Buku Tamu

Tuesday, October 2, 2012

Naskah Ketoprak Lakon "Andha Rante" 9


ADEGAN 4 PONDOK PESANTREN TUBAN
SANTRI                     : Assalmualaikum…
KYAI MAKDUM      : Waalaikumsalam…
Klinthing Wesi…
SANTRI                     : Dawuh dalem bapa..
KYAI MAKDUM      : Wis sawetara nggonmu tumeka ana ing Pondok Tuban kene.?
SANTRI                     : Pangapunten bapa, nanging sembah unjuk kula katur dhumateng bapa..
KYAI MAKDUM      : Senajan ta tan ana  wangune, nanging sira ora ninggalake purwa duksina. Lan ora ninggalake katrapsilan ngaturake sungkem pangabekti, tak tampa puja pangestumu, pangestuku tampanana..
Klinthing Wesi,
SANTRI                     : Dawuh dalem bapa..
KYAI MAKDUM      : Yen manut petungmu lan pelingmu nggonmu nyantri ana Pondok Pesantren Tuban kene wis pirang sasi?
SANTRI                     : Menawi miturut petangan kula bapa, kula cumondok wonten mriki sampun genep sekawan wulan.
KYAI MAKDUM      :  Wis ana patang sasi? Wis apal turutan apa durung?
SANTRI                     : Alhamdulillah bapa, sekedik mbaka sekedik kawula waos ngantos dados raosing manah kula.
KYAI MAKDUM      : Alhamdulillah, senajan ta mung lagi patang sasi anggonmu nyantri ana ing Pesantren Tuban, ning ewadene wis apal Qur’an. Wis khatam ya…
SANTRI                     : Nanging sing dadi pangunek kula bapa, saben kula maos lan maos serat-seratan Al-Qur’an namung kula badhe tanglet dumatheng bapa, namung…
KYAI MAKDUM      : Ngene ya Klinthing Wesi..
SANTRI                     : Kasinggihan dhawuh..
KYAI MAKDUM      : Yen pancen ana bab sing ngganjel sajroning atimu, sing kira-kira kowe durung ngerti. Yen kowe kepengin takon, aja tanggung-tanggung, takono.
SANTRI                     : Ngaten bapa, kepareng kula matur.
KYAI MAKDUM      : Mengko yen aku bisa, tak wangsuli. Ning ewadene ngko aku ora bisa, minangka tak nggo pawitanku mbisuke nggonku bakal paring piwulang marang kabeh para santri.
SANTRI                     : Kasinggihan bapa..
Menawi kepareng ingkang kaping setunggal kula badhe nyuwun pitedah bapa. Munapa ta ingkang dipun wastani iman lan taqwa? Menika kula taksih jeru bapa..
KYAI MAKDUM      : Kowe kuwi pancen ora ngerti apa ethok-ethok ora ngerti?
SANTRI                     : Dhuh bapa saestu kula dereng mangertos.
KYAI MAKDUM      : Bedane iman lan taqwa, kuwi pancen beda. Iman karo taqwa kuwi beda adoh. Iman kuwi hakikate percaya.
SANTRI                     : Iman niku hakikate percaya..
KYAI MAKDUM      : Iman kuwi tegese hakikate percaya, nanging para ahlu sunnah wal jammah para dewan ulama. Wis nganggit ana ing basa luhon, tenbunge Al imanu iktoru bilisan, wa amalun bil arkhan, nah, sing diarani iman kuwi ora mung percaya, kejaba percaya kudu gelem ngucapake sarana lisan lan nindakake sarat lan rukune. Apa sing tegese ngucapake sarana lisan? Ya kudu gelem ngucapake kalimat syahadat loro cacahe, sahadat tauhid lan sahadat rosul. Ashaduanlailahaillallahu, waashaduanna muhammadarasulullahu. Ora kena dibatin, ya kudu gelem ra gelem ya ngucapake, nek wis gelem ngucapake kudu gelem nindakake sarat lan rukune. Nindakake sarat-sarate, lan nindakake rukun-rukune. mangka rukun islam iku ana lima cacahe. Arkanu islam khomsatun. Eling ta le?… rukun islam iku ana lima iku apa kabeh coba? Kang sepisan piye?
SANTRI                     : Kang sepisan, kita kedah taat dumatheng gusti kang maha dumadi. Percaya lawan Muhammad utusanipun.
KYAI MAKDUM      : Lho… Lho… Lho…
Klinthing Wesi, Klinthing Wesi…
SANTRI                     : Pripun Kyai?
