Buku Tamu

Tuesday, October 2, 2012

Naskah Ketoprak Lakon "Andha Rante" 5


ADEGAN 8: DAGELAN SAMBUNG KEPUTREN
DAGELAN JOGEDAN, DOLANAN, GOJEGAN DAN TETEMBANGAN.
DATANGLAH ADIK BUPATI MANGUN ONENG YANG BERNAMA RADEN DANANG, MINTA DETEMANI UNTUK MENGHADAP ISTRI ADIPATI MANGUN ONENG DI KEPUTREN. BELONG BERSALAMAN KEMUDIAN MENGUSAPKAN TANGAN RADEN DANANG KE WAJAH BELONG YANG BLEPOTAN HANGUS.
KANCIL                    : Lho kurang ajar… Nuwun sewu…
R. DANANG             : Karepe piye?
KANCIL                    : Karepmu piye? Lho tangan kok mbok kenekno lho…(sambil mengusapkan tangan Raden Danang ke wajah kancil yang juga blepotan hangus). Karepmu piye? Ora sopan blas… Iki mana tangane bendaramu.
BELONG                   : Kowe iki malah mbok imbuhi, kowe iki, diingeti saka kadohan bendaramu tangane kaya tembongen. Hahaha…
Nyuwun pangapunten Gus…
R. DANANG             : Gus… Gus… Mbahmu kuwi..
KANCIL                    : Badhe tindak wonten pundi? Kok njanur gunung kadingaren.. Panjenengan kok ngampiri kula kaliyan Belong.
R. DANANG             : Aku katimbalan kang mbok Rara Siya.
KANCIL                    : Ooo ngaten…
Wonten…???
R. DANANG             : Sira sakloron ndherek ana ing taman.
KANCIL                    : Lha njing napa?
R. DANANG             : Ya saiki…
KANCIL                    : Sakniki? Mangga-mangga kula dherekaken.