Buku Tamu

Tuesday, October 2, 2012

Naskah Ketoprak Lakon "Andha Rante" 10


ADEGAN 3 ALAS DESA SITI HINGGIL
ADIPATI PATI BESERTA KEDUA TUMENGGUNG DATANG KE DESA SITI HINGGIL UNTUK MENEMUI KI ANDHA RANTE.
ANDHA RANTE       : Mangga, sampeyan niki sinten?
ADIPATI PATI          : Yen diwanutke nggih, mboten pokro, sing sudi mestani kula Mangun Oneng.
ANDHA RANTE       : Ooo… Sampeyan…
ADIPATI PATI          : Ingkang ngasta bawating Praja Kadipaten Pati.
ANDHA RANTE       : Kanjeng Adipati Pati Pesantenan niku sampeyan? Waduh, wah nyuwun pangapunten nggih kanjenge kula mboten ngertos nek sampeyan niku sesembahan kula.
ADIPATI PATI          : Ngko sik, sampeyan niku sinten?
ANDHA RANTE       : Lho sampeyan mestine dhak krungu, kula dhak kyaine Andha Rante.
ADIPATI PATI          : Eee… Dadi kowe iki ta sing jenenge Andha Rante.

ANDHA RANTE       : Enggih kula niki…
Napa kok nggujem Kanjenge?
ADIPATI PATI          : Kontaping jenengmu kakang Andha Rante, kuwi gawe geter sapa sing krungu. Kaimbuhan jeneng Ingsun minangka Bupati ing Pati, ingkeng nembah pusaraning adil ana ing Pati kang ngasta panguasa ing Pati nampa apurandah, ingkang nelaake mbok menawa kakang Andha Rante sing mapan ana ing Siti Hinggil kene kok wis klakon gawe ora tentreme para kawula ing sak untarane Siti Hinggil kene. Ya perkara kuwi kakang.
ANDHA RANTE       : Ngeten lho kanjenge, niku napa mboten kuwalik.? Nek panjenengan ngendika kula mboten nggawe tentrem, niku sing boten gawe tentrem niku lak malah wong-wong niku sing ngganggu kamardikan kula. Sing mboten gawe tentreming ati kula. Cobi nggih kanjenge mang rasakake. Lha nek sokor panjenengan mpun kersa ngrawuhi wonten Siti Hinggil. Kula ajeng ngiras pantes, kula lapuran kalih sampeyan kanjenge.
ADIPATI PATI          : Mangga, apa sing dadi aboting atine kakang Andha Rante magepokan karo nggone urip bebrayan ono ing Kabupaten Pati kene, tak keparengke. Jer bagi pangunek-uneking atimu wedharke, ngko aku sak kamat-kamat bakal mbudi daya murih ngenteng-entengi sesangganmu.
ANDHA RANTE       : Oo ngaten nggih, kula lapuran. Nek kawula-kawulanipun Kanjeng Adipati niku kathah sing padha gendheng.
ADIPATI PATI          : Ngko sik, karangna kawulaku akeh sing padha gendheng dhasare apa? landhesanmu apa? Kakang Andha Rante nganti kumawani ngucap sing kaya ngono kuwi?
ANDHA RANTE       : Cobi kok mboten padha gendheng nggih kanjenge,,
ADIPATI PATI          : Piye..??
ANDHA RANTE       : Wayah ora wayahe, wong-wong niku padha grudag-grudug, grudag-grudug, ngalor-ngidul, sing kidul ngalor. Nek mpun padha kumpul lulange dibentheng, dijereng lulang digebugi blang-bleng. Blang-bleng. Wonten sing nyuwara bantere mboten karuan, lawaaaaaa bubar, lawaaaaaa bubar. Lho ngaten niku dak padha gendheng. Kula lajeng nesu, meneng sedela. Enten suwara malih, ora mung siji sing muni malah bareng-bareng, kamin, kamin, kamin, lho ngaten niku pripun, niku dhak padha gendheng.
Malih, wayahe awan nggih padha grudag-grudug niku ana sing sirahe dikudungi, onten sing sirahe niku ditaleni, lho niku perlune padha napa? Perlune padha ngapa? Napa niku arep padha ngundoh tawon? Kuwatir nek sirahe niku di ntup tawon. Sirahe padha ditutupi. Lho niku nek wong ayu dhak mboten ketok ayune? Nek lumrahe nek wong jawa niku dak sanggulan sing mbesus, sunggaran sing apik. Sundhut sungkas. Dhak ngatenniku. kok padha ditutupi. Napa wong-wong niku padha ajeng ngundoh tawon? Niku lho kula mastani nek kawulane Kanjeng Adipati niku padha gendheng.
