ADEGAN 5 PASEWAKAN AGUNG KERAJAAN
MATARAM
SULTAN
AGUNG : Kanjeng Prameswari…
PRAMESWARI : Kula wonten dhawuh Kanjeng Sultan..
amung sungkem bekti kula katur Kanjeng
Sultan…
SULTAN AGUNG : Ya… Wis ingsun tampa Kanjeng Prameswari.. Ya mung pamujiku wae
napak sira tampanana.
PRAMESWARI : Sanget anggen dalem mugi ndadosaken bingahe pangrantu.
SULTAN
AGUNG : Dikepenakke anggonmu lungguh..
PRAMESWARI : Kasinggihan Kanjeng Sultan.
SULTAN
AGUNG : Kakang Patih Nerangku Bumi…
PATIH : Nampi dhawuh Kanjeng Sultan.
SULTAN AGUNG : Ndika sampun ngadhep wonten ngarsa dalem, lajeng kados pundi
kahanan ing negari menika?
PATIH : Gusti pepundhen kula ingkang sifat titah
sinanjung para priyagung sinunggung para brahmana. Kanjeng Sultan, ayahan dalem
dawuh sampean dalem kula ayahi. Niti pirsa wonten ing sak njawine kitho Raja para
kawula dasih ayem tentrem tuwuh ing boga tinebih ing sakit, Kanjeng Sultan.
SULTAN AGUNG : Sukur kakang Nerangku Bumi, yen kabeh para kawula ing Kasultanan
Mataram wis pada ngrasake ayem lan tentrem.
PATIH :
Inggih…
SULTAN
AGUNG : Ora ana sing padha kekurangan
salah sawijining upa.
PATIH :
Inggih…
SULTAN
AGUNG : Nerangku Bumi..
PATIH :
Pangandika..
SULTAN AGUNG : Pegawean kang becik wis kayahan, supaya pada dirasake marang
kabeh para kawula lan dinuat marang nayaka sing dadi bawahanmu.
Aku uga percaya, kakang Nerangku Bumi lan sliramu Kanjeng
Prameswari.
PATIH&PRAMES : Inggih…
SULTAN AGUNG : Tumungkule Agama Islam ing swantaka wis banget nggawe bombonge
penggalihku, katitik saka wiwit pucuking nduruhana kae nganti teka Solo, Slawi kitho
Raja kene. Papan panembah sing jengene mushala lan mesjid wis ora ana ucule,
pratandhani yen Agama kuwi ing nuswantara wis banget nggone ngrembaka. Rak
ngono to kakang..?
PATIH : Kaluhuran kadangpun Kanjeng Sultan..
SULTAN
AGUNG : Ya ya…
Mula… ayo pada tansah nyenyuwun marang pangarsane Gusti
Allah SWT, supaya Negara iki bisa tentrem lan ayem.
Sajake arep ana kawula sing munggah
ing ngarsaku kene.
Iki rak Bupati Pati Mangun Oneng..???
SULTAN
MEMPERSILAHAN DUDUK MANGUN ONENG DENGAN ISYARAT OLEH KEDUA TANGAN SULTAN.
SULTAN AGUNG : Kakang Nerangku Bumi, sawetara lungguhmu dikepenakke.
PATIH : Inggih…
SULTAN
AGUNG : Adipati Mangun Oneng..
BUPATI
PATI : Dhawuh katimbalan Kanjeng…
SULTAN
AGUNG : Apa wedha kaladan sowanmu ana
ing kene?
BUPATI PATI : Awit saking berkah pangestu dalem Kanjeng Sultan kula
murih ing sakala-kala, dhuh sinuwun…
sembah kula katur..
SULTAN
AGUNG : Ya.. Ya.. Banget anggonku ngono..
Ya mung pangestuku wae balik
tampanono Mangun Oneng.
PATIH :
Kula tampi, kula jejimat, kula pepundhi sinuwun..
SULTAN
AGUNG : Ya.. Ya..
BUPATI PATI : Owahana karahyunipun para kawula ing sakukuban Pati,
salebetipun kula embani kula jinaga.
