Buku Tamu

Tuesday, October 2, 2012

Naskah Ketoprak Lakon "Andha Rante" 2


ADEGAN 11 DIRUMAH ANDHA RANTE
SYEH JANGKUNG  : Assalamualaikum…
ANDHA RANTE       : Sing ngerti karepe sapa? Lakon kok ora ana rampunge.
SYEH JANGKUNG  : Iya, aku ngerti. Upamane aku mangan roti enak a, wong pakanaem tela ya ancen ra doyan. Mula, Andha Rante…
ANDHA RANTE       : Teka-teka kok kam-kum, kam-kum… Sing ngekum sapa?
SYEH JANGKUNG  : Hehehehe… Eeeee… Ancen wong ya ancen ana sing ngene iki lho. Ya iki ya…
ANDHA RANTE       : Sampean niku sinten mas?
SYEH JANGKUNG  : Ya mestine kowe wis nate manuh, ya aku iki kena diarani Saridin ya Jangkung utawa Syeh Jangkung.
ANDHA RANTE       : Eeeeeee…. Kula mpun krungu jenenge mas…
SYEH JANGKUNG  : He’e iya..
ANDHA RANTE       : Dadi sampean niku sing jenenge Mbedin mas?
SYEH JANGKUNG  : Saridin hare Mbedin.
ANDHA RANTE       : E enggih Saridin, Syeh Jangkung..
SYEH JANGKUNG  : He’e…
ANDHA RANTE       : Wah Syeh Jangkung, Saridin niku jane ya ora bedane kaya kula, ning saiki bareng wis keparek karo Kanjenge Adipati lali kawitane.
SYEH JANGKUNG  : Bedane apa?
ANDHA RANTE       : Biyen ya wong mblasah-blasah ora tatanan. Kula niki perkara ning Kabupaten Pati.
SYEH JANGKUNG  : Ha ya, sing wis ya wis. Mugiya kapendhema ing bumine pangapura. Dadi, dina iki kang dipitaya kowe gawe geger nyang tlatah Pati ayo bareng-bareng tak jak sowan nyang Bupatine Mangun Oneng ning Pati.
ANDHA RANTE       : Wuih… Wuih… Wuih…
SYEH JANGKUNG  : Lha genea?
ANDHA RANTE       : Sampeyan ya dadi srayange Kanjenge Adipati mas?
SYEH JANGKUNG  : Ha iya…
ANDHA RANTE       : Hlah… mbok bawa rasa mas, wong kowe iki ora bedane kaya aku mbok wis, kowe sing kowe, cedhak karo Kanjenge Adipati ya cedhaka. Aku ya wis ben ngene, atiku ra seneng mas, nek atiku kuwi pada dirampas kamardikanku karo wong-wong Pati Pesantenan.
SYEH JANGKUNG  : Eeee… Lha nek kowe emoh ra seneng ya aja manggon ning ndesa, nyang ngalas. Jalaran, Negara iki ana sing mranata, aja nganggo karepmu dhewe.
ANDHA RANTE       : Ngene ya mas, nek ngomong iku nganggo watonan aja waton omong lho mas. Iki rak omah-omah kula dhewe a mas. Kampung-kampung kula dhewe.
SYEH JANGKUNG  : O kwe nduwe kapitayan nek iki omahmu dhewe.
ANDHA RANTE       : Cobi, nek upama sampeyan dadi kula nggih mas nggih...
SYEH JANGKUNG  : Ya… Ya… Ya…
ANDHA RANTE       : Wayah ora wayahe, kula sedina niku nyambut gawe teng sawah nggih kesel mas.
SYEH JANGKUNG  : Iya, nyambut gawe hare.
ANDHA RANTE       : Mulih, bar adus karepku ya leyeh-leyeh, wayahe kula mak ser ana wong padha grudag-grudug, grubyag-grubyug, ngalor-ngidul, ngetan ngulon, ngulon-ngetan. Bareng kumpul sebawane “lawaaaaa bubar, lawaaaaa bubar” ngono iku lho mas, ngono iku durung muni ngono wis lulang dipentheng ditaboh sak buanter-bantere mas. Sapa sing ora nggondhuk?
