Buku Tamu

Tuesday, October 2, 2012

Naskah Ketoprak Lakon "Andha Rante" 4


ADEGAN 9 TAMAN KEPUTREN KABUPATEN PATI
GARWA ADIPATI   : Kene… Kene… Kene…
Njenengan tak aturi lungguh, ora usah datan pekewuh klawan kang mbok ya yayi…
R. DANANG             : Menapa sampun kepareng?
GARWA ADIPATI   : Iya… Wis tak parengake.
Raden danang, estune prijingan kuwi rasaning atimu ana rasa tanda pitakon. Kok kang mbok nembe wae ngutus klawan biyung emban? Ya kuwi yeyen, kang supaya nimbali kang sira. Ya pancen bener, ora luput. Lha, iki malah kebeneran banget to Raden Danang..??
R. DANANG             : Wonten kersa ingkang kados pundi kang mbok?
GARWA ADIPATI   : Ngrembug bab-bab kang perlu, ana wigati sing arep tak blakakake ana ing pengarepanmu. Prasaja wae ya Raden Danang.
Ngene, kang mbok kuwi anggone bebrayan klawan kang mas Adipati Mangun Oneng Adipati Pati iki lak wis suwe, wis ndungkap pirang-pirang taun. Nanging kaya-kaya yayi, ora nemahi kabagyan lan kamulyan. Semune kang mbok iki saben dina, yen awan ora doyan mangan, yen bengi ora bisa turu. Nganti kang mbok iki blaka ana ning pengarepanmu. Prasaja, merga kang mbok kuwi ora bisa nahan darbaning kanepson. Jane isin, nanging yen ora prasaja mengko ndadekake geganjeling atiku. Cethane ya Raden Danang, kang mbok nimbali panjenengan kuwi kepengen kok ladeni…
RADEN DANANG KAGET MENDENGAR KATA-KATA “KOK LADENI” DARI GARWA ADIPATI.
GARWA ADIPATI   : Tak suwun…
R. DANANG             : Mangke rumiyin…
GARWA ADIPATI   : Bisa nglakoni yen nduweni kawelasan klawan kang mbok. Lha kok mingur kowe, bareng kang mbok nembung kok ladeni?
R. DANANG             : Kang mbok Rara Siya, panjenengan menika garwanipun sedherek kula kakung piyambak, ingkeng tanrubeda kados sudarma kula piyambak.
GARWA ADIPATI   : Iya…
R. DANANG             : Yen kang mbok Rara Siya kawijil pangendikanipun yen tresna dhateng kula, menika sami kemawon kula dipun utus ngianati dhateng kadang kula piyambak kang mbok.
GARWA ADIPATI   : Raden Danang, aku ora bocah cilik. Dadak mbok ulang, isih ganep panca ndriyaku. Yen aku ngucap kang kaya ngene kuwi wis tak pikir, upama ana dukane kang mas Adipati Mangun Oneng ora apa-apa. Aku dipidana ya pasrah, Kapara mengko aku sing tanggung jawab. Upama kang mas Adipati kuwi deduka kalawan panjenengan.
R. DANANG             : Kang mbok, kula menika gadhah ajining dhiri, kula menika gadhah tata krami subasita. Yen tho kula kedhah ngladosi dhateng ndika mbak yu kula piyambak, kula mboten sagah…
GARWA ADIPATI   : Dadi..??? Kang mbok nembung cara alus tinemu kowe tiba kasar, nampik klawan kang mbok. Yen ngono kang mbok rumangsa kok wirangake, atase wanita wis ngemis katresnan ana ing pengarepanmu. Yayi, kaya ngene iki aku ora trima. Aku bakal mletih klawan kowe.
R. DANANG             : Yen mboten trima badhe menapa panjenengan?
GARWA ADIPATI   : Titenana, dandang tak unekke kuntul, kuntul tak unekke dandang.
Kang mas… Kang mas…
ISTRI ADIPATI PATI MULAI MEMFITNAH ADIK IPARNYA DENGAN CARA PURA-PURA MAU DIPERKOSA RADEN DANANG. KEMUDIAN DIA MEMANGGIL SUAMINYA.
ADIPATI PATI          : Ana apa Diajeng…?
GARWA ADIPATI   : Cilaka menika kang mas…
ADIPATI PATI          : Ana apa? Kok sliramu nglandhang-nglandhang…
GARWA ADIPATI   : Jebulane kok kados mekaten kang mas, kula dipun wirang-wirangaken kaliyan kadang panjenengan. Lha kok mentala-mentalane temen to ya…
ADIPATI PATI          : Ngkosik to… Ngkosik… Sing sareh penggalihmu, ditata penggalihe. Ngko matur, matur kanthi sing kepenak ngono. Ora kaya ngono kuwi, ana apa? Ana apa?
GARWA ADIPATI   : Pancen kula rumangsa wirang kang mas…
ADIPATI PATI          : Kok wirang, wirang kena ngapa?