KENDHIL WESI : Semanten ugi kula ngaturaken sembah pangabekti kula wonten
ngarsanipun sinuwun..
SULTAN
AGUNG : Iki sapa iki..??
BUPATI
PATI : Menika waranga dening
saking Pati..
KENDHIL
WESI : Kula Kendhil Wesi sinuwun..
SULTAN
AGUNG : Oooooo….. Kendhil Wesi..
Ya..ya..ya.. Tak
tampa, mung pangestuku wae bali sira tampanana.
KENDHIL
WESI : Mugi ndadosaken kajwanganpun
abdi kula Kendhil Wesi.
SULTAN
AGUNG : Ya, dikepenakke anggonmu
lungguh.
Adipati Mangun Oneng,..
BUPATI
PATI : Paring dhawuh sinuwun..
SULTAN AGUNG : Sajake, ana wigati sowanmu ana ing Pendhapa Agung Kasultanan
Mataram kene. Coba, coba matura keng cetha ngarep Ingsun ben gamblang anggonmu
matur.
BUPATI
PATI : Kepareng konjuk lepat
pangapunten dalem.
Dhuh sinuwun, tebih saking Pati keraya-raya kula
minggah wonten ing tunggaking Pendhapi Agung wonten ing Praja Mataram wonten
ing ngersa dalem sampeyan pun Ingkang Sinuwun Kanjeng Sultan Agung.
Mila sepisan, tujuning kawula menika minangka kawula
dalem ingkang kaleres kaprintah saking ngersa dalem ingkang sinuwun. Mila
saking menika sowan kula sepisan niat kepengen silaturokhim kaleres menika
nembe kemawon umat Islam sami mengeti dinten lebaran, dinten riyadi. saking
menika sinuwun, kula mawantu-antu panyuwun kula ingkang supadosa sowan kula
menika kinarya sowan ingkang mawi ancas halal bi halal. Sepinten lepating abdi
dalem kula pun Mangun Oneng ing salebetipun suwita ing ngarsa dalem. Sampeyan
dalem ingkang sinuwun ingkang agung ing pangaksaminipun.
SULTAN AGUNG : Gedhe pangapuraku marang sliramu Adipati Mangun Oneng..
BUPATI
PATI : Nun inggih sinuwun..
SULTAN AGUNG : Kosokbaline wae, kabeh kaluputan muga-muga lebura ing dina iki
bebasane.
BUPATI
PATI : Nun inggih kanjeng
sinuwun..
SULTAN
AGUNG : Njur ana wigati apa?
BUPATI
PATI : Menika terus bablas
tumuju ancas kemawon..
SULTAN
AGUNG : Ya..ya..ya..
BUPATI PATI : Genahipun wonten ing Pati kalenggahan menika
kawontenanipun dipun damel geger dening salah satunggaling kawula dalem ingkang
nami Ki Andha Rante ingkang mapan wonten ing Dusun Siti Hinggil.
SULTAN AGUNG : Kadipaten Pati digegerke satunggiling manungsa sing jenenge
Andha Rante?
BUPATI
PATI : Nun inggih…
SULTAN AGUNG : Mangun Oneng, Kadipaten Pati sakukube wis ingsun pasrahke
marang sira.
BUPATI
PATI : Nun inggih Kanjeng..
SULTAN AGUNG : Dadi, amis lan bacin kuwi gumantung nyang sliramu. Ewadene kok
kowe ora kuwagang isih mbutuhake sabiyantu ingsun, ingsun ora kabotan bakal
paring pambiyantu marang sliramu. Apa sing mbok butuhake?
BUPATI PATI : Dhuh sinuwun, kadhodoh sumangga asta katigas sumangga
jangga. mila, kula minangka salah satunggiling tiyang dalem ingkang mboten
saged nindakaken ayahan. Mila mbok menawi kula mboten saged ngawekani, mboten
saged ngendaleni kridhanipun Ki Andha Rante.
