Buku Tamu

Sunday, December 11, 2011

CERKAK

Konang Manjing Bun-bunan

Dening : Sugiarta Sriwibawa


Trep-tep-tep-tep-tretep

Kumeretepe swara kamitetep kang sumlempit ana ngisor ambentetela gawe nglilire suksmadi, “wis jam pira, ta” batine. Mripate dilek-lekake arep nyawang mendhuwur pener gendheng kaca sing mung saepek-epek ambane. Pancen dudu gendheng kaca, mung pecahan kaca sing tinata ana ing payon supaya yen awan senthonge oleh sunar padhang saka langit.

“wis jam pira, ya?” unine suksmadi rada sora supaya keprungu dening embahe wadon sing turu ana senthong sisihe. Ing omahe sing mung kanggonan wong telu klebu embahe wadon lan adhine wadon, ora ana jam sing muni theng-theng. Biuyen pancen ana jam bandhul sing unine saben setengah jam, nanging jam sing angkane Romawi kuwi wis didol sawise embahe lanang suksmadi tinggal donya. Tan ana sing duwe pametu, prasasat saisine omah kayata bala pecah lan sapanunggalane kapeksa didol. Bapake suksmadi sing dadi guru taman siswa ing slawi wis ditangkep lan diukum dening walanda jalaran didakwa melu kaum ekstrimis sing ngrusak gerdu-gerdu listrik.

“Mbah, wis jam pira?” Suksamdi ngambali pitakone. Mak-krengket, embahe tangi saka ambene.

“Mau wis krungu kluruke jago kang kaping pindho; dadi kira-kira wis jam papat”, wangsulane embahe wadon karo nginger lan karo mbenakake kemule putune wadon sing turu ana sisihe.

Suksmadi tangi gregah, grayah-grayah, mbukak lawang senthonge, uga banjur ngangkat slarak lawang mburi sing tumuju marang jedhing. Simbah wadon banjur krungu putune lanang gebyar-gebyur adus sajak kesusu.

Sawise nganggo sandhangan, putu lanang iki nedya enggal-enggalbali menyang daleman, pangonane kanca-kancane TP, Tentara Pelajar, sing dadi makuwu ana kana. Manut karepe, dheweke arep metu saka omah seprapat jam sadurunge jam malam entek, dadi isih sepi durung ana wong siji-sijia sing weruh, saengga ora kadenangan dening telik Landa, sida bilai tenan. Ing saben kampung kutha sala sawise landa ngebroki, akeh wong kepelet iming-iming daid telik Landa. Meh saben wong ora bisa mangan, nanging yen dadi telik Landa banjur tampa dhuwit, mertega, keju, roti, corned, lan sarden.

Satemene Suksmadi arep bali menyang Daleman bengi kuwi, wis semayan karo kanca-kancane saregu sing arep dhedhemitan mlebu kutha, nedya ngganggu tangsi polisi Landa ing Tipes. Nanging nganti jam siji bengi kanca-kancane ora ana sing teka. Darmin thuntheng, toban regu, kanda arep nggawakake bedhile pisan kareben Landa gaweyan Belgi.

Suksamdi anggone ngenteni nganti angon terus, banjur keturon nganti jam papatesuk sawise ginugah dening kumretepe kamitetep. Bengi kuwi pancen ngantuke tan kena sinayutan, jalaran awane ora wani turu. Yen sawanci-wanci Landa nggelar gropyokan awan-awan, sapa singtinemu lagi turu mesthi kadakwa dadi gerilyawan : bengi ora turu jalaran ndhedhepi tangsi-tangsi Landa mbedhili.

