Buku Tamu

Tuesday, January 3, 2012

Cerita Rakyat

CHENG HO

Tekane wong-wong Tionghoa saka cina atusan taun kepungkur dipercaya amarga anane perang sing ana ing negara Cina ora rampung-rampung. Akeh warga Cina ninggalake negarane kanggo nggolek urip sing tenang, salah sijine menyang Indonesia, yaiku ing tanah Jawa. Trus kapan wong-wong Cina teka menyang Semarang kuwi ora ana sing ngerti kanthi genah kapan taune. Nanging miturut critane wong akeh, warga Cina sing manggon ing Semarang kuwi bagian saka rombongan kapal gedhe sing mandeg ing Banten, trus padha nyebar dhewe-dhewe.

Crita sejarah Semarang ora lengkap nak ora crita bab musafir Tionghoa kang nganut agama islam sing nduweni asma Sam Po Tao Lang utawa Sam Po Tay Djien, dheweke kuwi laksmana Tiongkok kanthi asama Cheng Ho.

Cheng Ho kuwi utusan saka negara Cina, dheweke entuk parentah muhibah saka raja Cina kanggo nganakake hubungan silaturahmi karo negara-negara liya, salah sijine Indonesia, tuladhane tanah Jawa. Tuladhane hubunganne kuwi dagang lan budhaya. Cheng Ho wis kaping pitu kliling donya, ngulon, ngetan, ngidul,lan ngalor.

Taun 1416 M, Cheng Ho sing duwe jeneng asli Sam Po Tao Lang utawa Sam Po Tay Djien mundi dawuh saka kaisar Cina ing negara-negara sebrang, nanging cilakane kapale keseret ombak tekan kisik Simongan. Amarga kapale rusak, Cheng Ho trus manngon ing Simongan karo ndandani kapale. Nyambi ndandani kapal, dheweke manfaatake wektu kanggo dodolan lan nyebarake agama islam, dheweke uga promosi budhaya negarane. Ing Semarang dheweke disebut warga Tionghoa kang luwih dhisik teka ing Semarang kanthi bungah banget.

Sebenere maksud Cheng Ho nglaksanakake muhibah kuwi bisa didelok saka sejarah Dinasti Ming utawa Ming Shih, sing tegas nyatakake yen karepe ora liya arep nyekel Chu Yun-wen alias Hwa-ti lan arep pamer yen kerajaan Tiongkok kuwi kuat lan sugih.

Chu Yun-wen alias Hwa-ti yaiku mantan kaisar Tiongkok kang kasil dilengserake Chu Ti, trus mbrontak pemrintahane Chu Ti antarane taun 1399 nganthi taun 1402, Chu Yun-wen alias Hwa-ti bisa kabur.

Sakwise Cheng Ho kliling ing daerah Eropa, dheweke nerusake perjalanane ing daerah wetan, salah sijine ing Jawa. Ing Jwa tujuan utamane yaiku daerah-daerah sing kira-kira dadi nggon mlayune Chu Yun-wen alias Hwa-ti, kayata Batavia (Jakarta), Cirebon, Banten, lan daerah-daerah pesisir liyane, salah sijine Semarang.

Ringkese crita.

Nalika Sam Po Tao Lang lan wadyabalane lagi nyusuri segara lor Jawa, Ong King-Hong utawa Wang Jing Hong, kang dadi pimpinan nomer loro ujuk-ujuk lara parah banget, kanthi lelakon kaya kuwi Sam Po Tao Lang ngakon anak buahe mbuak sauh (jangkar) ing sijine teluk, saiki teluk kuwi dadi pelabuhan Semarang, trus nutukake lakune maneh nyusuri kaligarang.

Sam Po Tau Lang lan para wadyabalane nemu gua cilik ing bukit sing ora adoh saka pantai, gua kuwi didadekake omah sementara Sam Po Tao Lang. Para wadyabalane uga nggawe omah cilik saperlu kanggo nambani Ong King-Hong kang lagi lara. Sam Po Tao Lang uga nggawe obat, kanthi obat sing digawe Sam Po Tao Lang, Ong King-Hong mulai pulih sithik baka sithik.

Sakwise sekitar sepuluh dina lawase manggon ing kana, Sam Po Tao Lang nutukake perjalanane maneh. Ong King-Hong ditinggal, nanging isih dikancani karo sepuluh abdine Sam Po Tao Lang, sakliyane kuwi Ong King-Hong uga ditinggali kapal siji, cadangan panganan kang akeh banget, lan obat-obatan racikane Sam Po Tao Lang.

Amarga suwene wektu kanggo mulihake kesehatane Ong King-Hong, dheweke mimpin para abdine ngresiki panggonan kang dienggoni kuwi, trus mulai nandur pari, nggawe omah lan liya-liyane. Nanging, nalika Ong King-Hong wis waras tenan, dheweke ora balik ing negarane meneh, malah sewalike yaiku terus manggon ing kana lan nggunakake kapale kanggo dagang ing pesisir lor tanah Jawa.

Para abdine uga padha kawin karo wong wadon asli Jawa (pribumi). Akhire Ong King-Hong lan para abdine mbaur dadi siji karo masyarakat kana.

Kaya dene Sam Po Tao Lang, Ong King-Hong uga ngrasuk agama islam lan akeh nggunakakae wektune kanggo ngajari wong pribumi lan wong Tinghoa kang dadi abdine, bab tata susila, kerhanian lan bab agama islam. Sakliyane kuwi, dheweke uga ngajari para abdine kanggo ngormati prestasi-prestasine Sam Po Tao Lang, kanthi muliakake sifat-sifate. Dhewekw nduweni patung Sam Po Tau Lang kang nduweni ukuran cilik diselehake ing njero guwa. Pas wayah-wayah sing khusus dheweke ngajak para abdine kanggo nganakake acara pemujaan kanggo Sam Po Tao Lang.

Nalika umure Ong King-Hong wis tekan 87 taun dheweke seda, jenazahe dikubur nganggo cara islam. Trus dheweke entuk julukan Dampoawang.

Sakwise kuwi Sam Po Tao Lang entuk julukan Sam Po Tay Djien sing duweni arti Sam Po sing agung lan saben tanggal siji lan limalas saben wulan petungan alamanak Tionghoa, warga Tionghoa ing Semarang nglakoni pemujaan ing patunge Cheng Ho.

No comments:

Post a Comment