Buku Tamu

Tuesday, October 2, 2012

Naskah Ketoprak Lakon "Andha Rante" 6


ADEGAN 7 ALAS DESA SITI HINGGIL KABUPATEN PATI
ANDHA RANTE       : Wong sak Desa Siti Hinggil pada gething aku kabeh, tangga teparo ora seneng aku kabeh, apa meneh wong sedesa tangga teparo, lho kan maratua wae kok ya gething karo aku.
Wah…wah…  jebul, aku wingi sore tak rungokke tak cedhaki sak cedhake, jebule tak tiling-tiling sing kanthi permati jebule sing diucapke lawaaaaa bubar, lawa bubar jebul kok ora. Ya tembung mligi ning aku ya ora mudheng, mbuh kuwi basa apa aku ra weruh.. Ana meneh, sego kanggo wong num-num, jebul kok shalatu…. Naum…. Basane aku ya ora mudheng. Lhah…
Wong urip kok di gething wong okeh.
DATANGLAH KYAI MAKDUM DI SEBELAH ANDHA RANTE.
ANDHA RANTE       : Mas…Mas…
KYAI MAKDUM      : Opo…?
ANDHA RANTE       : Sampean awan-awan kok kemulan brukut napa sampean katisen mas? Napa sampean awake mriang mas? Kok sirahe di udheng-udheng, napa sampean sirahe ngelu mas? Napa buruken? Wong kula ngeten mawon sumuke mboten karuan, lho sampean kok le brukut ngoten niku.. Niku dak mateng sampean..
KYAI MAKDUM      : Nggih.. Njenengan mastani ngaten nggih kenging..
Nanging nyuwun sewu, kula tak takon. Kula lumebu ing Desa Siti Hinggil niki, tinemu kalih pawongan nggih lagi karo sampean niki.
ANDHA RANTE       : Lho sampean niku dereng ngerti kula?
KYAI MAKDUM      : Sampean niku napa ngerti sing jenengane Andha Rante?
ANDHA RANTE       : Lha kula niki dak Andha Rante..
KYAI MAKDUM      : Ooo… Sing namine si Andha Rante niku sampean niku?

ANDHA RANTE       : Hahaha…
Njenengan kok mpun nggarjito mas.
KYAI MAKDUM     : Sampean dadi wong kondhang, nami sampean sampun kontap saindenging Kabupaten Pati luwih-luwih sampun dumugi wonten Kasultanan Mataram.
ANDHA RANTE      : Wong niku angger gelem engkel kaya kula ya ndang kondhang. Lha nek inat-inut ora ngerti karepe niku ya ora kondhang. Wong niku angger gelem engkel gelem ngeyel niku ya ndang kondhang. Ngoten lho…
KYAI MAKDUM     : Nggih..  Ngeten nggih.. Gandheng kula wis ngerti lak sampean sing jenengane Andha Rante..
ANDHA RANTE       : Nggih…
KYAI MAKDUM      : Disrawungake, Nami kula Ustad Makdum Alatas.
ANDHA RANTE       : Wuih…Wuih…Wuih…Wuih…
Jenenge tek angel mas, Makdum Alatas..
KYAI MAKDUM      : Makdum Alatas…
ANDHA RANTE       : Lha napa gawean sampean, Gaweane sampean niku tukang ngundhoh tawon napa pripun?
Nggih sebabe tukang ngundhoh tawon niku sirahe diudheng-udhengi, Pamrihe ben ora di entup tawon.
KYAI MAKDUM      : Ngeten lho.. Andha Rante, Ning sandhangan iku kalebu kasenengan. Nggih..
ANDHA RANTE       : Ngaten..
KYAI MAKDUM      : Sampean seneng nganggo sandhangan kaya ngaten ya mangga. Iki wis dadi kesenenganku nganggo cara kaya ngaten iki.
ANDHA RANTE       : Eee… Ngaten…
KYAI MAKDUM      : Upama sampean kok kaget lan gumun, Ora mokal…
Merga ana ing tanah jawa ora ana sing pada nganggo sandangan sing kaya ngene iki.
ANDHA RANTE       : Ancen mboten, Kula nggih gumun setaun jembleng serendheng. Ngotenniku nek kula nggih mpun mboten krasan a mas…
KYAI MAKDUM      : Nah… Iki adat wong wiyos, Sandhangan tatacara tiyang ing jiran iku kaya ngeten iki.
ANDHA RANTE       : Eee… Ngoten…
Dadi sampean iki wong ko uaduh nggih..??
KYAI MAKDUM      : Saking Negari Jiran..
ANDHA RANTE       : Eeeeee… Uadoh nggih..
KYAI MAKDUM      : Lajeng kula niku syi’ar dateng agami islam cumondhok kula sakniki wonten pinggiring segara Tuban.
ANDHA RANTE       : Ooo… Lha sampean kok tekan mriki niku enten gawene napa?
KYAI MAKDUM      : Pisan kula niku ya kepengen ngerti karo sing jenengane Andha Rante.
ANDHA RANTE       : Nggihh…
KYAI MAKDUM      : Kaping pindhone, Kula niku kautus dening Kanjeng Sultan ing Mataram.
Niki ajeng mbenerke, bener lan orane byawara sing kula tampa. Jare sampean kuwi ning Desa Siti Hinggil senengane nyegati bocah-bocah sing bakal nindakake shalat ana ing langar, Ning mesjid saben arep jum’atan sampean cegati sampean brengkolangi. Lho kuwi janjane karep sampean kuwi kepiye?
ANDHA RANTE       : Nggih… Mboten kula selaki, sebab wong-wong niku padha ngganggu kamardikan kula. Watak kula sampean lak dereng ngerti to mas…
KYAI MAKDUM      : Pripun watake?
ANDHA RANTE       : Watak kula niku nek mpun krungu swara sing gembrebeg nggih, ngoten niku ati kula panas. Nek ati kula mpun panas, getih kula munjuk, nek mpun getih kula munjuk niku dadi abanging mripat kula, panasing kuping kula. Cobi mas, ndikane sampean niku dadi kula nggih, mang rasake nggih. Wayah mboten wayahe, wong-wong sing padha nganggo klambi kaya sampean ngaten niku nggih, sirahe pada ditutupi, awake padha dikemuli, grudag-grudug, ngalor-ngidul, ngetan ngulon, nek mpun padha nglumpuk lulang niku lho mas dipentheng dipathek digaringke digebugi blang-bleng blang-bleng ngaten niku napa mboten kaget? Mpun kula bumpeti kuping kula, kula petek dhadha kula wonten sing nyuwara bantere mboten karuan “lawaaaa bubar, lawaaaa bubar”. Ngaten niku lho mas, njenengan tak aturi priksa nggih, lawa niku mboten usah dikongkon bubar nek wancine surup niku nggih padha bubar saka panggonane golek mangsa dhewe-dhewe. Mpun, kula mprepet malih. Ketoke mpun meneng kula leyeh-leyeh malih, lak nggih a… Niku malah ora mung siji sing muni, bareng-bareng padha muni “kamin… kamin…”. Lha ngaten niku. Napa wong semana akehe niku jenenge kamin? Kok padha diceluk, dibengak-bengoki kamin. Niku lho mas nganti kula niku padha digething wong sak Desa Siti Hinggil, tangga kula ya gething, maratua nggih nggething, bojo kula mawon nggih melu nggething mas..
