Buku Tamu

Monday, December 19, 2011

Dongeng

ASAL-USUL DESA NGLANDOH

Desa Nglandoh yaiku salah sijine desa kang ana ing kabupaten Pati, mapane ana ing kecamatan Gunungwungkal. Desa kang ora gedhe kuwi nduweni crita kang dadi sejarah dumadine desa Nglandoh.

Critane, Zaman biyen nom-nomane Saridin. Saridin duwe ingon-ingon kewan awujud kebo kanti jeneng kebo Landoh, saben isuk, sore, Dheweke mesthi lunga angon kebone mau. Miturut crita, kebo kuwi ora kebo biyasa, nanging kebo sing nduweni kasekten, kebo kuwi ora bisa dipateni wong kejaba sing duwe dhewe. Saben angon, Saridin ora tau nemtoake ana ngendi anggone angon, nagging dheweke amung ngetutake lungane kebone. Ing sijining dina, kaya biyasane angon kebo, nanging iki beda karo dina-dina biyasane, kebone kuwi mlaku arah ngulon aduh banget, nanging ya tetep wae Saridin amung ngetutake lungane kebone, akhire kebo kuwi mandeg ana ing pinggir kali gedhe. Amarga suket-suket ing pinggir kali kuwi katon seger-seger banget, saking kesele Saridin ngetutake kebone, Dheweke ngaso sedela ana ing gubug pinggir kali nganti keturon, kebo mau ora ditaleni. Sak suwene Dheweke turu, kebone ngiyak-iyak tekan endi-endi. Ngiyak-iyak sawah, ngrusak tandur, mangani kacange wong desa, lan liya-liyane, trus kebo kuwi mau mlebu ing desa sing cedak sawah kuwi. Amarga kebo mau ngrusak sawah lan liya-liyane, wong-wong desa pada nesu, banjur kebo kuwi arep dicekul banjur dipateni, amarga wis ngrusak tanduran. Nanging wong-wong desa ora ana sing bisa nyekel ingon-ingonane Saridin, ora ngira dina wis sore, banjur Saridin tangi saka turu clingak-clinguk ngiwa-nengen nggoleki kebone kok ora ana njerum ing kali. Dhewekwe nggoleki kebone nganti surup, nanging kebone tetep ora ketemu. Banjur Saridin krungu swara rame-rame ing desa kang ora aduh saka sawah nggone Saridin nggoleki kebone. Dheweke nganggit mesthi kebone ana ing desa kuwi, langsung wae Dheweke mara ing desa kuwi, jebul bener apa kang dadi panganggite Saridin. Dheweke takon karo salah sijine wong desa, “ana apakok rame banget?” pitakone Saridin. “ana kebo ngamuk.” Jawabe wong sing ditakoni. Banjur Saridin mara nyekel kebone, amarga kebo kuwi kebone Saridin, kebo kuwi ya manut karo sing duwe. Wong desa padha bungah anarga kebone wis bisa dicekel. Banjur kebo kuwi arep dipateni, kebo diplacok nganggo parang kang kilap-kilap, nanging ora tedas, banjur wong-wong desa pada golek gaman kang paling landep, tapi ya tetep wae ora tedas kanggo ngrthok gulune kebo landoh kuwi.

Banjur Saridin takon marang wong desa kanga rep mateni kebo kuwi, “kena apa kebo kuwi arep kok pateni?’ takone Saridin.”kebo kuwi wis ngusak sawahe wong-wong desa.” Jawabe wong desa. “ora ana sawah sing rusak, tanduran sing rusak,malah katon lemu-lemu ngono kok.” Saridin njelaske karo nduding arah sawah. Trus wong-wong desa padha niliki sawahe, jebul apa sing dikandakke Saridin bener. Amarga kasektene kebo landoh, desa kuwi dijenakake desa Ngladoh, trus kali kang kanggo njerum kebo kuwi dijenakake Sendang kebo landoh. Nganti saiki sendang kuwi tetep dikramatke.

No comments:

Post a Comment