaya majeng perang kaliyan mbopong layonipun Sri Huning…
Wiratmaya kakrubut, tumekaning seda….
Adipati Indrakatong gumuyu lakak-lakak, lena kasuduk curiga kaliyan Retna Kumala nganti seda.
Retna Kumala nyaketi layone sang Wiratmaya, mangertosi Wiratmaya ngrungkepi layone Sri Huning ndadoskaken kejot nuli njerit……

Paripurna………………