KYAI MAKDUM      : Sira Andha Rante…
ANDHA RANTE       : Napa?
KYAI MAKDUM      : Kowe mau wis omong akeh-akeh ya..
ANDHA RANTE       : Nggih…
KYAI MAKDUM      : Iki saiki aku tak omong…
ANDHA RANTE       : Nggih ben gentenan, kula ben ra patek mboten meniren..
KYAI MAKDUM      : Omong kuwi sing kepenak gentenan ben ora kaya pasar.
ANDHA RANTE       : Eee… Nggihh…
KYAI MAKDUM      : Kowe ning ngarep ngandhakake jare sing ndadekake gembrebegeg atimu lan kupingmu kuwi perkara uwong sing padha bengak-bengok “lawaaa bubar.. lawaaa bubar..”, kuwi mbok menawa kupingmu sing rada kopoken..
ANDHA RANTE       : Lho… Mangke riyen, sampean genahke mas. Nek niku kok kula sing dianggep suda rungon niku pripun mas?
KYAI MAKDUM      : Kuwi satemene ora kok lawa bubar kuwi ora, lha merga saka kleru nggonmu ngrungokake njur rumangsamu lawa bubar.
ANDHA RANTE       : Lha niku…
KYAI MAKDUM      : Satemene kuwi ngagungake asma dalem Allah SWT Allahu Akbar, Allahu Akbar
ANDHA RANTE       : Sek…Sek… Mas..
KYAI MAKDUM      : Kuwi tegese…
ANDHA RANTE       : Nggih…Nggih…
KYAI MAKDUM      : Nek kowe ra ngerti tak duduhi..
ANDHA RANTE       : Nggih..
KYAI MAKDUM      : Tegese, Gusti Allah kuwi kang Maha Agung.
ANDHA RANTE       : Sek..Sek.. Mas. Sampean kok ngucapke Allah nggih, Allah niku napa? Manggone teng endi? Manggone teng pundi jenenge Allah niku? Enak napa mboten rasane? Napa niku panganan? Napa niku wujud napa?
KYAI MAKDUM      : Andha Rante, sing diarani Gusti Allah sing tak sebutake mau, ya kuwi Gusti kang nyipto jagad sa isine iki. kalebu kowe lan aku kabeh kuwi rumasuk sing nyipto panjenengane Gusti Allah.
ANDHA RANTE       : Lha niku manggone teng pundi mas? Manggone teng pundi mas?
KYAI MAKDUM      : Panjenengane Gusti Allah kuwi sifat kang ghoib, dumunung ana sekabehing dzat.
Ya…
ANDHA RANTE       : Nggih..
KYAI MAKDUM      : Dadi ora bias ditonton, ora bias ditonton nganggo panca indra. Isane nonton nganggo kaca mata bathin, nek pancen uwong kuwi wis kandhel imane wis cukup ilmune, wis sampurna imane lan bakal bisa tinemu marang panjenengane Gusti Allah.
ANDHA RANTE       : Lha niku nek isane roh panggone teng pundi? Kula kok kon percaya niku pripun? Weruh wae mboten, nggih.. Weruh wae ora kok kon percaya. Nggihhh..
Allah-Allah, Allah niku wau lho.. Teng pundi manggone, sepira dedeg paidege? Kok nggae jagad. Lhoo… Jagad niku ana dhewe mboten ana sing nggae.
KYAI MAKDUM      : Andha Rante..
ANDHA RANTE       : Napa?
KYAI MAKDUM      : Saiki aku tak takon ya, nek kowe kok ora percaya anane panjenengane Gusti Allah, njur kowe urip kuwi sing paring urip kowe kuwi sapa?
ANDHA RANTE       : Lho, kula niku urip-urip kula dhewe mas. Ora ana sing nguripno, kula niku ngerti kula nggih urip dhewe.
KYAI MAKDUM      : Ooo… Gak ana sing nguripke?
ANDHA RANTE       : Mboten..
KYAI MAKDUM      : Lhah kowe kuwi biyen ya nduweni wong tuwa?
ANDHA RANTE       : Gadhah…
KYAI MAKDUM      : Nduwe wong tuwa?
ANDHA RANTE       : Ning mboten sing nguripi, niku sing nguweki mangan mas.
KYAI MAKDUM      : Wong tuwamu kuwi ya nduweni wong tuwa?
ANDHA RANTE       : Gadhah mas..
KYAI MAKDUM      : Kowe nduweni mbah?
ANDHA RANTE       : Mbah?.. Gadhah mas…
KYAI MAKDUM      : Mbahmu kuwi ya nduwe wong tuwa?
ANDHA RANTE       : Nduwe mas…
KYAI MAKDUM      : Lhah mbahe mbahmu kuwi jenengane sapa?
ANDHA RANTE       : Lali mas…
KYAI MAKDUM      : Lha iya… Lagi nggon canggah wae kowe ra kelingan, luwih-luwih kowe kok ngeling-ngeling marang panjenengane Gusti Allah.
Ora ana makhluk kepengen tinemu marang panjenengane gusti Allah kuwi ora ana. Ning, kowe kudu percaya. Merga panjenengane Gusti Allah kuwi mlebu ing sekabehing dzat. Mula kena diarani dzat wajibul ujub. Nek kowe kuwi wong tuwa sing wis kebak kawruhmu, genep imanmu lan kowe ndweni ngelmu lan kawruh sing sampurna, insyaAllah kowe bisa bakal tinemu panjenengane Gusti Allah.
ANDHA RANTE       : Wah mas, tembungmu saya ra nampa aku mas. Saya ra nampa, ana apa mau mas? Sing Allah ning ndi mau? didelok karo apa?
KYAI MAKDUM      : Nganggo panca indra ora bisa.
ANDHA RANTE       : Aku ora bisa nampa.
KYAI MAKDUM      : Nganggo kacamata bathin.
