Buku Tamu

Tuesday, January 3, 2012

Cerita Rakyat

Asal-usul Gapura lan masjid wali ing desa Loram Kulon kec. Jati kabupaten kudus

Miturut crita kang ana ing masyarakat kana, Gapura lan masjid wali kang ana ing desa Loram Kulon, yaiku critane saka Ratu Kalinyamat lan Sultan Hadirin. Miturut critane Putri Trenggono kang nduweni asma Ratu Kalinyamat kang manggon ana ing Jepara lan wis nguwasani daerah-daerah Pati, Rembang, lan Blora. Ratu kalinyamat kuwi putri Sultan kang ayune ngedap-ngedapi lan awake kang apik. Mulane akeh wong lanang kang pada naksir lan pada ngrebutke dheweke. Wektu nggolek jodho, Ratu Kalinyamat nurut banget marang wong tuane. Sak durunge Bapake seda, Bapake nate pesen jodone kuwi Pangeran kang nduweni watak satriya saka luar pulau Jawa. Mula kuwi Ratu Kalinyamat nganaake sayembara. Para Pangeran saka Jawa lan luar jawa akeh banget kang melu sayembarane Ratu Kalinyamat. Nanging ora ana sing kasil, amarga niate mung pengen dadi bojone Ratu Kalinyamat kang ayune ngedap-ngedapi kuwi.

Ing liya dina ana nom-noman kang prasaja, nom-noman kuwi pengen ngabdi karo Ratu Kalinyamat. Ratu Kalinyamat ngolehi nom-noman kuwi ngabdi karo Dheweke. Bocah kuwi di dadeake tukang ngurus taman kerajaane.wis suwe Ratu Kalinyamat namatke bocah kuwi. Suwe-suwe Dheweke penasaran karo bocah kuwi. Sawise ngabdi suwe, bocah kuwi diangkat dadi Patih, ing liya dina bocah mau di tes karo Ratu Kalinyamat, di jak ning kamare Ratu Kalinyamat dirayu, nanging bocah mau ora gelem nanging malah mlayu. Trus digudak dikon nyekel lan dikon mateni. Sak durunge dipateni bocah mau dikon ngaku sapa sejatine dheweke. Bocah mau crita nak dheweke kuwi putrane Sultan Mukhayat Syah saka Aceh kanthi asma Raden Toyib. Raden Toyib crita yen to jabatan bapake kang diwenehke dheweke direbut kang mase. Nak kana ana perang sedulur, sing adine Raden Toyib ngalah lan minggat. Mula kuwi Raden Toyib lunga ngulandara nganti tekan negri Cempa. Ning kana Dheweke dirumat karo Sultan kang nduweni asma Tji Wie Gwan lan diakoni dadi anak angkate. Trus nak kana dheweke ganti asma dadi Sultan Hadirin. Nalika wis suwe ing negri Cempa dheweke kangen karo negrine dhewe. Sultan Hadirin njaluk ijin marang bapake, akhire diijini. Nak perjalanan ora disengaja malah tekan Jepara, kabeh sandangane diwenehke wong Jepara dheweke malah nganggo klambi sing biasa. Nalika krungu critane Sultan Hadirin, Ratu Kalinyamat langsung kesengsem lan nikah dadi bojone Sultan Hadirin. Ing acara nikahane Bapake Sultan Hadirin diundang supaya acarane rame. Sawise nikah Sultan Hadirin dadi Sultan ing Jepara. Sulatan Hadirin diwenehi hadiah saka Bapake awujud masjid ing Mantingan. Ing kana sultan Hadirin lan Ratu Kalinyamat ora nduwe keturunan, trus Sultan Hadirin diijini nikah maneh supayta bisa nduwe anak. Sultan Hadirin akhire nikah karo anake Sunan Kudus kanthi asma Raden Ayu Prodo Binabar, nangin pancen nasibe Sultan Hadirin. Dheweke uga ora bisa nduwe anak maneh. Akhire Dheweke ngepek anake Dewi Wuryan Ratnawati, Putri Sultan Banten.

Sunan Kudus ngerti masjid kang ana ing Mantingan, Jepara gawe Sunan Kudus kesengsem. Tji Wie Gwan diaturi nyebarke agama Islam ing daerah Kudus wektu kuwi warga Kudus isih akeh kang melu Agama Hindu-Budha. Tji Wie Gwan nyebarke Agama Islam nak daerah Loram Kulon. Ing kana Dheweke nggawe gapura lan masjid. Gapura kang digawe Tji Wie Gwan kaya candi panggon ibadah wong Hindu-Budha, mula kuwi akeh warga kang pada penasaran lan pengen weruh wujude gapura mau. Amarga saking penasarane, para warga njaluk ijin karo Tji Wie Gwan pengen mlebu lan pengen weruh nak njero kana kuwi isine apa wae. Amarga nak gapura mau diwenehi pager. Sawise para warga mau mlebu, akhire dikenalke masjid kuwi apa, lan masjid kanggone nggo ngapa. Tji Wie Gwan uga ngajarke budhaya kanggo warga sekitare bab ajaran Agama Islam, suwe-suwe akeh warga kang seneng karo ajara Islam. Mua kuwi akeh Warga kana sing ngrasuk Agama Islam. Amarga kepinterane ngajak wong-wong Loram Kulon mau Tji Wie Gwan diwenehi gelar asma Sunggin Bada kang nduweni arti ahli ngukir. Amarga ukiran karyane Tji Wie Gwan apike ora umum.

Sak liyane ngajarke bab-bab agama, Tji Wie Gwan uga ngajarke tradisi marang sing saben nganaake acara nikahan, sunat utawa hajat liyane supaya menehi sodaqoh awujud sega kepel kang jumlahe pitu. Kang nduweni arti pitu kuwi pituduh utawa pitulung. Critane biyen nalika Tji Wie Gwan nggawe gapura ana wong tuwa, trus dhewek takon nak Dheweke kuwi pengen sodaqoh nanging ora ngerti carane. Wong tuwa mau njawab pitakone, ”yen pengen sodaqoh, kuwe kudu nggawe sega kepel akehe pitu”, kuwi mau dilakoni bojone wong tuwa mau. Ana uga tradisi yen wong nikah yaiku ngubengi gapura. Sing biasa kasebut kirab nganten. Miturut crita mbiyen, masjid kuwi ya kanggo kaya KUA kaya saiki utawa kenaiban supaya isa di delok wang akeh.

No comments:

Post a Comment