Buku Tamu

Tuesday, May 20, 2014

Narto Sabdo

https://jv.wikipedia.org/wiki/Narto_Sabdo

Ki Narto Sabdho
Ki Narto Sabdo yaiku salah sawijiné maestro Kesenian tradisional Jawa kang ana ing Indonésia.[1] Asma kondhang Ki Narto Sabdo wus cinathet minangka “empu” kesenian tradisional Jawa.[1] Panjenengané kondhang minangka seniman karawitan lan dhalang wayang kulit kang mumpuni.[1]

Sejatiné Ki Narto Sabdo

Ki Narto Sabdo (lair ing Klathèn25 Agustus 1925 – tilar donya ing Semarang7 Oktober 1985 kanthi umur60 taun) ing yuswa 60 taun,Ki Narto Sabdo menika seniman musik lan dalang wayang kulit legendaris saking Jawa TengahIndonesia.Ki Narto Sabdo lair ing Dusun Krangkungan, Désa Pandes, Kecamatan Wedhi, Kabupatèn KlathènJawa Tengah.[2] Asma aslinipun Ki Narto Sabdo yaiku Sunarto, Putra kakungé Bapak Parta Tanaya (mranggi/ tukang gawé rangka duwung).[1] Soenarto lan seduluré kang cacah 8 urip ing kluwarga kang sarwa pas-pasan.[1] Mula saka iku, riwayat sekolahé mung tutug SD (standart school) Muhamadiyah kang ora beda karo sedulur liyané.[1] Nyawang kahanan kang sarwa kurang iki panjenengané wus kulina urip prihatin lan duwé tekad bakal ngènthèngaké panandhang ing kluwargané kanthi cara dodol layah/cowèk kang digambari topèng.[1] Soenarto wiwit cilik wis nuduhaké bakat seni, mula panjenengané wani ngulandara (mengembara=indonesia) kanthi tekad kang gumolong.[1] Wiwit umur 15 taun panjenengané wus asring mèlu pakumpulan wayang wong.[1] Wus ora kaétung pira cacahé pakumpulan wayang wong kang wus “ditèmplèki” nganti panjenengané srawung karo Ki Sastro Sabdo.[1] Ki Satro Sabdo mono pimpinan Wayang Orang (WO) Ngesti Pandawa Semarang, Soenarto wiwit bisa nemokaké papan kang srek kanggo nggayuh pengangené dadi seniman kondhang.[1] Ki Narto Sabdo dadi dalang, ing pertengahan 60-an, lan nyoba nerobos donya padhalangan pakeliran biasa nganggo pakeliran kang uwis dimodhifikasi.[1] Karya-karya seni saking Ki Narto Sabdo wus kawentar ing Nuswantara mliginipun ing wewengkon tanah Jawa Tengah.[2]

Kréasi Sajroné Nyipta Gendhing

Nalika ambyur nyawiji ing WO Ngèsti Pandhawa, Soenarto wus pinitaya nggarap gendhing-gendhing kanggo péntas.[3] Wiwit saka iku panjenengané gawé reriptan-reriptan anyar ing bab olah kridhaning gendhing.[3] Saka yasan gendhing anyar iki, WO Ngèsti Pandhawa bisa milut sakèhing kang padha nonton pergelaran WO iki.[3] Salah sawiji karya Ki Narto Sabdo kang kondhang yaiku lelagon Swara suling.[3] Lelagon iki kacipta nalika tresnané Soenarto keplok sisih asta marang sawijining putri kang ditresnani.[3] Sajroning ngrenungaké rasa kuciwa lan prihatin, lamat-lamat keprungu swara suling kang ngunèkaké lagu jepang kang sinebut lagu Miyoto.[3] Saka kahanan iki, Soenarto ngripta lelagon Swara Suling.[3] Lelagon-lelagon seratan Ki Narto Sabdo cepet kondhang amarga kapopulèraké lumantar pentas WO Ngesti Pandawa.[3] Saka atusan karya gendhing Ki Narto Sabdo, manéka warna panyaruwé saka para musisi tradional Jawa.[3]Para musisi tradisi duwé panganggep menawa karya Narto Sabdo wus mbadal saka pakem karawitan tradisi kang duwé aturan kang gumathok.[3] Ki Narto Sabdo uga nglenggana menawa akeh panyendhu ing bab karya-karyané, nanging yèn kabèh gelem ngrasakaké lakuné gendhing Nartosabdan bisa katitik yèn gendhing-gendhing mau ora mbadal saka pakem nanging kembangan garap gendhingé waé kang béda.[3] Awit saka iku, Ki Narto Sabdo dadi ikon kréasi gendhing ing jagad karawitan lan mopulèraké menawa kesenian tradhisi iku kudu “nut jaman kelakoné”.[3] Karya lelagon anggitané Ki Narto Sabdo kang kondhang kayata Swara SulingLesung JumengglungLumbung DesaPrau LayarKetawang Ibu PretiwiRujak Jeruk, lsp.[3]