ANDHA RANTE       : Nek sampean weruh mas, Sing ndi Allah mas? Ning ndi, nek sampean weruh? Nek weruh sampean dudohke mas. Wonge sepira gedhene? Nggih… Kira-kira gedhe pundi kalih sampean?
KYAI MAKDUM      : Ngene ya ondo rante.. Panjenengane Gusti Allah kuwi nek adoh tanpa wangunan, ning nek cedhak kuwi tanpa senggolan. Kuwi panjenengane Gusti Allah. Mulane, panjenengane Gusti Allah kuwi manggon ana ing sekabehing dzat. Kang dzating manungsa kadunungan dzating Gusti Allah. Kalebu kowe lan aku urip, kowe lan aku urip kuwi kadunungan dzating gusti Allah, tanpa kadunungan dzating gusti Allah kowe lan aku ora bakal urip lan ora bakal tinemu Andha Rante.
ANDHA RANTE       : Wah..Wah..
.…………………………………naskah terputus……..…………………………
ANDHA RANTE       : Ana mas… Ana…
KYAI MAKDUM      : Rupane angin kowe isa nyawang? Rupane angin kaya apa?
ANDHA RANTE       : Rupane angin ra ana mas, ning rasane aku isa ngrasakke mas…
KYAI MAKDUM      : Nah, ora bedane kaya sifate gusti Allah, wujude ora bisa ditonton ning isa dirasakke ing sajroning ati manut marang keyakina lan agamane dhewe-dhewe..  Nek kowe iki wong sing nduwe agama, manut marang kapitayan agamamu. Kowe bakal bisa ngrasakke yen Gusti Allah iki ana. Lhah, manungsa dicipta dening Gusti Allah kuwi digawe sing sak apik-apike, laqod qolaknal insana fi aksani taqwim. Gusti Allah kuwi nyipta manungsa digawe sing sak apik-apike, beda karo makhluk liya-liyane, kaya dene malaikat, jim, setan lan kewan kuwi beda. Kowe manungsa kaya dene aku ndweni sifat kang genep, wujud kang genep. Mula manungsa nek wis diwenehi sifat lan wujud sing genep, diwajibake manungsa tansah syukur marang panjenengane Gusti Allah sing paring urip, paring gesang.
ANDHA RANTE       : Wah, kula kok malah saya… Saya bingung mas aku ngrungokke tembunge sampeyan. Kok ana cakot-cokotan niku wau napa mas?
KYAI MAKDUM      : Piye..??
ANDHA RANTE       : Tembung kok cokot-cokotan niku wau napa mas?
KYAI MAKDUM      : Kuwi nek basane wong Arab kaya aku ngucapake tegese laqod qolaknal insana fi aksani taqwim, tegese  yen Gusti Allah kuwi nyipta manungsa kuwi wis digawe sing sak apik-apike, kuwi tegese kaya ngono kuwi.
ANDHA RANTE       : Rumangsaku nyokot, nyokot Zaenal niku wau…
KYAI MAKDUM      : Lhah, saiki ngene Andha Rante…
ANDHA RANTE       : Pripun mas?
KYAI MAKDUM      : Sing apik wong iku lak seduluran to…???
ANDHA RANTE       : Nggih…
KYAI MAKDUM      : Kowe urip kuwi lak butuh slamet…
ANDHA RANTE       : Nggih…
KYAI MAKDUM      : Nek bisa, wong urip kuwi ya slamet ndonya slamet akhirat.
ANDHA RANTE       : Ooo… Ngaten..
Saiki ngaten mas, kula tak takon nggih mas..
KYAI MAKDUM      : Piye?
ANDHA RANTE       : Sampean kuwi kethoke kok kawruhe dhuwur mas, kula tak takon nggih…
KYAI MAKDUM      : Iya…
ANDHA RANTE       : Sakniki, nak sampean ngandhakke nak sing nyipta jagad sak isine niku Gusti Allah, Gusti Allah wau…
Napa Gusti Allah niku budheg mas? Gusti Allah niku napa budheg mas? Kok pada bengak-bengok lawaaaa bubar... Napa niku lek lon-lon Gusti Allah ora krungu mas?
KYAI MAKDUM      : Kuwi wis kalebu syarat, syarate rukun islam kaya ngono kuwi. Salah sawijining pawongan sing bakal nindakake ngibadah shalat, shalat kanthi shalat jamaah kuwi diwajibake luwih dhisik adzan. Lhah, adzan kuwi kudu banter kaya ngono kuwi. Ya… Adzane Allahu Akbar, Allahu Akbar kaya sing mbok kandakke kuwi mau.
ANDHA RANTE       : Lha nek ngaten niku mas, nek pajar. Wuenak-enake wong turu nggih mas nggih, ngunjukno kemul penake ora karuan. Bantere mboten karuan, bar lawaaa bubar.. Lawaaaa bubar, niku enten tembung ngeten mas nggih…
Ngetum sega kanggo cah num-num, ngetum sega kanggo cah num-num, niku pripun niku?
KYAI MAKDUM      : Kuwi tegese… Ya to…
Kuwi mung sepisan, saben bakal nindakke shalat subuh kuwi adzane nganggo kaya ngono kuwi.
ANDHA RANTE       : Niku karepe pripun mas?
KYAI MAKDUM      : Sing dikarepake, tinimbangane turu ayo padha shalat. Asshalatu khoirumminannam, kuwi tegese timbang turu ayo-ayo aluwung shalat. Ora kok kaya sing mbok kandakke cah num-num kuwi ora…
ANDHA RANTE       : Mas, wong urip kok neko-neko leh mas. Urip niku mbok ayo ngrasakke ayem tentrem. Kaya kula ngaten niki, ora usah mikir neko-neko, kok ana mikir Allah. Ana mikir Allah, niku nek kula ora kecandhak mas. Butuhe kula niku angger kula pangan saben dina niku ana mas, niku nggih mpun ayem.. waton mboten padha dibribeni wong sing pada grudag-grudug. Ngaten lho mas.
KYAI MAKDUM      : Ngene lho, pancen manungsa kuwi angel. Manungsa kuwi nduweni kebutuhan patang prakara Andha Rante…
ANDHA RANTE       : Wuih…Wuih…Wuih…Wuih…Wuih…
KYAI MAKDUM      : Nek kowe ra ngerti tak kandani, manungsa kuwi nduweni kebutuhan patang prakara.
ANDHA RANTE       : Napa mawon mas niku?
KYAI MAKDUM      : Kabutuhaning raga, kabutuhan jiwa, kabutuhan srawung marang sapadhaning urip lan kabutuhan manembah marang gusti. Kuwi nek tembunge wong intelek, tembunge wong pinter saiki, kebutuhan fisiologi, kebutuhan psikis, kebutuhan sosial lan kebutuhan spiritual..
