Buku Tamu

Wednesday, June 30, 2010

Pranatacara Dhaup temanten

Pranata Cara Dhaup Temanten

Untuk anggota BASA JAWA
Restu Metriardi 30 Januari jam 13:55 Balas
Sampun dumugi wahyaning mangsa kala dhumawahing kodrat, sri atmaja temanten hanetepi upacara adhat widhi widana ingkang sampun sinengker wonten tlatah dusun Sukun Kepanjen Kabupaten Malang.
Nun inggih upacara panggih, adhat mengku werdhi tata cara, widhi werdhinipun Gusti. Winengku werdhi luhur tata cara peparingipun Gusti ingkang linangkung, punapa ta werdhinipun panggih inggih punika pangudi gambuhing panggalih. Mila mboten mokal wonten titahing Gusti ingkang asipat Jalu lawan wanita ingkang sumedya hanetepi jejering agesang.

ING NGARSA REGOL
Wondene temanten putri sampun jengkar saking tepas wangi pinurwaka kembar mayang sakembaran, dasar putrinipun Bapak ..........................
Ingkang dinama-dama , putri sulistya ing warni tinambahan ngagem busana putri praja nambahi sulistyaning warna, saengga ing dalem pasamuan kadya katingal surem katanding endah gumebyaring temanten putri.

HAMBALANG GANTAL
Saya caket tindakira putra temanten kekalih, gya samya apagut tingal, tempuking catur netra handayani pangaribawa ingkang hambabar manunggaling nala kang tumanem ing sanubari.
Sekar mayang temanten kakung dalah temanten putri sampun niliroaken.
nulya kumlawe astane tenganten putri sarwi hambalang gantal mring temanten kakung ingkang winastan gondhang kasih, temanten kakung gumanti hambalang gondhang tutur, ingkang makaten punapa ta wujud miwah werdhinipun gantal? Gantal dumadi saking suruh ingkang lininting tinangsulan lawe wenang, pinilih suruh ingkang tinemu rose ingkang mengku werdi

Suruh : lamun dinulu beda lumah lawan karebe yen ginigit tunggal rasane. Mugya temanten kekalih tansah rumaket manunggal cipta, rasa miwah karsa. Tinangsulan lawe wenang werdhinipun tinangsulan lan akrami, kaiket ing prasedya luhur, mugi anggenya mangun bebrayan mboten nalisir saking hangger paugeraning kautaman.

TUMINDHAK MIDHAK KUNTOLO
Ni mas temanten putri sampun lenggah sowan ing ngarsa temanten kakung dalah anglepas tepak alas sukunipun temanten kakung. Lumantar astanipun temanten putri, temanten kakung amidak kuntolo kanti remuk gumebyar miwah alas siti.
Ingkang punika paring sasmita bilih temanten kakung sampun gilig ing manah, badhe lujar saking gesang ambujang, ngrasuk hamengku gesang bebyaran.

GANDHENG ASTA
Temanten kakung pareng candhak bahunipun temanten putri kaajak jumeneng sesarengan .
Sasampunipun tinemu catur netra temanten kekalih, ing madya para rawuh dipun pandhegani dening pini sepuh juru paes, astanipun temanten kekalih kagandheng ajawat asta, kanthi pinaringan dunga mugi-mugi tansah tinebiha bala rubeda nir ing sambikala.

TUMUJU DAMPAR KENCANA
Tindakira sri atmaja temanten kekalih gya siningeban sindur dening ingkang rama kakung kinasih,
Wodene rama kakung temanten putri jumeneng ing ngarsa temanten kakalih kagandheng dipun singepi sendhur, wonten sawingkingipun kepareng biyung kinasih dalah astanipun tumangkep wonten pundak temanten kekalih. Lumampah tumuju dampar kencana.

SUNGKEMAN
Adicara ingkang candak inggih punika adicara sungkeman ingkang ateges paring sasmita ngaweruhi wujud bektinipun temanten dumateng tiyang sepah kekalih.Sarana sungkem ing saandhap tapak suku rama kakung dalah biyung putri.
Pinanganten :
Rama kakung dalah Ibu biyung kinasih, luhuring budi ingkang hangukir jiwa raga ingkang agung pangurbanan paring pitedah luhur rina wengi tansah ngangesti mrih rahayuning putra lulus kang ginayuh sadaya ribet rubeda linambaran kanthi sabaring panggalih tuhu pantes sinambah .
Bapa biyung :
Duh angger putraku kinasih sun tampa panyungkemira mugya antuk berkahing Hyang Widhi angonira jejodhoan. Piwelingku aja nganti lali anggon ira hambangun bak wisma runtut atut sakarone-adohno tukar padu –tansah eling sabaring ati – kuwat nampa panandhang – tan gampang amutung dadiya tepa tuladha – uripira migunani mring sesami – hayu-hayu pinanggiha

KACAR-KUCUR
Kalampahan adicara ingkang candak inggih punika adicara kacar-kucur.
Wondene Ing ngriki panjenenganipun Ibu biyung ingkang hamengku karsa paring unjukan tirta wening dumateng temanten kekalih. Ingkang punika paring sasmita mbok bilih sedaya tindak tanduk ingkang badhe kalampahan supadasa linambarana kanthi weninge penggalihing temanten kekalih.

