Buku Tamu

Wednesday, March 28, 2012

Pepadhang

Kacariyos sok sintena kemawon, abdi utawi senopati ingkang “pengawak ayang-ayang” punika: mapan ing ngayun boten ngreridu dados pepalang, malah kepara nyenyuluhi sung pepadhang. Dumunung ing kanan kering tan ngregoni malah kepara anganthi bakuh kebak ing pangati-ati. Kaprenah ing wuri boten nyrimpeti, malah kepara mulat nyengkuyung anjampangi. Tansah asih anyandhing, awit sedaya punika saking sadremanipun tumitah kadi dene “ayang-ayang”. (Puthut Damarjati, 22 Februari 2010)