ANDHA RANTE       : Wah..Wah…
Bingung mas aku nampa mas..
KYAI MAKDUM      : Mbaka sithik, tak wuruki..
Kebutuhan raga, kuwi kalebu mangan , turu, ngombe, leren, langen asmara kuwi kalebu kebutuhan raga.
ANDHA RANTE       : Niku lho seneng-senenganku mas..
KYAI MAKDUM      : Lha… Kuwi kalebu kebutuhane raga..
ANDHA RANTE       : Ooo… Nggih…
KYAI MAKDUM      : Lhah kebutuhane jiwa, ya butuh tentrem, butuh ayem, butuh seneng kuwi kebutuhane jiwa.
ANDHA RANTE       : Ooo… Ngaten nggih..
KYAI MAKDUM      : Nek kebutuhan srawung marang sepadhane urip, tulung-tinulung, kajen-kinajenan marang sepadhaning urip kuwi kebutuhaning marang kawula. Ngono lho..
Kebutuhan manembah utawa kebutuhan spiritual manembah marang gusti, kuwi kanti dasar iman kang genep manembah manut marang kapercayane dhewe-dhewe.
ANDHA RANTE       : Nek ngoten, urip niku ana sing nggawe nggih..???
KYAI MAKDUM      : lhoh, nek kowe tau manembah marang gusti nek nganggo agama, agamamu apa Sedulur…??
ANDHA RANTE       : Kula niku pokoke, kula niku ya ra nduwe agama apa-apa..
Butuhe kula niku sing nyata, kula sawang niku sing kula percayani.
KYAI MAKDUM      : Mulane nek kowe kuwi kepengen slamet ndonya slamet akhirat, kowe percayaa  agama. Aku ora meksa kowe kudu mlebu Agama Islam ora. Merga agama kuwi lakum dinukum waliyadin, agama kuwi ra kena dipeksa. Agamamu Agamamu Agamaku Agamaku, Agamamu kanggo kowe, agamaku kanggo aku. Aku ora meksa, ning kowe manuta tatananing agama, nek kowe kepengin slamet ndonya slamet akhirat. Lha iki kalebu kowe dadi buron lurone wong Pati kuwi tanda-tandane nek uripmu ora slamet. Ngono lho…
ANDHA RANTE       : Lha niku wau urip mas, urip niku ndhek biyen niku napa mboten wonten urip? Sak durunge kula niku, kula sampean ana niku wis ana urip napa mboten?
KYAI MAKDUM      : Nah, ngene lho…
Kuwi pitakonmu kuwi ya rada jero. Manungsa kuwi bakal nglakoni urip ana ing patang alam, ya…
Sadurunge kowe biyen kuwi nglakoni urip ana ing alam ruh, sawise urip ana alam ruh njur urip ana ing alam kandungan sawise urip ana alam kandungan njur urip ana alam donya njur urip ana ing alam kubur besok bakal nglakoni urip ana ing alam akhirat. Mulane ya Andha Rante, urip ana ing alam donya kuwi kena den arani urip ana ing alam madya ana ing tengah-tengah.
ANDHA RANTE       : Wuih…Wuih…Wuih…
KYAI MAKDUM      : Mbesok kowe bakal nglakoni urip ana ing alam kubur.
ANDHA RANTE       : Wah.. Mboten isa mas…
KYAI MAKDUM      : Piye?
ANDHA RANTE       : Nek kula niku angger urip kula kepenak, cukup sandhang cukup pangan nggih niku kula ngrasakke suarga mas. Kula mboten neka-neka kaya sampean. Mpun ngeten mawon go mas bakune, kula niku ora bakal ngrusui lan ngganggu gawe wong sing padha grudag-grudug niku mboten, waton dheweke ya ora ngganggu gawe kalih kula mas. Aja ngganggu kamardikanku mas, wong jare Allah mau ora budheg, ya nek padha nyebut ya padha lon-lon ae ngono lho mas. Ora mbribeni kula turu mas, kula niku butuh nyambut gawe mas, kula butuh ngaso, kula ora seneng dibribeni.
KYAI MAKDUM      : Kuwi aturane kaya ngono kuwi, kuwi nindakake shalat rowatib. Shalat rowatib kuwi sing tegese, tegese wektu lan dinane wis ditentuake, wektu isya’ kuwi jam sak mene, nek wektu subuh jam sak mene, ashar jam sak mene kuwi tegese nindakake shalat rowatib, ora kok ngganggu karo kowe iku ora Andha Rante.
ANDHA RANTE       : Ngapunten mas, sampean ngucapo ping sewu aku ora bisa nampa mas…
KYAI MAKDUM      : Ora kecandhak…
ANDHA RANTE       : Ora bisa mas aku mas…
KYAI MAKDUM      : Merga kowe iki wong bodho, wong brengkele ora manut marang tatanan aturan Negara lan aturan Agama. Mula saka kuwi Andha Rante…
ANDHA RANTE       : Wong kula butuh kondhang e mas…
Nek ora mbrengkele, ora engkel ora ndang kondhang mas..
KYAI MAKDUM      : Saiki aku njaluk karo kowe, gandheng wong islam kuwi ndweni paugeran al muslimu akhul muslim, wong islam iku sedulure wong islam, nek ana wong islam sing mbok ganggu gawe aku ora nrimakake. Aku ora nrimakake..
ANDHA RANTE       : Lha niki wong omah-omah kula dhewe, sampean butuh ora cocok nggih sampean mulih to mas.
KYAI MAKDUM      : Lho, aku ora bakal mulih. Ning kowe bisa nglereni tumindakmu apa ora? Sing bocah-bocah arep nglakoni ibadah shalat ya wis ben, kowe ora usah ndadak nyawe-nyawe, kowe ora usah ndadak ngganggu karo bocah-bocah.
ANDHA RANTE       : Mboten mas, wis pokoke angger wong-wong isih padha grudag-grudug, bengak-bengok, nggebugi lulang di pentheng, kula tetep mboten mendha, kula brengkolangi, kula balangi. Iki mboten jagade dhewe lho mas, jagade wong mberah lho mas..
KYAI MAKDUM      : Omah-omahmu dhewe…???
Lha nek omahmu wis ora ana? Njur ora manggon ning kene ngko?
ANDHA RANTE       : Omah kula genah meger-meger nika kok mas…
KYAI MAKDUM      : Kobong ngono kok…
ANDHA RANTE DIAM SEJENAK MELIHAT RUMAHNYA.
ANDHA RANTE       : Lhooo…(Andha Rante kaget tiba-tiba rumahnya terbakar).
