Buku Tamu

Wednesday, March 28, 2012

Macapat


Gambuh Sekar Domas.

Sekar domas puniku,
Esthine kinarya hamemayu,
Kabudayan gung jawi dimen lestari,
Anyawiji kang satuhu,
Rineksa dening Hyang Manon.

Domas janma linangkung,
Olah rasa dwija siswa sagung,
Memetri warisaning leluhur nguni,
Adiluhung pindha kluwung,
Sinawang kanthi kedhaton.
(Puthut Damarjati, 17 Februari 2010)