Transkripsi ketoprak lakon "Andha Rante"
S.W.
Ketoprak Sri Kencono Budoyo Pati
ADEGAN 1: PERANG DI ALAS DESA SITI
HINGGIL.
ANDHA RANTE : Yen tak rasak-rasake, wong kok seneng ngganggu kamardikaning
liyan. Wayah ora wayahe, grudag-grudug, ngalor-ngidul, ngetan-ngulon. Lulang
dibentheng, dijereng, digebugi blang-bleng, blang-bleng, lawaaaaaaaaa bubar,
lawaaaaaaaaaaaa bubar.. ora o diprintah bubar nek wayahe surup surya ya budhal
luru mangsa dhewe-dhewe. Wong kok padha gendheng, wong kok padha edan. Sedina
nyambut gawe, mulih karepku ya ngaso leyeh-leyeh. Meneh, wayahe wong turu
lulange di bentheng meneh digebugi meneh blang-bleng, blang-bleng, grudug
ngalor, grudug ngidul, lawaaaaaa bubar, lawaaaaa bubar… jagad iki jagade dhewe
apa piye? Jagad iki jagade wong akeh. Anggere padha mribeni lehku turu tak
brenggkolangi watu, ora perduli. Hah, wong iki omah-omahku dhewe, desa Siti
Hinggil kene iki biyen tinggalane bapakku dhewe. Kok dibribeni. Mandheg sedela,
bareng-bareng ora mung siji loro kamin-kamin… upama celuk-celuk kang kamin iki
rak ora kaya ngono kuwi bantere a. wah-wah-wah… yen tak rasak-rasakna wong Pati
iki padha arep edan kabeh po piye? Nek gelem mbok niru aku iki sing waras.
TIBA-TIBA
KEDUA TUMENGGUNG UTUSAN DARI PATI DATANG. TUMENGGUNG SUMBA PRADAN MEMULAI
PEMBICARAAN DENGAN ANDHA RANTE.
SUMBA
PRADAN : Najan mung sak paduran aku ra
pangling, menawa kowe ki Andha Rante.
ANDHA
RANTE : Nggih kula namine Andha
Rante..
SUMBA PRADAN : Nanging aku pengen ketemu karo kowe iki apike ning omah opo
ning kene ae?
ANDHA
RANTE : Teng ngriki dak mboten
napa-napa a..
SUMBA
PRADAN : Ngono ya..
ANDHA
RANTE : Nggihh…
SUMBA PRADAN : Nek ancen ora apa-apa, tak bacutke anggonku arep rerembugan
karo kowe.. Kowe wis ngerti aku mbok menawa ya?
ANDHA
RANTE : Sampeyan sinten?
SUMBA
PRADAN : Aku Tumenggung Sumba Pradan.
ANDHA
RANTE : Ooo… Priyayi saking Kadipaten
Pati Pesantenan niku..
SUMBA
WILIS : Aku Tumenggung Sumba Wilis,..
ANDHA RANTE : Enten napa sampean kok padha teka teng dukuh Hinggil niki?
SUMBA PRADAN : Ngono ya… Rehning aku uga narapraja ning Kadipaten Pati. Kareh marang
reksa dalem Kanjeng Adipati Mangun Oneng ing Kadipaten Pati. kang supaya
nakyenake njangkahke sukuku nyang bumi Siti Hinggil nanjehake apa tenan okeh
wong padha kandha jare ono pawongan kang jenenge Andha Rante gawe kisruh nyang
wewengkon Siti Hinggil..
ANDHA
RANTE : Niku sing padha kandha niku
sinten?
SUMBA PRADAN : Ya kalebu wong Siti Hinggil kono kang padha munggah nyang pendhapa
ageng Kadipaten Pati.
ANDHA RANTE : Kula niku ora nggawe kapitunane wong-wong mriki mboten, kula
mboten nggawe kapitunan wong Pati niku mboten, ning wong-wong niku sing padha nggawe kapitunan,
nggawe gelaning atiku
SUMBA PRADAN : Kuwi kanggomu, kanggomu ora gawe kapitunan wong Siti Hinggil,
ning kanggone wong Siti Hinggil rumangsa mbok gawe kapitunan..
ANDHA RANTE : Mboten mawon, sing gawe kapitunan niku nggih wong-wong niku.
SUMBA
PRADAN : Coba kandhakke, sebabe
piye…???
ANDHA RANTE : Kula niku wong getapan kuping, angger getih kula mpun panas,
mangka munjuk, mripat kula dadi abang, kuping kula njepiping.. wayah mboten wayahe, limah-tumahe, wong grudug
ngalor, grudug ngidul, grudug ngetan, grudug ngulon mboten karuan parake. Teng
ngriku pada nglumpuk, Lulang dibentheng digebugi blang-bleng, blang-bleng,
blang-bleng ana sing nyuara lawaaaa bubar, lawaaa bubar .. lho niku lawa niku mboten usah diprintah
kon bubar, nek mpun wayahe sore surup ngatenika, niku lawa padha budhal
dhewe-dhewe padha buyar golek pangan, lho kok disebuti lawa bubar. Ngaten niku
pripun? Trus meneng.. sedela mpun kula rada kepenak kethoke tak rungokno
alon-alon, kula mpun mboten krungu, bareng meneh disambung, kamin-kamin… lho kamin
teng mriki niku pinten iji?
