Buku Tamu

Sunday, December 11, 2011

Dongeng

Asal Usul Keraton Pati Pesantenan

Kawiwitan saka pamarintahan R. Kembangjoyo, sing bisa nggatukake telung pamarintahan wektu kuwi. Yaiku pamarintahan Paranggaruda, Carangsoka, lan Mojosemi. Kadipaten Paranggaruda wilayahe ana ing kidul kali Juwana. Penguasa kadipaten Paranggaruda gelare Adipati Yudapati. Wilayah kekuasaan kadipaten Paranggaruda yaiku daerah sing saiki dadi kecamatan Batangan, Jaken, Jakenan, Pucakwangi, Winong, Sukolilo, Kayen, Tambakromo, Gabus lan separone wilayah Rembang. Petilasan pusat pamarintahan Paranggaruda ana ing desa Goda kecamatan Winong. Kadipaten Carangsoka lan Mojosemi wilayahe ana ing daerah lor kali Juwana. Panguasa kadipaten Carangsoka duweni gelar Adipati Puspahandungjaya, duweni putra tunggal jenenge Dewi Rayungwulan. Wilayah kadipaten Carangsoka ngliputi daerah sing saiki kecamatan Trangkil, Juwana, Pati Margorejo, Tlogowungu, gembong Wedarijaksa, Margoyoso, Tayu, Dukuhseti, Gunungwungkal, Cluwak lan separo ngliputi wilayah Jepara wetan. Petilasan pusat pamarintahan Carangsoka ana ing desa Sukoharjo kecamatan Wedarijaksa.

Wektu iku telung kadipaten iku kapisahake karo segara / selat sing saiki dadi kali Juwana utawa jaman kae dijenengi kali Silugonggo. Yen warga Pati saiki ngarani kali Ngantru.

Adipati Yudapati, penguasa kadipaten Paranggaruda iku direwangi karo Patih, yaiku Yuyurumpung sing duweni prajurit kang diandalake yaiku Sondong Majeruk lan direwangi para bekel lan demang Gendolo, demang Semut, demang Gunungpati, demang Tlogomoyo, demang Jembangan. Adipati Yudapati duwe putra tunggal jenenge R. Bagus Menakjosari. Nanging rupane elek lan cacat ing tanganlan driji-drijine. Adipati Yudopati duweni angen-angen arep ngentukake R. Josari karo Dewi Rayungwulan putra tunggal R. Puspohandungjoyo. Nanging amarga duweni rupa elek, cacat lan dheweke krungu yen R. Josari iku duweni watek sombong, congkak, seneng foya-foya ngentekake dhuwit Negara, mula iku dheweke arep nolak lamaran saka R. Josari kanthi cara kang alus, dheweke gelem nikah yen R. Josari nyanggupi syarat sing dijaluk, yaiku Dewi Rayungwulan njaluk pinangan seperangkat gamelan kang bisa muni dhewe. Krungu kaya ngono R. Josari raine abang, dheweke nganduk amarga syarat iku ora bakal bisa diwenehake, iku awujud penolakan alus.

Nanging sapa nyana singapati saka kadipaten Paranggaruda nemokake dalang kang saben pagelaran wayang ora tau nggawa gamelan nanging ana suara gamelan. Ki Dalang iku jenenge Ki Dalang Sapanyana. Ki Dalang langsung ditemokake karo Adipati Yudapati karo 2 sindene, yaiku Ambarwati lan Ambarsari.

Wektu Ki Dalang Sapanyana lan kaloro sindene nganakake pagelaran wayang ing kadipaten Carangsoka, Adipati Puspahandungjaya lan Prameswari wis ora bisa ngomong apa-apa maneh. Dewi Rayungwulan sanalika iku banjur mlayu ana ing praduan Ki Dalang Sapanyana. R. Josari ngamuk banjur njabut kerise lan nyerang Ki Dalang Sapanyana nanging Ki Dalang bisa ngindar lan keris mau malah kena R. Josari dhewe. Adipati Yudapati ngamuk lan njaluk Adipati Puspahandungjaya supaya nyerahake Ki Dalang Sapanyana. Nanging Adipati Puspahandungjaya mendel wae, mula iku Adipati Yudapati murka lan duwe niat arep nggempur Carangsoka.

Adipati Puspahandungjaya krungu kabar iku. Dheweke banjur ningkatake kewaspadaane lan nyusun strategi kanggo ngadepi pasukan Paranggaruda. Adipati Puspahandungjaya ngundang Senopati Kembangjaya kanggo ngrembug taktik kanggo ngadepi gempuran iku.

R. Kembangjaya iku pemuda kang gagah lan ganteng. Senajan umure isih enom nanging dijuluki ahli pertapa amarga duweni kesaktian kang sekti mandraguna.

Senopati Kembangjaya menehi usul supaya nyusul R. Sukmayana ing pertapan Telamaya ing kawasan Gunung Muria. Adipati nrima usul iku banjur ngongkon utusan marani R. Sukmayana.

R. Sukmayana yaiku kakak ipare Senopati Kembangjaya. Dheweke uga pendekar sekti, duwe pusaka kang ampuh yaiku kuluk kanigara lan keris rambut pinutung.

Adipati Yudapati mimpin langsung para prajurit banjur marentahken penggempuran. Nalika perang, Adipati Yudapati kena tombak lan pedang. Dheweke mati banjur prajurit sing isih padha nyerah. Sanalika iku prajurit Carangsoka lunjak-lunjak saking senenge. Banjur R. Kembangjaya diwenehi gelar Adipati Carangsoka lan didadekake bojone Dewi Rayungwulan. Ki Dalang Sapanyana didadekake patihe R. Kembangjaya. Ambarwati lan Ambarsari disunting karo R. Sukmoyono.

Sawise kabeh tentrem kadipaten Carangsoka, Mojosemi lan Paranggaruda didadekake siji dipimpin karo R. Kembangjoyo. Kadipaten iku didadekake siji kanthi cara mbabat alas Kemiri direwangi R. Sapanyana patihe, mbangun pusat pamarintahan anyar supaya luwih cedhak anggone ngawasi Paranggaruda taklukane. Wektu mbabat alas Kemiri ketemu karo wong dodol dawet jenenge Sagola utawa P. Onggo, R. Kembangjoyo tuku kanggo persediaan dheweke lan prajurite. Dawet kang digawe saka pati wit aren, diwenehi santen saka klapa, digebyur santen lan gula aren. Saka iku R. Kembangjoyo duwe gagasan yen kraton sing anyar diwenehi jeneng Pati Pesantenan. Ngadeke kurang luwih taun 1292 M, miturut silsilah raja sakdurunge kejayaan Majapahit.

No comments:

Post a Comment