ADIPATI PATI          : Mung cukup kuwi to? Dadi mung telung perkara kuwi mau engga kakang Andha Rante rumangsa keganggu.
ANDHA RANTE       : Nggih kamardikan kula..
ADIPATI PATI          : Rasa katentremaning batinmu keganggu, rasa kamardikanmu.
ANDHA RANTE       : Enggih, sebab kula nggih ngrumangsani. Sampeyan niku nek ngerti watak kula nggih mboten isa nglakoni. Kula niku angger mpun panas ati kula, geteh kula niku anget, niku munjuk, nek mpun munjuk niku rasane cekot-cekot, kemut-kemut niku teng mripat niku abang, teng kuping panas. Ngoten niku dak nggih mboten gawe tentrem ati kula, ngganggu kamardikan kula. Ngaten nggih Kanjenge.
ADIPATI PATI          : Ya… Ngono ya kakang ya..
ANDHA RANTE       : Nggih…
ADIPATI PATI          : Sak temen mangsuli pitakonmu kuwi ana sing kagungan jejibahan, nanging, nanging iki lho, kang ana ning ngarepmu kuwi aku, Bupati ing mangka aku tanggungjawab aweh sesulang-aweh sesulung marang sapa wae kang ngrumangsani dadi kawulaku. Mula wis wajibe aku nerangake bab perkara sing ditakonke kakang Andha Rante. Nek kakang Andha Rante ing saben kala mangsa krungu ana wong loap-laop bengok-bengok kuwi tegese kok ora printah supaya lawa iki padha bubar iki ora. Mau lak wis diterangke dening Sumba Pradan, kuwi mono tegese pepanggil kanggo wong kang arep nindakake ngibadah shalat, sembahyang.
ANDHA RANTE       : Celuk-celuk..? Lha kok sembahyang? Sembahyang niku napa?
ADIPATI PATI          : Sembahyang kuwi tembung jawa, nek tembung arabe shalat. Shalat kuwi ana sing ngarani shalat kuwi dzikir, inna shalata li dzikri ono. Ana sing ngarani shalat kuwi wis ngarani sembahyang manembah marang hyang ingkang maha kawekas.
Kakang Andha Rante….
ANDHA RANTE       : Apa…?
ADIPATI PATI          : Pancen jeneng adzan kuwi ya kaya ngono kuwi, digawe supaya swarane buanter jek ben muslim-mukmin sing nyang kana-kana, sing adoh dununge karo langgar kwi kareben krungu.
ANDHA RANTE       : Lha nek mpun padha krungu ben padha lah napa niku?
ADIPATI PATI          : Lho, krungu njur padha budal menyang masjid, apa menyang langgar padha nindakake shalat jamaah shalat bareng-bareng.
ANDHA RANTE       : Thek shalat niku padha lah napa? thek shalat niku?
ADIPATI PATI          : Shalat kuwi ya nyembah karo sing gawe urip, karo sing kuasa, karo Allah…
ANDHA RANTE       : Wah.wah.wah..
ADIPATI PATI          : Azzawazala…
ANDHA RANTE       : Kula kok bingung nampa rembuge sampeyan, lho sing kuasa teng Pati Pesantenan niku dak sampeyan a Kanjenge, lho kok isih ana sing kuasa? Niku sing kuasa niku rupane pripun? Pangkate niku dhuwur pundi kalih sampeyan? rupane pripun? pawakane gagah pundi kalih sampeyan? ngoten lho,,,kula pengin nggenahe..
ADIPATI PATI          : Ya tak cetakke..
ANDHA RANTE       : Nggih…
ADIPATI PATI          : Iki rak ngenak-enak sing mburi-mburi mengko.
ANDHA RANTE       : Mangke nggih enten malih?
ADIPATI PATI          : Kakang Andha Rante.. Ngene ya..
ANDHA RANTE       : Apa..?
ADIPATI PATI          : Yen Mangun Oneng kuwi kuasa ana ing donya. Donya wae bebasan mung sak glintir pasir ana ing sak tengahing pesisir kang amba bawela. Bumi Pati kuwi ambane mung sepira ta? Nek mbok ukur karo ambane jagad raya saisine. Nanging ngertenana kakang, jagad raya iki ana sing nguwasani, ning ngarep tak kandhakke ya kuwi Allah SWT.
ANDHA RANTE       : Wah.wah.wah…
ADIPATI PATI          : Yen kakang Andha Rante pengin ngerti rupane piye? Trus Kahanane piye?
