Buku Tamu

Wednesday, January 12, 2011

Restu Metriardi 02 Juli 2010 jam 17:29
Swuh rep data pitana, henenggih pundi ta nagari ingkang adi dasa purwa, eka marang sawiji, adi linuwih dasa sepuluh, purwa wiwitan. Hanenggih punika nagari hadiningrat, mila kinarya bebukaning panyandra satunggaling nagari ingkang rinengga-rengga sagunging kaendahan rerupen ingkang maneka-warna, satemah handadosaken adi miwah asri peni hing pandulu. Ingkang sadaya kala wau sayekti mratandhani bilih, sakalangkung ageng raos bombong bingahipun ingkang hangrenggani wisma hamangku karya, hinggih panjenenganipun Bp………………… hingkang kepareng hamiwaha ingkang putra temanten sekaliyan, ingkang wekdal samangke sampun kepareng jengkar saking palenggahan tumuju mring sasana busana arsa gantos pengageman, punapa ta menggah pengageman ingkang den agem putra temanten sekaliyan, temanten sekaliyan mangagem busana kaunggulaning busana ingkang endah ing warni pating galebyar, pating karelap sunare hangebaki salebeting wisma pawiwahan mubyar sumunar kadya sesotya tinaretes kang kinarya rerengganlng busana. Satemah hanambahi kawibawane putra panganten sekaliyan ingkang katingal pekik myang sulistya ing warni wadanane sumunar. Lamun cinandra sirna sipating janma pindha sang Ywang Bathara Kamajaya miwah Bathari Ratih mangejawantah.

Tindaking sri panganten sekaliyan den arak patah sakem¬baran ingkang sarwa sami, dedeg piadege, hangagem busana ingkang sarwi kembar, dhasar taksih timur. Inggih punika anak ayu rara ………….. dalah anak ayu rara ……………. ingkang hanggambaraken raos sih katresnan sri panganten kekalih ingkang datan saged pinisahaken sakedhap kemawon.
Hanenggih sinten ta ingkang pinitados minangka suba manggalaning lampah, Wenang den ucapna hasesilih panjene¬ nganipun Bp …………… ingkang hanggadhahi daya kawibawan agung ingkang satemah saged anyirep saliring tumindak.
Lamun cinandra kadya Sang Hyang Bathara mangejawantah, mangarsani tindakipun sri temanten sekaliyan ingkang asesanti ‘hing ngarsa sung tuladha’ . Yekti manawi suba manggalaning lampah satunggaling priyantun ingkang lebda ing pradangga, katitik satindak-satindak tansah mawi let wilahaning wirama gendhing. Tindakipun sri temanten sekaliyan ing sawingkingipun kadherekaken satriya sakembaran. Sigit lan santosa dedeg piadegipun. Lah sinten ta ingkang dados satriya sakembaran punika, wenang den ucapna sesilih nak mas ……………. miwah nak mas……………… ingkang samangke taksih ngudi kawruh wonten pawiyatan …………. mila para manggala suba gagah prakosa sampun pantes manawi saged njagi ruwet-rentenging penggalih saha rubedane penganten sarimbit.Sinambutan ginarubyug sagunging putri dhomas cacah kawan atus. Ingkang sayekti sulistya ing warni dhasar taksih mudha hangagem busana ingkang sarwi edi peni. Dhasar wasis hangadi sarira dhemes luwes merak ati, yen sinawang saya dangu, saya hangranuhi trengginas tindake sajak tregal-tregel nyemelangi nanging mboten nguwatosi. Sanggyaning para putri dhomas ingkang pindha widodari cakra kembang tumurun kanthi suka pah sukaning manah andherekaken tindakipun sri temanten sekaliyan kanthi asesanti Ing Madya Mangun Karsa Tut Wuri Handayani.

Ing sapungkuring putri dhomas jumeneng rama ibu ingkang tansah tut wuri handayani kinarya panutuping lampah, mila raos ayem tentrem hanglimputi ing salebeting wardaya putra temanten sekaliyan. Ing salebeting batos amung tansah maminta nugrahaning Pangeran ingkang Maha Agung mugi-mugi putra panganten sekaliyan tansah pinayungan ing panguwaosipun tansah manggih kayuwanan, kasembadan punapa ingkang dados gegayuhanipun ingkang utami tumuju murih tentreming bebrayan agung. Mongkog raosing panggalihipun rama ibu, dupi haningali sri temanten sekaliyan gegandhengan asta, katingal atut runtut reruntungan ingkang anggambaraken manunggaling raos katresnan lahir tumusing batos. nDungkap prapta ing sasana busana putra temanten sekaliyan, mila para kadang kridha dharma ing pepungkuran samya alok sorak rame asung pakurmatan, asung marga kinen angurmati sri penganten sekaliyan nggenya arsa manjing ing panti pambusanan.

Panyandrra Kirab Kasatriyan

Paripurna ing gati anggenipun sri temanten gantos pengageman mila lajeng kepareng badhe wangsul ing ngarsanipun sagunging prayagung tamu sadaya. Katon cumlorot saking katebihan sampun kawistara sunaring pasuryanipun putra penganten sekaliyan ingkang kairit suba manggalaning lampah, katingal tlemek-tlemek lampahira anganut wiramaning gendhing. Dhasar wibawa dhemes tuwes angadi sarira rereh ririh ruruh ingkang respati sayekti hadamel luluhing sagunging pamirsa.

Sayekti pantes yenta pinitados mangka manggalaning lam¬pah, sakedhap-sakedhap noleh mawingking katingal sri temanten sekaliyan ingkang sampun ngrasuk busana kapangeranan sayekti hanambahi pekik myang sulistya ing warni miwah kawibawanipun mancorong wadanane sumunar bingah pindha narendra mudha jumenengan engga lamun cinandra yayah risang bagus Dananjaya ingkang hanganthi risang garwa Kusumaning Dyah Ayu Dewi Wara Subadra arsa tindak lelana lelangen suka mring madyaning patamanan ingkang endah asri edi peni. Ginarubyug sanggyaning para putri dhomas yen cinandra kadi widadari sakethi kurang sawiji, ingkang maksih tetep setya manembrama tindaking sri penganten sekaliyan.

Sanadyan ta maksih radi sawetawis anggenipun nyrantos risang penganten sekaliyan nanging maksih ketingal bingar pangageman ingkang den agem katon edi endah karana pinilihaken busana babaran enggal, mila wonten ingkang sami anguda raos kados pundi raosipun manembrama tindaking sri penganten ingkang nedheng kinirabaken.
Dhasar busananipun sarwi endah ingkang angagem sami endah ing warna sami asarira kuning nemu giring pakulitane mawa cahya yen cinandra kadya kancana sinangling. Katingal suka pari suka ing wardaya andherekaken tindaking sri penganten sarimbit: Sakalangkung katingal suka penggaiihipun inggih punika rama dalah ibu ingkang tansah hangetut wuri handayani, dupi nguningani ing salebeting wisma pawiwahan taksih kebak sagung para tanmu ingkang mratandhani bilih maksih anggung inuberan palimarma tumanduk dhumateng sri penganten sarimbit mugi-mugi nggenya badhe nggelar layar wonten samodraning bebrayan tan¬sah manggih suka rahayu kang sarwi tinemu.
Sampun prapti unggyan kang tinuju lampahira risang raja sadina ratu sadalu, daya-daya suba manggalaning lampah asung sasmita marang kang nembe kawiwaha lenggah ing sasana kursi rinengga ingkang sampun sumadya, marma cinendhak ponang panyandra

No comments:

Post a Comment