Wuih…Wuih…Wuih… Mbarang sulap mas, ngaten niku sampean mboten nggawe kapitunane wong liyan? Lho omah kula niku biyen kula rewangi adus kringet leh kula nyambut gawe, nggih… Kula damel nggawe gubug nika..
Lho sampean kok malah sampean obong? Ngaten niku napa mboten nggawe cilakaning liyan?
KYAI MAKDUM      : Lhah, iki tandha-tandhane Andha Rante, nek kowe dijiwit isih ngrasakke lara, aja sok seneng jejiwit awake liyan.Ora bedane bocah-bocah sing mbok brengkolangi kae, dheknen padha nindakake ibadah shalat ewadene mbok cegati mbok kon bali mbok brengkolangi, nek ora gelem mbok antemi, lho kuwi ya nggawe kapitunane liyan.
ANDHA RANTE       : Mas, sampean kok bisa ngobong kanti ngucapna kaya ngaten niku sampean bisa mbalekno mas?
KYAI MAKDUM      : Upama aku gelem mbalekake, bakal bisa mbalekake. Ning, gandheng omah kae omah maksiat kanggo nindakake marang kebatilan, aku ora saguh mbalikake.
ANDHA RANTE       : Nek sampean ora gelem mbalikake, omah kula nika mpun kobong. Nek kula si genah mboten bisa mbalikake pulihe omah kula, ning kula emoh nek kula dkon lunga saking mriki. Sebab niku omah-omah kula dhewe. Sampean ora ngerti ya mas, nika lho watese wit pace nika ngantos wit pace sing teng ngrika. Niku karas pekarangan tinggalane wong tuwane kula mas. Mula kula mboten entuk, lan kula mboten gelem nek dkon lunga saking Siti Hinggil ngriki.
KYAI MAKDUM      : Lha nek kowe gelem nglereni tumindakmu, omah kae bakal tak balikake. Kowe gelem apa ora?
ANDHA RANTE       : Mboten bisa mas, kula mboten gelem..
KYAI MAKDUM      : Nek kowe ora bisa mareni tumindakmu, aku kapeksa nuduh paripeksa marang kowe.
ANDHA RANTE       : Ooo… Nek kepengen jajal-jajal leh mas..
KYAI MAKDUM      : Andha Rante…
ANDHA RANTE       : Apa mas..??
KYAI MAKDUM      : Satemene aku ora pamer marang kekuatan, ora ana daya kekuatan tanpa entuk palilahe dening Gusti Allah. La khaula wala kuata illa billah, ning nek kowe jajal-jajal marang karosaning Ustadz. Ayo, kena kowe Andha Rante..
Saiki kowe arep ngajak ngapa kowe? he..
ANDHA RANTE       : Kula emoh miwiti mas…
KYAI MAKDUM      : Ngajak cara piye kowe?
ANDHA RANTE       : Kula emoh miwiti mas. Emoh miwiti, nek dijak nggih gelem.
KYAI MAKDUM      : Ngono…
Klinthing Wesi…
Kene… Iki dudu gaweanku, ning gaweanmu..
KLINTHING WESI  : Ooo ngaten…
KYAI MAKDUM      : Iki ana sing mbrengkele, nerjang syarat nyingkiri bebener tanpa nganggo paugerane Agama lan tanpa nganggo paugerane Negara.
Saiki aku njaluk rampungana Andha Rante.
KLINTHING WESI  : Inggih, pangestunipun bapa Makdum..
KYAI MAKDUM MENINGGGALKAN ANDHA RANTE DAN KLINTHING WESI
ANDHA RANTE       :Apa mas?
KLINTHING WESI  : Sedulur Andha Rante… Yen tak rungok-rungoke, janjane kowe iku wong ngerti.
ANDHA RANTE       : Lha nek mpun ngerti nek kula wong ngerti dak enggiha mas…
KLINTHING WESI  : Percuma dadi wong ngerti, nanging ora nganggo tatanan.
ANDHA RANTE       : Sampena niki ajeng napa?
KLINTHING WESI  : Aku ora arep apa-apa..
ANDHA RANTE       : Sampean niki lanang apa wedok?
KLINTHING WESI  : Sak unimu, kowe ngarani aku lanang ya kena, kowe ngarani aku wadon ya kena.
ANDHA RANTE       : Nek upama lanang tek ayu, nek upama tak anggep wedok tek kathokan cekak.
KLINTHING WESI  : Awit aku diciptakake Gusti Ingkang Maha Agung, mbok arani ayu kena, mbok arani bagus ya kena.
Sedulur Andha Rante..
ANDHA RANTE       : Apa mas?
KLINTHING WESI  : Sepisan meneh, mbok ya a, kowe iku wong ngerti. Aku wis ngerti nak isa maca bathinmu nak tak rungokno.
ANDHA RANTE       : Emoh mas, aku moh mbok tuturi mas..
KLINTHING WESI  : Aku ora nuturi..
ANDHA RANTE       : Wong sing nuturi gurumu ae aku ra nampa kok mas. Mundhak ana lawoh-lawoh, ra mudheng aku mas.
KLINTHING WESI  : Anane bapa guru ora gelem nuturi marang kowe, sebabe rugi pitungan adu karo kowe ora ana gunane.
ANDHA RANTE       : Angger kowe ora gelem minggat saka kene, kowe tak gebugi lho mas.
KLINTHING WESI  : Sek, sedulur Andha Rante..
Kowe kena barang ngamuk, ngumbar nafsumu nanging, ngertia yen kowe bisa nampani mukjijatku.
ANDHA RANTE       : Lho nek wani ayo mas..
Hemm… Ayo… Ayo…
Hemm… Wani mas…
KLINTHING WESI  : Wis ngerti aku, yen kowe ora tedas yen tak jotos.
ANDHA RANTE       : Ayo… Ayo… Mas.
KLINTHING WESI MENUNJUKKAN SENJATANYA BERUPA KLINTINGAN.
ANDHA RANTE       : Apa mas, gawanaem kok klinting jaran mas..
KLINTHING WESI  : Awas, kowe ngarani iki klinting jaran. Nanging iki paringane Gusti Allah kang maha agung.
ANDHA RANTE       : Iku nek nggonaku kono, Siti Hinggil mas. Niku dinggo jaran mas..
KLINTHING WESI  : Andha Rante, sepisan maneh aku ngandani kowe. Aja mbok bacutna nggonmu gawe kapitunane wong liya.
ANDHA RANTE       : Nek tak bacutne arep apa mas?
KLINTHING WESI  : Tampanana yen kowe kuat nampani mukzizate Klinthing Wesi, aku gelem…
ANDHA RANTE       : Tak icipane mas…
KLINTHING WESI  : Bismillahirokhmanirokhim
Allahu Akbar…Allahu Akbar…
ANDHA RANTE       : Adhoh…
ANDHA RANTE TERSUNGKUR MENERIMA KEKUATAN DARI SENJATA KLINTHING WESI, DAN ANDHA RANTE LARI.