ANDHA RANTE       : Wah.wah.wah…
ADIPATI PATI          : Gusti Allah kuwi ora rupa ora warno, ora lanang, ora wadon. Paribasane cedak tanpa senggolan adoh tanpa wanak, kuwi Gusti Allah..
ANDHA RANTE       : Wah kula saya bingung…
ADIPATI PATI          : Lha kok bingung?
ANDHA RANTE       : Kula niku urip-urip kula dhewe, lha kula niki urip-urip kula dhewe kok di ganggu gawe. Kula niki mboten ana sing nguripno. Kula niki urip dhewe ngko nek ra mangan nggih ngelang,
ADIPATI PATI          : Eee… Dadi ngono ta, saka rumangsamu kakang Andha Rante iki urip-urip dhewe?
ANDHA RANTE       : Enggih…
ADIPATI PATI          : Ngene kakang, kowe tak wenehi pangerten nggih. Uripe manungsa iki kadhapuk saka telung perkara, raga, nyawa, karo sukma. Raga, nyawa, karo sukma.
ANDHA RANTE       : Nek ragane kula sampun genah.
ADIPATI PATI          : Urip iki ana sing nguripi, raga wis cetha kasat mripat isa dideleng panca ndria. Nyawa, kuwi jiwa, jiwa kuwi apa? Jiwa kuwi kang manggon ana ing sak jroning raga kang sifate digawa dening getih, mula nek manungsa wis koncatan getih. Nek manungsa getihe wis ora mlaku ateges manungsa kuwi wis ora sampurna uripe. Lha mangertena kakang, liyane jiwa, raga, kuwi ana sukma. Sukma ya kuwi urip sing diparingke dening sang urip, ya kuwi hyang sukma kawekas. Cethane ngono..
ANDHA RANTE       : Wah.. Wah.. Mula Sampeyan kok malah saya ngaya wara tembunge.
ADIPATI PATI          : Lha kepiye?
ANDHA RANTE       : Wong urip kok neka-neka sing dipikir, kula niku sing menehi urip kula niku nggih bapak kalih si mbok niku, wong niku sing nggedhekke kula, nek kula ora dirumati diwenehi mangan kalih bapak si mbok kula, kula nggih ra urip. kok sarwo neka-neka, ana sukma kawekas.
ADIPATI PATI          : Bapak lan si mbokmu kuwi mung saderma lantaran, nanging tanpa kersaning Gusti, tanpa kersaning Allah azzawazala sing ora klakon winih saka bapakmu sing ditampa ing guwa garbaning biyungmu. Kuwi dadi gatra ponang jabang bayi.
ANDHA RANTE       : Wau lho sing kula takonke..
ADIPATI PATI          : He’e piye?
ANDHA RANTE       : Pungkasane thek ana sukma kawekas, niku kula genah nek kawekas niku ntek-ntekan, pol-polan ora bedane kalih pamekas lho ngateniku rak ntek-ntekan.
ADIPATI PATI          : Ya bener,,,
ANDHA RANTE       : Nek ngaten Gusti Allah niku nggih sing ntek-ntekan niku?
ADIPATI PATI          : Heheheh… Ya ya ya… Ngono ya kena. Ora ateges Gusti Allah kuwi sing ntek-ntekan kuwi ora.
ANDHA RANTE       : Lha napa?
ADIPATI PATI          : Ning sukma sing ngatasi saluwiring kahanan, saluwiring kang ana kuwi tegese kawekas, sing ntek-ntekan. Ngatasi samubarang lir sing dikersaake ngono.
ANDHA RANTE       : Wah wah wah,,, Kula saya mumet, saya mumet, kula saya mboten isa nampa.
ADIPATI PATI          : Ewandene ana wong nganggo ubel, pada nganggo kudung kuwi kabudayan. Sing ana gandheng cenenge karo sarengating agama, merga nek tumrape wong islam jeneng rambut kuwi aurat, tegese sing wajib disimpen ora kena dikatonke dening samubarang wong.
ANDHA RANTE       : Niki rak mboten ana nteke nek kula rembug. Bakune kula niku anggere isih ana wong padha gembar-gembor, wong padha bengak-bengok teng Desa Siti Hinggil mriki kula mboten lila, sebab niku cetha nek ngganggu kamardikan kula. Mula kula mboten cocok, tetep kula sawati, kula brengkolangi kalih watu.