KYAI MAKDUM      : Kowe iki wis suwe nggonmu ngangsu kawruh ana ing Pondok Pesantren Tuban kene, ngisin-ngisini kowe iki he..
SANTRI                     : Ingkang Rukun Islam wonten pinten?
KYAI MAKDUM      : Kuwi ana limang perkara, kang sepisan piye? Kaping pindho piye? Kaping telu piye? Kaping papat piye?
SANTRI                     : Dhuh bapa, kula akoni kula menika murid ingkang cubluk saking manah. Pramila kula makaping-kaping tanglet dumatheng bapa.
KYAI MAKDUM      : Ya,,, Ngene ya Klinthing Wesi. Nek pancen kowe durung bisa, mbaka sithik, mbaka sithik kowe sinau. Ing mengkone kowe bakal bisa, luwih-luwih mengko kaya aku. Waton, man jadda wa jadda. Sapa sing temen bakal tinemu, waton kowe iki tekun lan gelem sinau ing saben dinane kwe gelem maca ananing kitab Al-Qur’an insyaallah ing mbesuk kwe bakal dadi wong kang sholeh. Ngono ya…
Sing diarani taqwa, nek kowe wis nindakake kabeh rukun islam wis mbok tindakake kabeh, kuwi lagi kowe diarani taqwa. Ciri-cirine wong taqwa kuwi ya Klinthing Wesi..
SANTRI                     : Kados pundi bapa cirri-cirinipun?
KYAI MAKDUM      : Kang sepisan, percaya ananing sifat kang ghoib ya percaya ananing Gusti Allah lan percaya ananing malaikat.
Kaping pindho, gelem nafakohake saperangane rejeki. Kaping telu gelem nindakake shalat, kaping papat percaya ananing kitab Al-Qur’an  sing di turunake dening kanjeng Nabi Muhammad SAW, kaping lima kudu percaya ananing kitab-kitab sing diturunake sadurunge kanjeng Nabi Muhammad. Kaping nem percaya ananing dina akhir ya dina kiamat. Kuwi bedane antarane iman lan taqwa.
SANTRI                     : Dados menika wau ingkang bedanipun iman kalih taqwa bapa. Kasinggihan bapa, mugi-mugi kula saged sinabet ing manah kula.
Kejawi saking menika bapa..
KYAI MAKDUM      : Piye?
SANTRI                     : Mbok bilih kepareng ingkang kaping kalih kula badhe…
KYAI MAKDUM      : Arep takon apa meneh?
SANTRI                     : Mbok bilih kepareng..
KYAI MAKDUM      : Ho’o…
Ya ngene Klinthing Wesi ya.. nek pancen kwe gelem dadi wong Islam, dadiya wong islam sing sakbener-benere Islam. Ya…
Wong Islam kwi ndwe kuwajiban kudu isa njaga maring akhlakul karimah, tingkah laku kang becik. Kejaba saka kuwi nalika semana kowe tau tak bai’at. Ya…
Yaayuhalladzina amanu khudkul li islimi kaffah, he wong kang pada iman lumebua sira Islam utawa dadia sira wong Islam sing sakbener-benere Islam. Wong Islam kuwi ndwe kewajiban nyelametake karo wong Islam. Al muslimu li akkhi muslim, wong Islam kuwi sedulure wong Islam. Mulane wong Islam nduweni kewajiban nyelametake marang wong Islam.
SANTRI                     : Mugi-mugi kula saged nindakake munapa ingkang dados aturipun bapa Makdum Alatas.
Nggih bapa, kepareng kula matur pitakenan kula kaping kalih.
KYAI MAKDUM      : Piye?
SANTRI                     : Sesampunipun kula diwulangreh panjenenganipun bapa Makdum Alatas, sampun nggatekaken. Namung kang setunggal menika bapa, ingkang badhe kula aturaken dumatheng ngarsanipun bapa Makdum Alatas.
KYAI MAKDUM      : Ing bab apa?
SANTRI                     : Katresnan bapa…
KYAI MAKDUM      : Katresnan..?
SANTRI                     : Inggih..
Kula niki nggadahi katresnan, namung wonten setunggal ingkang pepalangipun bapa.
KYAI MAKDUM      : Pepalange sapa tole..?
SANTRI                     : Ramanipun mboten nyarujuki dumateng kula, kados pundi supados tiyang sepuhipun saget rumepeh lan saguyub atur dumateng kula niku kados pundi bapa Makdum Alatas?