KLINTHING WESI  : Andha Rante…
Mung semono wae, sumbarmu ngedap-edapi, aja mlayu kowe…
KLINHTING WESI MENGEJAR ANDHA RANTE, ANDHA RANTE LARI TERGOPOH-GOPOH, TERENGAH-ENGAH NAFASNYA.
ANDHA RANTE       : Kepyur…Byur…Byur… Pet… Byar…
Mripatku, rumangsaku mung sakinthing-inthing-inthing. Rasane kaya sinamber gelap sirahku. Mak pet byar krungkep aku, wedian… Murite nduwe kasekten ngono.
Eeee… Elek-elek ya ditinggali wong tua kok, iki akik jenenge, akik ning saka watu.
KLINTHING WESI  : Andha Rante… Andha Rante…
ANDHA RANTE       : Kene… Kene…
KLINTHING WESI  : Iki to sing jenengane Andha Rante sing wis kondhang ana Bumi Pati.
ANDHA RANTE       : Betul…
KLINTHING WESI  : Bener..
ANDHA RANTE       : Iki Watu Gilang, tinggalane mbah buyut biyen
KLINTHING WESI  : Kowe nduwe jimat Watu Gilang tinggalane mbah buyutmu?
ANDHA RANTE       : Nek tak watek Watu Gilang iki gedhene sak gunung anakan.
KLINTHING WESI  : Arep gedhene sak gunung sak anakan, aku ora gendu, aku ora wedi.
ANDHA RANTE       : Nek tak brekno kowe, wayutmu mbledhos.
KLINTHING WESI  : Jajalen.. Aku ora bakal mlayu saka kene.
ANDHA RANTE       : Tak watek Watu Gilang, cilik bisa dadi gedhe bobote, ora kok watu iki dadi gedhe, ning bobote, bobote ngungkuli praune Mbah Karno.
KLINTHING WESI  : Ngungkuli praune sapa?
ANDHA RANTE       : Mbah Karno.
KLINTHING WESI  : Mbah Karno, coba yen kowe nduwe kawekan. Tamakno karo aku..
ANDHA RANTE       : Tak uantem pindho ngungkuli praune Mbah Haji Sarno.
KLINTHING WESI  : Ping pindho Mbah Haji Sarno ping sak daldule.
ANDHA RANTE       : Wong kene ora gumun. Tak watek..
Simelekete-simelekete…
KLINTHING WESI  :Simelekete-simelekete piye?
ANDHA RANTE       : Wong iki watekaku dhewe kok.
KLINTHING WESI  : Iku japa apa? Cah cilik wae isa, simelekete-simelekete.
ANDHA RANTE       : Lha nek kowe nganggo ngukel-ngukel bolah, ngukel-ngukel bolah. Aku ora gumun, padha ae aku.
Simelekete-simelekete
KLINTHING WESI  : Japa kok simelekete-simelekete..
ANDHA RANTE       : Aja mbok guyu. Dadine tempe saka dele..
KLINTHING WESI  : Wis suwe nek tempe saka dele.
ANDHA RANTE       : Lha iya, aji-aji kok.
KLINTHING WESI  : Ooo… Aji-aji…
ANDHA RANTE       : Mantra-mintri, segara isine iwak teri.
KLINTHING WESI  : Wis suwe yen segara kuwi isine iwak teri. 
ANDHA RANTE       : Iki aji-aji, japa mantra.
KLINTHING WESI  : Aji-aji kok mantra-mintri segara isine iwak teri. Apa bener ngono kuwi mau?
ANDHA RANTE       : Nek dikeruk piyai Mblandhoh dadia rejeki.
KLINTHING WESI  : Tenane Mbul?
ANDHA RANTE       : Iya…
Muga-muga dina iki dadi senenge ati, sesuk taun sing mburi muga-muga ditekakna mriki.
Hehehe…
KLINTHING WESI  : Sing ditekakna apa? Sing ditekakna apa? Kowe ditekakna nek kene?
ANDHA RANTE       : Lha tek aku, tek ora..
KLINTHING WESI  : Ora bakal kowe ditekakna ning kene.
ANDHA RANTE       : Wong sing tanggungjawab aku kok.
KLINTHING WESI  : Ooo… Maksute Kethoprake?
ANDHA RANTE       : Ooo… Apike aku. Iki lho pitukone. Benjut sirahku nek ora apik. Kandhani kok.
KLINTHING WESI  : Terus…
ANDHA RANTE       : Madheg dhadhamu, tak tebah Watu Gilang ora sumbar wadhahmu tak weruh aku.
KLINTHING WESI  : Cak na Andha Rante.
KEMUDIAN ANDHA RANTE MEMBACA MANTRA UNTUK WATU GILANG, LALU AKIK TERSEBUT DILEMPARKAN KE ARAH DADA KLINTHING WESI. KEMUDIAN KLINTHING WESI JATUH TERSUNGKUR DAN LARI DARI HADAPAN ANDHA RANTE.
ANDHA RANTE       : Wuah…. Wuah… Wuah… Juadhuge aku, e disekseni danyang Blandhog Indah. Muga-muga aku jadhug selawase.
KEMUDIAN DATANGLAH KYAI MAKDUM.
ANDHA RANTE       : Piye…Piye pak?
KYAI MAKDUM      : Andha Rante, pancen kowe nduwe daya…
ANDHA RANTE       : Ora merga inthing-inthing, inthing-inthing mau merga aku kaget. E nek iki mau Watu Gilang, muridmu glangsaran, muthah getih. Whuek…Whuek… Sor…
KYAI MAKDUM      : Lhayak, lhayak… kowe dadi wong kendhel. Adhaane wong kendhel kuwi mesti sugih piandhel, jebul kowe ya nduweni piandhel tenan. Piandhelmu kuwi apa jenengane?
ANDHA RANTE       : Iki mau akik Watu Gilang, nek diwatek bobote anthepe sak gunung anakan.
KYAI MAKDUM      : Ooo… Nanging ngene ya Andha Rante, ana wong jawa sing nate padha ngendikaake tetembungan “sura sudira jayaningrat swuh brasta tekaping olah darmastuti” sapa wong ibir bakal kabur, sapa sumbar bakal kaweleh. Senajan ta kowe sekti mahambara tinatah mendhat cinala mentar cinala menter, ning ing atase kowe tumindhak nasar, blasar, nalisir saka bebener, Gusti Allah ora sare, yen Gusti Allah bakal maranthu marang kowe Andha Rante.