ADIPATI PATI          : Manungsa kuwi papag ora padha, kakang Andha Rante. karodene jagad iki ora jagade Andha Rante dhewe, jagad iki diparingke dening Gusti Allah kanggo wong akeh, kanggo wong apa wae, saya dene nek kowe iki ngrumangsani wong Pati. Pati iki biyen-biyene ing tanah Jawa ana Kraton Majapahit, ing kono wis ana jenenge sesanti “Bhineka Tunggal Ika Tan Hanna Dharma Mangrua”. Tegese beda iku nanging siji iku ora ana bebener sing mangruh, mula kang kuwi yen kakang Andha Rante pengen urip dhewe tak aturi kakang Andha Rante sumingkir manggon ana sak tengahe alas sing adoh saka wong akeh adoh saka bebrayan agung.
ANDHA RANTE       : Wih..Wih..Wih…  Wong niki omah-omah kula dhewe, desa-desa kula dhewe. Thek sampeyan nundhung kalih kula, sampeyan ora ngerti nek niki tinggalane bapak kula, nika lho watese wit pace nika watese karas kula.
ADIPATI PATI          : Ning semana uga kakang Andha Rante kudu ngerti mbok menawa wewengkon Pati iki ana ing astaningsun, astane Bupati Mangun Oneng. Pethuk runtut mustikaning jaladri ingsun wenang purba wasesa. Yen kakang Andha Rante ora gelem sumingkir saka Siti Hinggil utawa ora gelem nampa wong-wong sing padha nindaake keyakinan miturut agamane dhewe-dhewe ora kena kakang Andha Rante cumondhok ana kene.
ANDHA RANTE       : Kosok balene pokoke angger teng desa kene isih grudag-grudug, ngalor-ngidul ngetan-ngulon, isih padha menthengi lulang padha digebugi blang-bleng, blang-bleng mbrebegi kuping kula, tetep kula ganggu.
ADIPATI PATI          : Lho nek ngono kowe arep wani karo aku?
ANDHA RANTE       : Lho kula mboten wani, ning kula ora lila nek kula diganggu kamardikane.
ADIPATI PATI          : Ooo… Ra kena digawe gojek nek ngono kowe Andha Rante.
ANDHA RANTE       : Lha pripun?
ADIPATI PATI          : Andha Rante, aku moh kaya bocah cilik..
ANDHA RANTE       : Arep sampeyan pripun?
ADIPATI PATI          : Jeneng Ingsun Bupati.
ANDHA RANTE       : Enggih…
ADIPATI PATI          : Tau latih jeneng Ingsun dadi prajurit, digulawentah olah keprajuritan. Mula kang kuwi, iki pusakaningsun.
ANDHA RANTE       : Napa?
ADIPATI PATI          : Andhel-andhel Pati. yen kakang Andha Rante sembada nampani andhel-andhel Pati, tak sembah ijir-ijiranmu.
ANDHA RANTE       : O ngaten, nggih.. Njajal, wong niku ora pakanane manungsa kok dipakakke. Nggih mangga nek sampeyan arep adu kaluwihan sampeyan.
ADIPATI PATI MENYERANG ANDHA RANTE DENGAN KERISNYA, TETAPI ANDHA RANTE TIDAK BERGEMING SEKALIPUN, MALAH KETAWA-KETAWA…
ANDHA RANTE       : Hayyoh…   Mangga…
Milih sing pundi?
KEMUDIAN BUPATI PATI DAN KEDUA TUMENGGUNG LARI DAN KABUR.
ANDHA RANTE       : Hahahahaha….. Hahahaaaa…
Jebule ora mung kawulane sing padha gendheng, tekan Bupatine pisan kok melu gendheng. Lho wong tak lapuri nek kawulane iku padha gendheng kawulane padha edan, kok malah bela kawulane, nek ngono Bupatine Pati kae ya melu gendheng.
Eeee,,,, Titenana angger ora padha mendha tak sawati watu kae..
DI ALAS PERBATASAN DESA SITI HINGGIL.
ADIPATI PATI          : Tumenggung Sumba Pradan.
SUMBA PRADAN    : Sinuwun..
ADIPATI PATI          : Ora kena digawe gampang jebule Andha Rante. Mula saka kuwi ngono ya..
Kene Sumba Wilis, kene rada nyedak kene..
SUMBA WILIS         : Sabda dalem katimbalan, kados pundi Kanjeng Adipati
ADIPATI PATI          : Lelakone Andha Rante ora kena digemingke, disepele. Mula kang kuwi jeneng Ingsun nedya sowan ing Mataram.
SUMBA PRADAN    : Mboten kundur wonten ing Kabupaten Pati rumiyin Gusti.
ADIPATI PATI          : Jeneng sira tak aturi bali ning Kabupaten Pati. abang birune Praja Pati tak pasrahke marang jenengsira sakloron.
SUMBA PRADAN    : Sembah kula dhereaken Gusti…