SULTAN
AGUNG : Njur pawadane apa? Mangun Oneng…
BUPATI PATI : Ki Andha Rante hanggadahi kasekten ingkang linangkung
sinuwun. Ingkang satya menika terus terang kemawon abdi dalem kula pun Mangun
Oneng nyadhong paring sabiyantu panjenengan dalem murih kawontenanipun Ki Andha
Rante mboten kelajeng-lajeng anggenipun damel ontran-ontran ing Kadipaten Pati.
SULTAN AGUNG : Nek ancen kawula ing Kadipaten Pati wis ora kuwawa, banda anane
sira Andha Rante, mundhuta prajurit utawa kekuatan ingsun ing Kasultanan
Mataram, Ingsun ora bakal kabotan maringi. Nanging, yen ta pancen ana cara sing
kudu ora nganggo srana peperangan njur cara apa Mangun Oneng? Ingsun bakal
manut. Watone, wong sing pada nindakke shalat utawa manembah ana panguasane Allah
SWT ora rumangsa diganggu. Kuwi panyuwunku.
BUPATI PATI : Sinuwun, kajenge Ki Andha Rante menika ingkang dados
telenge lembah namung perkawis keyakinan, perkawis iman. Cekap kanggenipun,
saking mersukeng mestinipun ingkang ngadhepi Ki Andha Rante sak
mboten-mbotenipun satunggiling tiyang ingkang sampun pana dhateng sesrepan bab
agami, sinuwun..
SULTAN AGUNG : Banjur saka pamawasmu wis tatjilan kyai ndi? Ingkeng bobote sak
ndhuwure Ki Andha Rante..
BUPATI PATI : Mataram menika jembar kalangkung sinuwun, mestinipun
katah kyai ingkang sampun pana bab agami.
SEBELOM
PERCAKAPAN ANTARA SULTAN AGUNG DENGAN ADIPATI PATI SELESAI, DATANGLAH KYAI
MAKDUM ALATAS, LALU MEREKA SALING BESALAMAN..
SULTAN
AGUNG : Katuran lenggah kisanak..
Kisanak, kula dereng nate srawung, sumerep nembe
sakmenika. Sak derengipun katuran lenggah ingkang prayogi, salam taklim kula
mugi panjenengan tampi.
KYAI MAKDUM : Sanget anggen kula nampi, mugia ndadosaken teguh karahyon
kula Kanjeng Sinuwun..
SULTAN
AGUNG : Inggih..
KYAI MAKDUM : Namung nyuwun sewu sak derengipun, anggen kula mukti wonten
ing Pendhapi Agung tan mandheng ketak saking trajuning manah lan niating ati
kula, kula badhe sungkem wonten ngersa dalem Kanjeng Sultan Agung Hanyakra
Kusuma.
SULTAN AGUNG : Dhuh kisanak, sampun kula tampi mugya hanambahana daya
kekiyatan kula anggen kula ngayomi dumateng kawula ing kauripan sami.
KYAI MAKDUM : Sukur Alhamdulillah dumawah sami-sami Kanjeng Sultan..
SULTAN AGUNG : Kodi panjenengan kapangarsa menika katitik mawas panjenengan
menika anget ndamelke usitas agungipun kyai ingkang sampun tumunjul.
KYAI
MAKDUM : Menawi sudi hamastani, nami kula Makdum Alatas..
SULTAN
AGUNG : Makdum Alatas..
Mangun Oneng..
BUPATI
PATI : Wonten dalem sinuwun..
SULTAN AGUNG : Apa sliramu wis nate pirsa sing jenenge Makdum Alatas..??
BUPATI PATI : Sagah duka dalem, nembe sepisan menika abdi dalem kula
mangertos..
SULTAN
AGUNG : Lajeng lenggah wonten pundi?
KYAI MAKDUM : Kula menika saking pesisir ler, pernahipun wonten ing Jawi
Wetan wonten gisikipun samodra ler, nggih peneripun wonten ing Tuban.
SULTAN
AGUNG : Taksih wewengkon Kadipaten
Tuban.