ANDHA RANTE       : Ra percaya mas aku.
KYAI MAKDUM      : Nek kowe ora percaya..
ANDHA RANTE       : Urip-uripku dhewe…
KYAI MAKDUM      : Saiki blakakno dhadhamu, nek kowe kuat nadhahi anane sajadahku iki aku meh nyembah karo kowe.
ANDHA RANTE       : Nggih monggo mas(Andha Rante membuka bajunya). Yen kurang percayane mas, jebatno mas jajal.
Mangga…
KYAI MAKDUM      : Bismillahirokmanirokhim…
ANDHA RANTE       : Halah…Halah…Halah…(sambil menutupi telinga)
KYAI MAKDUM      : Al marodhu idha arroda syai’an yakulallahu kun fayakun, Allahu Akbar… Allahu Akbar(sambil memukulkan sorban ke arah Andha Rante).
ANDHA RANTE       : Adhuh…Adhuh…(Andha Rante terjatuh kemudian lari).
KYAI MAKDUM      : Andha Rante…Andha Rante…
Ya, satemene aku ngerti nek kowe mung njajag-njajag marang kabisanku, kowe mlayu ora merga kowe iku kalah karo aku, nanging nduwe papan sing jembar. Aja mlayu kowe Andha Rante…
ANDHA RANTE LARI TERGOPOH-GOPOH SETELAH MENERIMA SERANGAN DARI KYAI MAKDUM.
ANDHA RANTE       : Wah…Wah…Wah…
Ora sepiraa, ayo apa…??? Weeekkkk…(menggoda penonton) ora perkara kalah ampuhe gombal mukia mau, ning aku kalah merga uambune kuecute ora karuan. Ora apa-apa… Gelut kuwi pisanan nggunakake okol, nek okol kalah nggunakake akal, lha nek akal wis kalah nggunakake ukil. Haaaaa….
Kurangane apa… Makdum, Dam-Dum… sirahe diudheng-udhengi kaya wong ngelu, kaya tukang ngundhoh tawon, ora wedhi… bengi-bengi tak lena, aku arep ngecakna aji Binggananda kanggo nyirep. Bengi teka ana ing panggonane Makdum, murid-muride tak sirep ben keturon, nek tak sirep keturon tak lena, kowe tak anggep pepalangku Dum Makdum. Tak sirep kowe…
ANDHA RANTE MENGAMBIL BATU UNTUK MENGGUNAKAN AJIAN BINGGANANDA UNTUK MENYIREP PONDOKAN KYAI MAKDUM.
ANDHA RANTE       : Tak sawati nggon bedhug omahe, supaya murid-muride Makdum padha keturon. “niat ingsun mateg aji-ajiku binggananda, kula pun jabang bayi Andha Rante”.
LALU ANDHA RANTE MULAI MELEMPARI PONDOKAN KYAI MAKDUM.
KYAI MAKDUM MEMANGGIL KLINTHING WESI.
KYAI MAKDUM      : pancen pranyata Andha Rante kuwi nduweni kasudibyan kang linuwih.
KLINTHING WESI  : kasinggihan bapa Makdum Alatas..
KYAI MAKDUM      : Iki minangka kanggo catetan tandha-tandhane nek yen gusti Allah kuwi sifate sifat rokhman sifat rokhim, sifat welas asih. Ing atase Andha Rante kuwi pakartine kaya ngono, ewadene isih pinaringan karomah
KLINTHING WESI  : Pramila, dados gunggunge manah kula bapa Makdum Alatas. Padhatan kang tumata salah lha kok malah kiyat?
KYAI MAKDUM      : Ngene ya Klinthing Wesi, yen pancen aku ora bisa cilike mbanda gedhene mateni si Andha Rante, wirang isin apa sing tak sangga marang Bupatine Kabupaten Pati.
KLINTHING WESI : Lajeng kados menapa bapa Makdum Alatas..???
KYAI MAKDUM     : Gandheng iki wancine wanci luhur, aku bakal nindakake shalat..
KLINTHING WESI : Ooohhh…. Sumanga…Sumangga…
KYAI MAKDUM MULAI SHALAT, KLINTHING WESI BERJAGA-JAGA DISEKITAR TEMPAT SHALAT KYAI MAKDUM, DAN AKHIRNYA KLINTHING WESI MULAI NGANTUK AKIBAT SERANGAN SIREP DARI ANDHA RANTE.
KLINTHING WESI : Hoahaemm… Nguantuk…
AKHIRNYA KLINTHING WESI TERTIDUR DI SEKITAR TEMPAT SHALAT KYAI MAKDUM. LALU ANDHA RANTE MENGENDAP-ENDAP MENDEKAT PONDOKAN KYAI MAKDUM UNTUK MENYERANG KYAI MAKDUM.
ANDHA RANTE       : Wah, nek tak bacutke rak ora watake wong lanang. Wong lanang kok mateni wong ora adu arep, ora watake Andha Rante. Tak gugah, adu arep, tak lena. Nyeess mati…
ANDHA RANTE MENDEKATI KYAI MAKDUM UNTUK MEMBANGUNKAN KYAI MAKDUM LALU DIBUNUH.
ANDHA RANTE       : Lhohhh…
Durung tak kapak-kapake jare, wadhuh mati karepe dhewe… Mbok menawa kewedhen karo aku. Lho, durung tak kapak-kapake kok mati? Nak ngono Makdum nganggo sarwo putih iki dudu menungsa. Apa iki bangsane dhemit?
Dum…Dum…Dum…(Andha Rante mencoba membangunkan Kyai Makdum).
Lho… Dhemit…Dhemit…Dhemit…(sambil lari)
BUPATI MANGUN ONENG BESERTA PATIH KENDHIL WESI DAN TUMENGGUNG SUMBA PRADAN BESERTA SUMBA WILIS DATANG DIPONDOKAN KYAI MAKDUM DI DESA SITI HINGGIL.
ADIPATI PATI          : Sumba Pradan..
KENDHIL WESI       : Sabda dalem Kanjeng..
ADIPATI PATI          : Sang Ustadz Makdum Alatas kok malah ngeja kapi eja nembah ing pinggir…
KENDHIL WESI       : Nembe kemawon nindakaken shalat…
Mangga… ngleresaken…
KLINTHING WESI TERBANGUN DARI TIDURNYA AKIBAT SIREP DARI ANDHA RANTE, BUPATI PATI MEMBANGUNKAN KYAI MAKDUM ALATAS.
ADIPATI PATI          : Makdum Alatas… Makdum Alatas… Makdum Alatas…
Lhoh…(kaget melihat Kyai Makdum Alatas sudah tak bernyawa)
KLINTHING WESI : Nuwun sewu, kula wau njagi dhateng bapa Makdum Alatas anggenipun shalat.