SUMBA PRADAN : Tak wangsuli pitakonmu.. Sepisan kang ana pawongan ngalor,
ngidul… Kuwi mertandhake pada nggone rukun, lan nggone rukun kuwi mau tumuju ning
papan ibadah utawa ning papan suci papan sing kanggo shalat sembahyang kanggo
nyembah marang panguasane gusti, kapindho lulang dibentheng kae digawe bedhug
kanggo pratandha menapa ta dina jum’at dithuthuk kae dino jum’atan kanggo sembahyang.
Kaping telu kang kok arani lawa bubar kae jenenge undang-undang wong kang arep
shalat sembahyang, jenenge adzan, Allahu akbar, ora kok lawa bubar. Allahu
akbar Allah maha besar, iki kanggone wong islam. Mula nek nganti ana
wong sing padha nglakoni kaya ngono tak jaluk, nek kowe gelem gawe tentreming
Negara Siti Hinggil, Kadipaten Pati Desa Siti Hinggil kuwi ya aja kaya ngono.
Ana tembung lakum dinukum waliyadin, kowe kowe, aku aku, aja ngganggu
marang kamardikane liyan. Ngono lho..
ANDHA RANTE : Ngeten nggih, kula kok ra mudheng rembugane sampeyan..
SUMBA
PRADAN : Ya ra mudheng, merga kowe karo
aku beda.
ANDHA RANTE : Kok ana Allah, Allah, Allah niku napa? Nek panganan,
panganan piye? Nek rasane piye? Gedhene sepira? Gedhe pundhi kalih kula?
SUMBA WILIS : Andha Rante, dene Allahu akbar kuwi manembah marang
ngarsane Gusti kang akarya jagad. Kabeh sekabehing para kawula sing kepingin
manembah marang ngarsane Gusti kang akarya jagad aja kok ganggu, malah kepara kowe
wong padha shalat sembahyang, mushola pada mbok bandhemi.
ANDHA RANTE : Kula mboten ngganggu, sing padha ngganggu niku malah
wong-wong niku kabeh sing padha ngganggu, sebab kula wayahe turu kula
dibribeni. Niku ngganggu kamardikane kula. Mboten kok kula niku ngganggu,
sampeyan niku kuwalik, kula sing diganggu. Sebab Siti Hinggil iki omah kula dhewe.
SUMBA PRADAN : Andha Rante, Siti Hinggil iki yo ora kagunganmu dhewe, nggone
wong akeh. Dadi wong sak Desa Siti Hinggil iki nduwe kamardikane dhewe-dhewe.
ANDHA RANTE : Lho kok mboten gadhahan kula pripun? Wong Desa Siti Hinggil niki
tinggalane bapak kula, nika lho sampeyan nek ora percaya. Watese niku wit pace
sing nika ngantos dugi ngrika, nika karas tinggalane wong tuwa kula.
SUMBA PRADAN : Ning kowe urip ning Desa? Kowe urip ning Desa nek kanthi
kaijenan ora bakal bisa urip. Wong bisa langgeng, bisa nggenah, bisa rukun kuwi
merga kumpulan, merga kancane akeh. Nek kaya dene kowe ora gelem ngumpuli sapa
sapaning wong sing ana ning desa kene, yo kaya dene kowe iki ora nduwe bala.
ANDHA RANTE : Gak, kula mboten iso tetepe, pokoke angger ijeh ana wong
bengok-bengok teng kiwa tengene omah kula, teng Desa Siti Hinggil mriki kula
brengkolangi
SUMBA PRADAN : Ya wis ngene wae, aku duta pamungkase Bupati Pati, Tumenggung
Sumba Pradan, wong sak Pati mbok menawa padha ngerti yen Sumba Pradan iki Senopati
Agung Kadipaten Pati. kowe tak rangket, tak sowanke ngersa dalem Kanjeng
Adipati Mangun Oneng.
ANDHA
RANTE : Lho nek isa nggih mangga.
SUMBA
PRADAN : Lho piye kuwi.
SUMBA
WILIS : Sing ati-ati.
KEDUA
TUMENGGUNG UTUSAN ADIPATI PATI AKHIRNYA MEMAKSA ANDHA RANTE DENGAN CARA ADU
FISIK.
NAMUN
MEREKA KALAH. LALU MEREKA KABUR.
ANDHA RANTE : Wah-wah, ora pisan ora pindho, Desa Siti Hinggil kene kerep
ditekani priyayi saka Pati. angger teka, gelut perang ning ara-ara kene, nganti
sukete ora thukul, ara-ara iki nganti buthak, tak sawang saya wingit, saya
sangar, gandheng saben-saben teka ning kene kok padha ngajak perang,
kanggo pengiling-iling anak putu mbesuk,
panggonan sing kanggo perangan iki yen
ana rejo-rejaning jaman karanga Desa Parenggang. Saka tembung peperangan, ya
kanggo pengeling-eling aja padha lali karanga Parenggang, sapa ae teka ing Siti
Hinggil apa meneh mung utusane, Kanjenga Adipati Pati, Andha Rante ora bakal
wedi.