GARWA ADIPATI   : Menika ajining dhiri kang mas, lha kok piyambakipun ngremehaken drajad kula.
ADIPATI PATI          : Nalare kepiye Diajeng Rara Siya?
GARWA ADIPATI   : Kula garwa panjenengan ingkang panjenengan tresnani.
ADIPATI PATI          : Iya… Iya… Iya…
GARWA ADIPATI   : njenengan kalebu Adipati, kedah paring tuladha ingkang prayoga. Nanging…
ADIPATI PATI          : Ya sak mestine ngono, heee…
GARWA ADIPATI   : Kagawa saking kadang panjenengan menika, Raden Danang. Piyambakipun menika wani njamah kasusilan kula kangmas…
ADIPATI PATI          : Piye…????
Diajeng Rara Siya…
GARWA ADIPATI   : Lha wong ipene mblongoh ngene kok ya, ya arep ditubruk…
Kang mas..
ADIPATI PATI          : Dadi yayi Raden Danang iki arep nyembranani sliramu to? He…
GARWA ADIPATI   : Leres..
ADIPATI PATI          : Nganti galap kalangsur pangandikanku..
GARWA ADIPATI   : Leres kang mas, kula rumangsa wirang sanget kang mas…
ADIPATI PATI          : Cukup… Cukup… Cukup…
Danang!!!
R. DANANG             : Pareng pangandika..
ADIPATI PATI          : Ooo… Dadi kaya ngono kuwi tumindakmu, he!!
Mula aku ngerti, iki ana ing peputren. Kuwe krutusan ana ing papan kene, aku mudheng karepmu. Dadi, kowe wis tega mentala ngianati siji rasa paseduluran, kaping pindhone kowe wis ngemingke bab perkara tata krama, subasita, he!!
R. DANANG             : Kang mas Adipati..
ADIPATI PATI          : terus dununge nggonmu ngabekti karo wong tua kuwi nyang endi?
R. DANANG             : Kepareng ngonjuk, saestu kula mboten nate tumindak cala mentah ingkang kados dipun ngendikaaken kang mbok Rara Siya menika kang mas..
ADIPATI PATI          : lho kok karepmu dhewe..
R. DANANG             : Kula mboten tumindak menapa-menapa…
ADIPATI PATI          : Babar pisan ora tumindak?
GARWA ADIPATI   : Ora usah selak…
ADIPATI PATI          : lha wong wis ana buktine, kowe cumondok ana ing keputren. Mula kang kuwi, Danang… Jeneng ingsun rumangsa lingsem, isin aku.. Ing Pati kene iki, aku iki minangka tepa palupinen kabeh para kawula, nek aku mimpin kulawargaku dhewe ora bisa apa meneh aku mimpin wong sak Pati? Mendah apa polahe wong sak Pati upama ngerti lakon iki? Mula saka kwi, sepet mripatku nyawang kowe, gumbrebeg kupingku ngrungoke omongmu. Minggaaaat…!!!
Sumingkir saka papan kene..
RADEN DANANG DIUSIR OLEH BUPATI PATI YANG TIDAK LAIN ADALAH KAKAKNYA SENDIRI.
R. DANANG             : Nyuwun taksih pangapunten dateng kang mas Adipati Mangun Oneng, kula mboten lepat kang mas…
ADIPATI PATI          : Pyeeee…………?????? Ora luput……….???????? Ngoceho kaya bledheg sewu aku ora percaya. Mula kang kuwi, kowe sumingkir apa njaluk tak singkirake? He…!!!
Njaluk mati dening aku kowe….????????????
RADEN DANANG PERGI MENINGGALKAN ADIPATI MANGUN ONENG DAN ISTRINYA.
GARWA ADIPATI   : Rahayunipun kang mas… Kemben kula taksih kukuh. Menawi mboten? Menawi wanita sanesipun? Gek kengguh kaliyan tembung-tembung kang manis njur kepilut, paedah apa? Njenengan badhe kecalan slaminipun kang mas…
ADIPATI PATI          : Ya nek ana lakon kaya ngene iki jeneng ingsun lagi percaya yayi Rara Siya mbok menawa sliramu mula pancen wanita sing utama. Mula kang kuwi, perkarane Raden Danang kuwi ana ing astaku.
GARWA ADIPATI   : Leres kang mas…
ADIPATI PATI          : Merto Kusuma… Merto Kusuma… Rene!!!
MERTO KUSUMA   : Wonten menapa Kanjeng miji dhateng kula?
ADIPATI PATI          : Ingsun ngersaake Raden Danang aja nganti kumlembar ana ing Bumi Pati. Cetha to…???
MERTO KUSUMA   : Lajeng wonten perkawis menapa kok kados panjenengan sajakipun duka kaliyan Raden Danang?
ADIPATI PATI          : Kowe ora perlu ngerti perkarane Raden Danang, sing baku ingsun ngersaake Raden Danang ora kumlembar ing Bumi Pati iki. Tindakna…
MERTO KUSUMA   : Nggih… Nggih…