Musisi Jawa Tradhisional

Saliyané pinangka pangripta lan pengrawit mumpuni, Ki Narto Sabdo uga minangka musisi tradhisi.[4] Wiwit isih timur, panjenengané wus kenal jenis musik keroncong.[4] Mula unsur musik kasebut dilebokaké ing karya-karyané, tuladhané nggunakaké intro lan garap irama telungprapat (¾) kang durung umum digunakaké ing donyaning karawitan.[4] Ana manèh titikan gendhing Nartosabdan yaiku ana suwara siji loro kaya musik barat, mula ora mokal yèn gendhing iku dipentasakè pengrawit sanjabaning kelompok Ki Narto Sabdo.[4] Gendhing langgam kang diadopsisaka keroncong dikembangaké lan diowahi garapé ndadèkaké rasa keroncongé luluh ing rasa karawitan.[4] Langgam-langgam anggitané Ki Narto Sabdo kang misuwur tuladhané Nyidam SariImpènkuKadhung TresnaKlinci UculMlathi RinoncéSetya Tuhu, lsp.[4]

Maestro ing Pakeliran

Taun 1958, Ki Narto Sabdo wiwit nglirik jagad pakeliran.[2] panjenengané péngin dadi dhalang kanthi sangu kawasisan ing bab olah gendhing lan sastra, panjenengané wiwit ngasah kawasisan ing pakeliran.[2] Kanthi daya kreatipitas kang pinunjul, Ki Narto sabdo nggabungaké pakeliran gaya SurakartaBanyumas, lan Yogyakarta wusanané dadi gagrag anyar ing jagad pedhalangan.[2] Kanthi kawasisané, ora mokal yèn gagrag pakeliran Nartosabdan dadi panutan dhalang-dhalang mudha.[2] Lakon andhalané yaiku SawitriSomba JuwingPendadaran Siswa SokalimaDasa GriwaMustakaweniIsmaya ManegesGatutkaca SunggingGatutkaca WisudaArjuna CinobaKresna Apus, lan Begawan Sendhang Garba, lsp.[2]

Penghargaan

Amarga wus kabukti akèh labuh labeté ing jagad kesenian Jawa, Ki Nartosabdo wus nampi anugrah[5]:
  1. Mandhala Budaya, saka YABSI Surakarta (tanggal 31 Desember 1971),
  2. Anugrah saka Pangkowilhan II ngenani Ketahanan Budaya/ Kesenian (tanggal 4 April 1974),
  3. Dharma Pewayangan, saka Pusat Pewayangan Indonesia Jakarta (22 Mei 1976),
  4. lsp.[5]
Sakèhing anugrah kang ora sinebut mratandhani sakèhing labuh labet kang ora bisa digunggung cacahé nganti puput yuswa duk rikala 7 Oktober 1985 (60 taun).[5]

No comments:

Post a Comment