Ing kampunge Suksmadi wong-wong lanang padha ketar-ketir yen digropyok tentara Landa, jalaran ing kampung kono ana sawenehe pawongan sing dadi telik mungsuh. Bengi-bengi dening kanca-kanca TP arep ditubruk kuwuk, nanging ndaramas kuwi wis ora wani turu ana ing omahe, turune ana kantor lan markas Landa ing Margayudan, malah dijaga nganggo panser sing ngrenggunuk ing ngarep markas. “Wis ya mbah, aku arep mangkat”, pamite putu lanang. Embahe wadonn gage nyedaki. “Di, kae ana sega wadhang, turahan mau bengi, panganen. Kowe rak arep mlaku adoh menyang daleman apa baki kana. Kae segane dak tutupi layah. Gereh bakaran mau bengi ya isih ana”.

Simbah karo putu wedok wae sing mangan mengko”, wangsulane Suksmadi cekak. “mengko ana daleman aku sakanca oleh kiriman saka wong-wong desa kana. Malah berase putih”.

“Oalah Di”, celathune embha wadon. “Kok olehmu mikir menyang wong tuwa kaya ngene dalah adhimu wae ngengehana”.

Suksmadi mbukak lawang ngarep, nyawang dalan sing sepi.

“Wis ya mbah”, pamite, tanpa nyawang embahe. Satemene putu lanang kuwi ora tegel ninggal embahe karo adhine sing isih cilik. Apa sing padha dipangan ana jero kutha? Dhek wingi Suksmadi negor wit gedhang sing wohe durung suluh. Gedhange disimpen ana njero kothak, dilurupi bagor supaya gelis mateng. “Patang dina engkas sing tadah udan kuwi wis bisa dipangan”, kandhane karo adhine.

“Dak sangoni slamet, Di. Aja lali nenuwun marang Gusti Allah, ya”, celathune embahe wadon, sing atine krasa kumelap weruh regemenge putune lanang nyabrang dalan, nggeblas mengidul.

Suksmadi dumadakan mandheg, mengo nyawang embahe wadon sing isih njegreg ana pinggir dalan. Putu lanang bali, gupuh unine: “Mbah, gek ndang mlebu omah. Aja nganti keweruhan sapa wae. O iya, kandakna Citra Becak yen aku esuk iki wis bali menyang daleman. Wong liya aja ana sing ngerti, wong jarene Citra Becak wetan kono ana bocah cilik mangan roti. Mesthi owng tuwane gedhibal Landa”.

“Iya, iya Di. Slamet lakumu saparan-paran”, wangsulane embahe.

Embah wadon ethok-ethok mlebu omah, nanging sawatara tindak nekad metu maneh, anguk-anguk ana pinggir dalan nyawang putune nganti ora katon.

Kocapa lakune Suksmadi wis tekan sisih kidul prapatan sraten, nuli mlipir kalen, ngancas menyang slembaran, karepe mampir omahe Pralebda, kancane TP sing uga lagi tilik wong tuwane.

Tekan ngarep omahe Pak Martawaluya, bapake Pralebda, Suksmadi gojag-gajeg arep nothok lawang ngarep sing manglung dalan. Sawisi noleh ngiwa nengen ora katon ana wong siji-sijia, dheweke wani nothok lawang. Sawisi ngeling-eling tembung sandi, alon-alon dheweke celuk-celuk jenenge kancane kuwi: ”Sastra……Sastra……”

Saka jero omah keprungu swara klesah-kleseh delamakan sikil sing rada diseret, nuli mangsuli panyeluk saka jaba: “Ganthol…Ganthol”

Saben teling dina sandine diganti: dhek wingi sandine isih “iket” karo “mondholan”. Yen tembung-tembung sandi kuwi kleru pangucape, genah mungsuh sing arep maeka.

Lawang oamhe Pralebda menga sisih. Weruh Suksmadi sing kena dipesthekake arep bali menyang Daleman, Pralebda nggablok karo misuh: “Edan kowe, nekad bali saiki? Saben esuk mortire Landa ngrutuk Baki!”

“Kowe ora bali saiki?”suksmadi nanting.

“Ora, kandhane bapak saiki dina bilaiku! Kudu ngati-ati. Sesuk wae apa suk emben”, wangsulane Pralebda. “Iki dudu gugon tuhon lho, ning manut petungane embah-embah buyut. Dina iki puput puserku.

No comments:

Post a Comment