Sawusnae, lajeng wonten bab ingkang menapa, miwah
wonten kersa menapa, ngantos panjenengan tindak ing Pendhapi Agung Kasultanan
Mataram?
KYAI
MAKDUM : Nggih, nuwun sewu Kanjeng
Sultan.
Ingkang sepisan kula silaturakhim. jangkep kaping
kalihipun lan ing wulan syawal menika, menawi dipun keparengaken kula badhe
ngaturaken minal aidzin wal faidzin. Menawi wonten dosa kalepatan kula
ingkang kula sengaja sarta mboten kula sengaja mugia panjenenganipun Kanjeng
Sultan sumrambahipun sagung praprawira ing Metaram, lumuntur sagunging para
kawula wonten ing pajangan mriki kersaa paring pangapunten sedaya dosa
kalepatan kula..
SULTAN AGUNG : Dhuh sang ustadz, malah kula mboten kuwawi, matur ingkang kathah
sanget.
Nggih,,, sedaya kala wau mugi-mugi kalebur ing
dinten riyadi menika.
KYAI
MAKDUM : Alhamdulillah…
SULTAN
AGUNG : Sang ustadz,, blaka kemawon,
badhe wonten kersa napa?
KYAI
MAKDUM : Ingkang kaping tiganipun Kanjeng
Sultan..
SULTAN
AGUNG : Inggih..
KYAI MAKDUM : Tebih saking tlatah Tuban dumugi ing Mataram njumbuhaken
dateng kalenggahan kula wonten ing Tuban, wonten ing Tuban menika kalenggahan
kula minangka ustadz
SULTAN
AGUNG : Nggih..
KYAI
MAKDUM : Nggih..
Kula kepingin nindakaken amar ma’ruf nahi munkar
mulang dateng ing kabecikan nyegah tiyang-tiyang ingkang tumindak angkara
murka.
SULTAN
AGUNG : Owalah…
KYAI MAKDUM : Trajuning manah, syi’ar dateng Agami Islam Kanjeng Sultan..
SULTAN
AGUNG : Maturnuwun…
Sang ustadz, jahkul kaleresan menawi kersanipun
badhe syi’ar Agami Islam. Menika, wonten ing Kadipaten Pati manut dumateng
aturipun Adipati Pati…
KYAI
MAKDUM : Napa sakmenika dipun
keparengaken?
SULTAN
AGUNG : Lhoh.. Pripun…???
Kula menika sami-sami tiyang Islam, namung kula
nggadahi kuwajiban nata dumateng para kawula.
KYAI MAKDUM : Sukur Alhamdulillah menawi panjenengan Sultan ngeparengaken
anggen kula badhe syi’ar Agami Islam wonten ing Jawi Tengah mriki.
SULTAN AGUNG : Mila ing ngajeng kula sampun matur. bilih kaleresan menawi
kersanipun sang ustadz kados ngaten, ing Pati menika lho priyayine dereng
kondur, wonten saglintiring manungsa ingkeng ngganggu dumateng para kawula
ingkang sami nindakake shalat utawi manembah wonten ing ngersanipun Gusti Allah
SWT, Naminipun Ki Andha Rante. Rak ngono ta Mangun Oneng..?
coba sliramu tak keparengake wawan
pangandikan..
KYAI
MAKDUM : Menapa kepareng kula badhe
srawung kaliyan…
SULTAN
AGUNG : Nggih… Nyumanggaken…Nyumanggaken…
KYAI MAKDUM : Dipun srawungaken Kanjeng Adipati, nami kula Makdum Alatas.
BUPATI
PATI : Kula Mangun Oneng..
KYAI
MAKDUM : Ooo… Kanjeng Adipati Mangun
Oneng.
BUPATI
PATI : Nggih..
KYAI MAKDUM : Kula sampun nate mireng asma panjenengan, serat gunging
pengayoman ing Kadipaten Pati ingkeng asmanipun Bupati Mangun Oneng, namung
pinanggih piyayinipun nembe pisan menika..
BUPATI PATI : Sampun ngantos kelajeng-lajeng anggenipun
ngumbul-umbulaken, mangke menawi dhawah mindhak sarwa anteb, sakitipun mboten
limrah..