SYEH JANGKUNG  : Upama kowe tak jlentrehno wong kowe ora percaya, gampange wong ngucap ngarani apa sebabe para mukmin-muslim utawa wong islam nyebut Allahu Akbar iki Allah iki maha agung sing nyipta jagad lan sak isine. Tuladhane kaya kowe urip, urip ing alaming padhang iki ana sing nyipta, ana sing nggawe. Aja njur karepmu dhewe…
ANDHA RANTE       : Ngono iku nggawene piye mas?
SYEH JANGKUNG  : Ooo… Nggawene iki ya jenenge kibalan dzat, ora kena dideleng kasating netra. Tuladhane kaya kowe. Ora kaya sing ngujoli, sing nggawe ya wong tuamu upamane, ning wong tuwamu iku urip ana sing nguripke.
ANDHA RANTE       : Sapa sing ngawe urip mas?
SYEH JANGKUNG  : Sing nguripke ora ana siji loro, ya siji Gusti Alah SWT.
ANDHA RANTE       : Wah ya pada karo mau iki…
SYEH JANGKUNG  : Lha iya…
ANDHA RANTE       : Gusti Allah kuwi mau ya mas?
SYEH JANGKUNG  : Lha iya…
ANDHA RANTE       : Niku pawakane sepira mas?
SYEH JANGKUNG  : Lho iki ya ora wujud.
ANDHA RANTE       : Ning endi manggone? Gedhe cilike sepira? Gedhe endi karo aku? Gagah endi karo aku? Nek nduwe kuasa, kuasa endi karo Kanjenge Adipati Kadipaten Pati?
SYEH JANGKUNG  : Iku salah sawijining ghoib, kowe tak takoni. Cethane pada karo kowe iki ra nduwe rai. Raiem endi jajal? Aku tak takon?
ANDHA RANTE       : Lha nek iki mas?
SYEH JANGKUNG  : Iku pipi…
ANDHA RANTE       : Ooo iya, pipi.
SYEH JANGKUNG  : Lha iya…
ANDHA RANTE       : Hehehehe….  Lha iki dhak rai?
SYEH JANGKUNG  : Dudu… Iku irung.
ANDHA RANTE       : We iya, irung… Lha iki dhak rai mas?
SYEH JANGKUNG  : Bathuk.
ANDHA RANTE       : We iya, bathuk. Lha iki dhak rai?
SYEH JANGKUNG  : Janggut.
ANDHA RANTE       : We iya, janggut. Wong iki kok ngglibet.
SYEH JANGKUNG  : Lha iya, wong kowe ngglibet kok.
ANDHA RANTE       : Aku iki rumangsaku wis engkel, rumangsaku aku wis ngglibet. Kok ijeh kalah ngglibet karo cah iki.
SYEH JANGKUNG  : Lha iya, mula kowe ora nduwe rai.
ANDHA RANTE       : Raiku nok endi mas?
SYEH JANGKUNG  : Lha iya, iku gambarane. Mula Andha Rante.
ANDHA RANTE       : Ooo… Nak ngono Gusti Allah kuwi mau kaya rai mas?
SYEH JANGKUNG  : Ora, tuladhane kaya ngene, lho raiku nang endi? Ora wujud, upama iki irung, iki lambe upamane, iki pipi lan liya-liyane. Tegese Gusti Allah iku ora kasetran netra, kapitayan nyang roh utawa nyang ati, iki kapitayan. Aku ana sing nguripke kudu aku manut mubak mosiking kahanan, ayo padha melu ilining banyu, aja nungsang.
ANDHA RANTE       : Wuih, saiki kowe tek pinter tutur-tutur mas? Biyen kok dadi buron lurone wong Pati.
SYEH JANGKUNG  : Hiya ngene iki nek…
ANDHA RANTE       : Tak bacut tak krungu mateni ipemu Branjung dhewe.
SYEH JANGKUNG  : Lha iya iki sing wis ya wis.
ANDHA RANTE       : Halah, kowe iki karo aku upama dosa ndak ra ya kurang luwihe a mas.
SYEH JANGKUNG  : Ngene ya Andha Rante, iki tak upamakna ana becak amot setrup.
ANDHA RANTE       : Tegese mas?
SYEH JANGKUNG  : Ana Kethoprak nganti surup.