KENDHIL WESI       : Sapa sing ganggu gawe nggone shalat Kyai Makdum Alatas? Kwe ra ngerti?
KLINTHING WESI : Kasinggihan, kula mboten mangertos…
ADIPATI PATI          : Kendhil Wesi…
KENDHIL WESI       : Kasinggihan…
ADIPATI PATI          : Amarga sang Ustadz Makdum Alatas wis seda, mula ayo pada ngucap  innalillahi wa inailaihi rojiun…
Sumba Pradan, Sumba Wilis..
PRADAN DAN WILIS: Kula sinuwun…
ADIPATI PATI          : Sameptakake ubarampe kanggo nggresiki badane sang Ustadz Makdum Alatas..
SUMBA PRADAN    : Menawi ngaten sumangga..
TUMENGGUNG SUMBA PRADAN DAN SUMBA WILIS MENGURUS MAYAT KYAI MAKDUM ALATAS.
ADIPATI PATI          : Kendhil Wesi…
KENDHIL WESI       : Kasinggihan…
ADIPATI PATI          : Kahanan iki ndadekake keprihatinane awake dhewe. Yen to mbok menawa Ki Andha Rante tumindake ora sangsaya mendha ning malah sangsaya ndadra. Mula, jumbuh karo lelakon iki ingsun bakal gawe petilasan. Tilas sedane sang Ustadz Makdum Alatas, karango slawase papan kene Makdum.
KENDHIL WESI, SUMBA PRADAN, SUMBA WILIS, KLINTHING WESI                                       : Makdum….!!!!
KLINTHING WESI : Gusti Kanjeng Adipati. mbok menawi kepareng, dereng tebih Andha Rante ingkang jumangkah kula badhe nututi.
ADIPATI PATI          : Sek… Sek… Sabar sawetara, ngono ya ngono nanging aja ngono.
Kendhil Wesi..
KENDHIL WESI       : Kados pundi Kanjeng Adipati?
ADIPATI PATI          : Mbok menawa jeneng sira ngerti ana ing wewengkon Pati kene iki ana wong sing kaya dene kinaceking sama-samaning dumadi. Jalma pinilih kakang Syeh Jangkung.
PENDHEREK ADIPATI      : Nggih… Nggih…
ADIPATI PATI          : Sumba Pradan..
SUMBA PRADAN    : Nun inggih..
ADIPATI PATI          : Tak jaluk pulunging atimu, tekaa ana ing Landhoh. Boyongen saiki bareng sak lakumu kakang Syeh Jangkung.
SUMBA PRADAN    : Inggih Kanjeng…
LALU DATANG SYEH JANGKUNG BESERTA TUMENGGUNG SUMBA PRADAN KEHADAPAN KANJENG ADIPATI MANGUN ONENG.
SYEH JANGKUNG    : Raos kula menika kaget rawuhipun ki raka Tumenggung Sumba Pradan, tedhak wonten ing pondhok kula Landhoh. Wonten napa tenanipun?
ADIPATI PATI          : Kakang Syeh Jangkung, kirangipun menapa jengandika kakang?
SYEH JANGKUNG  : Nggih… Nggih…
ADIPATI PATI          : Jalma lipat seprapat tamat, liripun nggih gara waleh menapa blak kotang terus terang kula badhe matur wonten ing ngarsa jengandika ingkang wonten sesambetanipun kaliyan kawontenan ing Pati mriki.
Westanipun kakang Syeh Jangkung mireng tembang rawat-rawat jaring bakul ingkang sinambi wara. Wonten tiyang saking Siti Hinggil mriki nami Ki Andha Rante, piyambakipun tansah mepalangi para-para ingkang sami badhe manembah wonten ing ngersa dalem Allah SWT, Ingkang badhe sami nindakaken ibadah. Saking menika kakang Syeh Jangkung, sampun mboten kirang-kirang pambudidaya kula. Ananging, sedaya menika kenging dipun westani jugar wigar datanpa katon, ngantos kelampahan ingkang katembe kemawon. Kula pikantuk sabiyantunipun salah satunggiling ustadz saking Tuban, Ustadz Makdum Alatas ingkang pepuntanipun sang ustadz ugi seda awit saking tumindakipun Ki Andha Rante. Ngaten menika kakang..
Kula pasrah murih Pati menika saestu-saestu saged nggayuh menapa ingkang dipun impek-impeaken dening tiyang kathah baldatun toyibatun wa robun ghobun. Menika kakang Syeh Jangkung…
SYEH JANGKUNG  : Kanjenge Bupati Mangun Oneng..
ADIPATI PATI          : Nuwun kula kakang…
SYEH JANGKUNG  : Sedaya dhawuh dalem wiwit ha ngantos nga, pratelane si Andha Rante kula menika mireng sampun pirsa dereng. Ewadene nggawe geger wonten ing tlatah Pati, sak gaduk-gaduk kula, kula badhe minangkani menapa ingkang dados dhawuhipun Kanjenge Bupati Mangun Oneng.
ADIPATI PATI          : Wadhuh sewu sembah nuwun kakang Syeh Jangkung…
Emut-emut mbok menawi jengandika upami, upami menika… dipun sambut-sambutaken taksih wedrah kahyang para-para ingkang lenggah wonten ing Kabupaten Pati.
SYEH JANGKUNG  : Kasinggihan… Kasinggihan… Kula mawas utawi ngrumaosi gesang kula wonten ing tlatah Pati, ewadene wonten ing tlatah Pati wonten sing nggawe geger ingkang mboten kepengen dipun rehaken dalem Kanjeng Bupati, sagaduk-gaduk kula,  kula nyuwun kepamit.
ADIPATI PATI          : Mangke rumiyin, kula titip.. menika putra siswanipun sang Ustadz Makdum Alatas. Kula kinten mbok menawi saged dipun pundhuti sabiyantu mbok menawi kakang Syeh Jangkung ngersaaken menapa-menapa.
SYEH JANGKUNG  : Ooo… Ngaten… insyaAllah, dhawuh kaleresan menika kula kairing nayaka lan sentana saya-saya muride Makdum saking Tuban.
ADIPATI PATI          : Nggih… Nggih…
SYEH JANGKUNG  : Kepareng nggih…
ADIPATI PATI          : Nggih… Sembah nuwun…
SYEH JANGKUNG  : Assalamualaikum…
ADIPATI PATI          : Waalaikumsalam…
Kendhil Wesi, sameptakake prajurit sak cukupe kanggo ndherekake kakang Syeh Jangkung, mbok menawa ana apa-apa.
KENDHIL WESI       : Kasinggihan kanjeng…