KYAI
MAKDUM : Hahaha…
BUPATI PATI : Mula kalih menapa ngambah menika ingkang dados
satunggalaning ingkang pinunjul, mila ting Pati punika wonten salah
satunggiling kawula, ingkang sampun ngganggu damel kaliyan para-para ingkang
badhe sami nindakaken ngibadah, naminipun Ki Andha Rante mapan wonten ing Dusun
Siti Hinggil. Lajeng Ki Andha Rante menika anggadahi kasekten ingkang
linangkung. Ing mangka terus terang kenawon kula mboten nyembadani tandhing
kaliyan Ki Andha Rante. Dhawah kaleresan bilih Ki Ustadz muluk ing penggalih
kersa mbiyantu dateng kula ing saklebetipun mangreh kawula ing Pati, saingga Pati
saged nggayuh katentreman..
KYAI
MAKDUM : Nyuwun sewu Kanjeng Adipati,
kula nyuwun pirsa..
Tiyang ingkang naminipun Andha Rante menika tiyang
waras napa tiyang majenun menika? Kok manut ngendikanipun Kanjeng Adipati
Mangun Oneng nek suka ngganggu gawe bocah-bocah sing badhe nindakaken shalat
wonten langgar napa dene wonten mesjid. Niku wong edan napa wong waras?
SULTAN AGUNG : Nggih pangapunten, mangga dipun buktekaken piyambak. Mangke
sang ustadz temtu badhe pirsa tenane Ki Andha Rante iki wong waras napa mboten
utuh..
KYAI
MAKDUM : Ning ingkang luwih
nggumunake malih
BUPATI
PATI : Nggih,,, pripun…pripun..??
KYAI MAKDUM : Nek Andha Rante niku namung tiyang setunggal ewadene
panjenengan niku pengayoman ing Kabupaten Pati katah prajuritipun. Lho ewadene
kok mboten kuwagang, agengipun mbanda ngendali si Andha Rante..
BUPATI PATI : Soale nek mboten ngaten mboten lelampahan, naminipun
lakon.. lakonipun Andha Rante. Dados menawi Andha Rante menika namung mayang
anggenipun ngasoraken nggenipun ayahan menika rak mboten dumugi ngantos mangke
sonten..
KYAI
MAKDUM : Dadi nek lakon niku menangan
nggih…
Nggih…
Kanjeng Sultan, sampun ujang lan permana
saksampunipun kula nyundhen kaliyan Kanjeng Adipati Mangun Oneng. Cethanipun,
tiyang menika nggih tiyang waras, namung nggadhahi kasudibyan kang winantu
saingga katahing para prajurit mboten kuwagangi pungunipun si Andha Rante.
SULTAN AGUNG : Namung kula nyuwun nggih, mangga kados pundi murih Ki Andha Rante
menika leren anggenipun tumindak ngganggu kabener kayantyasing kang badhe
nindakake shalat.
KYAI MAKDUM : Namung sakderengipun nyuwun pangapunten Kanjeng Sultan, kula
selak niku mboten kedah ugi dereng rentenan. Pramila ugi kula kepengen
mbuktekaken pinganggih piyambak kaliyan piyayinipun ingkang nami Andha Rante menika.
SULTAN
AGUNG : Mekaten nggih sang Ustadz…
Mangun Oneng…
BUPATI
PATI : Dawuh dalem sinuwun..
SULTAN AGUNG : Aja diselaki, kanthimu saguh tak dahat. Asmaku napak tampanana,
kanthia ing ati-ati..
BUPATI
PATI : Ngestoaken Kanjeng Sultan…
SULTAN
AGUNG : Iya…Ya..
BUPATI
& KYAI : Assalamualaikum…
SULTAN
AGUNG : Waalaikumsalam…
BUPATI
PATI, KENDHIL WESI & KYAI MAKDUM ALATAS PERGI MENINGGALKAN PENDHAPA AGUNG
KASULTANAN MATARAM MENUJU KE PATI.