ANDHA RANTE       : Iku kok ora kalah ngglibet mas.
SYEH JANGKUNG  : Lha iya.
ANDHA RANTE       : Ngene lho mas, pokoke nek aku dikon lunga saka Desa Siti Hinggil kene, dioyako wong sak Pati, aku emoh mas.
SYEH JANGKUNG  : Ora gelem? Sisan nggawe tak upamakna wong nyabrang kali, aku balik klebus tak teruske uga klebus. Andha Rante, ora ketang kowe wong pinunjul, upamane isa nampani sajadahku iki, aku trima manut karo kowe.
ANDHA RANTE       : Aja banter-banter lho mas. Ambune aku ora betah mas.
SYEH JANGKUNG  : Lha ambune piye?
ANDHA RANTE       : Kecut…
SYEH JANGKUNG  : Ha iya, nek kecut kok mbok serot?
ANDHA RANTE       : Weh iya, kalah ngglibet neh aku.
SYEH JANGKUNG  : Bismillahirahmanirokhim. La khaula wala kuwata illabillahil aliyil adzim. Allahu Akbar…Allahu Akbar…(Syeh Jangkung menyerang Andha Rante dengan sorbannya).
ANDHA RANTE       : Adhuh… Adhuh…
ANDHA RANTE KABUR…
LALU ROMBONGAN ADIPATI MANGUN ONENG DATANG DIRUMAH ANDHA RANTE.
SYEH JANGKUNG  : Mangga… Mangga…
SUMBA PRADAN    : Kakang Syeh Jangkung… Kados pundi pawartosipun? Napa saget ngracut Andha Rante kacepeng?
SYEH JANGKUNG  : Mboten ketang saged mboten saged nyepeng, ewadene Andha Rante sampun oncat. Mung wae kula sujana, Andha Rante niku kulinane  mabuk-mabukan. Menawi kapareng wonten katumenggungan wonten remaja putri menika sinten?
SUMBA PRADAN    : Wonten kakang Jangkung, malah kapara yoga kula piyambak.
SYEH JANGKUNG  : Yoga sampean piyambak?
SUMBA PRADAN    : Nggih…
SYEH JANGKUNG  : Kula nyuwun ngampil minangka kangge Rante Emas. Mangke yen wonten menapa-menapanipun kula ingkang tanggel.
SUMBA PRADAN    : Bab anak kula ajeng sampean ampil kula paringke kakang Jangkung, ning bab kawilujenganipun sak wutahipun kula pasrahaken kakang Jangkung.
SYEH JANGKUNG  : Kula ingkang tanggel…
SUMBA PRADAN    : Nggih…
SYEH JANGKUNG  : Mangga, sawetawis…
SUMBA PRADAN PULANG MENEMUI ANAKNYA, KEMUDIAN MENGAJAK ANAKNYA UNTUK MENEMUI SYEH JANGKUNG UNTUK DIGUNAKAN SEBAGAI UMPAN UNTUK ANDHA RANTE.
BURANTI                  : Wonten napa bapa?
SUMBA PRADAN    : Kene… Buranti, ngawekani kanggo kawutuhaning kluarga ning Kabupaten Pati, kakang jangkung njaluk krana kanggo nyekel si Andha Rante. Jeneng sira diampil supaya dadi Rante Emas, mikut marang Andha Rante. Gelem apa ora kowe?
BURANTI                  : Menawi kados ngaten kula saguh.
SUMBA PRADAN    : Bab keslametanmu ndak pasrahake marang kakang Jangkung.
BURANTI                  : Ooo kados ngaten, matur nuwun sanget lho.
SUMBA PRADAN    : Kakang Jangkung, menika anak kula Buranti.
SYEH JANGKUNG  : Menika sampun cetha nek ingkang putra badhe minangkani menapa ingkang dados panyuwun kula.
Buranti, tak jaluk ngene ya nduk. Upamane, iki kena diarani Rante Emas. Gelar lair kowe seneng, ning bathin ora seneng. Kowe nggawa unjukan sing marai mendhemi, ngko yen wis mendhem ngko takon, ngko dheweke ngoceh apa pengapesane si Andha Rante. Ngono wae, kuwi jupuka unjukan…
BURANTI                  : Nggih ngestoaken…