DHAHAR SEKUL KUNING
Kacandhakaken adicara dhahar sekul kuning : Bapa biyung paring dedhaharan sarana sarining bumi kang arupi sekul kuning kang aran sekul panjang ilang, paring sasmita mugya temanten anggenya hanglampahi gesang wonten ing alam bebrayan , temanten kakung anggadhahi kewajiban hanyekapi sedaya kabetahanipun gesang sampun ngantos kirang tedhan tumuju dumateng angen-angenipun kaharjan.
Kanthi Pangajapipun Rama dalah biyung biyung : Mugi gampila gebyaring husada , anggenya ngupadi, sanguning gesang, ambyaring kuntala ingkang tumiba wonten pelatan, panggiha bagya mulya sembada kang jinangka basuki kang kaesti. Amin !

RAWUHING BESAN
Samekta rawuhipun kadang besan sarimbit saking tlatah ................. bapak ............. sarimbit ngaturaken sugeng rawuh mugi sageta andadosaken raketing paseduluran.
Sasampunipun katampi rawuhipun Bapak .......... sarimbit hangaturaken salam taklim kanti hamasrahaken rawuhipun kaki dalah nini pinanganten kekalih ingkang badhe marak seba nyuwita dumateng ngarsa Bapa biyung knasih, inggih punika Bapak ....... dalah .......... biyung .............. kinasih.

ATUR PASRAH TEMANTEN

Nuwun para rawuh ingkang tuhu kinurmatan, langkung rumiyin keparenga kula nuwun agunging pangaksami, hambok bilih kula kagalih sangeting degsura saha cumantaka, dene kumawantun sumela atur tuwin nyandet keparenging para rawuh ingkang taksih gayeng among sabda wonten ing pepanggihan punika.
Ingkang makaten kala wau, sarehning kula ingkang kadhapuk dados pranata adicara kajibah matitisaken titi laksana ning adicara punika.

Minangka purwaning atur keparenga kula ngaturaken sungkeming pangabekti ing sa-andhap pepadha kunjuk dalem Gusti ingkang Maha Agung, ingkang tansah paring kanugrahan dumateng kita sedaya saha paring idi palilah ugi pengayoman dumateng ingkang hamengku karsa, nun inggih Bapak ...………………. sarimbit.
Ingkang wedal puniko saget ngawontenaken pepanggihan ing dinten menika kanti rahayu widodo mboten kirang satunggaling punapa.

Kajawi saking punika, katur asmanipun ingkang hamengku karsa keparenga kula ngaturaken pambage sugeng rawuh saha ngaturaken sanget panuwun ingkang tanpa pepindan wondene panjenengan sedaya sampun kersa minangkani atur ingkang sampun kapacak wonten ing serat atur undangan, ingkang sampun kunjuk dumateng panjenengan sedaya. Inggih punika bilih ing samangke panjenenganipun Bapak ....…….. sarimbit kagungan kersa badhe andhaupaken putri kinasihipun ingkang paring asma ......………… kapundhut garwa dening anakmas ...... ....... putra kakung ingkang minulya bapak ......... saking tlatah ...........

Para rawuh saha para lenggah ingkang kinurmatan.
Kepareng matur bilih samangke sarawuhipun pinanganten kakung, para lenggah katuran jumeneng minangka paring pakurmatan saha paring berkah pangawasta dumateng pepanggihan pinanganten kekalih.
Sinambi ngrantos dhawah wanci rawuhipun pinanganten kakung, keparenga ken para rawuh anglajengaken anggenipun kepareng among sabda saprayoginipun sinambi angresepi dhedaharan ingkang sampun cumawis ing ngarso panjenengan sedaya. Nuwun !

Sampun dumugi mangsa kala mbok bilih pinanganten kakung sampun tindak saking dalem palereman, kadherekaken para kadang sentana puri kakung. Gebyar-gebyar cahyaning dasar gagah pidhegsa kathik karengga busananing putra praja gung binantara kang sarwa mobyor-mobyor adamel cingaking para pandulu ing samarga-marga, jer sampun dados giliging tekating pribadi badhe hamengku garwa ingkang dados gemblenging raos katresnan mila katingal jumangkah mantep tan kemba ing panggalih nambahi gagah prakasa.

sumber http://poenkpoerwa.blogspot.com/2008/12/pranata-cara-dhaup-temanten-sampun.html

No comments:

Post a Comment