Buku Tamu

Tuesday, April 29, 2014

PITUTUR LUHUNG ING TANAH JAWA


Budaya jawa ngono ora mung moncer ing babagan wujude sing akeh lan maneka warna (kayata: wayang, kethoprak, ludruk, sintren, jinis-jinis tarian, gendhing-gendhing jawa lsp.). ananging uga kebak piwulangan kang ngemu pitutur luhur. Utamane ana pawayangan.
Pitutur luhur kang kinandhut ana kabudayan kuwi ing antaraning ing ngisor iki.
  • Ambeg, adil paramarta, memayu hayuning bawana
Ana tanah Jawa, ana kapitayan ngenani  pulung utawa wahyu cakraningrat. Iki gegayutan karo satunggaling panguwasa utawa kekuasaan. Pulung kuwi diyakini mung ana ing sijining pawongan ora angger pawongan antuk utawa nduweni pulung. Mula saka kuwi, pawongan kang ketiban pulung kudune nggunakake kanthi becik, pawongan kuwi nduweni kuwajiban moral njejegake katentremaning negeri.
Ambeg adil paramarta, memayu hayuning bawana nduweni teges dadi panguwasa kuwi kudu bisa laku adil, ora pilih kasih, lan tansah njaga katentremaning praja. Kanggo bab-bab tertemtu panguwasa kuwi bisa uga nduweni patrap sing kontroversial. Tuladhane dialami Sumantri kang kudu milih loro bab kang angel banget.  Kudu ngabdi negara apa milih mateni adhine, Sukrasana (lakon wayang Sumantri ngenger)
  • Laku hambeging kisma
Tegese panguwasa/pimpinan kuwi kudu welas asih marang sapa wae. Kisma tegese lemah, lemah kuwi sapa wae sing ngidak-ngidak, ora kabeda-bedakake kabeh ditresnani.

  • Laku hambeging tirta
Tegese panguwasa utawa pimpinan kuwi kudu adil kaya bayu kang tansah warata ndhuwure. Yen adil iki dijejegakebisa dadi pepadhang lan bisa ngresiki regedan. Bayu kuwi ora tau tumindak ban cinde ban ciladan (pilih kasih).
  • Laku hambeging dahana
Tegese dadi pimpinan utawa panguwasa kudu teges, ora ingah-ingih, kaya geni kang panas mbakar apa wae.  Ananging kudu ditimbang-timbang adhedhasar akal sehat, saengga tumindake kuwi bisa ditangggungjawabi.
  • Laku hambeging samirana
Tegese panguwasa utawa pimpinan kuwi kudu teliti niing ngendi wae. Apik alane kahanane rakyat lan negara kudu dimangerteni.
  • Laku hambeging samodra
Tegese panguwasa kudune sugih pangapura, kaya dene ambane samodra.
  • Laku hambeging surya
Tegese panguwasa utawa pimpinan kudu nduwe inspirasi kaya dene srengenge kang amadhangi alam donya saisine.
  • Laku  hambeging candra
Tegese panguwasa utawa pimpinan kuwi kudu bisa madhangi ning ora manasake, kaya dene sunare mbulan.
  • Laku hambeging kartika
Tegese panguwasa kuwi kudu nduweni kapitayan dhiri, istilahe wong saiki percaya dhiri utawa confidance. Ora ketang ana sajroning awake nduwene cacad utawa kekurangan. Dipindhakake kartika/lintang ing langit, sandyan cilik nanging tetep sumunar hamadhhangi petenging wengi.
  • Tatas titis tatag tutug
Tegese ddadi panguwasa kudu nduweni watak kang teliti utawa titi saben ngadhepi perkara. Titis tegese tepat ora tau geseh, yen nggarap samubarang ora tau geseh wektune.  Tatas tegese tuntas ora tau mangkrak utawa separo-paro, tatag tegese tahan utawa ora grusa-grusu, ora sembrono. Tutug tegese rampung.
  • Gemi nastiti ngati-ati
Gemi nduweni teges hemat ora boros, lan prasaja. Gemi beda karo medhit utawa cethil. Nastiti kuwi ditujokake marang pawongan kang nduweni patrap gemi. Dene ngati-ati tegese ngadohi resiko sing paling ala lan ora ngepenakake sapa wae.
  • Gotong royong gugur gunung
Tegese samubarang pakaryan ditandangi kanthi bareng-bareng, disangga wong akeh. Mesthine bakal cepet rampung lan entheng sanggane.
  • Mikul dhuwur mendhem jero
Mikul dhuwur tegese bisa nggawe arum utawa wangi asmane wong tuwa, dene mendhem jero tegese bisa nutupi utawa nasabi cacad utawa kekurangane wong tuwa.
Miturut Siti Hardiyanti (1991)  idiom utawa bab-bab kang magepokan klawan  pitutur luhur kang sumbere saka budaya jawa yakuwi:

  • Kudu angon wektu
  • Tumindak aja nganti getun mburine
  • Gawe rusak ora becik, dene gawe rusaking mungsuh dudu barang kang aneh
  • Mungsuh sing wiis nungkul aja dipateni
  • Sing sapa arep menange dhewe, kuwi nemahi cilaka
  • Sing sapa gelem mbuwang ilmu karang bakal nemoni kabecikan
  • Sing sapa gawe seriking liyan , kuwi uga arep nemahi cilaka
  • Sing sapa seneng udur, kuwi bakal kena bebendu dening Pangeran
  • Sing sapa seneng gawe nelangsaning liyan, iku ing tembe bakal kena piwales saka penggaweane dhewe
  • Sira kudu mituhu marang pitutur kang bener
  • Lamun sira seneng dialem wae, ing tembe ketemu bab-bab kang kurang prayoga.
  • Muring-muring kuwi dalane antuk pepeteng, mula sapa sing seneng muring ora bakal antuk pepadhangangrembuge kang perlu kawala
  • Golek kanca sing padha tujuane
  • Aja gawe seriking liyan
  • Aja golek mungsuh
  • Aja wani marang leluhur, jalaran leluhur iku kagolong bathara
  • Aja sira mulang gething marang liyan, jalaran iku bakal nandur cecongkrahan kang ora ana uwis-uwis
  • Aja kaget lan gumun samubarang gelaring ndonya
  • Aja nguber hawa nepsu mundhak sesngsara uripe
  • Aja dumeh
  • Siya
  • Aja ngece wong ora duwe
  • Aja gegedhen rumangsa
  • Aja kumalungkung
  • Aja kamingsun
  • Aja dhemen cidra
  • Aja gumedhe
  • Aja tumindak rusuh
  • Aja ngrusak pager ayu
  • Aja drengki
  • Aja keminter
  • Aja kareman
  • Aja ambeg siya
  • Aja gegedhen rumangsa
  • Aja nggege mangsa
  • Aja nampik rezeki
  • Aja dawa tangan lan liya-liyane.

GEGURITAN

AJA KUWATIR PAHLAWANKU
Angitane : R. Bambang Nursinggih
Ocehe dhandhang manitir nguntabake bandhosa
Mrambat lon-lonan lumaku tumuju girilaya
Kairing swasana tintrim lan wingit ngayut jiwa
Swara sesenggukan ndudut rasa, saya agawe nelangsa
Bandhosa kang lagi mondhong layon
Ora perduli apa kang mentas kelakon
Panggah tetep siaga ngenteni urut-urutane lakon
Nadyan ana udan gludhug ora dipaelu tetep kukuh santosa
Kang wigati jejibahane mbopong layone kusumayuda
Tekan pucuk punthuke sasanalaya ora gawe kuciwa
Aruming kukus ratus ngambar sumebar kumelun ngekuwung mendhuwur
Kumlebete kembang setaman kacampur sadana minangka sawur
Kairing swara kidung mbrengengeng lamat-lamat mangungkung
Mimbuhi rasa sungkawa kang jero tumrap kang lagi suwung
Sumitra lan sedulur samya manekung santi puja
Muji lelabuhane pupus puspa kang kapagut ing rananggana
Katrima minangka amal baktine Ing Ngarsa Dalem Allah Ta’ala
Uga marang kang kapegatan, kaparingan kekuwatan iman ora ngglewang
“Aja kuwatir pahlawanku” arep dak terusake gegayuhanmu
Dak sembadani nganti penjajah oncat saka pangkoning ibu
Uga mberat reretu kang ngaru biru warisan kang wiwit semrawut
Najan bakal lampus dadi wadal nusul sliramu kapundhut ngayun.

                                                                                                        
                                                                                                                    ( Nursinggih, 2005 

Unggah-ungguh Basa


Manut cak-cakan lan trap-trapane, basa Jawa iku sejatine ana loro, yaiku basa ngoko lan krama. Nanging, manut panggonane ing sakehing masyarakat basa iku ana papat. Basa ngoko ana loro, yaiku ngoko lugu lan ngoko alus/andhap. Dene sijine basa krama uga ana loro, yaiku krama lugu lan krama inggil/ alus.
Dene cak-cakane kaya ing ngisor iki.

Cak-cakane basa:


Ngoko Lugu
-Marang sapadha-padha
- bocah karo bocah
- wong tuwa marang bocah
Kabeh tetembungane nggunakake tembung-tembung ngoko


Ngoko Andhap
- wong sing padha tuwane
- wong tuwa marang wong enom sing isih ngajeni
Nggunakake tembung-tembung ngoko diselingi tembung karma inggil/alus


Krama Lugu
- wong sing tembe kenal
- kanca nanging durung supeket
- wong tuwa marang wong enom nanging luwih dhuwur pangkate
Tembung-tembunge kabeh tembung krama


Krama Inggil
- bocah marang wong tuwa
- wong enom marang sing luwih tuwa utawa wong apangkat
- sing guneman luwih endhek drajat pangkate
Nggunakake tembung-tembung krama inggil kanggo sing dijak guneman, kanggo awake dhewe nggunakake tembung-tembung krama