KYAI MAKDUM      : Kowe seneng karo bocah wadon..
SANTRI                     : Nggih bapa..
KYAI MAKDUM      : Ning ra ntuk sarujuke wong tuane?
SANTRI                     : Leres…
KYAI MAKDUM      : Karepmu kowe arep mbacut apa arep medhot?
SANTRI                     : Menawi kula bapa, ingkang diwastani tresna menika saking tumukule ati, kula mboten saged ginggang bapa. Kula gumathuk lan taksih tresna inggih ingkang wadonipun inggih tresna kalih kula bapa.
KYAI MAKDUM      : Klinthing Wesi..
SANTRI                     : Kasinggihan bapa.
KYAI MAKDUM      : Jeneng wong jejodohan wong omah-omah kwi ora mung ngrabeake awake dhewe, kejaba ngrabeke awake dhewe uga ngrabeake wong tuwa lan sedulur. Ya..
Tiwasa kowe kelakon omah-omah ning nek ora ntuk restune wong tuane lan sedulure, Allahu a’lam. Kira-kira nggonmu omah-omah kuwi ora bakal tentrem.
SANTRI                     : Ngaten bapa..
KYAI MAKDUM      : mangka, jroning wong omah-omah kuwi mbutuhake marang katentreman.
Klinthing Wesi, ana ing surat ar-rum ayat 21 juz 21 wis katulis lan kangendikaake, wamin ayati anqolaqolakum min anfusikum ajwaja litaskunu ilaiha, wajalamatakum mawadatan warohmah inna min dalikal khayatin khaum yatafakarun.
Lhah…
Kuwi tegese ”lan tandha-tandha panguasaning Gusti Allah kang wis nyipta marang sira kabeh minangka pasangan urip saka jenis sira dhewe, tegese jenis sira dhewe kuwi rak menungsa ya karo menungsa, nek kewan ya karo kewan supaya padha ndadekake rasa tresna lan kasih saying.
SANTRI                     : Mekaten bapa..
KYAI MAKDUM      : Ning tanpa ngono kuwi kanggone wong sing pada percaya. Ning ewadene kwe arep mbacut ya sumangga, ning aku meling aja kebacut saguh..
SANTRI                     : Menawi wekasanipun bapa Makdum Alatas kados mekaten, kula namung nuduh pangestunipun bapa.
KYAI MAKDUM      : Nah, saiki ngene ya Klinthing Wesi…
SANTRI                     : Kasinggihan bapa..
KYAI MAKDUM      : Mula apa sebabe kok kabeh para santri ora tak keparengake pada ngadhem ana ing Pondok Pesantren kene, merga sebab kapribadenku karo kowe sing bakal tak aturake.
SANTRI                     : Misahipun dados kejot manah kula bapa, ndilalah kapironggan dumateng bapa Makdum Alatas.
KYAI MAKDUM      : Gandheng nggonku syi’ar marang Agama Islam ana ing tlatah Tuban kuwi, kuwi wis rampung. Sing nalika semana ing Tuban akeh wong sing pada ngrasuk maring Agama Hindhu lan Budha, ning Alhamdulillah saiki wis kagugah atine wis pada gelem ngrasuk maring Agama Islam. Malah kapara ing Tuban mangsa kalungguhan iki kena diarani udan santri banjir langgar. Wus akeh ing desa-madesa, kampung mlebu kampung wis padha ngedekake maring laggar lan masjid-masjid.
SANTRI                     : Kersanipun bapa Makdum Alatas menawi saged tlatah Tuban dados bubar wulanganipun napa sampun napa sampu tumetes sampun ndungkap bab bapa badhe ngersaaken dangu kula punika wau..
KYAI MAKDUM      : Sing kekarepku aku bakal mencarake mbanliake nggonku bakal nyebarake bab Agama Islam ana ing Jawa Tengah, pusere ana ing tlatah Mataram.
SANTRI                     : Ngoten, kejuru mekaten..
KYAI MAKDUM      : Sawetara iki, ing Pondok Pesantren uga tak pasrahake karo kowe Klinthing Wesi.
SANTRI                     : Punapa mboten kepareng kula ndhereake bapa?
KYAI MAKDUM      : Ora tak keparengake..
SANTRI                     : Nggih, kula bakal njaga pesantren niki bapa Makdum Alatas..
KYAI MAKDUM      : Aku pamit dhisik.
SANTRI                     : Bapa Makdum Alatas, sumangga dhereaken bapa..