AJA KUWATIR PAHLAWANKU
Angitane
: R. Bambang Nursinggih
Ocehe
dhandhang manitir nguntabake bandhosa
Mrambat
lon-lonan lumaku tumuju girilaya
Kairing
swasana tintrim lan wingit ngayut jiwa
Swara
sesenggukan ndudut rasa, saya agawe nelangsa
Bandhosa
kang lagi mondhong layon
Ora
perduli apa kang mentas kelakon
Panggah
tetep siaga ngenteni urut-urutane lakon
Nadyan
ana udan gludhug ora dipaelu tetep kukuh santosa
Kang
wigati jejibahane mbopong layone kusumayuda
Tekan
pucuk punthuke sasanalaya ora gawe kuciwa
Aruming
kukus ratus ngambar sumebar kumelun ngekuwung mendhuwur
Kumlebete
kembang setaman kacampur sadana minangka sawur
Kairing
swara kidung mbrengengeng lamat-lamat mangungkung
Mimbuhi
rasa sungkawa kang jero tumrap kang lagi suwung
Sumitra
lan sedulur samya manekung santi puja
Muji lelabuhane
pupus puspa kang kapagut ing rananggana
Katrima minangka
amal baktine Ing Ngarsa Dalem Allah Ta’ala
Uga marang kang
kapegatan, kaparingan kekuwatan iman ora ngglewang
“Aja kuwatir
pahlawanku” arep dak terusake gegayuhanmu
Dak sembadani
nganti penjajah oncat saka pangkoning ibu
Uga mberat
reretu kang ngaru biru warisan kang wiwit semrawut
Najan bakal
lampus dadi wadal nusul sliramu kapundhut ngayun.
( Nursinggih, 2005
No comments:
Post a Comment