Buku Tamu

Wednesday, February 23, 2011

Serat Yusuf

2. Nabi Yusuf Angladèni Bendarané, Kongsi Tutug Dikunjara

oleh Hardyanto Alb pada 01 Februari 2011 jam 11:24
KINANTHI
  1. Kacarita sang abagus/ Yusuf dèn-gonken ing panti/ iya wismaning bendara/ lulurah keparak Mesir/ Yusuf katoné prayoga/ rineksa Hyang Masuci.
  2. Sabarang bubuhanipun/ pagawéan mitayani/ salamet rineksèng ing Hyang/ Yusuf nuli ketiban sih/ iya esihing bendara/ piniji kinèn ngladèni
  3. pinasrahan ing sadarum/ uwong ing sajroning panti/ Yusuf kinarya lulurah/ sarta darbèké sakalir/ sinrahken priyangganira/ kabèh kinèn nguwasani.
  4. Kesawaban saka Yusuf/ Allah amberkahi panti/ wismaning bendaranira/ dalah sawah katon becik/ kabèh darbèking bendera/ wus datan dèn kaweruhi.
  5. Kabèh kinawasan Yusuf/ kajaba amung sawiji/ prakara kang dipundhahar./ Ri wusing antara lami/ kalakon ingkang mangkana/ kacarita Yusuf mangkin
  6. warnanira luwih bagus/ cahyanira anelahi/ dedegira apideksa./ Warna luwih wong sabumi./ Samana garwa bendara/ angudi ngajak lulut sih.
  7. Aluwih lenggana Yusuf/ nora karsa anuruti/ mangsuli: “Bendara kula/ sadaya tan nguningani/ kang wonten ing dalemira/ pinasrahaken mring mami
  8. sadaya wewenang ulun/ amung paduka kajawi/ paduka punika garwa/ kados pundi-kados pundi/ yèn ta kula nglampahana/ damel dosa ing Hyang Widi.”
  9. Mangkana bendara wadu/ arda panggubelirèki/ nging Yusuf tansah lenggana/ cedhak baé nora wani./ Anuju sawiji dina/ Yusuf arsa mlebu panti
  10. yun anggarap karyanipun/ jro wisma panuju sepi/ garwaning bendara sigra/ trengginas anyandhak klambi/ lawan mangkana lingira: “Turutana karsa mami.”
  11. Sakala Yusuf pakéwuh/ nanging rikat antuk galih/ ing sakala bangkit oncat/ sarana aninggal klambi/ annuli metu ing jaba/ nging klambi cinekel èstri.
  12. Nuli nguwuh batur-batur:/ “Gawé onar kaya iki/ lah kowé padha weruha/ lah iku uwong Ibrani/ diabdèkké bendaranta/ marang aku nyembranani
  13. ngenthu-enthu ngajak turu/ aku énggal jelih-jelih/ dhèwèké anuli lunga/ nganggo aninggal kulambi.”/ Kulambi samana nulya/ kinarya tandha sinandhing.
  14. Praptaning garwa gya wadul/ kadya tembung onar ngarsi./ Garwanya asru bramatya/ Yusuf gya cinekel wani/ linebokaké kunjara/ enggoning lalaran sami
  15. kang padha dosa ing ratu/ temah Yusuf anglakoni/ ana ing jero kunjara./ Déné Allah Mahasuci/ marang Yusuf iku ngreksa/ lawan manèh aparing sih.
  16. Saking sihing Suksmana Gung/ lurah pawrangkan dadya sih/ mring Yusuf kaliwat-liwat/ lalaran kinèn ngwasani.
  17. Lurah pakunjaran mau/ kongsi nora ameruhi/ marang panggawénira/ pasrah mring Yusuf sakalir/ sabab Yusuf wus katara/ yèn rineksèng Hyang Widi.
  18. Sabarang lalakonipun/ tan ana kang nguciwani/ katoné tansah prayoga/ luwih katon mitayani/ sakèhing lalakonira/ Allah pareng ngasmarani.

No comments:

Post a Comment