Buku Tamu

Tuesday, June 29, 2010

Geguritan

Ahmad Nugraha:

Sukasarana

Ariraga Sukarasana, adhiku

Tumekane titi mangsa

Sliramu lan aku kudu perpisahan

Ora ana kang perlu digetuni

Panuwunku marang lelabuhanmu, adhiku

Tumandang graying sarwa-sarwi mikolehi

Bisa ngrangkul gunung-gunung ros rasa

Nyilem samodra guwa sigaraning nyawa

Ing jembare bumi langit

Ariraga Sukarasana, adhiku

Bebarengan anggamu nate dakpecaki galengan

Banjur sepur grenjenng nggereng nggeret umur

Padesan lan Negara dadi papan ngumbara

Saiki, adhiku

Kampus, hotel lan seminar dadi padinan

Wadana sumunar gegayuhan makantar

Jejermu wadhag, adhiku

Wujud minangka wadhah anempuh

Impen padhang peteng pait geter lumintir

Ing ngelu mules sliramu dheku-dheku

Ing endhum panas sliramu marikelu

Kuwasaning Gusti tansah ngumandhang ing ati

Kabeh iki mung paringan gadhuhan

Samangsane pinundhut los lulus

Kari gilanng-gilang kuwandhamu

Esem pungkasan dadi sanguku

Sliramu lerem, adhiku

Aku isih kudu terus lumaku

Saka sihing widhi

Mbesuk sliramu tangi

Bebarengan nyuwun paringan pengadilan

:rakasuksma Suwanda

Kalasan, April 1995

(Pesta Emas, hal 55)

No comments:

Post a Comment